PIWULANG 1
TEMBANG MACAPAT
Dening “ Titik Rahayu D.A”
TEMBANG
Tembang ing bahasa jawa krama bisa digunake kanggo menyebut sekar, sak liyane iku uga
bisa digunakake kanggo nyebut tembang. Menawa digatekake loro-lorone nduweni watek utawa sifat
kang padha, yaiku sifat kang endah utawa ngremenake. Mula saka iku tembang lan kembang
nduweni dasanama sing padha yaitu sekar.
Tembang ing bebrayan agung utawa masyarakat asring diartike tembung sing dilagokake.
Tembung sing dilagokake nduweni maksud nalika maca cakepan ( teks ) kanthi dilaguake utawa
ditembangake.
Padmosoekatja ( 1960:25 ) ngartekake tembang yaiku reriptan utawi dapukaning basa mawa
paugeran tartamtu ( gumathok ) kang pamacane ( olehe ngucapake ) nganggo kagunan suwara. Mawardi ( 1992)
njlentrehake tembang inggih punika mengku suraos reroncening suwanten ingkang mawi titilaras sarta kinantenan
rumpakaning basa sumawana sastra ingkang gumathok. Ana uga sing ngandarake menawa tembang iku
reriptan utawa reroncening basa lan sastra kanthi paugeran tartamtu kang pamacane knthi dilaguake
nganggo laras slendro lan pelog.
MACAPAT
Macapat asring ditegesi maca papat-papat. Maca papat-papat tegese nalika maca cakepan
macapat saben patang suku kata mandeg sedela kanggo njupuk nafas ( ambegan ). Nanging teges
maca papat-papat sak benere salah kaprah. Kena ngapa salah kaprah merga ora saben macapat isa
dipedot patang suku kata. Amarga menawa macapat kasebat kapeksa kapedot patang suku kata isa
ndadekake isi tembang dadi beda. Landesane miturut gagrak surakarta mingangka macapat minangka
waosan, mengku werdi lagu winengku sastra ( isi cakepan kudu cetha ). Mula saka iku nalika maca
macapat saben patang suku kata mandeg, isa dadekake isi sasatra dadi beda.
Sak liyane macapat ditegesi maca papat-papat, isih ditemokake teges sing memper karo jarwo
dhosok. Sak perangan teges kasebut yaiku : manca-pat, maca cepet, maca mat lan sak piturute.
Suharjendro ( 1996 : 54 ) milah-milah sarta menehi alesan kena ngapa reriptan isa disebut macapat.
Ana pitung alesan tembang isa disebut macapat yaiku :
1. Maca papat-papat kanthi pedhotan patang suku kata.
2. Manca-pat teks tembang macapat nyritakake keblat papat lima pancer.
3. Manca-pat saka panca-arpat ( lima sandhangan atau guru lagu dan pantangan ing aksara
jawa ).
4. Maca cepet yaitu nalika maca ora akeh luk, wilet sarta kembangan lagu musikal tartentu,
sing luwih diutamakake cethaning cakepan ( teks ).
5. Macakep yaitu maca cakepan atau teks tembang macapat.
6. Maca mat yaitu maca kanthi taliti sartan grasake nalika maca nganggo irama utawa lagu.
7. Maca- pat yaitu maca jenis tembang sing kaping papat : sepisan tembang sa-lagu atau
tembang gedhe ( kawi,kekawin ), tembang ro lagu, tembang tri lagu ( sekar tengahan
),maca –pat lagu tembang cilik ( macapat ).
Saka andaran kasebut kang bisa dadi rujukan yaiku andaran sing nomer 7. Macapat kalebu
jenis waosan sing kaping papat yaiku tembang cilik. Nalika digatekake kanthi permati tembang sak
durunge macapat yaiku tembang maca salagu, maca ro – lagu, maca tri –lagu, mula jenis tembang
sing pungkasan sekar cilik uga disebut maca-pat lagu. Maca pat-lagu banjur disingkat dadi macapat.
R.Ng. Ranggawarsita wonten ing buku mardawa lagu ngandaraken , “kasebut tembang
macapat amarga, wacan kapisan ngemot sekar ageng utawa tembang gedhe, kapindho uga ngemot
tembang gedhe, katelu ngemot tembang tengahan, dene wacan kaping papat ngemot tembang alit
utawa tembang macapat. Wacan kasebut yen kasebutake kanthi runtut dadi maca salagu, maca
rolagu, maca trilagu, lan maca pat lagu. Dadi maca patlagu kang isine tembang Alit nganti saiki
misuwur kanthi aran tembang macapat.
