Dening :
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
“ TiTik Rahayu D.a”
Pengertian Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro engkang padha utawa meh padha tegese
banjut digawe bebarengan. Tembung Saroja, yaiku tembung enkang kadiri saking
loro tembung, banjur digabungke lan saged nuwuhake pangerten ingkang luwih
teges. Dalam bahasa indonesia tembung saroja adalah dua tembung yang sama
atau hampir sama artinya dan digabungkan menjadi satu makna.
Tembung Garba
Tembung Garba yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana
nyuda cacahing wandane.(terjemahan; Tembung garba atau tembung sinandhi yaitu
dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dengan cara mengurangi jumlah suku
katanya).
Ada juga yang mengartikan "tembung garba, yaiku tembung loro sing digandheng
dadi siji kanthi ngurangi cacahing wanda.(terjemahan; tembung garba yaitu dua kata
yang digabung menjadi satu dengan mengurangi jumlah suku kata)."
Tembung garba lumrahe kanggo ing Kasusastran kang sinawung ing tembang. Yaiku
samangsa ana gatra kang kakehan cacahing wandane, pangripta bisa ngungkret
cacahing wanda mau sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ana
ing gatra iku. (terjemahan; Tembung gatra umumnya digunakan dalam kesusastraan
jawa yaitu kata-kata dalam sebuah tembang. Yaitu ketika ada kalimat yang kelebihan
suku katanya, pencipta dapat mengurangi jumlah suku kata dengan cara menggarba/
menggabungkan dua kalimat atau lebih yang terdapat dalam kalimat tersebut).
Contoh tembung garba:
1. Aneng saka tembung = Ana + ing, tegese ana ing.
2. Aranireki saka tembung = Arane + iki, tegese jenenge iki.
3. Dadyewuh saka tembung = Dadi + ewuh, tegese sarwa ewuh.
4. Dhemenyar saka tembung = Dhemen + anyar, tegese senenge yen isih anyar.
5. Duhkiteng saka tembung = Duhkita + ing, tegese duhkita ing.
6. Dupyarsa saka tembung = Dupi + arsa, tegese nalika arep.
7. Jalwestri saka tembung = Jalu + estri, tegese lanang wadon.
8. Kajwareng saka tembung = Kajuwara + ing, tegese kondhang ing.
9. Kapindra saka tembung = Kapi + endra, tegese kapi endra.
10. Kapyarsa saka tembung = Kapireng + arsa, tegese keprungu.
Tembung Plutan
Tembung plutan yaiku tembung kang dirangkep wandane, supaya suda
akehing (cacahe) wandane. Cacahing wanda tembung plutan iku diringkes
supaya luwih sthithik. Umpamane tembung "para" bisa diringkes utawa dipluta
dadi "pra", dene tegese ora owah.
("Tembung plutan yaitu kata yang digabung ejaan/ bacaanya, agar berkurang jumlah
ejaannya. Jumlah ejaan kata tembung plutan itu diringkas supaya lebih sedikit.
Misalnya tembung "para" dapat diringkas atau dipluta menjadi "pra", namun artinya
tidak berubah".)
Tembung pluta iki kaprahe tinemu ing sajroning gatra-gatrane tembang, kanggo mburu
guru wilangan, samangsa ing gatra iku kakehan cacahing wandane.
("Tembung plutan itu biasanya terdapat didalam gatra/ urutan kalimat tembang, untuk
mengejar guru wilangan, ketika di dalam gatra/ urutan kalimat tembang kelebihan
jumlah ejaannya".)
Tuladha;
Kinanthi gatra kapapat;
tumrap ukara gancaran samestine; "Wanodya ayu kuru aking".
tumrap ing cakepan tembang, kena; "Wanodya yu kuru aking"
amarga ing gatra iki guru wilangane kudu 8, mula tembung "ayu" kena dipluta dadi "yu".
Contoh tembung plutan liyane kayata;
abot dipluta dadi bot
amrih dipluta dadi mrih
amung dipluta dadi mung
awit dipluta dadi wit
awor dipluta dadi wor
alon dipluta dadi lon
liyan dipluta dadi lyan
PARIBASAN, BEBASAN, SANEPAN, SALOKA
Paribasan: Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar,
lan ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
Aji godhong garing = wis ora ana regane
Blaba wuda = saking loman nnganti awak dheweke ora keduman
Nyolong pethek = Ora cocog karo pangirane
Kepara-kepere = Pangedume ora padha
Kepluk ora tombok = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad
Ketula-tula ketali = Tansah nandang sengsara
idu didilat maneh = murungake janji kang wis diucapake
Jer basuki mawa bea = saumabarang gegayuhan mbutuhake wragat
Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa pakewuhLanang
kemangi = wong lanang kang jireh
Bebasan : tetembungan kang ngemu tegese pepindhan.
Tuladha :
Nututi layangan pedhot = Mbudidaya baline kahanan kang wis ora becik
Ora ganja ora anus = Wong kang rupa lan tumindak ala
Mban cindhe, mban siladan = Pangrengkuhe ora padha.
Dudu berase ditempurake = Nyambung rembung sing ora cocog karo bakuning
rembun
Saloka : Unen-unen sing ngemu tegese kosok balen
Tuladha :
Tekek mati ulone = Wong cilaka marga rembuge dhewe
Mitra kang ngajak rusak
Kemladheyan ngajak sempal = Wong kang ora duwe kekuatan
Wong ala dipercaya tunggu barang Karemane
Kaya baladewa ilang graphite =
Pecruk tunggu bara =
Tembung Yogya Swara
Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing meh padha pangucape, mung beda
wanda pungkasan, duwe teges lanang wadon. Tuladha
1. hapsara-hapsari
2. bathara-bathari
3. dewa-dewi
4. gandarwa-gandarwi
5. kedhana-kedhini
6. pemudha-pemudhi
7. putra-putri
8. raseksa-raseksi
9. widadara-widadari
10. yaksa-yaksi
Tembung Entar
Entar tegese silihan,yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar
nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah teges kiyas).
Contone:
Gedhe endhase=gumedhe
Kethul pikire=bodho
Rura Basa
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa
kang rusak utawa bubrah, amarga ora ketemu nalar. Rura basa iku basa kang salah, ning
wis kabacut lumrah.
Contone:
Godhog wedang
Nguleg sambel
Panyandra
Panyandra asale saka tembung candra, kang duwe teges wetunan kaanan wewujudan
sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandra yaiku gegambaring kaendahan kang
kawengku ing samubarang kang dicandra. Panyandra menggah kabergasaring badan.
Contone:
Rambute ngombak banyu
Drijine mucuk eri
Alise nanggal sapisan
Pepindhan
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha
karo kekarepan karo kaya,dadi,kadya,lir,pendah.
Contone:
Lakune kaya macam luwe
Rukune kaya mimi lan mintuna
Suwarane kaya bledheg