SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH
“ Titik Rahayu D.A”
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
Serat Wedhatama adalah Sastra tembang atau kidungan jawa karya Beliau
adalah Ngarsa Dalem Ingkang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Arya Sri Mangkunegoro IV.
Wedatama (berasal dalam bahasa Jawa; Wredhatama) berasal dari
dua kata yaitu Weda dan Utama. Seat (tulisan/karya) Weda (Ajaran/
Pengetahuan Suci) tama (keutamaan/utama).
Serat Wedhatama terbagi menjadi 5 pupuh yaitu : pangkur, sinom,
pucung, gambuh dan kinanthi.
Tembang Gambuh – Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa
kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan
swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara
(titilaras) lan rasaning basa (sastra).
Ing rasaning swara dikenal anane titilaras slendro lan titilaras pelog.
Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro
pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana
telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet
barang. Ing tembang iku rasaning swara winengku ing rasaning basa,
tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa utawa sastrane. Mula
banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng.
Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon ing wekasaning
tembung lan ora medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku
pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung.
Serat kang tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka
pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka pirang-pirang pada.
Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning
tembang lan paugerane tembang macapat.
Tembang Gambuh merupakan sebuah tembang bagian dari Serat
Wedhatama yang tulis oleh KGPAA Mangkunegara IV Kesultanan
Yogyakarta.
1. Pengertene tembang Gambuh
Pangertene Tembang Gambuh
Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang
awanda mbuh. Tegese Lanteh.
Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukanetembang iki
lelagon gandarwa (raseksa)ing jaman Mataram. Digunakake
kanggo menehi ngelmu kang kukuh/bakuh (tegas/galak).
Tembang Gambuh anduweni arti tambuh, embuh, gambuh,
jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh.
2. Pathokane utawa paugeran tembang Gambuh
Tembang Gambuh
Guru Wilangan Gambuh Guru Gatra
7 Guru Lagu 5
10
12 u
8 u
i
8 u
0
Guru lagu : u,u,i,u,o
Guru wilangan : 7,10,12,8,8
Guru gatra : 5
3. Watake tembang Gambuh
Watake tembang gambuh yaiku supeketing kakaluwargan/akrab,
sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo
ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
4. Makna tembang Gambuh
Tembang Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya
diwasa. Tembang iki menehi pitutur marang anak putu, patrap lan
pangucap bisa nyawiji tur urip ayem tenterem.
Pawongan kang ngancik diwasa utawa sansaya diwasa, mula isa
njumbuhake kabutuhan lair lan bathin, kulawarga lan masyarakat, pribadi
karo Gusti.
5. Tuladha Tembang Gambuh
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.
Artinya
Kelak saya bertutur,
Empat macam sembah supaya dilestarikan,
Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!
Disanalah akan bertemu,
tandha anugrah Tuhan.
Wos kang Kamot ing Tembang Gambuh (Wedhatama)
Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa
anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi
tindak nistha lan angkara murka.
Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene.
Semono uga kudu sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan nrima ing pandum,
kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki.
Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton
guneman nanging guneman nganggo waton.
Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah
mring Gusti kang kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga, cipta,
jiwa, rasa.
Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku
kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.
Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen
bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.
Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling.
Bab iki bisa kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti
kang Maha Agung kanthi njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh
saka bathin culika lan nistha.
Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-
mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.