The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

MATERI NOVEL KELAS XI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2021-08-31 00:00:43

NOVEL

MATERI NOVEL KELAS XI

A. Pangertene Novel
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang misuwur, novel iku ngemot crita-crita kang
rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing njerone kaperang dadi pirang pirang crita, dene
saben babak iku ngandarake surasa kang beda- beda.

B. Unsur-Unsur Crita Cekak.

Unsur Intrinsik

Tema
Yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita novel.

Setting / Latar
Yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita setting iku ngemot wektu, papan,
sosial budaya.

Punjering Crita (sudut pandang) kaperang dadi 3 yaiku :
a) Pengarang migunaake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan.
b) Pengarang migunake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati

saka sanjabane crita pengarang. Biasane migunake tembung sesulih wong katelu

c) Pengarang migunaake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung
ing sanjabane crita, mung sarwo nyawang, ngrungoake lan ngerti apa bae tekan
rahasia batine tokoh.

Alur / Plot
Yaiku rerangkening prastawa / kedadeyan ing novel.
Alur kaperang dadi 2 yaiku :

a) Alur Maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedasar
kronologi tumuju ing alur crita.

b) Alur Mundur (Flashback Progresif) yaiku dumadi saka kang ono sesambungan karo
prastawa sing lagi dumadi.

c) Alur campuran yaiku dumadi kanthi alur maju lan alur mundur.

Penokohan
Yaiku nggambarake karakter kanggo paraga, karakter bisa dingerteni saka tumindake, ciri
cirine , Fisike lan Lingkungane.

Gaya Bahasa.
Yaiku gaya utawa majas kang digunaake ing novel kasebut.

Wewatek
Wewatek yaiku teknik penganggit nyawisake paraga-paraga sajrone crita saengga bisa
ditepangi kepiye watek paraga kasebut

Unsur Ekstrinsik.
 Ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan sapiturute,
sanjabane unsur intrinsik.

C. Nilai-nilai kang kamot ing novel
1. Nilai Sosial

Yaiku kang ndadeake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.
2. Nilai Etik

Yaiku bisa ngundhahake rasa sampurna ing dhiri pribadine
3. Nilai Hedorik

Yaiku kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita.
4. Nilai spirit

Yaiku bisa ngadepi sikep urip lan kapiyatane pamaca.
5. Nilai Koleksi

Yaiku bisa diwaca makaping-kaping.
6. Nilai Kultural

Yaiku bisa menehi pan nglestariake budaya lan adat masyarakat.

Pengerten Novel Miturut Para Pakar

1. Novel yaiku wujud sastra paling populer ing donya. Wujud karya sastra iki paling akeh
dicetak lan paling akeh sumebar, lantaran daya komunitase kang amba ing sajrone
masarakat. (Jakob Sumardjo)

2. Novel yaiku wujud karya sastra kang dumadi saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik
lan ekstrinsik kang kaloro unsur kasebut gegandhengan jalaran duweni daya
pangaribawa gedhe kanggo nglairake karya sastra. (Rostamaji lan Agus Priantoro)

3. Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-unsur intrinsik.
(Paulus Tukam)

4. Novel yaiku rerangken kang awujud gancaran (prosa) kang dawa ngandhut rerangken
crita bab panguripan sawijining wong lan wong ing sakupenge kanthi nonjolake watek
lan sipate saben paraga. (Kamus Besar Bahasa Indonesia)

Jenis-jenis Novel

Miturut jinis, novel iku ana 2 yaiku:

 Novel Serius, Novel serius yaiku novel kang surasane bisa manungsakake manungsa
pamaca. Tegese, wong kang maca bisa dadi pribadhi kang luwih becik Novel serius
nduweni piguna sosial (bisa nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya
dadi manungsa kang luwih prasaja)

 Novel Hiburan, Novel hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur hiburane saengga
pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel
kasebut Novel hiburan nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang”
pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan
gawe pengin ngrampungake anggone maca.

Jenis Novel Hiburan
Yaiku minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gede
mung gegambaran samar panulise. Nyritaake bab kang endah kayata katresnan lan
sapiturute.

Jenis novel hiburan
a. Novel detektif
b. Novel roman
c. Novel misteri
d. Novel gotik
e. Novel kriminal
f. Novel fiksi ilmiah

Irah-irahan novel kang abasa jawa.
¤ Priyayi abangan : Sapardi Djoko Damono
¤ Putri Tirtagangga : Ary Asmara
¤ Mungsuh Sardi : Basoeki Rachmat
¤ Kelangan Satang : Suparto Brata.


Kaanggit Dening
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂

“ TiTik Rahayu D.a”


Click to View FlipBook Version