The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2022-01-03 19:00:48

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur X-1

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur X-1

Dening “Titik Rahayu D.A”

꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂

Tembang Macapat (Serat Wedhatama Pupuh Pangkur)

Pengertian Tembang Macapat

Tembang Macapat yaiku salah sawijining tembang jawa tradhisional kang kaiket
aturan utawi paugeran Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru Lagu.

1.Pangertene lan maknane tembang Pangkur
Pangkur asale saka tembung ‘mungkur’ kang ateges nyingkiri utawa ngungkurake hawa
nepsu angkara murka. Tembung ‘pangkur’ iku karangane KGPAA (Kanjeng Gusthi
Adipati Arya) Mangkunegara IV .
Kang nduweni makna nggambarake manungsa nalika wis kliwat umur utawa wis
ngungkurake babagan kandonyan saengga bisa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu
kang ala, pamikirane mung kepiye mengkone naliko wancine sowan ing ngarsa Gusti lan
golek memanising pati.

Struktur utawa paugeran tembang macapat wonten 3, inggih punika:

a.Guru gatra
Guru gatra inggih punika cacahing gatra/baris saben sapada/bait

b.Guru lagu
Guru lagu inggih punika tibaning swara ing pungkasaning gatra/baris

c.Guru wilangan
Guru wilangan inggih punika punika cacahing wanda/suku kata saben sagatra utawa baris.

2.Pathokan tembang Pangkur

Tembang Pangkur nduweni paugeran kaya ing ngisor iki.

1. Guru Gatra :7
2. Guru Lagu : a, i, u, a, u, a, i
3. Guru Wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

3. Watak tembang Pangkur

Watake tembang Pangkur iku banter, mantep kereng, lan nesu. Cocok kanggo
ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute. Tembang Pangkur iku
nyritakake wong kang atine wis sumeleh lan nyedakake uripe marang Gusti Kang
Mahakuwasa.

4. Wos kang kamot ing tembang Pangkur (wedhatama)

Serat Wedhatama pupuh Pangkur nduweni piwulang luhur kaya ing ngisor iki.
1. Ngajarake tuntunan moral babagan etika pribadi minangka pambangun watak dhiri
pribadi. Babagan iki jumbuh karo gatra ing tembang Pangkur pada kaping 5 ‘bungah
ingaranan cubluk’ kang nduweni werdi ngelmu iku ngajarake supaya nampa kanthi
bungah menawa dianggep bodho lan tetep bungah menawa diina (sukeng tyas yen
denina).
2. Ngajarake babagan etika sosial minangka pendhidhikan karakter kanggo urip
bebrayan (masyarakat). Ing tembang Pangkur nggegulang supaya dadi wong kudu
mangerteni subasita.
3. Ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong bodo sing senengane
ngomong ora karuan lan ora tinemu nalar (ngadar-adar angendhukur, kandanenora
kaprah).
4. Ngajarake babagan agama utawane mring Kang Mahakuwasa. Ing kene diajarake
menawa agama iku dadi cagaking urip kang luhur (agama ageming aji).

5. Piwulang Luhur lan Nilai ing Jroning Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Piwulang luhur yaiku ukara sing becik jroning tembang kang pantes tinuladha. Piwulang
kaya dene amanat nalika ing crita.
Menawa arep nemtokake piwulang luhur jroning tembang kudu mangerteni isine tembang.
Piwulang luhur jroning pupuh Pangkur ana papat, yaiku ana gegayutane karo babagan
etika sosial, babagan moral, karakter dhiri, lan nembah marang Gusti Kang Mahakuwasa.

1. Nilai kang kakandhut jroning tembang Pangkur ana telu, yaiku:

2. Nilai religius yaiku nilai sing ana gegayutane karo ngibadah, amalan, satengat
agama, lan liya-liyane.

3. Nilai sosial yaiku nilai sing ana gegayutane karo tumindak, unggah-ungguh, tepa
slira ing urip bebrayan agung.

4. Nilai kabudayan yaiku nilai sing ana gegayutane karo adat istiadat.

6. Nulis Tembang Pangkur

Urut-urutaning nulis tembang macapat kaya ing ngisor iki.

1. Nemtokake tema
2. Nemtokake jinising tembang, umpamane Mijil, Pucung, Kinanthi, lan

sapanunggalane.
3. Nulis paugeran tembang (guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan)
4. Milih tembung lan ukara kang edi peni.
5. Nggawe ukara kang jumbuh karo paugerane tembang.
6. Niti maneh tembung lan ukara kang wis digawe, kudu jumbuh karo paugeran kang

wis ditulis mau.


Click to View FlipBook Version