KATA PENGANTAR
Assalamu’alaikum wr wb, Bismillahirrahmanirrahim,
Alhamdulillahirabbil’alamiin, segala puji hanya milik Allah SWT, atas segala rahmat,
taufik, dan hidayah=Nya sehingga handout ini bisa tersusun hingga selesai.
Handout ini disusun untuk memenuhi kebutuhan peserta didik, sebagai acuan para guru
dalam mengelola pembelajaran, dan orang tua siswa dalam mendampingi putra-putri belajar di
rumah sebagai rangkaian tumbuh kembang pribadi anak. Selain itu handout ini merupakan
inovasi dalam sistem pendidikan yang diterbitkan dan digunakan oleh SD Al Muslim.
Handout ini akan jauh lebih berfungsi manakala siswa mengerti cara belajar, guru
terampil mengelola pembelajaran, dan orang tua menguasai strategi pendampingan belajar agar
anak menjadi pembelajar yang mandiri.
Handout ini masih belum tersusun secara sempurna, untuk itu kami harapkan masukan
untuk lebih meningkatkan kualitas pembelajaran. Semoga seluruh jerih payah semua pihak yang
terlibat bernilai pahala ibadah di sisi Allah SWT. Aamiin yra.
Sidoarjo, 5 Oktober 2021
Penulis
1
DAFTAR ISI
Halaman
Kata Pengantar ....................................................................................................... 1
Wulangan 5
Ngirit Energi kanggo Dina Mburi ......................................................................... 3
LK 1 Wulangan 5 .................................................................................................. 6
LK 2 Wulangan 5 .................................................................................................. 9
Wulangan 6
Ayo Dolanan lan Olah Raga ................................................................................. 11
LK Wulangan 6 .................................................................................................... 14
Wulangan 7
Tumindak Becik ................................................................................................... 16
LK 1 Wulangan 7 .................................................................................................. 18
LK 2 Wulangan 7 .................................................................................................. 21
Daftar Pustaka ....................................................................................................... 22
2
WULANGAN 5
NGIRIT ENERGI KANGGO DINA MBURI
Kompetensi Dasar :
3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi kata dan kalimat untuk menulis karangan sederhana
4.5 Merangkai kalimat menjadi karangan sederhana
Saben makhluk sing urip mesthi mbutuhake energi. Sing dadi sumbere energi yaiku
srengenge. Energi dibutuhake kanggo obah.
Manungsa, kewan, lan tetuwuhan bisa obah merga duwe energi. Energi sing dibutuhake
manungsa asale saka panganan sing dipangan. Semono ugo kewan lan tetuwuhan. Energi sing
dibutuhake dening mesin yaiku bahan bakare.
Energi ora bisa diciptakake. Supaya energi kuwi bisa awet, awake dhewe kudu bisa ngirit
energi. Geneya awake dhewe kudu ngirit energi? Kepriye carane ngirit energi?
1. Miturut isine, jinise ukara iku ana 3, yaiku :
a. Ukara andharan (kalimat berita)
Tuladhane : Reni tuku rujak ing warung.
b. Ukara pitakon (kalimat tanya)
Tuladhane : Sapa sing tuku rujak ing warung?
c. Ukara pakon (kalimat perintah)
Tuladhane : Ren, tukuo rujak ing warung!
2. Yen jinise tembung iku ana 10, yaiku :
a. Tembung aran (kata benda)
Tuladhane : meja, buku, kursi, lemari, wit-witan
b. Tembung kriya (kata kerja)
Tuladhane : maca, nulis, mlayu, mangan, ngombe
c. Tembung katrangan (kata keterangan)
Tuladhane : banter, adoh, suwe, cepet, alon
d. Tembung kahanan (kata sifat)
Tuladhane : pinter, kendel, isinan, sabar, wedian
e. Tembung cacah (kata bilangan)
Tuladhane : siji, loro, telu, setengah, seprapat
3
f. Tembung ancer-ancer (kata depan)
Tuladhane : ing, saka, menyang
g. Tembung sesulih (kata ganti)
Tuladhane : dheweke, bukumu
h. Tembung panyilah (kata sandhang)
Tuladhane : si, sang, para
i. Tembung panggandheng (kata sambung)
Tuladhane : amarga, mulane, awit
j. Tembung panyeru (kata seru)
Tuladhane : wah, aduh, hah
Gatekno tuladhane tembung-tembung ing ukara ngisor iki!
