SESORAH BAHASA JAWA HIDAYAH BAHAN AJAR KELAS XI
TUJUAN PEMBELAJARAN Mengidentifikasi struktur dan kaidah teks sesorah Membedakan teknik dalam menyajikan sesorah Melakukan kegiatan membaca atau mendengarkan sesorah Menyajikan secara lisan maupun tertulis teks sesorah menggunakan ragam bahasa yang sesuai dengan konteks dan norma berbahasa 1. 2. 3. 4.
PANGERTENING SESORAH Sesorah yaiku jlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh utawa micara ngenani gagasan utawa panemu sarana lisan ana ing sangarepe wong akeh
2 3 4 Atur kabar, pawarta Atur panglipur/hiburan Pangajak ANCASE SESORAH Atur pambagya 1
NULIS TEKS SESORAH Runtutane gawe naskah sesorah supaya asile luwih apik, kanthi caracara yaiku : 1. Nemtokake tema/topik 2. Ngumpulake bahan 3. Nggawe cengkorongan 4. Ngembangake cengkorongan dadi naskah sesorah 5. Nyunting/mbenerake naskah Sajroning nulis naskah sesorah uga kudu digatekake babagan : 1. Unggah-ungguh basa 2. Tembung lan ukara kang trep 3. Basa kudu komunikatif lan cetha karepe
METODHE SESORAH Metodhe Naskah Metodhe Apalan Metodhe Impromptu Metodhe Ekstemporan
CARANE NULIS SESORAH Nemtokake tema utawa topik Nemtokake ancas utawa tujuan Ngumpulake bahan Nggawe cengkorongan (kerangka)
Atur pambuka/salam pambuka Pambuka/ purwaka basa Sejatine struktur sesorah ingkang baku ana telu yaiku : purwaka basa (pambuka), surasa basa (isi) lan wasana basa (panutup). Dene perangan sesorah kang jangkep : 1. 2. # Atur pakurmatan # Atur puji sokur # Atur panuwun 3. Surasa basa/isi sesorah (wigatining atur) 4. Dudutan 5. Pangarep-arep 6. Wasana basa 7. Salam panutup STRUKTUR SESORAH
BAB-BAB WIGATI Sesorah bisa katindkake kanthi becik, kudu nggatekake 4 (patang) bab yaiku : Basa Swara Swasana Busana
BAB WIGATI NALIKA SESORAH Wicara Wirama Wiraga Wirasa
SIKAP SESORAH Ngadheg jejeg kanthi kapitayan dhiri Polatan sumeh lan nyenengake Swara ora kaalonen lan ora keseron Wiramaning swara kepenak lan pas dirungokake Intonasi lan punggelaning tembung pas saengga gampang dingerteni karepe Obahing salira tansah prasaja nanging tumanja Bisa njumbuhake kahanan lan swasana Sikap kang kudu digatekake nalika sesorah yaiku : 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7.
TULADHA SESORAH Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun, keparenga kula matur, Bapak Kepala Desa Tegalsari, bapak-bapak perangkat desa Tegalsari, para bapak/ibu pimpinan punapa dene anggota BPD, para bapak Ketua RW miwah RT, sesepuh, tokoh masyarakat, para kadang mudha Karang Taruna Tunas Mekar Tegalsari, miwah para rawuh ingkang tansah kula kurmati.
Puji syukur sesarengan kita konjukaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring nugraha agung angempalaken kita sedaya winengku ing suka basuki ing Balai Desa Tegalsari dalu punika. Keparenga Pengurus Karang Taruna Tunas Mekar angaturaken sugeng rawuh katur panjenengan, dene panjenengan kasdu angrawuhi Pentas Seni Karang Taruna Tunas Mekar mengeti ambal warsa kamardikan RI ingkang kaping 78, Kamis Kliwon 17 Agustus 2023. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjengan sadaya, dene panjengan sampun paring kawigatosan, eguh pratikel, bandha beya murih kasembadaning adicara ing dalu punika. Mugi Gusti ingkang Maha Paring Piwales kepareng paring lintu ingkang matikel awit sih kadarman panjenengan sadaya.
Para rawuh, kasembading adicara dalu punika awit saking peparing sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos miwah jumbuhing cipta, rasa, dalah karsa para warga bebrayan ing Tegalsari. Sekedhap malih, para mudha minangka dutaning seni saking saben RW badhe ngetingalaken kasagedanipun. Ing antawisipun nabuh gangsa, mbeksa, maos geguritan, nyekar macapat, musik campur sari punapa dene slow rock. Ingkang salajengipun panacad miwah pangalembana kula sumanggakaken wonten ngarsa panjengan sadaya.
Kita sadaya nggadhahi ancas supados adicara punika dados sarana kiprah ingkang sakalangkung prayogi kangge tangsul murih raket sarta guyub rukunipun warga Tegalsari, miwah kangge nranggulangi para mudha saking sesrawungan ingkang mbebayani, sampun ngantos gampil kepleset dhateng miras lan narkoba. Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula matur kirang tata krami, utawi kathah atur ingkang boten mranani, kula tansah nyadhong agunging samodra pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb.
GLADHI Apa kang diarani sesorah! Sebut lan jlentrehana metodhe-metodhe sesorah! Kepriben urutane anggone nulis teks sesorah! Jlentrehana kepriben carane supaya bisa sesorah kanthi becik! Gawea pambukaning sesorah nalika pambagyaharja! Jlentrehana pitakonan iki kanthi runtut lan pener! 1. 2. 3. 4. 5.