Karsono H Saputra ( 2001 : 2 ) ngandarake bilih mcapat iku reriptan sastra kanthi bentuk
puisi kang nggunakake basa jawa anyar, kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, guru gatra sing
nduweni titilaras lan mbentuk lagu.
JUMLAH LAN JENIS TEMBANG MACAPAT
Ngenani panemu cacahing tembang macapat maneka werna, nanging akeh kang nyebut bilih
jumlah tembang macapat ana 11 jenis. Tembang kasebut yaiku: Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmradana,
Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Maskumambang, Megtruh, lan Pocung. Miturut
Mardimin ( 1990 :3 ) jenis tembang macapat ditonton saka ciri-cirine lagu. Nalika digathekake kanthi
structural metrum sastra sak benere tembang Gambuh, Megatruh lan Maskumambang dudu
kelompok tembang macapat nanging kelompok sekar tengahan. Kena ngapa telung jenis tembang
kasebut kalebu ing tembang macapat merga katelune memper karo tembang macapat ( mardimin,
1990 : 4 ).
Amarga structural jenis telung tembang kasebut memper jenis tembang tengahan. Mula saka
iku ana panemu kang ngandarake menawa tembang macapat sebenarnya ada 8 jenis. Gagasan
kasebut ditemokake ing serat Mardawalagu karya R.M Ng Ranggowarsito dan serat centhini
anggitane Ingkang Sunuwun Paku Buwono V. ( Mardimin, 1990 : 3 ). Nanging miturut masyarakat
ngenani cacahing tembang macapat Darsono ( 1995 : 14 ) tembang macapat ana sewelas. Saben
metrum tembang macapat nduweni guru gatra, guru lagu dan guru wilangan dewe-dewe.
Wonten ing buku macapat jilid I,II,III anggitane Gunawan Srihascaryo bisa diwaca jenis lagu
sekar macapat kanthi: jeneng, laras,lan komposisi nada. Jumlah jenis utawa variasi macapat ing buku
kasebut :
Sekar macapat Mijil ana 27 variasi lagu
Sekar macapat Sinom ana 26 variasi lagu
Sekar macapat Kinanthi ana 29 variasi lagu
Sekar macapat Asmaradana ana 17 variasi lagu
Sekar macapat Dhandhanggula ana 29 variasi lagu
Sekar macapat Pangkur ana 15 variasi lagu
Sekar macapat Durma ana 22 variasi lagu
Sekar macapat Pocung ana 28 variasi lagu
Sekar macapat Gambuh ana 21 variasi lagu
Sekar macapat Gegatruh ana 13 variasi lagu
Sekar macapat Maskumambang ana 11 variasi lagu
Urut-urutané Tembang Macapat iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti
tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut- urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
1. Maskumambang.
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa
wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang
kandhutané ibuné.
2. Mijil.
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Sinom.
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa
ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi.
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing
alam ndonya.
5. Asmarandana.
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi
kodrat Ilahi.
6. Gambuh.
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane
priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula.
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng- senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon
duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi
bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma.
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas
asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin
darma / wèwèh marang sapadha – padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan
watak sosialé manungsa.
9. Pangkur.
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah
kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
10. Megatruh.
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan
mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pocung.
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
METRUM TEMBANG MACAPAT Guru gatra Guru wilangan Guru lagu
No Jenis tembang
1. Mijil 1 10 i
II 6 o
2. Sinom III 10 e
IV 10 i
3. Kinanthi V 6 i
VI 6 u
4. Asmaradana I 8 a
II 8 i
III 8 a
IV 8 i
V 7 i
VI 8 u
VII 7 a
VIII 8 i
IX 12 a
I 8 u
II 8 i
III 8 a
IV 8 i
V 8 a
VI 8 i
I 8 i
II 8 a
III 8 e/o
IV 8 a
V 7 a
VI 8 u
VII 8 a
5. Gambuh I 7 u
6. Dhandhanggula II 10 u
III 12 i
7. Durma IV 8 u
8. Pangkur V 8 o
9. Maskumambang I 10 i
10. Megatruh II 10 a
11. Pocung III 8 e
IV 7 u
V 9 i
VI 7 a
VII 6 u
VIII 8 a
IX 12 i
X 7 u
I 12 a
II 7 i
III 6 a
IV 7 a
V 8 i
VI 5 a
VII 7 i
I 8 a
II 11 i
III 8 u
IV 7 a
V 12 u
VI 8 a
VII 8 i
I 12 i
II 6 a
III 8 i
IV 8 a
I 12 u
II 8 i
III 8 u
IV 8 i
V 8 o
I 12 u
II 8 a
III 6 i
IV 12 a