MATERI IKLAN
Pariwara (Bahasa Jawa)
Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni teges kanggo menehi greget tetuku,
nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning
wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara.
Iklan nduweni paugeran, yaiku:
1) Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2) Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3) Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4) Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe
Jenis jenise pariwara:
A. Iklan sing nganggo dasar tujuan
1. Pariwara Informatif
Pariwara informatif yaiku, pariwara kang nduweni paugeran :
a) Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang
wes ana.
b) Njelasno cara kerja produk.
c) Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d) Ngoreksi produk
2. Pariwara Persuasif
Pariwara persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a) Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan
migunaake barang lan jasa.
b) Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c) Nganjurno kalayak tuku.
d) Ngubah persepsi konsumen.
e) Mbujuk khalayak tuku saiki.
3. Pariwara reminder
Pariwara reminder nduweni paugeran, yaiku :
a) Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b) Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c) Njaga kesadaran produk.
d) Njalin hubungan apik karo kosumen.
B. Pariwara umum
1. Pariwara Tanggung Jawab Sosial
Pariwara tanggung jawab sosial, yaiku pariwara kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni
sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab
marrang masalah sosial. Tuladha : pariwara anjuran, lan pariwara penggambaran sosial.
2. Pariwara Bantahan
Pariwara bantahan yaiku Pariwara kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi
dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri
khas pariwara iki yaiku ndheleh komunikator gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan
pariwara bantahan yaiku: ngilimisi pariwara kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang
bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan
ana ing posisi kang bener.
3. Pariwara Pembelaan
Pariwara pembelaan yaiku ‘lawan’ saka pariwara bantahan. Tujuan saka pariwara iki yaiku supaya
oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku
pariwara kang kaiket karo hak paten.
4. Pariwara Perbaikan
Pariwara perbaikan yaiku pariwara kanggo mbenakno layang-layang bab hal kang wes kahung keliru
lan disebarake nganggo media. Istilah lain pariwara iki yaiku pariwara ralat utawa
pariwara pembetulan. Pariwara iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik
tetep oleh informasi kang bener.
5. Pariwara Keluarga
Pariwara keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa
kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Pariwara keluarga biasane luwih akeh rupa pariwara kolom lan
display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane
yaiku Pariwara bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane
C. Pariwara khusus
1. Pariwara kang nganggo dasar media kang digunakake :
Pariwara Cetak yaiku pariwara kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane,
yaiku: Pariwara cetak surat kabar, pariwara cetak baliho, pariwara cetak poster, pariwara spanduk, lan liya-
liyane.
Pariwara Elektronik yaiku pariwara kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2. Pariwara kang nganggo dasar tujuan iklan :
Pariwara Komersial yaiku pariwara bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan
ekonomi. Pariwara komersial dibagi dadi telung jenis pariwara, yaiku pariwara kanggo konsumen, kanggo
bisnis lan pariwara kanggo profesional.
Pariwara Non Komersial yaiku pariwara kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.
3. Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
o Iklan Politik.
o Iklan Pendidikan.
o Iklan Kesehatan.
o Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
o Iklan Pariwisata.
o Iklan hiburan.
o Iklan Olah Raga.
o Iklan Hukum.
o Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
o Iklan Duka Cita.
o Iklan Perkawinan.
o Iklan panganan lan ombean.
o Iklan Otomotif.
o Iklan lingkungan Hidup.
o Iklan Media.
4. Iklan kang nganggo dasar komunikatore
o Iklan Personal.
o Iklan Keluarga.
o Iklan Instusi.
5. Iklan kang nganggo dasar cakupan
o Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal,
kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
o Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
o Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
o Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih
saka siji negara.
6. Iklan kang nganggo dasar fungsi
a) Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo informasi kanggo khalayak.
b) Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake
penggawean.
c) Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak
ngerti lan nduwe pengetahuan.
d) Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.
TULADHA IKLAN :
1. Ancase Pariwara
Ukara cekak aos.
Basa prasaja, gampang ditampa lan dingerteni.
Tulisan lan gambare narik kawigaten.
