MATERI AJAR
GEGURITAN
Bahasa Jawa
Kelas X
Penulis:
HIDAYAH
Guru Bahasa Jawa
I. TUJUAN PEMBELAJARAN
Menentukan struktur teks geguritan
Menganalisis pitutur luhur geguritan lisan atau tulisan
Menulis geguritan dengan bahasa sendiri baik secara lisan maupun tulisan
Membacakan teks geguritan hasil karya sendiri dengan kaidah dan
II. PEMAHAMAN BERMAKNA
1. Peserta didik dapat memecahkan suatu permasalahan dengan cara diskusi
2. Menganalisis penyebab terjadinya suatu peristiwa adanya perubahan materi
3. Memahami pemanfaatan media pembelajaran
III. PERTANYAAN PEMANTIK
Apakah kamu mengetahui sasta Jawa? Sebutkan sastra Jawa yang kamu
ketahui?
Apakah perbedaaan sastra fiksi dan non fiksi!
IV. KEGIATAN PEMBELAJARAN
Peserta didik reguler/tipikal: umum, tidak ada kesulitan dalam mencerna dan
memahami materi ajar.
MODEL PEMBELAJARAN
Tatap muka / daring dengan Model Pembelajaran Discovery Learning
GEGURITAN
Pengertian Geguritan
Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka
tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga
‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair.
Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung
lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tembang, kidung, syair.
Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan
kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu,
lan guru wilangane ora ajeg.
Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya
dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa
nyebut syair Jawa gagrag anyar.
Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane
(kesimpulane), geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar
awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu.
Ciri-Ciri Geguritan
1.Ora kaiket dening pathokan kang gumathok
2.Migunakake tembung- tembung pilihan utawa diksi
3.Cacahe larik (gatra) saben sapada (bait) ora katemtokake
4.Cacahe pada (bait) bebas
5.Pungkasane larik, unine bebas
6.Isine mentes lan ngamot piwulang becik
7.Trakadhang nggunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra
Jinising Geguritan
1. Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang.
@ Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo
piranti gamelan utawa tanpa gamelan.
@ Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan
tembang.
@ Puisi tradhisional kang awujud tembang Jawa akeh banget
jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
a) Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi,
Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang,
Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b) Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh
(Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan
Juru Demung.
c) Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa
2. Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
@ Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih
anyar (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa
katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono.
@ Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora
dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing
sekolah.
Unsur - Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani
unsur batin.
Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu unsur batin geguritan:
1) Tema
tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi
dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/
penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lsp
2) Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan
nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake
rasa-pangrasa.
Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks.
Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati,
antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lsp.
3) Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake sajroning geguritan.
Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa
patrap liyane.
4) Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca
geguritan.
5) Amanat kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis
marang pamaos.
Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging
sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
Struktur Teks Geguritan
Struktur Lair
1. Tipografi
Wujude geguritan utawa diarani tipografi iki minangka pamawas tumrap
gegambarane wujud panulisane geguritan.
Geguritan iku lumrahe tinulis ora ngebaki larik, ora kawiwitan aksara
kapital, lan saben larik ora dipungkasi kanthi tetenger (tanda baca)
2. Diksi
Pamilihing tembung utawa diksi, yaiku tetimbangan sajrone nggunakake
tembung-tembung kang laras kanggo ngandharake kekarepan lan
pengangen-angen, tanpa ninggalake rasa kaendahan utawa larasing
unine.
3. Imaji
Pandungkape pancadriya, yaiku wujud pengalaman kang wis dirasakake
dening pancadriya, kayata paningal, pangrungu, lan pangrasa.
Tujuwane kanggo nggawa pangrasane pamaos kaya apa kang dirasakake
dening panggurit. Pandungkape pancadiya bisa kaperang dadi telu, yaiku
pandungkape swara (auditif), pandungkape rupa (visual), lan
pandungkape raba/sentuh (taktil)
4. Tembung Konkret
Tembung konkret, yaiku tembung-tembung mligi kang bisa tinangkep
dening pancadriya lan bisa nuwuhake pandungkape pancadriya utawa
panyakrabawa. Tembung konkret bisa awujud tembung entar utawa
pralambang.
Struktur Lair
5. Lelawaning Basa
Lelewaning basa, yaiku panganggone tembung utawa ukara kang klebu
basa rinengga kanthi tujuwane nambahi rasa kaendahane geguritan. Jinise
basa rinengga sajrone kasusastran Jawa iku akeh banget lan panganggone
bisa kacundhake manut rasa-pangrasane panggurit.
6. Wirama
Wirama utawa guru lagu, yaiku runtute swara ing geguritan kang bisa
dumunung ing wiwitan, tengah, lan pungkasaning larik.
Struktur Batin
1.Tema (Sense)
Tema yaiku sawijining kekarepan kang dadi dhasare panggurit ngripta
geguritan. Jinise tema iku akeh banget, kayata religius, panguripan,
panggulawenthah, kasarasan, lan sapanunggalane.
2. Rasa - Pangrasa (Feeling)
Rasa-pangrasa, yaiku pandungkape rasane panggurit tumrap bakune
pirembugan kang kinandhut sajrone geguritan. Rasa-pangrasa iki ana
gegandhengane karo latar belakang panggurit, yaiku agama,
pendhidhikan, drajat-pangkat, umur, lan sapanunggalane. Rasa-pangrasa
iki jinise kayata bungah, susah, sengit, lan sapanunggalane.
3. Nada (Tone)
Nada, yaiku tatacarane panggurit anggone medharake kekarepan
sajroning geguritan. Tatacarane panggurit medharake kekarepane, kayata
ngguroni, nandhesake, mborongake marang pamaos, lan
sapanunggalane.
