Dening :
“TITIK RAHAYU DWI ASTUTI”
꧁ ꧁꧁ ꧁ ꧁ ꧁
A. Teks Eksposisi
Teks eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake
sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang
genep bab sawijininng objek, sabanjure pangreten pamaos bias
mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh
pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bias
ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane
penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil
pengamatan, panaliten, utawa pengalaman.
Karangan eksposisi miturut Aceng Hasani (2005 : 30)
yakuwe minangka tulisan kang asring dipigunakake kanggo
nulisake panemu ngilmiah lan ora mbudidaya mikut panemune
pamaos. Ing karangan eksposisi, pamaos ora dipeksa kanggo
nampa lan ngugemi panemune penulis/panganggit. Pamaos bisa
nolak lan bisa nampa apa kang dikandhahake penulis.
Karangan eksposisi minangka karangan kang nduweni
ancas kanggo menehi informasi karo babagan apa bae saengga
miyarake panemune pamaos. Karangan eksposis nduweni sifat
ngilmiah/non fiksi. Sumber karangan bisa pikoleh saka kasile
pengamatan, panaliten, uga pengalaman. Paragraf ing eksposisi
ora tansah kaperang ing bageyan-bageyan pambuka,
pengembangan lan panutup. Bab minangka kuwi gumantung
sekang sipating karangan lan ancas/tujuan kang bakal ginayuh.
Poin kang wigati ing karangan eksposisi :
1. Topik-topik bab kang diinformasikake ing
karangan eksposisi
Data faktual, tegese bener-bener kedadeyan, ana lan bisa
asipat historis magepokan karo kepriwe carane sawijining alat
makarya lan kanggo gawe, kepriwe sawijining prastawa bisa
kedadeyan lan sapanunggalane.
Sawijining analisis utawa penafsiran objektif marang
sawijining fakta.
Fakta kang magepokan karo sawijining pawongan kang
nduweni keyakinan kang teguh.
2. Tuladha urutan analisis paragraph eksposisi
Urutan kronologis/proses. Biasane nulisake proses
sawijining kang urutaning panggaweyan utawa kedadeyan
(dumadining prastawa).
Urutan fungsional.
Urutan sebab akibat.
Analisis perbandingan.
3. Langkah-langkah nulis karangan eksposisi
Nemtokake tema.
Nemtokake tujuan/ancas karangan.
Milih data sing cocok karo tema.
Nggawe kerangka karangan.
Ngembangna kerangka dadi karangan kang utuh.
4. Langkah-langkah nggawe paragraf
Pola ngembangkake paragraf eksposisi bisa paragraf maneka
warna, watara liya ana pola pengembangan paragraf proses
kuwe ngemot wangsulan sekang pitakonan kepriwe makaryane,
kepriwe carane makaryane (nggawe bab sing kaya minangka
kuwe) kepriwe barang bisa kasusun, kepriwe bab kang mangkana
bisa dumadi.
Ana uga paragraf definisi, paragraf perbandingan, paragraf
klasifikasi, lan paragraf ilustrasi (contoh utawa tuladha).
Ing ngisor kiye cara penulisane :
Panulis kudu mangerteni peprincine kanthi sekabehane.
Mbagi lan milah perincine sekang tahap-tahap kedadeyane.
5. Ciri-ciri paragraf eksposisi
Ngemot ide utawa gagasan lan panemune panulis ngenani
masalah tartamtu nanging tetep objektif.
Nduweni ancas nambah pengetahuan pamaca tanpa
nduweni teges mikut.
6. Jenis-jenis paragraf eksposisi
Paragraf eksposisi definisi.
Paragraf eksposisi proses.
Paragraf eksposisi ilustrasi.
Paragraf eksposisi klasifikasi/pengelompokan.
Paragraf eksposisi perbandingan/pertentangan.
Paragraf eksposisi laporan.
a. Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi
daya mangsuli pitakon:
· Kepriye sawijine pakaryan?
· Kepriye sawijine dumadi?
· Objek utawa bab iki klebu tahap kang endi?
· Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?
b. Eksposisi kudu ngemut perangan-perangan kaya andharan iki.
· Jlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;
· Mrelokake fakta kang diakuratke utawa dicethakake kang angka,
peta statistik, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute;
· Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;
· Nggoleki sumber ide saka: pengalaman, pengamatan, sikap, lan
keyakinan.
c. Pathokan panulise eksposisi.
· Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake
sawijining pokok prastawa/persoalan.
