꧁ BIMA BUNGKUS꧂ ***===*** Titik Rahayu D.A ꦡꦶ ꦫ ꦢ Ana ing Nagara Ngastina Gajahoya, Prabu Pandhu Dewanata kaadhep Patih Gandamana, ngutus sang patih supaya menyang Wukir Ratawu, ngaturi ingkang nama rama Resi Abyasa, Amarga garwane Prabu Pandhu kang asma Dewi Kunthi lagi mbobot. Dewi Kunthi anggone mbobot wus tekan leking candra, semono uga Dewi Gandari, malah kepara krasa tansah mbatek. Sakbanjure patih Gandamana matur sendika banjur bubaran. Nata jengkar ngedhaton. Ana ing pertapan Ratawu, Begawan Abiyasa, kaadhep putrane, Raden Widura, lan papat punakawan. Durung suwe anggone padha cecaturan, kasaru tekane Arya Gandamana, kadangu diutus ngaturi Sang Begawan kasuwun rawuh menyang Ngastina. Resi Abiyasa
saguh lan Arya Gandamana kinen mangkat ndhisiki. Saklungane Arya Gandamana, Begawan Abiyasa manjing sanggar pamelangan. Ing papan liya, lakune Raden Widura tekan ana satengahing alas, kapapag para danawa saka Manderapura, pasulayaning rembug dadya perang kembang. Ing Negara Ngastina, Dewi Kunthi lan Prabu Pandhu Dewanata nunggoni putra kang lair bungkus. Ora suwe Begawan Abiyasa rawuh. Pandhu matur kang rama kersa ngrumat kang putra. Durung rampung anggone padha guneman, kasaru rawuhe Sang Hyang Bayu arsa mundhut putra kang wujud bungkus. Sabanjure Sang Begawan Abiyasa lan Prabu Pandhu mung bisa nyumanggakake. Bungkus banjur Kagawa mabur ngambah jumantara, banjur diselehake satengahe alas Mandhalasana utawa Krendawahana. Alas Mandhalasana papane ana salore Nagara Banakeling. Sakwise ngglethakake bungkus, Sang Hyang Bayu banjur kondur menyang kayangan. Madeging Kayangan Jonggringsalaka, Sang Hyang Guru, kaadhep Bathara Narada sarta para dewa liyane. Sang Hyang Guru dhawuh marang garwa kang asma Dewi Uma lan Hyang Bayu. Dhawuhe yakuwi kareben mbusanani jabang bayi sajroning bungkus. Wujude sandhangan yakuwi kampuh poleng bang Bintulu. Dewi Uma matur sendika banjur tindak lan didherekne Sang Hyang Bayu. Madeging Nagara Ngastina, Prabu Pandhu nandang sungkawa Amarga anake kang isih wujud bungkus. Begawan Abiyasa banjur mundhut pusaka Kyai Mustikajamus, ya Jamus Kalimasada. Surasaning isi babagan lakone para Pandhawa. Mbesuk Prabu Pandhu bakal nduweni putra lima cacahe, dene babare bungkus ing mbesuk tanpa sangsaya, lan Jamus Kalimasada, dadya gaman kang ampuh, ambrastha sakabehe mungsuh, lan dadi usadane para Pandhawa. Ing Kadipaten Gajahoya, Arya Dhestharastra diadhep putrane Raden Kurupati, Arya Sengkuni, lan para putra Kurawa. Sing dirembug ora liya putra kang isih bungkus kang ana ing Mandhalasana. Durung suwe kasaru tekane Raden Widura. Banjur didangu lan matur menawa diutus dening Prabu Pandhu, supaya kangmas Arya Dhestharastra nyaguhi banjur dhawuh marang Raden Kurupati mbudhalake kadang Kurawa supaya padha mecah bungkus. Ora suwe, kanthi dietutake Arya Sengkuni, para Kurawa padha budhal. Ing pertapan Ratawu, Begawan Abiyasa, kedhayohan putune asma Raden Premadi. Sakwise bagebinage, kang putu matur menawa diutus kang rama supaya nyuwun sumerep mbesuk kapan bungkus bisa pecah. Begawan Abiyasa mung dhawuh marang Dyan Pamadi, kudu tansah cedhak karo bungkus. Sang Parta nyembadani, nyuwun pamit kalilan banjur budhal menyang papane sang bungkus. Ana ing kayangan Setra Gandamayit, Hyang Bathari Durga ginubel putra wujude gajah putih, nama Gajah Sena. Gajah Sena matur pitakon sing banget wigati, Wondene ature jinarwa menawa putrane Sang Hyang Guru, Gajah Sena nyuwun pamit munggah menyang Suralaya badhe ngabekti marang kang rama, Bathari Durga ngidini, Gajah Sena banjur budhal menyang Suralaya. Ing Jonggringsalaka, Hyang Guru kaadhep Bathara Narada, lan para dewa, ngrembug babagan anane gara-gara. Anane gara-gara mahanani bumi gonjang-ganjing. Bathara Narada matur menawa sing mahanani gara-gara Amarga ana bungkus kang kasetrakake ing alas