4. Piwula
ng (Amanat)
Piwulang, yaiku pitutur luhur kang kepengin diwedharake dening
panggurit kanggo pamaos kang diwedharake lumantar geguritan.
Pangarep-arepe pamaos bisa nindakake sakabehe piwulang luhur
kasebut ing bebrayan.
Mangerteni Isine Geguritan
Bab-bab sing kudu digatekake sadurunge nemtokake isine geguritan, luwih dhisik kudu
mangerteni gagasan baku (ide pokok) kang kinandhut ing saben-saben pada (bait).
Kanggo mangerteni isining geguritan bab-bab sing kudu digatekake, yaiku :
Negesi tetembungan sing katulis ing geguritan kasebut, yen kangelan negesi
tembung-tembung kawi, bisa digoleki ing bausastra (kamus).
Mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra utawa larik lan nulis ing sawijining
ukara.
Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyane sing wis tinulis ing
ukara.
Nggoleki dudutan (kesimpulan) saka pokok pikiran sing kinandhut ing sawijine
pada/bait.
Nulis ukara sing dadi gagasan baku (ide pokok) ing sawijining pada.
Carane Nulis Geguritan
1) Nemtokake tema
2) Nulis pamilihing tembung kanthi trep
3) Nulis larik-larik geguritan adhedhasar pamilihing tembung
4) Nliti utawa nyempurnakake geguritan sing ditulis
Carane Ngrelevansi Geguritan
Relevansi yaiku njumbuhake geguritan karo panguripan ing jaman saiki. Carane
ngrelevansi geguritan kaya mangkene.
1) Ngudhari utawa negesi (memberi pengertian) tembung-tembung sing utama
2) Nemtokake tema kang kinandhut
3) Njlentrehake ukara siji lan sijine, kepiye sambung rapete
Maca Geguritan
1. Wijang
Pocapan/vokal kang cetha, bener, gandhang, lan sastrane mlaku.
2. Ulat
Ekspresi praupan (wajah)/penjiwaan kudu jumbuh karo isine geguritan.
3. Bener lan lupute pengucapan tembung
Pengucapan tembung kudu bener anggone ngucapake sawijining
tembung amarga menawa salah bisa nuwuhake teges kang beda.
4. Blocking Panggung
Kudu bisa nguwasani amba, gedhe lan jembare panggung
5. Lulut
Manut lan luluh karo apa-apa wae kang dikarepake panggurit
6. Pancat (menafsir )
Pidakan napsir geguritan, nggerba maksude sawijining geguritan.
7. Wirama
Cendhek dhuwure laras, seru lirihe pocapan.
8. Luwes
Ora kaku wiwit saka sandhangan, obahing awak, lan pangganggone
jumbuh karo rasaning geguritan kang lagi diwaca
Nemtokake Amanat
Nemtoake pesan moral kang kinandhut ing teks geguritan :
1. Maca kanthi dibolan-baleni
2. Negesi tembung-tembung sing angel dimangerteni
3. Ngancarake geguritan
4. Bisa nyimpulake isine geguritan
5. Bisa mangerteni pesan kang tinulis utawa kang ora tinulis ing geguritan
Nggancarake Geguritan
Nggancarake (prosa/memfrasekan) yaiku ngowahi tembung-tembung sing ana
ing geguritan dadi paragraf sing trep utawa ngowahi/ngurangi tembung.
(Prosa (prosa/frasa) adalah mengubah kata-kata dalam puisi menjadi paragraf
yang nyaman atau mengubah/mengurangi kata-kata.)
1. Ngudhari tembung baliswara (tembung walikan)
2. Ngganti tembung sing angel
3. Munggel tembung utawa ukara supaya cetha karepe
4. Menehi tandha pawaca
5. Nyalin ukara ing geguritan mawa ukara prasaja kanthi awangun gancaran
6. Menehi tembung panggandheng,panyilah,utawa tembung liyane.
NANG KENE KYEH
Karyane Indriyanti Mustikaningsih
(Wakakur SMAN 2 Kota Tegal)
Nang kene kyeh…kayong sedep temen
Cipok nang pojok moci karo ndospok…
Dibatiri suara kodok sing pada ndodok
Jakwir, kyeh mene…mangan yuhhh!nang balkot…
Sing sedepe ora karuan…
Ya kupat glabede, seakk seokkk
Nyambi ndeleng lampu sing ora tau byar pet..
Kota Tegal laka-laka…Mantap…
Nang Kene kyeh…Aja pintere umbrus, karo mrupus…
Kotane…pan digawe bagus…
Ora usah lengus, yen urung keurus…
Nang kene kyeh…Yuhhh pada melu ngruwat karo ngrawat men
Tegal dadi kota kuat
Rakyate maju bareng, ben martabat bersahaja ben tambah hebat
Nang kene kyehh Lurrrr….
DAFTAR PUSTAKA
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah. 2013. Kurikulum
2013 Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa
SMA/MA/SMALB/SMK/MAK Negeri dan Swasta Provisi Jawa
Tengah.
Dwiraharjo, Maryono dan Heri Setiawan. 2011. Arum
Kuncaraning Basa Jawi kangge SMA/SMALB/SMK/MA. Solo:
PT Tiga Serangkai Pustaka Mandiri.
Irawan, H.G dan Harjo Waroejoe Mudjiwarno. 2004. Kulina
Basa Jawa SMA dan MA. Klaten: Intan Pariwara
Widaryatmo, Gandung, dkk. 2015. Prigel Basa Jawa kanggo
SMA/SMK/MA. Jakarta: Erlangga.
Sumber lain dari berbagai buku dan media social yang
berkaitan dengan materi