Dening : TiTik Rahayu Dwi a ꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
Capaian Pembelajaran : Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. Tujuan Pembelajaran : 1. Melalui diskusi peserta didik dapat memahami struktur teks geguritan dengan baik. 2. Melalui diskusi peserta didik dapat menjelaskan unsur-unsur geguritan dengan benar. 3. Melalui berkelompok peserta didik dapat menulis geguritan dengan tema tertentu sesuai kaidah yang baik. A. Pengertian Geguritan Geguritan salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan. Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair. Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi. B. Titikane Geguritan 1. Ora kawengku ing pathokan. 2. Migunakake tembung-tembung kang pinilih. 3. Migunakake purwakanthi sastra, swara, lan basa. 4. Isine mentes. C. Struktur Geguritan. 1. Unsur Fisik a. Diksi. Yaiku pamilihing tembung, tembung ing geguritan biasane nduweni teges konotatif. b. Majas (lelawaning basa). Yaiku tembung kang digunakake kanggo nyeritakake sawijining bab kanthi cara mbandingake karo bab liane. c. Purwakanthi (Rima). Yaiku mbaleni swara, tembung, frasa, utawa ukara kanggo nyiptakake kaendahan ing sawijining geguritan d. Tipografi. Yaiku gatraning geguritan kang tinulis mawa pada ing sawijiing geguritan. e. Imaji. Yaiku carane penulis ngajak pamaca supaya ngrasakake apa kang ditulis. imaji visial (panyawang), imaji taktil (pangrasa), imaji auditif (pangrungu).
2. Unsur Batin. a. Tema. Yaiku mangerteni apa pesen kang kamot ana ing sajroning geguritan. b. Ras. Yaiku carane panulis kanggo ngandharake apa kang dadi gagasan kang ana ing geguritan. c. Nada. Yaiku sikape panulis nalika nggawe geguritan. d. Pitutur. Yaiku pesen utawa amanat kang diandharake panulis. D. Guritan iku dibedakna dadi 2. Guritan kuna lan Guritan anyar. Dene guritan kuna nduwe pathokan : 1. Diwiwiti tembung sun gegurit. 2. Cacahe wanda saben segatra padha. 3. Tibane swara ing pungkasane runtut. Guritan anyar duwe pathokan : 1. Ora diwiwiti Tembung sun gegurit 2. Cacahe wanda saben segatra uga bebas. 3. Tibane swara ora digatekake. 4. Mentingake pemilihane tembung kang mentes. 5. Cacahe gatra tanpa wilangan. E. Unsur Pembangun Geguritan 1) Tema 2) Gaya Bahasa 3) Judul Geguritan 4) Diksi 5) Citraan 6) Purwakanthi 7) Amanat kang ono ing jero ne geguritan F. Jenise Purwakanthi 1. Purwakanthi Guru Swara Purwakanthi Guru Swara, yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasane tembung, uga diarani runtuting swara vokal. Dadi ing unen-unen sing dikanthi utawa digandheng yaiku "swarane" (a, i, u, e, e', o). Tuladha:
Sapa jujur, bakal makmur (swara; u) Ora cepet, ora ngliwet (swara; e) Tut wuri, andayani (swara; i) Tesmak bathok, mata mlorok (swara; o) 2. Purwakanthi Guru Sastra Purwakanthi Guru Sastra, yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane, lan uga diarani runtuting swara konsonan. Diarani purwakanthi guru sastra mergo nganggo awewaton "sastra" utawa "aksara". Dadi ing ukara perangan sing buri, ana kang nunggal sastra karo perangan sing ngarep utawa ing purwane. Tuladha: Anak anung, anindita (nungal sastra; n) Sing sapa goroh, growah (nungal sastra; g) Bobot, bibit, bebet (nungal sastra; b) Sluman, slumun, slamet (nungal sastra; s) 3. Purwakanthi Lumaksita Purwakanthi Lumaksita (guru basa), yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane, yaiku tembung pungkasan ukara sing ngarep, dadi tembung wiwitan ukara candhanke. Purwakanthi guru basa uga diarani runtuting swara tembung; lumaksita. Purwakanthi lumaksita iku akeh-akehe tinemu ana ing wangsalan lan tembang. Tuladha: @. Purwakanthi lumaksita ing Wangsalan Bayem arda, ardane ngrasuk busana Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka mong ing tirta, tirta wijiling salira @. Purwakanthi lumaksita ing Tembang "Sinom"Amenangi jaman edan, Ewuh aya ing pambudi Melu edan nora tahan, Yen tan melu anglakoni, Boya kaduman melik, Kaliren wekasanipun, Dilalah karsa Allah, Begja-begjae kang lali, Luweh begja kang eling lan waspada