2. Jiniseng Pariwara
Pariwara Audio : Pariwara kang disampekake kanti nganggo swara tuladhane iklan radio.
Pariwara Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan utawa gambar kang bisa
diamati kanti mripat tuladhane baliho.
Pariwara Audio Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar uga swara
kang bisa di rungoake lan di deleng tuladhane iklan TV.
WARA-WARA/PENGUMUMAN
Pengumuman utawa Wara-wara yaiku pratelan kang nerangaken
samubarang ingkang penting, wosipun (isine) cekak aos, cetha
gamblang tur gampil dipunmangerteni.
Perangane Wara-wara (bagian-bagian Pengumuman)
1. Irah-irahan wara-wara
2. Adangiyah (Unggah-ungguhe basa kang ngirim wara-wara)
3. Bebuka/pambuka (Ukara Pambuka wara-wara)
4. Surasa basa/isi (isining wara-wara)
5. Wasana basa/penutup (perangan/ukara kang kanggo mungkasi
atur)
6. Panggenan lan titi mangsa (tempat lan tanggal)
7. Paprenah (sesambungane wong kang ngirim karo wong kang
dikirimi wara-wara)
8. Tapak asma (tandha tangan)
9. Nama terang (jeneng kang nggawe wara-wara)
Syarate wara-wara
· 1. Basa kang digunakake cetha, gamblang lan gampil
dimangerteni
2. Isine cekak aos
3. Katujokake marang kelompok/bebrayan tartamtu
· Basane komunikatif (ora ngaya wara cukup saprelune wae lan
nganggo tetembungan kang prasaja supaya bisa ditampa dening
sapa wae kang krungu lan maca).
· Perangane jangkep (wara-wara mau bisa mangsuli pitakon
5W+1H)
Wujuding utawa bentuk wara-wara
1. Lisan. Asring dipungiyaraken lumantar radio,lan siaran.
Tuladhane: Siaran lelayu, wara-wara lumantar radio, lsp.
2. Tulisan. Lumrah wonten ing ariwarti(koran), kalawarti(majalah)
lan papan pengumuman
Tuladhane: Lowongan kerja, lelayu serat, wara-wara ing sekolah,
pamlet, spanduk, lsp.
Jinising wara-wara / pengumuman iki bisa kaperang dados 2
werni: yaiku kang sepisan wara-wara kang sipate resmi saha
kaping kalih wara-wara kang sipate ora resmi.
1. Wara-wara Resmi
Tengeranipun pengumuman / wara wara resmi:
a. Nganggo “Kop” utawa kepala Layang
b. Wonten indeks nomor laying
c. Basa ingkang dipunginakaken Resmi utawa formal
d. Wonten tapak asma, nama terang saha papan stempel instansi
ingkang damel wara-wara
2. Wara-wara ora Resmi
Tengeranipun pengumuman / wara wara resmi:
a. Boten ngagem “Kop” layang
b. Boten wonten Nomor layang
c. Basa ingkang dipunginakaken basa padinan
d. Boten wonten papan stempel
Bedane wara-wara basa Jawa karo pawarta
WARA-WARA kuwi ngajak sami nyengkuyung punapa ingkang
dipunwartakaken. Sipatipun persuatif(mengajak)
PAWARTA kuwi mung ngabaraken pawarta. Sipatipun
informatif(memberi informasi)
Babagan kang wigati ana ing wara-wara
1. Sapa sing nggawe wara-wara kudu cetha.
2. Kanggo sapa wara-wara kuwi katujokake kudu cetha
3. Isine wara-wara kudu cetha, jangkep lan
4. bisa menehi katrangan kang cukup manut kapreluan
TULADHA WARA-WARA SERATAN /TULISAN
Wara Wara Tuladha I (seratan)
Wara- wara
Katujukake marang sedoyo anggota karang taruna rt 07. Gegayutan kaliyan pengetan
dinten kamardikan ingkang kapeng 68 taun. Badhe ngawontenanken maneka kegiatan.
Lan kanggo ngawontenaken kegiatan menika dipun suwun rawuh ing rapat karang taruna
kang katindakaken:
Dinten, tanggal : minggu, 05 Agustus 2013
Wanci : 09.00-12.00
Mapan : ing kelurahan (samping masjid)
Mekaten menggah wara-warasaking ketua karang taruna. Maturnuwun.