Saiki Rini lan Bima sregep sinau
Saiki = tembung katrangan (kata keterangan)
Rini = tembung aran (kata benda)
lan = tembung panggandheng (kata sambung)
Bima = tembung aran (kata benda)
sregep = tembung kahanan (kata sifat)
sinau = tembung kriya (kata kerja)
3. Ukara nganggo pola jejer-wasesa-lesan-katrangan
Kepriye carane nggoleki jejer, wasesa, lesan lan katrangan ing sajroning ukara ? Carane nggoleki
mangkene :
1. Nggoleki jejere, kanthi nggoleki jawaban pitakonan sapa utawa apa.
2. Nggoleki wasesane, kanthi nggoleki jawaban pitakonan lagi apa utawa kepriye
3. Nggoleki lesan
Lesan panggonane ana ing burine wasesa (nanging uga ana ukara kang ora ana lesane).
4. Nggoleki katrangan
Katrangan iku perangane ukara kang menehi katrangan tambahan ngenani samubarang
kang diandharake ana ing ukara. Upamane menehi katrangan ngenani wektu utawa
panggonan.
4
Tuladha :
Sapiku mangan suket ing kandhang.
Jejer = sapa sing mangan suket ? → Sapi
wasesa = lagi apa sapine ? → mangan
lesan = mangan apa sapine ? → suket
katrangan = ing ngendi olehe mangan suket ? → ing kandhang.
Ing ngisor iki ana tuladha ukara-ukara kang polane jejer-wasesa-lesan-
katrangan. Gatekna kanthi setiti!
a. Naryo mateni radio supaya ngirit energi.
jejer wasesa lesan katrangan tujuan
b. Bocah-bocah tuku buku crita ing Gramedia.
jejer wasesa lesan katrangan panggonan
c. Lampune dipateni adik jalaran ora digunakne.
jejer wasesa lesan katrangan sebab
d. Esuk mau aku sarapan sego pecel
katrangan wektu jejer wasesa lesan
Coba ukara ing ngisor iki udhalen manut pola jejer-wasesa-lesan-katrangan, kaya
tuladha ing dhuwur!
1. Ibu masak sayur lodeh ing pawon.
2. Kipas angine didandani Mas Bayu jalaran rusak
3. Adhik dipundhutake tas anyar mengko sore.
4. Dhuwitku taktitipne bu guru supaya aman.
5. Sepatune dijaitne Mas Adi jalaran jebol.
5
Lembar Kegiatan
Lembar Kegiatan 1
Wulangan 5 (Ngirit Energi kanggo Dina Mburi)
Tahun Ajaran 2021/2022
Nama : _____________ Kelas : 3 ____
Kompetensi Dasar :
3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi kata dan kalimat untuk menulis
karangan sederhana.
4.5 Merangkai kalimat menjadi karangan sederhana.
Materi Pembelajaran :
1. Tembung aran (kata benda) yaiku tembung sing nerangke kabeh barang sing
wujud utowo ora wujud.
Tuladhane : meja, kursi, lawang, sepatu, pot, lampu, petelot, tepak, piring, gelas,
agama, pikiran, kapinteran, lan liya-liyane.
2. Tembung kriya (kata kerja) yaiku tembung kang nerangake pagawean.
Tuladhane : maca, nulis, mlayu, turu, mangan, mlaku, nyapu, lan liya-liyane.
