The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

MATERI SESORAH KELAS XI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2021-09-05 20:07:22

SESORAH

MATERI SESORAH KELAS XI

Dening :

꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂

“ Titik Rahayu D.A “

Pangertene lan Susunan utawa
Perangane Sesorah

Sesorah Yaiku, micara gagasan utama lan penemu secara lisan ing sangarepe

wong akeh.
dalam sesorah sendiri kita harus memperhatikan tata bahasa yang tepat untuk digunakan
dalam penyampaiannya,, berikut hal hal yang perlu diperhatikan dalam membuat
sesorah.

TEKNIK SESORAH :

1. Basa .

Basa yaiku bab kang penting lan kudu digatekake nalika nyusun sesorah, contohe,
yen audiene utowo wong sing mirengake niku luwih sepuh, bahasa kang digunakake yaiku
bahasa krama, yen luwih nem ( enom ), bahasa kan digunake saget gowo bahasa ngoko.

2. Swara

Swara yaiku vokal kang di sampekake marang audien. Swara yen sesorang niku kudu
Jelas utawa gampang dimengerti, tegas, ora lirih banget lan kudu duwe nada kayata
wong pidato, nadane ora datar.

3. Busana

Busana yaiku klambi kan di agem wektu nyampekake sesorah. yaiku busana kan
sopan lan pas karo acarane niku,
kayata sesorang ing wong kang sing lelayu, iku kudu gawa busana kang sopan, lan
sederhana, ora mungkin ta yen sesorang ing lelayu ngagem busana minidress hehe,,
mboten cocok lan mboten sopan.

4. Solah Bawa ( Sikap )

Solah bawa niku penting yen sesorah, solah bawa kudu dijaga , ngageg jejeg, madep
marang pemirsa.

Selain hal-hal diatas, sesorah mempunyai susunan sendiri, tidak jauh dari susunan pidato,
berikut :

Perangane utawa Susunan saking sesorah.

1. Salam Pembuka
Salam pambuka duweni isi kayata Assalamualaikum.

2. Purwaka Basa (Pambuka )

Purwaka basa duweni isi ngaturake syukur marang gusti,Atur panuwun marang bapak
ibuk.

3. Suarasa Basa ( Isi Pidato )
Surasa basa yaiku udharaning bab kang diwedherekake marang pamirsa

4. Dudutan ( Kesimpulan )
Dudutan niku kesimpulan saking surasa basa kang di ringkes.

5. Pangarep Ngarep

Pangarep ngarep yaiku pengarepan kang disampeake pemirsa, kayata " mugi mugi
saking pidato niki kita sedaya oleh syafaat,,,,,,,

6. Wasana Basa ( Panutup )
Panutup yaiku atur panuwun lan yuwun pangepunten yen gadah luput marang

pemirsa.

Ancasing sesorah/tujuan sesorah

1. Atur Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara

syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.

Artinya = adalah pidato untuk menerima kedatangan tamu di acara apa saja seperti acara

syukuran,khitanan,ulang tahun,pernikahan.

2. Atur kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat

organisasi,promosi barang.

Artinya = adalah pidatountuk memberikan informasi,contohnya acara rapat

organisasi,promosi barang.

3. Atur pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan

gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah

Artinya = adalah pidato yang tujuannya supaya yang mendengarkan percaya langsung tertarik

hatinya dan mau melakukan apa yang dicontohkan dari yang berpidato.

4. Atur panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna

sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang

pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.

Artinya = adalah pidato yang memberikan hiburan atau membesarkan hati orang yang sedang

terkena kesusahan,misalnya pidato didepan orang yang sedang dicoba hihupnya berupa musibah

bencana alam,kematian dan lain lain.

5. Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada
ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah
1. Polatan mbesengut(terlihat marah)
2. Gugup(nerveous)
3. Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4. Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5. Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6. Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7. Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8. Tangan methentheng

9. Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)

10. Ngupil

Tuladha sesorah:

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang
satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu
luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para
kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang
Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten
kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita
saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa

Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan
Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing
Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun
kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring
idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.
Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung
para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya
kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih
anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan
palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para pilenggah ingkang kinurmatan.
Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang
taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang ing taun menika.
Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang
kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi
latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar
nasional.
Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu
menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados
pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua
BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun.
Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang
sepuhipun kedah tumut menggalihaken.
Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa panjenengan sedaya,bilih
kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb

Salam Wong Jowo ...
MATURSUWUN


Click to View FlipBook Version