WARA WARA LELAYU (Tulis)
Innalillahi wainna illaihi roji’un
Assalamuallaikum wr, wb.
Ngaturi uninga bilih kala dinten Senin Pon surya kaping 13
Januari 2002, wanci tabuh 04.15 WIB sampun katimbalan sowan
wonten ngarsanipun Allah SWT, BAPAK MARTONO Jalaran
nandhang gerah sepuh. Almarhum kaparingan yuswa 83 taun.
Dene jenazah badhe kasarekaken wonten pasareyan Bergota
Semarang, dinten Selasa Wage surya kaping 14 Januari 2002
tabuh 11.00 WIB. Bidal saking griya Jl. Merpati 56 Semarang.
Mbok bilih nalika sugengipun Almarhum hanggadhahi kalepatan
dhateng panjenengan sedaya, kulawarga nyuwunaken
pangapunten.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Ingkang nandhang sungkawa
kulawarga Budiyanto lan kulawarga Sudiyanto
TULADHA WARA-WARA LISAN
WARA WARA LELAYU (Lisan)
Assalamuallaikum wr,wb.
Innalillahi wainna illaihi roji’un 3x
Ngaturi uninga bilih dinten menika (Selasa Wage surya kaping 30
Maret 2002) MBAH MARTONO sampun kapundhut tillah
rohmatillah. Mbok bilih para sedherek/saudhara hanggadhahi
wekdal kula aturi takziah wonten dalemipun MBAH NASI. RT05
RW 01 dusun Gebog Kembang. Dene jenazahipun samangke
kasarekaken tabuh 11.00 siyang ing pasareyan umum desa
Kembang. Matur nuwun.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Wara-wara diaturake saka mobil promosi keliling.
Ngaturi wuninga dhateng warga Sumber Agung lan sakitaripun
bilih mangkeh dalu kasuwun rawuh dhateng lapangan desa
Sumber Agung ingkang saprelu mirsani Pameran Pembangunan
2008.panjenengan saged mirsani asiling budidaya alat-alat
produksi tepat guna kadosta:
- Mesin pengrontok pantun
- Mesin parutan klapa
- Mesin rajangan tela/pohung
Ingkang sedaya kalawau kasade kanthi regi ingkang mirah saha
barang-barangipun nggadhahi kwalitas inggil.
Panjenengan boten prelu tidha-tidha malih, sumangga enggal-
enggal tumuju dhateng lapangan…. Panjenengan uga badhe
dipunaturi pasugatan dhagelan Sandhirana Sandhirene, sumangga
ampun nganti kesupen…..
PAMLET
WARA-WARA
KULA ATURI NGRAWUHI
Pagelaran wayang kulit kolosal 3 dhalang kondhang, mapan
wonten ing gedung Wayang Orang Sri Wedari Solo.
Kangge mahargya pengetan
HARI IBU INTERNASIONAL INGKANG KAPING 8
tanggal 21 Februari 2008
Pemrentah Kota Surakarta makarya sesarengan kaliyan PEPADI
Jawa Tengah, badhe ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal
sedalu natas kanthi dhalang cacah 3.
Enthus Susmana-Warsena Slank-Ki Mantep Sudarsana, kanthi
lampahan Ngruwat Bumi Nuswantara
Ing dinten Kemis Kliwon, Surya Kaping 21 Februari 2008
Dipunsengkuyung dening wirapradangga, saha swarawati
ingkang sampun kawentar,
Sunyahni-Waljinah-Nurhana
Boten katalompen ugi dipunsengkuyung grup campursari Sangga
Buana saha bintang tamu saking Ibukota : Kirun Cs.
Kajawi menika ugi badhe dipunwonteni kepyakan:
-Java day, saben dinten kemis wajib ngginakaken basa Jawi ing
saben kantor
-Namaning kantor Pamrentahan sinerat ing seratan Jawi
-Ageman Lurik pinangka identitas Surakarta
Sugeng mirsani ....................