꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
“KeKancan”
Ing zaman sakniki akeh bocah cilik kang wes seneng isok
numpak motor. Salah sijine Ridwan. Ridwan ingkang umure
sakwelas tahun lan lingguh ing kelas 6 SD. Amergi wes tau
ngerasakke kepenake numpak motor, saiki dados kebiasaan
Ridwan lan dolan-dolan mesti nganggeh motor.
Ananging miturut Negara, sing angsal numpak motor niku tiyang
ingkang wis nduweni SIM utowo surat ijin mengemudi. Ing
wayang sore, kancane Ridwan sing jenenge Fatih moro ning
omahe.
Wan, Ridwan…Ridwan… Fatah nyeluk karo bengak bengok ing
ngajeng ngriyo.
Woi…sedilut… kandhane Ridwan saka njero omah.
Let sadelo, ana suoro pating gadebuk kaya ono lindu teko
dirasake Fatah.
Wah… lagi teko, ngopo ae Wan kok suwe banget.. ? pitakone
Fatah marang Ridwan kang lagi wau mlayu marahi Fatah.
He…he…he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah werek !!
jawabane Ridwan.
Awak wae kang digedhekne, sekolah yo kudu di disekne !! tugas
pr sekolah wes mbok rampungke durung Wan ? pitakone Fatah.
Uwes rampung…aman… ana apa kowe dolan rene sore-sore Tah ?
pituture Ridwan.
Amergi tugase wes rampung, ayo mubeng-mubeng Wan
ngangge motor. Engkok balapan wes, gelem ora ? jawabane Fatah
karo cengar-cengir.
Ayo… sopo sing wedi !! paling koe seng kalah..
Wehh, ojo sombong Wan. Ayo dibuktekake bareng-bareng.
Ngajake Fatih.
Sak banjure Ridwan melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake
motore. Trenggg…teng… tengg…
Siap rung tah..? pitakone Ridwan sing wes siap arep balapan.
Siap Wan. Jawabane Fatah..
Siji…loro…telu…
Treng…treng…trengg… tengg… Ridwan lan Fatah podo banter-
banteran numpak motor mubengi dalan Desa. Wong loro iku
pada salip-salipan koyo balapan motor tenanan…
Ing dalan pertelon, Ridwan lali ora ngurupne klakson. Ora
nyongko ana bakul pentol ing lawan arah. Ridwan langsung kaget,
dheweke bingung lan gugup. Lik…lik…lik…awas minggir.
Grubyukkk… klontang..tlepok…tlepok…pentol seng ana ing
rombong pada kuthak kabeh ing lemah. Praumpamane Ridwan
lan Fatah mbalek sak untara, dados gugup lan pucet.
Kepriye ta le…le.. ?
nek numpak motor iki aja banter-banter. Daganganku kutah
kabeh, terus ngene iki piye lek ngeneki..?
pituture bakul pentol karo nesu.
Kulo nyuwun pangapunten Pak, saestu kulo mboten sengojo,
jawabane Ridwan ingkang kaweden.
Saiki daganganku wes ora iso di dol maneh, amergi wes kuthah
kabeh. Kowe kudu ngijoli duit.
Enggih Pak. Kulo bakale tanggung jawab. Kulo pamit mantuk
rumiyen mendet arto nggih Pak, panyuwune Ridwan.
Akhire Ridwan lan Fatah urunan duwit kanggo ngijoli dagangane
tukang pentol kang wes ditabrak mau. Sakwise kejadian kasebut,
Ridwan lan Fatah wes ora wani numpak sepeda motor banter-
banter maleh.