Mandhalasana. Ora let suwe kasaru tekane Gajah Sena. Banjur didangu apa prelune, Gajah Sena matur ngupaya kadarman. Midhanget ature Gajah Sena, Sang Hyang Guru dhawuh, manawa Gajah Sena kasil mecah bungkus bakal diakoni putra. Gajah Sena saguh banjur budhal kairing Bathara Narada. Tekane Gajah Sena kairing Bathara Narada. Gajah Sena kadhawuhan ngidak lan nggadhing menyang bungkus. Sakwise digadhing, sanalika bungkus pecah, jabang bayi metu lan wis diwasa. Meruhi ana gajah, ponang jabang bayi banjur nyekel lan mbanting Gajah ing lemah. Sakwise kabanting, Gajah Sena banjur manjing marang jabang bayi lan nunggak sajiwa dadi bebayu. Mulat ngiwa nengen ora weruh manungsa, Sang Hyang Narada nyedhaki lan paring pangandikan, menawa pun jabang putrane Pandhu Dewanata ratu ing Ngastina. Wondene ibune asma Dyah Kunthi. Bocah bungkus banjur kaparingan nama Bratasena. Raden Bratasena banjur lunga menyang Ngastina. Bathara Narada anggalih menawa sesuk bungkuse Raden Bratasena uga bisa dadi manungsa. Raden Permadi kang isih ana satengahing alas ketemu Raden Bratasena. Raden Permadi takon nama lan pinangka, banjur sing ditakoni sumaur menawa jenenge nama Bratasena, saka njero alas lan arep menyang Ngastina nggoleki rama lan ibu. Ngendikane Bathara Narada dheweke iku putrane Prabu Pandhu lan ibune asma Dewi Kunthi. Krungu ature Bratasena, sanalika Raden Permadi ngrungkepi sikile banjur nangis. Bratasena uga takon nama lan pinangka. Permadi matur menawa uga putrane Prabu Pandhu, ibune asma Dewi Kunthi. Sabanjure, padha rangkul-rangkulan lan budhal menyang Ngastina. Amarga lakune Bratasena luwih rikat, mula adhine kon mlaku luwih dhisik, Bratasena mlaku keri, Raden Permadi banjur ndhisiki. Mapan ana ing tengah alas, Raden Kurupati, Arya Sengkuni lan para Kurawa nggoleki gaman kanggo mecah bungkus. Ora let suwi kasaru kadang Kurawa kang meruhi
menawa Raden Permadi mlaku ijen. Raden Kurupati banjur dikandhani Sengkuni, mumpung Permadi isih ijen ana satengahe alas kudu dipateni. Raden Kurupati nurut, banjur diparani, sawise kapethuk padha tetakon, para Kurawa padha kejep-kinejep. Permadi banjur ditubruk Kurawa lan dadi bandayuda. Raden Permadi sidane dikroyok Kurawa. Raden Bratasen weruh adhine dikroyok Kurawa, banjur ngrewangi. Para Kurawa kalah lan wedi banjur mlayu salang-tunjang. Raden Bratasena sarta kang rayi mbacutake lakune.Ana ing Nagara Ngastina, Prabu pandhu diadhep Arya Widura. Ora let suwe kasaru rawuhe Bagawan Abiyasa, ndangu kang wayah Dyan Permadi wis tekan Ngastina apa during. Durung rampung anggone ngendikan, Raden Permadi lan kakangne teka. Banjur Sang Nata takon marang kang lagi teka. Raden Permadi matur menawa kuwi kakange kang wus luwar saka bungkus. Sanalika banjur dirangkul lan ditangisi. Amarga saka gedhening suka banjur kawenehan nama Arya Bratasena. Ora suwe para Kurawa padha ditendhangi dening Arya Bratasena banjur dadi perang sampak. Para Kurawa padha mlayu. Ing sitinggil Prabu Pandhu, Begawan Abiyasa, Arya Widura, raden Puntadewa, Raden Permadi, Arya Bratasena, lan para punggawa padha bungah atine. (Ki Suratno Guno Wiharjo, 2010: 20-29, kanthi kabesut sakprelune)