The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Materi Pangantèn adat Jawa kelas XI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2021-09-07 20:23:23

Wacana Deskripsi Adat Mantu

Materi Pangantèn adat Jawa kelas XI

DENING :
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂

tItik Rahayu d.A

Pangantènan adat Jawa

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa
sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara
pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan
pengantenkakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja
lan ratu.

Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri,
dadi sing dadi penyelenggara utawa
tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu
kaluarga penganten kakung.

Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut
dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

1. Nontoni

nontoni
Ing adicara iki mbutuhake talanging atur, minangka utusan saka kaluwarga calon
penganten kakung kangge nemoni calon penganten putri.
Talanging atur kui marak sowan bareng kaliyan calon penganten kakung. Ing kono calon
penganten putri bisa padha delengi siji karo liyane.

2. Nglamar

lamaran

Adicara menika uga diwestani “asok tukon” yaiku calon penganten kakung menehake
kubarampe lan ragat kang bakal kanggo ngleksanakake pahargyan pengantenan.
Ing prastawa iki uga ana prastawa liru kalpika (tukar cincin) kang dadi pralambang kanggo
nyingseti.

3. Pasang Tarub, Tuwuhan, Bleketepe

Tuwuhan
Tarub kui kanggo pratandh yen ana kang duwe gawe lan kanggo njagani menawa tamu
kang rawuh klewat akehe lan uga kanggo talak balak.
Dene tuwuhan kepasang kanggo regol mlebu lan metune tamu. Tuwuhan kang digunakake
biasane gedhang raja, lan uga saget tuwuhan liyane.

4. Midodareni

Siraman
Upacara midodareni wujude nyiram calon penganten putri dende wong tuwane minangka
pralambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Midodareni dianakake sedina
sedurunge ijab kabul.
Sawise disiram, calon penganten putri raup banyu kendhi kang diasta dening ibune, banjur
dibanting.
Banjur calon penganten putri ganti busana, diacuteke pagas rikma dening wong tuwane
calon penganten putri. Raambut kasebut dikubur, dibacutake adicara dodol dawet dening
wong tuwa wadone penganten putri.

5. Ijab Qabul

Adicara iki arupa akad, banjur diterusake upacara panggih jangkep, sawise panggih
jangkep rampung, banjur kembang mayang digawa metu saka omah lan dideleh neng
prapatan cedhak omah.

6. Jenang Sungsuman

Adicara iki dilakoni sawise adiara palakrama rampung kang awujud ngucap sukur amarga
wis diparingi lancar, ora ana pepalang.

7. Boyongan

Boyongan yaiku penganten putri lan kakung diterake dening kaluwargane penganten putri
menyang keluwargane penganten kakung. Ngunduh manten dianakake sepasar sawise
acara palakrama ing omahe penganten kakung.
Sebelumnya kalian telah mempelajari Budaya Mantu secara umum.
Sekarang waktunya mempelajari adicara Budaya Mantu secara khusus di acara panggih
jangkep setelah ijab kabul.

1. Balang Suruh

Balang suruh awujud penganten kakung lan putri kang padh mbalang suruh kang dadi
pralambang sih katresnan lan kasetyan.

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing
antarané pengantèn kakung lan putri. Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni
benang lawe putih kanggo baling-balangan manten lanang lan wadon. Cacahe gantal
ana 7, sing 4 dicekel sing wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3
(gondhang tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka siji. Werdine: baling-
balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging rasane padha, dadi lanang
lan wadon iku beda nanging padha tresnane.

Sedhah utawa suruh dilinting, ditaleni lawe wenang. Cacahe loro, kanggo ba
lnagan penganten sarimbit. Balanagane penganten puri diarani gondhang kasih, ba
lnagane penganten kakung diarani gondhang tulur. Suruh dipilih sing gathuk rose.
Balangan suruh iki mralambangi :

a) Suruh yen dideleng beda rupa lumah lan kurebe, nanging yen digeget pada rasane,
senajan sing siji kakung, sing liyane putri , ananging yen wis manungga

tekade, bisa manunggal cipta, rasa lan karsane, pinasthi jatu kramane.

b) Marga ditaleni lawe wenang warna putih, minagka pengarep-arep muga sawise
ditaleni ing akrami, dadiya paningset anggone mbangun bebrayan, ora nalisir saka
angger-anggering kautaman.

c) Dipilih suruh kan temu rose, mengku werdi supaya penganten sarimbit manungal
lair batine tansah ngudi nyawiji, nyirik tumindak kang marakake
sulaya kasembadan sedyane lestari kang tansah kaesthi.

2. Wijih Dadi

Upacara iki awujud penganten kakung ngidak endhog pitik nganthi pecah, banjur
penganten putri ngresiki ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang,
pralambang penganten kakung kang bakal pangarsane kluwarga lan ngabdine penganten
putri minangka garwa.

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri
misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang.
Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung
jawab marang kaluwargane. Antiga utawa endhog pitik kampung sing isih mentah,
dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan manten wadon, banjur
dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita kang bakal
mbabarake turun.

Endhog ayam kapidak dening penganten kakung nganti pecah, tegese anggone
mbangun bebrayan bisa mecah (misah) saka tanggunng jawabe wong
tuwa,bisa urip mandhireng pribadi. Sawise penganten kakung ngidak endhog
ayam
nganti pecah, penganten putri enggal anjengu (ndhodhok) nyembah penganten k
akung lan enggal mijiki samparane nganggo banyu kembang setaman sing ana ing
bokor. Iku minangka pralambang ngilangake
sesuker, muga anggone urip mbangu bebrayan bisa dadi tuladha.
Wanita wajib bekti marang sing kakung. Sing kakung wajib ngregani bektine sing
putri, mula nuntun ngajak sing putri ngadek jajar.

3. Sinduran

Upacara sinduran awujud ing awake penganten kakung lan putri disampirake kain sindur,
kang pucuk kiwo tengene di cekeli dening wong tuwa kakung penganten putri kanthi mlaku
alon-alon minangka pralmbang pinanganten sakloron wis tinampa dadi kaluwarga

4. Bobot Timbang

Upacar iki awujud pinanganten sakloron lungguh ing pangkonane bapake penganten putri,
minangka pralambang katresnane wong tuwa marang anak padha karo mantu.

5. Kacar Kucur

Upacara iki awujud penganten kakung maringake wijen-wijen arupa kacang, dhele, beras,
jagung, sega kuning, dlingo bangle, maneka kembang lan dhuwit receh marang penganten
putri kang dadi pralambang penganten kakung maringake kabeh blanjane marang garwane.

6. Dhahar Klimah

Upacar iki awujud penganten kekalih dhahar dulang-dulangan, dibacutake ngunjuk toya
wning, kang dadi pralambang penganten kekalih arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan.

7. Sungkeman

Upacara sungkeman awujud penganten kekalih sungkem nyuwun pangestu marang wong
tuwa kekalih. Minangka pralambang penganten sakloron nyuwun donga supaya bisa urip
bebrayan kanthi becik.

8. Kirab

Adicara menika awujud arak-arakan putri dhomas, cucuk lampah, lan kaluwarga kanggo
mapang utawa ngiringi penganten arep jengkar saka papan panggih unga mlebu papan
panggih.

Matur nuwun


Click to View FlipBook Version