· Isi eksposisi ora duwe karep ngundang redaksi, ndayani sikap lan
panemune pamaos.
· Gaya eksposisi kudu infromatif lan nyakinake.
· Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan
emosional.
· Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti
konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake
supaya tambah cetha (ora dadi bahan pembuktian).
· Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangertene
pawongan marang objek kang dirembug.
· Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake.
· Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan
konkret.
d. Jinise wacana eksposisi:
· Eksposisi definisi
· Eksposisi proses
· Eksposisi klasifikasi
· Eksposisi ilustrasi (conto)
· Eksposisi perbandingan lan pertentangan
· Eksposisi laporan
B. Seni Pagelaran Jawa
Pagelaran tradisional yaiku sakabehe wujud pagelaran Jawa, kang
awujud teater rakyat, seni tari, seni karawitan, seni swara utawa
tembang, seni pahat, lan seni lukis.
Jinise pagelaran Jawa:
1. Pagelaran klasik
Pagelaran kang wiwitane saka kraton kang nduweni fungsi minangka
sarana hiburan lan nduweni makna religius
2. Pagelaran kerakyatan
Pagelaran kang wiwitane saka rakyat kang fungsine kanggo sarana
hiburan
3. Pagelaran modern
Sakabehane jinis pagelaran jaman saiki
Wujud pageran Jawa:
1. Seni Swara
a. Kidung
b. Tembang Jawa (Tembang Gedhe, Tembang Tengahan, Tembang
Cilik/Macapat, Tembang Dolanan)
c. Panembrana
d. Tembang Lancaran
e. Tembang Ketawang
f. Lagu Gendhing
g. Lagu Langgam
2. Seni Tari
a. Tari Klasik (Gambyong, Ayun-ayun, Bedhaya, Srimpi)
b. Tari Kerakyatan (Lengger, Ndolalak, Angguk, Jaran Kepang)
c. Tari Modern (Tari Prawiraguna, Tari Merak)
3. Seni Instrumental
a. Lengkap (Gamelan)
b. Sederhana (Gejuk Lesung, Angklung, Calung Banyumasan)
4. Seni Gerak lan Tari (Sendratari)
a. Sendratari Ramayana Prambanan
b. Adhe-Andhe Lumut
c. Dadung awuk
d. Jathilan
e. Begalan
5. Seni Gerak, Tari lan Teater (Terater Tradisional)
a. Ludrug
b. Ketoprak
c. Reog
d. Wayang Wong
e. Wayang Kulit
f. Wayang Golek
g. Srandul
6. Seni Pahat
a. Ukir Jepara
7. Seni Lukis
a. Batik Tulis
PURWAKANTHI
Purwa : Wiwitan
Kanthi : gandheng, kanca, nganggo, migunakake.
Purwakanthi yaiku : nggandheng kang wus sinebut ing wiwitan (purwa).
Tegese, sing wis disebut ing ngarep, dibaleni maneh. Sing dibaleni iku swarane (vokale),
sastrane (konsonane), malah terkadang tembunge.
Tuladha : Sapa jujur bakal luhur.
Purwakanthi ana 3, yaiku :
1. Purwakanthi Guru swara,
Tuladha :
1. We la dadi kapiran-kapirun, gaga ora matun sapi ora nuntun.
2. Jarene kepingin maju, lha kok ra sinau.
3. Aja dahwen ati open, yen kowe kepingin kejen.
4. Dupeh menang, tumindhak sawenang-wenang.
5. Jaman bubrah sing salah malah disembah-sembah.
6. Atine ora bisa luntur dening pitutur, ora bisa luluh dening pituduh lan ora mendha
dening tembung manuara.
2. Purwakanthi Guru Sastra
Tuladha :
1. Jejodhoan kudu ngelingi bebet, bibit, lan bobot.
2. Yen kepengin ngerti marang gaib iku, kudu eneng, ening, bisa uninga.
3. Sapa goroh bakal growah.
4. Kekudanganku marang kowe, klakona mengku kamulyan.
3. Purwakanthi Guru Basa (Lumaksita)
Tuladha :
1. Kalah cacak, menang cacak.
2. Emban cindhe, emban siladan.
3. Raja putra, putrane Raja Alengka.
Materi Parikan - Bahasa Jawa
Parikan ( Pantun ) yaiku unen-unen sing dumadi daka rong gatra utawa patang
gatra lan nengenake purwakanthi (runtuting swara).
Parikan dumadi saka rong perangan:
1. Ukara purwaka / sampiran,
2. Ukara wos / isi.
Gunane purwaka yaiku kanggo narik kawigatene wong sing arep di khandani / dituturi.