3. Ukara andharan (kalimat berita, diakhiri tanda titik .)
Tuladhane : Syila maca buku ing perpustakaan.
4. Ukara pitakon (kalimat tanya, diakhiri tanda tanya ?)
lan gawe tembung takon : apa, sapa, kapan, ing ngendi, kepriye, geneyo, piro
Tuladhane : Sapa sing maca buku ing perpustakaan?
5. Ukara pakon (kalimat perintah, diakhiri tanda seru !)
Tuladhane : Syila, maca o buku ing perpustakaan!
Aktifitas Siswa:
1. Wacanen crita ing ngisor iki kanthi banter, banjur golekana tembung aran
lan tembung kriya ne terus ditulis ing njero tabel!
Dolan Bareng
Lani lan Dayu pancen bocah sing sregep. Saben esuk numpak sepeda budal menyang
sekolah. Sing disinaoni ora mung piwulangan ing sekolah, nanging uga sinau bab
lingkungan. Moto lan nyawang kaendahing alam iku hobine Lani lan Dayu.
Dina Ahad Lani, Dayu, lan kanca-kancane dolan menyang sawah karo gawa tustel
(kamera). Sawahe katon ijo royo-royo. Tandurane pari wiwit tukul. Para among tani giat
ngopeni sawahe supaya asil panene akeh. Ana sing lagi matun (mencabuti gulma) uga ana
sing lagi ngrabuk (memberi pupuk).
Lani karo kanca-kancane seneng atine amarga bisa moto-moto kegiyatane para
among tani. Wayah awan, Lani lan Dayu ngaso (istirahat) ing gubuk. Banjur mangan lan
ngombe bekale sing digawa saka omah. Lani lan kancane muji syukur marang Allah SWT
sampun maringi kanugrahan bumi saisine kang endah lan subur.
6
No Tembung aran Tembung kriya
1
2
3
4
5
2. Gaweo ukara andharan nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. ngirit
______________________________________________________
b. boros
______________________________________________________
c. ngajak
______________________________________________________
d. kanca-kancaku
______________________________________________________
e. listrik
______________________________________________________
3. Gaweo ukara pitakon nganggo tembung-tembung takon ing ngisor iki!
a. sapa
______________________________________________________
b. kepriye
______________________________________________________
c. kapan
______________________________________________________
d. ing ngendi
______________________________________________________
e. pira
______________________________________________________
7
4. Gaweo ukara pakon nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. tutupen
______________________________________________________
b. nulisa
______________________________________________________
c. wacanen
______________________________________________________
d. sinauo
______________________________________________________
e. umbahen
______________________________________________________
8
Lembar Kegiatan 2
Wulangan 5 (Ngirit Energi kanggo Dina Mburi)
Tahun Ajaran 2020/2021
Nama : _____________ Kelas : 3 ____
Kompetensi Dasar :
3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi kata dan kalimat untuk menulis
karangan sederhana.
4.5 Merangkai kalimat menjadi karangan sederhana.
Materi Pembelajaran :
Ing ngisor iki ana tuladha ukara-ukara kang polane jejer-wasesa-lesan-
katrangan. Gatekna kanthi setiti!
a. Naryo mateni radio supaya ngirit energi.
jejer wasesa lesan katrangan tujuan
b. Bocah-bocah tuku buku crita ing Gramedia.
jejer wasesa lesan katrangan panggonan
c. Lampune dipateni adik jalaran ora digunakne.
jejer wasesa lesan katrangan sebab
d. Bapak mundhut sepeda sesuk awan.
jejer wasesa lesan katrangan wektu
Aktifitas Siswa:
A. Ukara ing ngisor iki udhalen manut polane: jejer-wasesa-lesan-katrangan
kaya tuladha ing dhuwur!