G. Jenis Geguritan 1. Geguritan Ode. yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara, lan apa dene kang dianggep luhur. 2. Geguritan Hymne. yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti. 3. Geguritan Elegi. yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso. 4. Geguritan Epigram. yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becil lan bener. 5. Geguritan Satire. yaiku geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep. 6. Geguritan Romansa. yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan. 7. Geguritan Balada. yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakon kang nyoto utawa mung lamunane pujangga. H. Latihan Nulis Geguritan Geguritan iku wujud puisi Jawa modhern kang tembung-tembunge singkat, mentes, bisa nggunakake purwakanthi, nanging ora nganggo paugeran metrum kaya dene geguritan. Miturut Endraswara (2003: 224-229), amrih bisa nulis puisi/geguritan kanthi becik, bisa migunakake enem (6) laku minangka tuntunan mekarake kreativitas, yaiku : 1. Nglatih tanggap sasmita, yaiku nglatih ‘kepekaan diri’ kang bisa katindakake kanthi seneng nggatekake kahanan sakiwa-tengene, seneng mbandhingake kahanan, lan sapiturute. 2. Nangkep ilham, ilham ing kene bisa ditegesi cahya kang bisa 3. Ngetokake tembung pisanan minangka tembung kang bisa nuntun tembungtembung sateruse. Satembung mau bisa didawakae kanthi menehi pitakonan apa, sapa, piye, kapan, lan ing papan ngendi. Kanthi mangkono satembng mau bisa nglairake embrio-embrio kang bisa ditulis sauger isih komprehensif, koheren, lan 4. Ngolah tembung, bisa katindakake kanthi nyusun tembung-tembung kang kawetu saka ilham mau. 5. Menehi vitamin ing tembung-tembung mau. Yen tembung-tembung mau karasa durung wangun lan durung pas, bisa diwenehi kagunan basa ‘the art of literature’ (purwakanthi, wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lsp) 6. Nyeleksi tembung bisa katindakake kanthi mikirke sapa kang bakal maca/konumen, kaya ngapa kang dibayangke, sabanjure bisa nngganti tembungtembung kang kurang mathis mu sadurunge dibundhel utawa rampung. Kanthi mengkono, kaajab bisa tuwuh geguritan kang prasaja nanging mentes isine lan narik kawigaten dening pawongan kang maca.
Nalika nulis geguritan bisa kabiji saka : 1. Runtute tembung lan ide, prayoga menawa ana estetika (purwakanthi, wangsalan, parikan, lsp) 2. Logika lan kreativitas kang ngemot makna. 3. Ing saben larik ana gayutan makna karo irah-irahane. Amrih geguritan dadi becik, ana sauntara cara sing bisa ditindakake, yaiku: 1) nemokake gagasan/idhe luwih dhisik (‘momen puitk’ utawa bab sing endah lan nabet ati); 2) nyelarasaken antarane wujud lan isine geguritan (ana gayutane sing endah lan laras antarane wosing-rembug karo carane mbablasake wosing-rembug; 3) mujudake geguritan sing cetha ancase (dudu guritan sing jelas kekarepane) lumantar ceplesig anggone mbabar; 4) ngatonake dayane pribadhi penggurit lan bias nuduhake asli reriptane; 5) bisa nuduhake yen riptane iku unik (beda karo liyane); 6) bisa njembarake wawasane sing padha maca tumrap gumelaring urip ing madyaning jagad (gawe pepadhang muring padha gelem mikir prakara becik).
꧁Mawar Angreridu Ati ꧂ Dening : Titik Rahayu Dwi A Kembang kembange wangi Nggugah kangen iki Marang sliramu kang memanik ati Duh ingaraning ati Kaya tumetesing eluhku, ambyar ragaku iki Sing takjaluk kaya wernamu Dudu kaya erimu Mung bisa nyawang, ora bisa ngrangkul Endah kanthi gawa pepati Nyengsemake kasunyatan gawe gela Aku ra lilo mung kanggo caturan Mending pegat ketimbang nglara ati Wujudmu ora kaya rupa Wes cukup aku ngerteni Kanggo pepiling marang sira
Daftar Pustaka : https://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html https://wahyusayogyarani.wordpress.com/2015/08/02/materi-geguritan-kelas-x/ ꧁Matur Nuwun꧂