The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2022-01-13 00:57:00

꧁ Candi Prambanan ꧂

Legenda Candi Prambanan

꧁ Legenda Candi Prambanan꧂
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂

Ing setunggal dinten, enten kerajaan engkang anggeng sanget namine Candi
Prambanan, rakyat teng mriku nggeh sami ayem lan tentrem. Ingkang dipimpin
kalian Prabu Baka.

Ing setunggaling dina, Kerajaan Prambanan, diserang kalian Kerajaan
Pengging, seng dipimpin kalian Bandung Bondowoso dan akhirnya Prabu Baka lan
pasukane mati kabeh amergi keno senjatane Bandung Bondowoso. Kerajaan Prambanan
malih dikuasai lan di pimpin karo dewekne.

Bandung Bondowoso yaiku Raja seng duweni pasukan bongso alus (jin). Wektu
mimpin Prambanan dhekwe ndelengi putrine Prabu Baka seng ayu banget, jenenge Roro
Jonggrang.

Bandung Bondowoso langsung nglamar Roro Jonggrang, Roro langsung kaget lan
bingung, amergi Roro mboten purun rabi kaleh Bondowoso. Ananging Bondowoso wedi
yento ora nerimo lamarane Bondowoso bakalan murko lan damel kerusuhan ing rakyat
Prambanan.

Banjur Roro Jonggrang gadah ide lan nanggepi Bandung Bondowoso, nek Roro
Jonggrang purun dados bojone Bondowoso nanging enten sarate yaiku Bandung
Bondowoso ken damel 1.000 (sewu) candi, kudu mari mung wektu sewengi.

Bondowoso langsung golek ide supoyo bisa gawe 1.000 candi ing wektu sewengi.
Banjur ing wengi, Bondowoso ngumpulne anak buahe, yaiku bangsa alus lan bangsa jin.
Sakwise ngumpul, Bondowoso merintah poro makhluk alus ken damel candi, banjur poro jin
langsung garap opo seng diperintahke Bondowoso.

Ing wektu cepet bangunan sampun bade 1.000. Roro delengi sangking khadoan, lan
dekwene bingung ternyata Bondowoso diewangi poro jin. Banjur Roro langsung ngumpulne
poro dayang-dayange.

Roro Jonggrang langsung menehi tugas dateng dayang-dayange damel ngumpulno
lan bakar jerami. Dayang lintune ken ngunekne lesung lan nabur kembang engkang wangi.

Setan lan jin wau langsung ninggalne panggonane, amergi wedi disangka mpun
enjing. Namung, candi dereng enteng 1.000, taseh enten 999.

Bandung Bondowoso murko dateng Roro Jonggrang, amergi mpun mbujuki deweke.
Sangking mangkele Roro disabda dados patung lan genepi 1.000 candi. Candi-candi niku
sampai sakniki taseh enten ing panggonan Prambanan, Jawa Tengangah.


Click to View FlipBook Version