1. Mas Budi ngguyang sapi ing kali.
2. Adhik dipundhutne tas anyar mengko sore.
3. Ibu masak soto pitik ing pawon.
4. Adhikmu cekelana boneka supaya ora nangis.
5. Mbakyuku ngombe es degan awan mau.
6. Rangga ditukokne bakso amarga luwe.
7. Ing perpustakaan kancaku nyilih buku.
8. Esuk mau Anis tuku buku.
9. Aku dipundhutake sepatu jalaran sepatuku wis rusak.
10. Ibu nabung dhuwit ing bank supaya ora boros.
9
B. Garapen manut prentahe kanthi bener !
Energi mujudake bab kang wigati kanggo uripe manungsa ing donya, amerga kagiyatane
manungsa mbutuhake energi. Energi ora bisa didandani, mula manungsa kudu gemi (irit)
nggunakake energi.
Gaweya karangan kanthi tema “Hemat Listrik” nggunakake Basa Jawa paling setitik 5 ukara
(kalimat) adhedhasar gambar ing ngisor iki!
…………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
……………………...........................................................................................................................
………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………........................................................
10
WULANGAN 6
Ayo dolanan LAN OLAH RAGA
Kompetensi Dasar :
3.6 Mengenal dan memahami tembang dolanan
4.6 Melagukan tembang dolanan
Saben bocah mesthine padha seneng dolanan. Menawa dolanan becike milih dolanan sing
migunani, dolanan sing ana guna paedahe. Tuladha dolanan sing ana gunane yaiku olah raga.
Jroning olah raga bisa disambi tetembangan. Dolanan sinambi nembang klebu jinise olah raga.
Sabisa-bisane awake dewe ngulinakake olah raga, supaya awak tetep sehat. Jroning awak
kang sehat, pikiran uga melu sehat. Dolanan apa sing koksenengi? Dolanan apa sing bisa
koktindakake sinambi nembang?
Tembang dolanan yaiku salah sawijine jinis tembang Jawa kang ditembangake sinambi
dolanan.
Tuladha tembang dolanan :
^ Menthog-menthog ^ Dhondhong apa salak
^ Gajah gajah ^ Cublak-Cublak suweng
^ Gundhul-gundul pacul ^ Jaranan
^ Kupu kuwi ^ Padhang bulan
Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki banjur tembangna bebarengan !
11
Menthog-Menthog
Menthog, menthog tak kandhani
Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog, menthog mung lakumu
Megal megol gawe guyu
Tembang ing dhuwur ayo padha disemak sing temenan. Wenehana tandha kanggo
tembung kang angel, banjur golekana tegese.
No Tembung angel Tegese
1 Angisin-isini Gawe isin
2 ngetok Bisa disawang
3 Kandhang Papan panggonan kewan ingon-ingon
4 Lakumu Anggonmu mlaku
5 Gawe guyu Marai/ndadekake wong padha ngguyu
Tembang dolanan mau menawa diowahi tetembungane dadi ukara prasaja sing umum
dienggo dadine kaya mangkene :
Menthog-Menthog
Menthog, menthog tak kandhani ya
Rupamu iki elek, ora pantes disawang lan ngisin-isini
Luwih becik ana kandhang wae
Mapana ing kandhang turua sing kepenak
Menthog, iku anggonmu mlaku lucu
Megal megol marai wong padha guyu
Menawa wis diowahi tetembungane dadi ukara prasaja. Tembang dolanan menthog-
menthog ing dhuwur bisa dimangerteni (pesen sing bisa dijupuk), yaiku mujudake pasemon,
menawa dadi wong iku aja kesed/males, kudu sregep nyambut gawe supaya ora ngisin-isini.
12
Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki, yen sampean bisa tembangna bebarengan karo guru lan
kanca-kancamu! Jroning nglagokake tembang iki bocah-bocah padha nunggang jaranan.
