GEGURITAN
Kelas XII Semester Gasal
KOMPETENSI DASAR
1. Menelaah Teks Geguritan
2. Menulis Geguritan dan Membacanya
PETA KONSEP
1. Pengertian Geguritan
2. Ciri-ciri Geguritan
3. Unsur Geguritan
1. PENGERTIAN GEGURITAN
• Geguritan yaiku puisi Jawa gagrak anyar kang ora kaiket dening paugeran
tinamtu
• Cacahe pada (bait), Cacahe gatra (larik), cacahe wanda (suku kata),
tembung-tembung kang dipilih (diksi), lan surasane (isi) kabeh mardika
utawa bebas
• Ananging amrih saene ukara kudu cocog karo isine, pilihane tembung kudu
mantesi lan mentes, uga kudu ngginakake wirama lan basa (purwakanthi,
dwipurwa, seselan lan sapanunggalane.
CIRI-CIRINE GEGURITAN
1. Nganggo tembung-tembung kang endah lan pilihan;
2. Cacahe guru gatra, guru wilangan, guru lagu ora ditentokake utawa ora
kaiket;
3. Sajakke bebas;
4. Isine apik lan becik;
5. Isine sindiran, kritik, pitutur, piweling, gagasan, lan sapanunggalane;
6. Adate nggunakake purwakanthi basa, swara lan sastra;
7. Tembung kawi.
3. UNSUR GEGURITAN
1. Unsur Fisik
2. Unsur Batin
UNSUR GEGURITAN
a. Unsur Fisik
1. Diksi
Yaiku pilihan tembung
nggatekake lan menehi tekanan basa, utamanae babagan tembung-tembung
utama ing geguritan. Ing perangan iki bisa awujud irama lan rima.
2. Citraan
Yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose
3. Majas (Lelewaning basa)
Wujud ukara kang bisa narik kawigaten
4. Tipografi
Bentuk geguritan
B. UNSUR BATIN GEGURITAN
1. Tema
Yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane.
Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius),
tema kamanungsan, katresnan, patriotisme, perjuangan, urip kang gagal, alam,
kritik sosial, keadilan, demokrasi, lan tema kekadangan (persahabatan).
2. Perasaan/ Rasa Pangrasa
Rasa pangrasa kang kepingin diandharake dening pangripta nentokake: nolak,
nyarujuki, apa nyengkuyung tumrap rasa iku.
3. Nada/ irama
Yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nadha njlentrehake sikap
pagripta marang reriptane.
4. Amanat / Pitutur
Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngandharake pesen kang bakal
dijlentrehake.
TULADHA GEGURITAN
1. Kanggo Kanca
Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis
Biyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki….Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh, bayangna
Apa sajatining kahanan sajroning dunya
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku iki
Jaganen rasaning welas asih iki
TULADHA GEGURITAN
2. Gusti
Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti…
TULADHA GEGURITAN
3. Tresna
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega
Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit datan peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna