Rangkuman Materi Bahasa Jawa
Kelas XII
Dening :
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
“ TiTik Rahayu D.a”
Semester Gasal
Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi
Pangerten : Nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun bale
wisma ( rabi ), urip rukun lan tentrem ayem karo kaluwargane.
Pathokan tembang Kinanthi
Guru Gatra : Cacahing larik utawa baris saben sapada
Guru Wilangan : Cacahing wanda saben sabaris utawa larik
Guru Lagu : Tibaning swara ing punkasan tembang
Watak Tembang Kinanthi
Watake sarwa seneng, bungah, asih, gumolong atur runtut renteng-renteng
reruntungan.
Wos kang kaamot ing tembang kinanthi
Serat wedhatama ngajarake tuntunan moral minangka perangan etika
pribadi
Supaya entuk ilmu sejati ( ora kena iri lan dengki )
Ngolah lantiping ati
Ngerti pepalanging urip
Aja kulina tumindak nistha
Aja gela ing tembe mburi
Supaya entuk kamulyan
Bisa sesrawungan ing papan ngendi wae.
Geguritan
1. Pangertene Geguritan
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak,mentes,lan endah.
2. Kekhasan basa wektu gawe geguritan
Merga ngganti teges carane nganggo lelewaning basa/pepindhan
Ngenggokake teges kanthi cara purwakanthi
Ngripta teges kanthi cara pembaitan
3. Unsur-unsur geguritan
a. Unsur fisik
Diksi
Citraan
Majas
Bunyi
Tipografi
b. Unsur batin
Tema
Perasaan/rasa pangrasa
Nada/irama
4. Geguritan Klasik
Titikane geguritan klasik
Lumrahe diwiwiti tembung sun geguritan
Sapada ngemot patang gatra / luwih
Cacahing wanda saben gatrane padha
Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
5. Jenis Geguritan
a. Ode = surasane ngemot pangalembana marang wong liya
b. Himne = surasane pangalembana marang gusti kang maha kwasa
c. Elsgi = surasane panalangsa
d. Epigram = surasane piwulang moral
e. Satire = surasane ngenyek kanthi kasar
f. Romansa = surasane bab katresnan
g. Balada = surasane babagan cerita utawa lakon kang nyata
6. Trap – trapane panulisan gawe geguritan
Nemtokake ide/ tema
Nyaring : nyaring informasi(prastawa,ide,gagasan)
Ngripta geguritan
7. Trap-trapane lan cara kanggo mahami lan ngudhari geguritan
Maca lan njinggleng
Nggolekki materi kang penting :
- Irah-irahan
- Tembung kunci
- Gaya bahasa
- Simbol-simbol
Negesi lan gawe dudutan surasa geguritan
Nggancarake nggunakake basane dhewe
Wacana Deskripsi Pakian Adat Jawa
1. Pangertene
Wacana Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo
pambudidayane panulis kanggo menehi pepincren-pepincren saka sawijining objek.
Karangan Deskripsi Obyektif yaiku karangan kang tujuane kanggo nggambarake objek mau ora
dikantheli opini
Karangan Deskripi Subyektif yaiku karangan kang Nggambarake obyek kanthi dikantheli dening
opini.
2. Topik –topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi :
Kahanan Ruang
Kahanan Barang
Proses
3. Paribasan = tetembungan kang ajeg panganggone lan panggonane ateges entar
Tuladha : Adigang adigung adiguna
Isbat = ateges ketetapan
Tuladha : ngupadhi golek banyu wening
Sanepa = tetembungan kang saemper pepindhan, ngemu surasa mbangetake,ateges kosok balene
karo tembungane.
Tuladha: tatune arang kranjang
Wacana Eksposisi Gamelan
1. Pangertene
Wacana eksposisi yaiku wacana kang jlentrehake utawa medharake sawijining
bab kanggo pamaos.
2. Bab kang dijlentrehake ing karangan eksposisi bisa wujud :
a. Data Faktual
b. Sawijining analisis
c. Fakta ngenani Pawongan
3. Perangan wacana eksposisi
a. Njlentrehake panemu
b. Mrelokake Fakta
c. Mrelokake analisis
d. nggolek sumber ide
4. Pathokan nulis wacan eksposisi
Njlentrehake sawijining prastawa
Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi
Gaya eksposisi kudu informatif
Basane tanpa rasa subyektif lan emosional
Fakta kanggo piranti konkrit
Njembarake pamawas
Panulis kudu ngerti opo sing diandharake
Prigel nganalisi
5. Wujud Gamelan
Wujud pencon / pencu
Wujud Racikan/ wilahan
Wujud senar
Wujud sebulan
Wujud tabuh
Semester Genap
Serat Tripama Dhandanggula
1. Pangertene
Nggambarake manuk gagak, smubarang kang legi, pantes kanggo pitutur
kabecikan.
2. Watak tembang dhandanggula
Luwe, gumbira, seneng.
3. Pathokan tembang dhandanggula
4. Wos serat Tripama Dhandanggula
Serat Tripama Babagan pathuladhan tokoh Patih suwandha ngajarake
babagan Guna,Kaya, Purun. Sifat Kasetyan (setya).
Serat tripama tokoh Kumbakarna ngajarake sifat Nasionalis ( bela negara
).
Serat Tripama Tokoh Adipati Karna ngajarake sifat kesatriya
Budaya Wewaler
Pangertene
Wewaler yaiku samubarang kang ora kena diterak , sesambungan karo kahanan ing sakiwa
tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo Gusthi sig nyipta.
Tuladha :
Aja nglinggihi bantal
Aja nglungguhi kijing ing kuburan
Ora ilok mangan ing ngarep lawang
Aksara Jawa
Aksara Jawa kaperang ana :
1. Aksara Nglegena
2. Aksara Rekan
3. Aksara Murda
4. Aksara Swara
5. Aksara Angka
Sandangan Kaperang ana 3 :
1. Sandangan Swara
2. Sandangan Panyigeg
3. Sandangan wyanjana
Aksara Pasangan
Aksara Pengganten :
(Pa ketemu pepet digantos Pa ceret)
( La ketemu pepet digantos Nga lelet)
Matur Nuwun