Jaranan
Jaranan, jaranan jarane jaran teji,
Sing numpak Dara Bei,
Sing ngiring para mantri,
Jrek jrek nong, jrek jrek gung
jrek ejrek turut lurung,
Gedebuk krincing gedebuk krincing
thok thok gedebuk jedher,
Gedebuk krincing gedebuk krincing
thok thok gedebuk jedher,
13
Lembar Kegiatan
Wulangan 6 (Ayo dolanan lan Olah Raga)
Tahun Ajaran 2021/2022
Nama : _____________ Kelas : 3 ____
Kompetensi Dasar :
3.6 Mengenal dan memahami tembang dolanan.
4.6 Melagukan tembang dolanan.
Materi Pembelajaran :
1. Tembang dolanan yaiku salah sawijine jinis tembang Jawa kang ditembangake
sinambi dolanan.
Tuladha tembang dolanan :
^ Menthog-menthog ^ Dhondhong apa salak
^ Gajah gajah ^ Cublak-Cublak suweng
^ Gundhul-gundul pacul ^ Jaranan
^ Kupu kuwi ^ Padhang bulan
2. Tuladha syair tembang dolanan :
Dondong Apa Salak
Dondong opo salak, duku cilik cilik
Andhong opo mbecak, mlaku thimik thimik
Adik nderek ibu, tindak menyang pasar
Ora pareng rewel, ora pareng nakal
Mengko ibu mesti mundut oleh-oleh
Kacang karo roti adik diparingi
Artine tembang ing dhuwur yaiku :
1. Awake dewe kudu sadar yen ana sifat becik/baik lan sifat sing ala/ora apik (digambarkan pada
buah dondong dan salak)
2. Dadi manungsa kuwi kudu usaha dewe sing temenan, ora usah ngrepoti wong liya utawa
mahkluk liya (digambarkan pada kendaraan andong dan becak)
14
Aktifitas Siswa:
1. Wacanen tembang dolanan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone !
Gajah gajah, kowe takkandhani jah
Mripat kaya laron
Siung loro kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung
Mung lakune migang-migung
a. Irah-irahan/judul tembang dolanan ing dhuwur sing cocog yaiku...
b. Mripate gajah kaya laron jalaran mripate...
c. Sing wujude kaya bumbung yaiku...
d. Gajah kuwi sing kopat-kapit apane...
e. Tembang dolanan ing dhuwur isine nggambarake wong sing awake...
2. Tulisen 1 wae tembang dolanan ing ngisor iki, banjur
tembangno/nyanyikan pas daring/online!
3. Jelasno apa isine/artine tembang dolanan sing sampean tulis ing dhuwur!
15
WULANGAN 7
Tumindak becik saben dina
Kompetensi Dasar :
3.7 Mengenal dan memahami semua bentuk Aksara Jawa/Legena
4.7 Menulis kata dengan Aksara Jawa/Legena
Urip ing bebrayan kudu tumindak sing becik marang kanca, wong liya, lan sapadha-
padha. Nindakake kabecikan ora kena pilih-pilih. Tumindak becik kudu ditindakake saben dina.
Sapa sing tumindak becik bakal nampa piwales apik lan sapa sing tumindak ala uga bakal nampa
piwales ala.
Supaya paham wacanen lan gatekna crita asal – usule Aksara Jawa ing ngisor iki kanthi
setiti!
Ajisaka
Prabu Dewatacengkar iku raja ing Medhangkamulan. Prabu Dewatacengkar seneng
dhahar daging manungsa. Mula wong-wong ing Medhangkamulan padha susah atine, wedi yen
didhahar (dimakan) Prabu Dewatacengkar.
Nalika (ketika) rakyat padha susah, teka (datang) satriyo bagus kang aran Ajisaka.
Ajisaka mertamu marang Mbok Randha. Mbok Randha crita kedadean (kejadian) ing negara
Medangkamulan. Ajisaka trenyuh atine. Ajisaka duwe abdi (pengawal) sing cacahe loro yaiku
Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Wong loro mau didhawuhi
(diminta) njaga keris. Ajisaka meling (berpesan) marang Dora lan Sembada.