Sawise wong mau ketarik atine mula banjur nggatekake marang wose / isine kang
baku.
Carane ngarang parikan:
1. Sing dikarang dhisik yaiku wose / isine, banjur sing keri ukara purwakane.
Supaya dadi parikan sing apik, diupayaake antara purwaka lan wos duwe cacah wanda
sing padha.
Ciri Ciri & Fungsi Parikan
CIRI CIRI PARIKAN
a. duweni purwa kanti AB-AB
b.yen kedadean 2 gatra ,gatra sing kapisan sampiran gatra kapindo wos, yen
kedadean 4 gatra, gatra sing kapisan lan kapindo minangka sampiran gatra sing ketiga
lan sekawan wos
c. endhote parikan ono sing 4-4 lan 4-8
d. guru kaedane parikan kanggo pitutur nyemoni lan gegojekan
Fungsi Parikan
a. pitutur : parikan iki fungsine ngo nasehat
b. peseman : parikan iki fungsine kanggo sindiran /guyonan
Tuladha parikan
Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.
c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
d. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.
e. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe, dianguk – anguk. senenge, yen wis kepethuk.
Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong
royong.
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.
Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
.Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den
sengkud nggregut sinau.
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja
wedi ing rekasa.
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha
ngati-ati
Parikan padinan
Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget.
Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.
Wangsalan
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging iku dibatang (dibedhèk) dhéwé.
Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik,
bisa uga awujud tembang. Tuladha kang wujud ukara:
Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron
bumbung=angklung)
Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha kang wujud tembang:
1. Jirak pindha munggwing wana
2. Sayeng kaga we rekta
3. Sinambi kalaning nganggur
4. Wastra tumrap mustaka
5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
6. Kinarya langen pribadi
Batangane:
Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
We rekta kang muroni = iket.
Baon sabin = karya.
Jenisé Wangsalan[besut | besut sumber]
Wangsalan lamba ya iku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji.
Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadéan saka rong gatra. Gatra
kang ngarep isi wangsalan, gatra kang isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
Wangsalan rangkep (camboran) ya iku wangsalan kang isi batangane punjul
siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijiné ukara
kadadéan saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi
batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yèn wonten lepat
kawula
Wangsalan memet ya iku wangsalan kang carané nggoleki batangane sarana
ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yèn trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang
maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap
wancahane tembung kang surasane alon-alonan, ya iku tembung satitahe. Tembung
satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
Wangsalan padinan ya iku ana kang nganggo mratélakaké batangane, la nana
kang tanpa mratélakaké batangane, marga wong-wong kang pandha krungu (maca)
dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku
mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori ya iku
mbudheg, api-api ora krungu.
Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kapérang dadi loro, ya iku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku
wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadéan
saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan: gatra buri 8, isi batangane.
Tuladha: Reca kayu, golèk kawruh rahayu.(reca kayu = golèk)
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4
wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda ya iku wangsalan rangkep (isi batangan punjul siji).
Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadéan saka rong gatra. Ukara kapisan (rong
gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
Wangsalan edi-peni ya iku wangsalan kang mawa paungeran.
1. Unen-unene kadadéan saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
2. Saben saukara kadadéan saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda)
3. Ukara kang kapisan (ya iku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara
lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha,
nggegulanga ngiket basa.
Wangsalan kang sinawung ing tembang ya iku cacahé wandane lan tibaning
swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan
lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah
menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni
mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah
ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
Wangsalan kang sinawung ing tembang ya iku cakepan ing umpak-umpaking
gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake déning
pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah kang padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur Lamba (slendro Pasisirt 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar ing tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong kang baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = during tetep, isih kudu janji manèh, sendhe, bisa uga wurung.
Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase
nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah
takimpi-impi, sajeroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja
lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin
tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasané, rindhu-rindhu
tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang
nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen
kang olèh jampi
Carané ngarang wangsalan kang dikarang luwih dhisik, pérangan buru (ukara
kang isi batangane), banjur ngarang pérangan ngarep (ukara kang isi wangsalane).
Dadi pangarangé pérangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.
Materi Basa Rinengga
BASA RINENGGA
Basa jawa iku sugih basa rinengga, awujud wedharing gagasan lesan utawa tulisan
kang karengga-rengga, ditulis amrih katon endah. Jinise basa rinengga iku akeh mula
ora kabeh basa rinengga diwulangake ing piwulang iki.
