Bahasa Jawa Kelas XI-2
CRITA RAKYAT
Dening :
“TiTik Rahayu D.a”
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
A. Pengertene Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku cerita kang ana ing swijining daerah lan kang
awujud karya kolektif(bebarengan) kang diwarisake kanti turun temurun .
B. Unsur Crita Rakyat
1) Tema
Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undherane prakara crita.
Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan
sapanunggalane.
2) Paraga
Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake.
Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan
liyane. Paraga kaperang dadi 3, yaiku:
a) Paraga utama sing uga dijenengi protagonis.
b) Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis.
c) Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis.
3) Watak
Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lan
sapiturute) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak,
sumeh, grapyak, pinter, bodho, lan sapiturute).
4) Latar/Setting
Latar utawa setting, yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita.
Papan iki bias ana ing pasar, dalan, sawah, kantir, lan sapanunggalane.
Wondene wektu iku ana awan, sore, bengi, esuk.
5) Sudut Pandang/Point of View
Sudut pandang, yaiku posisine pagript ing crita utawa carane pangripta
nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh ing crita kuwi, uga bias
dadi pengamat wae ing njaba crita.
6) Basa
Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita.
7) Alur/Plot
Alur, yaiku urut-urutake kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan
nganti teka pungkasan (pitepungan, dredah, cara ngrampungake dredah).
Alur kaperang dadi 3, yaiku:
a) Alur maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa nggambarake
kahanan saiki kanthi sateruse.
b) Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki,
diterusake ngandharake kahanan sing kapungkur.
c) Alur campuran
8) Amanat
Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakaandhut ing
sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang pamaca.
C. Karakter Crita Rakyat
Anonim : Crita ora kaweruhan sapa kang nganggit.
Kolektif : Duweke masyarakat bebarengan.
Dicritakake kanti lesan.
Dicritakake turun temurun.
D. Wujude Crita Rakyat
Crita wujude ana loro :
cerita fiksi (dongeng) lan crita non fiksi.
Crita fiksi yaiku crita sing ngayawara, direka-reka anane, mula bisa diarani
dongeng, yen dikerata basa ‘dipaido ya keneng’.
1. Wujude crita fiksi
Mitos : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan lan paragane arupa
manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kesakten. Tuladhane crita
Nyi Rara Kidul, Sunan Lawu, Saridin, lan sapiturute.
Legenda :Crita asal-usul sawijining panggonan lan biasane ana
petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, lan sapiturutipun. Kedadeane
kutha Rembang, Rawa Pening, kedadeyane kutha Surabaya.
Dongeng :Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita
Jaka Tarub, Keong Emas, Timun Emas.
Sage
Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun
kalian sujarah, ingkang nyritakaken kewantunan, kasekten, kepahlawanan
lan keajaiban satunggaling tiyang utawi tokoh.
Fabel
Pengertian fabel inggih punika cerita ingkang nyritakaken gesangipun
kewan utawi sato ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa, cerita
punika mboten leres-leres kedadosan, namung cerita fiksi, terkadang fabel
ugi nglebetaken karakter mioritas arupi manungsa.
2. Wujude crita non fiksi
1) Hikayat
Hikayat yaiku crita bab lelakon paragane.
Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Gadjah Mada, Hikayat Bahtiar, lan
sapanunggalane.
2) Babad
Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane, nanging uga ditambahi carita
sing ngayawara.
Tuladhane : Babad Tanah Jawi. Babad Mataram, Babad Kartasura, lan
sapanunggalane.
3) Sejarah
Sejarah yaiku crita sing ana bukti nyatane.
Tuladhane : Sejarah Majapait, Sejarah Demak, Sejarah Kraton
Ngayogyakarta, lan sapanunggalane.
4) Roman
Roman yaiku crita sing nggambarake uriping wong wiwit lahir nganti mati.
Jinising warna-warna kayata : Roman adat, Roman sosial, Roman detektif,
lan sapanunggalane.
Tuladhane : Sri Kuning, Anteping Wanita, Anteping Tekad. Kapilut
Godhaning Setan, Tresna Abaya Pati.
E. Sinopsis
Sinopsis crita rakyat yaiku ringkesan crita rakyat.
Ringkesan crita rakyat yaiku nyekakake crita rakyat kanthi tetep
ngawigatekake unsure-unsur instrinsik crita rakyat kasebut.
Ancasing sinopsis yaiku menehi gambaran ringkesan ngenani crita
rakyat. Carane nggawe sinopsis, yaiku:
1) Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum panulis.
2) Nyathet gagasan umum kanthi nggarisi ngisor gagasan sing wigati.
3) Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama kaya dene sing
dicathet sajrone cara kapindho.
4) Gunakna ukara sing padhet, efektif, lan narik kanggo ngrangke alur
crita dadi sawijining karangan cekak kang nggambarake karangan asli.
5) Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
6) Sinopsis ora antuk nyimpang saka alur crita lan isi saka kaya sing asli.
F. Fungsi cerita rakyat
Fungsi sarana hiburan yaitu dengan mendengarkan cerita rakyat sepeti
dongeng, mite atau legenda, kita sekan-akan diajak berkelana ke alam
lain yang tidak kita jumpai dalam pengalaman hidup sehari-hari.
Fungsi sarana pendidikan yaitu pada dasarnya cerita rakyat ingin
menyampaikan pesan atau amanat yang dapat bermanfaat bagi watak
dan kepribadian para pendengarnya.
Fungsi sarana penggalang rasa kesetiakawanan diantara warga
masyarakat yang menjadi pemilik cerita rakyat tersebut.
Fungsi lain lagi dari cerita rakyat adalah sebagai pengokoh nilai-nilai
sosial budaya yang berlaku dalam masyarakat. Dalam cerita rakyat
terkadang ajaran-ajaran etika dan moral bisa dipakai sebagai pedoman
bagi masyarakat. Di samping itu di dalamnya juga terdapat larangan
dan pantangan yang perlu dihindari. Cerita rakyat bagi warga
masyarakat pendukungnya bisa menjadi tuntunan tingkah laku dalam
pergaulan sosial.
G. Ciri-ciri cerita rakyat
Ciri-ciri (cerita rakyat jawa) kang saged dipendet saking cerita rakyat jawa
ingkang wonten, kadosa :
1. Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang
nganggit.
2. Kalebu karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng.
3. Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kedadosan-
kedadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi).
4. Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewahan ingkang wigati saking
jaman dateng jaman salajengipun.