1. Dora lan Sembada ora pareng (tidak boleh) nyusul yen ora ditimbali (dipanggil).
2. Kerise ora kepareng diwenehake (diberikan) sapa ae kajaba (kecuali) Ajisaka dhewe.
Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar. Ajisaka saguh (sanggup) didhahar
Dewatacengkar nanging duwe panyuwun (permintaan), yaiku nyuwun lemah saambane
(sepanjang) ikete. Dewatacengkar nyaguhi. Ajisaka njereng ikete. Jebul ikete amba banget.
Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkar ngetutake. Nalika tekan sapinggire segara
kidul, Dewatacengkar kecemplung segara. Dewatacengkar badhar (berubah) dadi baya putih.
16
Banjur Ajisaka diwisuda (diangkat) dadi ratu ing Medhangkamulan, Ajisaka ngutus
Duga lan Prayoga nyusul Dora lan Sembada. Ing dalan wong loro iku kepethuk Dora. Dora
banjur ngajak nyusul Sembada. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali (dipanggil) Ajisaka
dhewe. Dora njaluk (minta) kerise. Sembada ora ngulungake (memberikan), amarga dudu
Ajisaka dhewe kang njupuk.
Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan (bertengkar). Dora lan Sembada perang
tandhing. Loro-lorone tumekaning pati (mati). Kanggo pangeling-eling lelakon (pengingat) iku,
Ajisaka ngarang Aksara Jawa cacahe rong puluh. Aksara Jawa rong puluh iku mangkene tegese
(seperti ini) :
ha na ca ra ka = tegese ana utusan
da ta sa wa la = tegese padha pasulayan (bertengkar)
pa dha ja ya nya = tegese padha digdayane (kuwate)
ma ga ba tha nga = tegese padha matine
17
Lembar Kerja Siswa 1
Materi : Asal-Usul Aksara Jawa
Nama /Kelas :
KD : 3.7 Mengenal dan memahami semua bentuk aksara legena
4.7 Menulis kata dengan aksara legena
Materi:
Aktivitas siswa:
1. Wacanen teks wacan Ajisaka kanthi premati!
2. Banjur jawaben pitakonan ing ngisore!
3. Garapen kanthi tliti ya!
Gladhen !
Ajisaka
Prabu Dewatacengkar iku raja ing Medhangkamulan. Prabu Dewatacengkar seneng
dhahar daging manungsa. Mula wong-wong ing Medhangkamulan padha susah atine, wedi
yen didhahar (dimakan) Prabu Dewatacengkar.
Nalika (ketika) rakyat padha susah, teka (datang) satriyo bagus kang aran Ajisaka.
Ajisaka mertamu marang Mbok Randha. Mbok Randha crita kedadean (kejadian) ing negara
Medangkamulan. Ajisaka trenyuh atine. Ajisaka duwe abdi (pengawal) sing cacahe loro
yaiku Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Wong loro mau
didhawuhi (diminta) njaga keris. Ajisaka meling (berpesan) marang Dora lan Sembada.
1. Dora lan Sembada ora pareng (tidak boleh) nyusul yen ora ditimbali (dipanggil).
2. Kerise ora kepareng diwenehake (diberikan) sapa ae kajaba (kecuali) Ajisaka dhewe.
18
Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar. Ajisaka saguh (sanggup) didhahar
Dewatacengkar nanging duwe panyuwun (permintaan), yaiku nyuwun lemah saambane
(sepanjang) ikete. Dewatacengkar nyaguhi. Ajisaka njereng ikete. Jebul ikete amba banget.
Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkar ngetutake. Nalika tekan sapinggire
segara kidul, Dewatacengkar kecemplung segara. Dewatacengkar badhar (berubah) dadi
baya putih.