Basa rinengga lumrahe dienggo ing buku-buku sastra, tembang, geguritan, ing wayang
purwa, wayang wong, kethoprak lsp. Malah wektu iki akeh wong padha nggilut basa
rinengga ing kursus-kursus sesorah utawa pranatacara. Basa rinengga bisa uga awujud
tembung saroja, tembung entar, tembung garba.
Carane macak utawa majang basa rinengga kang wigati ana werna loro
1. Migunakake undha usuke basa kang baku, jangkep, kang akeh nganggo basa krama
alus.
2. Milih tembung-tembung kang dirasa luwih endah,kayata :
a. Tembung baku dudu tembung pacelathon
b. Tembung basa jawa deles, dudu tembung saka basa manca.
c. Tembung sopan dudu tembung lugu.
d. Tembung andhahan kang rimbage karasa endah.
e. Migunakake tembung-tembung kawi
Katrangan ing dhuwur kena dipepantes kanthi prasaja yaiku :
1. Amarga basa rinengga migatekake undha usuk lan tembung-tembung kang
baku. Ateges akeh pambiyantune tumrap panganggone undha usuk, basa kang
endah lan prayoga.
2. Amarga basane endah basa rinengga katulis utawa lesan padha disenengi wong akeh.
Sabanjure wong-wong ora mung seneng marang endahing basa nanging uga seneng
marang undha usuke basa.
Tembung Saroja : tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese
dienggo bebarengan sing gunane kanggo mbangetake surasane.
Tuladhane : Raden Janaka iku watake andhap asor
Tembung andhap padha karo tembung asor kang tegese endhek utawa sopan
Tembung Entar : tembung kang tegese ora sawantahe / ora salugune.
Tuladhane : Tugina dadi bocah sing lunyu ilate mula kancane ora ana sing seneng
Tembung lunyu ilate tegese gunemane mencla-mencle.
Tembung Garba : Tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana nyuda
cacahe wandane.
Tuladhane : Satriyatama saka tembung satriya + utama
Aneng saka tembung ana + ing
Tuladha basa rinengga :
a. Basa rinengga kanggo murwakani mangayubagya para tamu.
Tuladhane :
Para rawuh ingkang minulya saha dahat kinurmatan, para pinisepuh pepundhen
ingkang pantes sinudarsana, para pangembate praja ingkang tuhu luhure budi, para
manggalaning ngayuda ingkang hambeg mahambara, tuwin sagung para tamu kakung
miwah putri, keparenga kawula sowan ing ngarsa panjenengan sami, minangka
talanging atur panjenenganipun Bapak Natadiarjo anggenipun kagungan kersa....
b. Basa rinengga kanggo ing tembang
Mijil
Dedalane guna lawan yekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumung kula yen dipun dukani
Bopang den simpangi
c. Ana catur mungkurBasa rinengga kanggo ing wayang
BATHARA CAKRA SEKRETARIS KAHYANGAN
KANG DITITISI NURUNAKE RAJA-RAJA TANAH JAWA
Ana sawijining dewa kang duwe tugas gedhe tur penting ing kahyangan yakuwi
Bathara Cakra. Bathara Cakra kalebu dewa pinter lan teliti, mula Bathara Guru menehi
tugas penting dadi juru tulise para dewa. Saben ana prentah lan keputusan-keputusan
penting kang dumadi jroning rapat para dewa dicathet kanthi permati dening Bathara
Cakra ana ing kitab kadewatan.
Bathara Guru uga maringi tugas penting liyane yakuwi nurunake wahyu lan jimat
marang manungsa ana ngarca pada. Ing antarane nurunake jamus kalimasada marang
puntadewa Bathara Guru uga nate mercaya Bathara Cakra paring wejangan marang
Begawan Sutikna kang mapan ing gunung kutarunggu. Ngenani ilmu tata praja lan
kaprajuritan………….
d. Basa rinengga kanggo ing geguritan
Coban Randha
Kumricike tirta rinungu saka kadohan
Lelagon peksi nambahi endahing swasana
Sumilire bayu rumesep ing raga
Adhem atis kang rinasa
Saya cedhak saya rinungu gumrojoge tirta
Ndadekake ingsun kepengin rana
Andeleng wujud nyata sapa sira
Kang bisa narik kawigaten kula
Netra tan kedhep ndeleng wujud nira
Kang jumeneng gagah prakoso
Wit-witan ngupengi sira
Kaya-kaya arep ngranggeh akasa