Banjur Ajisaka diwisuda (diangkat) dadi ratu ing Medhangkamulan, Ajisaka ngutus
Duga lan Prayoga nyusul Dora lan Sembada. Ing dalan wong loro iku kepethuk Dora. Dora
banjur ngajak nyusul Sembada. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali (dipanggil)
Ajisaka dhewe. Dora njaluk (minta) kerise. Sembada ora ngulungake (memberikan), amarga
dudu Ajisaka dhewe kang njupuk.
Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan (bertengkar). Dora lan Sembada
perang tandhing. Loro-lorone tumekaning pati (mati). Kanggo pangeling-eling (pengingat)
lelakon iku, Ajisaka ngarang Aksara Jawa cacahe rong puluh. Aksara Jawa rong puluh iku
mangkene tegese (seperti ini) :
ha na ca ra ka = tegese ana utusan
da ta sa wa la = tegese padha pasulayan (bertengkar)
pa dha ja ya nya = tegese padha digdayane (kuwate)
ma ga ba tha nga = tegese padha matine
A. Soal iki garapen manut wacan ing dhuwur!
1. Miturut wacan Ajisaka, ratu sing senenge dhahar wong yaiku ...
2. Abdine Ajisaka kang bekti nganti tumekaning pati ana loro yaiku ... lan ...
3. Sakwise Dewatacengkar kalah, Ajisaka banjur diwisuda dadi ratu ing ...
4. Ratu angkaramurka iku keclemplung segara kidul lan badar (berubah) dadi ...
5. Kanggo pangeling-eling marang abdine sing bekti, Ajisaka nganggit aksara Jawa kang
cacahe ana ...
6. Miturut wacan ing nduwur, aksara ha na ca ra ka iku tegese ...
7. Aksara sing tegese padha sektine yaiku ...
8. Cara yen ditulis aksara Jawa dadi ...
9. Sapa yen diowahi dadi aksara Jawa ...
10. Janaka yen ditulis aksara Jawa yaiku ...
B. Gatekna maneh Aksara Jawa Legena ing dhuwur! Coba nulisa 20 Aksara Jawa Legena
ing ngisor kene (ora usah diwenehi kotak-kotak)! Carane nulis Aksara Jawa Legena
kuwi diwiwiti saka ngisor banjur mendhuwur. Nulisa sing apik lan sing gedhe banjur
tebelana nganggo bulpen utawa spidol lan wenehana hiasan nganggo crayon! Ojo lali
diwenehi irah-irahan/judul “AKSARA JAWA”
19
20
Lembar Kerja Siswa 2
Materi : Asal-Usul Aksara Jawa
Nama /Kelas :
KD : 3.7 Mengenal dan memahami semua bentuk aksara legena
4.7 Menulis kata dengan aksara legena
Materi:
Gatekno tuladha ing ngisor iki!
= nata bata
= raja kaya
= ana baya
Aktivitas siswa:
Gatekna tuladha nulis tembung/kata ing dhuwur, banjur
1. Kerjakna gladen ing ngisor iki,
2. Garapen kanthi tlithi ya!
Gladhen !
1. Tulisan aksara Jawa ing ngisor iki ubahen dadi aksara Latin!
a. = _______________________________
b. = _______________________________________
c. = ______________________________________
d. = ______________________________________
e. = ______________________________________
2. Coba gawea 5 tembung lan kepriye nulis aksara Jawa ne !
Tuladha : raja nyata =
a. _______________________ = ___________________________________
b. _______________________ = ___________________________________
c. _______________________ = ___________________________________
d. _______________________ = ___________________________________
e. _______________________ = ___________________________________
21
DAFTAR PUSTAKA
Riyadi, Imam. 2015. Tutur Basa Jawa 3 Gagrag Anyar Kelas III SD/MI. Jakarta: Yudhistira
Santosa, Rahmat dkk. 2016. Tantri Masa Kelas 3. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa
Timur
Maulana F, Angger dan Tofani, M. Abi. 2013. Kawruh Basa Jawa Pepak. Malang. Nydia Pustaka
22