MATERI
MATA PELAJARAN
MUATAN LOKAL TEMBANG JAWA
UNTUK KELAS 1
SDN 1 KADENGAN
Guru Kelas 1
Yelli Ari Subekti
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
KURIKULUM TEMBANG MACAPAT KANGGO
KELAS I
SDN 1 KADENGAN
Tujuan kurikulum mencakup empat Kompetensi Inti,
yaitu(1) kompetensi sikap spiritual, (2) sikap sosial, (3)
pengetahuan, dan (4) keterampilan. Kompetensi tersebut
dicapai melalui proses pembelajaran intrakurikuler,
kokurikuler, dan/atau ekstra-kurikuler.
Rumusan Kompetensi Sikap Spiritual adalah
“Menerima dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya”.
Adapun rumusan Kompetensi Sikap Sosial adalah
“Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab,
santun, peduli, dan percaya diri dalam berinteraksi dengan
keluarga, teman, dan guru”. Kedua kompetensi tersebut
dicapai melalui pembelajaran tidak langsung (indirect
teaching), yaitu keteladanan, pembiasaan, dan budaya
sekolah dengan memperhatikan karakteristik mata
pelajaran, serta kebutuhan dan kondisi siswa.
Penumbuhan dan pengembangan kompetensi sikap
dilakukan sepanjang proses pembelajaran berlangsung, dan
dapat digunakan sebagai pertimbangan guru dalam
mengembangkan karakter siswa lebih lanjut.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Kompetensi Pengetahuan dan Kompetensi
Keterampilan dirumuskan sebagai berikut, yaitu siswa
mampu:
KOMPETENSI INTI 3 KOMPETENSI INTI 4
(PENGETAHUAN) (KETERAMPILAN)
3. Memahami pengetahuan 4.Menyajikan pengetahuan
faktual dengan cara faktual dalam bahasa yang
mengamati (mendengar,
melihat, membaca) dan jelas dan logis, dalam
menanya berdasarkan karya yang estetis, dalam
rasa ingin tahu tentang
dirinya, makhluk ciptaan gerakan yang
Tuhan dan kegiatannya,
dan benda-benda yang mencerminkan anak
dijumpainya di rumah dan sehat,dan dalam tindakan
di sekolah.
yang mencerminkan
perilaku anak beriman dan
berakhlak mulia.
KOMPETENSI DASAR KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami tembang
4.1 Menirukan
dolanan Aku Wis Gedhe pengucapan teks
tembang dolanan Aku
Wis Gedhe dengan
lagu yang benar
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
3.2 Menggali isi dan amanat 4.2 Melisankan
tembang dolanan Siji (menembangkan)
Loro Telu. tembang dolanan Siji
Loro Telu dan
menjelaskan isinya.
3.3 Menggali pengetahuan 4.3 Menyanyikan tembang
baru dari teks Kidang Talun dan Pitik
tembang Kidang Talun Tukung dengan
dan Pitik Tukung. menirukan gerakan
tokoh.
3.4 Mencermati
tembang Gajah- 4.4 Menyanyikan tembang
gajah dan Bebek Gajah-gajah dan Bebek
Adus Kali. Adus Kali dan
menyampaikan ciri-ciri
binatang dalam tembang
secara lisan.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
BAB I
TEMBANG DOLANAN “AKU WIS GEDHE”
KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami tembang dolanan Aku Wis Gedhe
4.1 Menirukan pengucapan teks tembang dolanan Aku Wis
Gedhe dengan lagu yang benar
TEMBANG “AKU WIS GEDHE”
Tembang “Aku Wis Gedhe” kalebu tembang dolanan.
Tembang dolanan yaiku tembang sing adate ditembangake
bocah-bocah ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY
nalika padha dolanan bebarengan. Ing jaman biyen
tembang-tembang dolanan iku ditembangake bebarengan
ing wayah wengi nalika padhang rembulan ing latar.
Tembang dolanan iku ora kawengku ing iketane tembang.
Watake merdika, bebas lan bisa ditembangake dhewe uga
bisa ditembangake bebarengan.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
a. Tembang Aku Wis Gedhe iki tembangna sak larik
mbaka salarik!
Gambar 01. Bocah Mangkat Sekolah
( https://assets-a1.kompasiana.com/statics/crawl/552d43c30423bde30e8b4567.jpeg )
Aku Wis Gedhe
Saiki aku wis gedhe
Sekolah mangkat dhewe
Ora usah dieterke
Bareng karo kancane https://oss.mommyasia.id/phot
Yen mlaku turut pinggiran o/5d118d959c81a05965de9bbf
Ora pareng gojegan
Ndalan akeh kendharaan
Mengko mundhak tabrakan
(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
b. Surasane Tembang Aku Wis Gedhe
Tembang dolanan “Aku Wis Gedhe” suka pitutur,
yen wingi isih Taman Kanak Kanak, nanging sakiki wis
sekolah ning SD. Kang kaya mengkono mau nuduhake
yen sakiki bocah-bocah wis saya gedhe. Mula saka iku,
adat kang ana ing TK, kayata tansah diterke, isih
ditunggoni, senengane guyon lan liya liyane kudu wiwit
diilangi. Mula sekolah kudu mangkat dhewe, ora usah
diterke, apa maneh kok ditunggoni, iku ora pareng. Yen
mangkat lan bali sekolah, ning dalan ora pareng guyon
mengko mundhak nuwuhake kapitunan tumprap awake
dhewe lan wong liya. Kang becik yen mlaku ing dalan
manggon sisih kiwa. Yen arep nyabrang aja lali noleh
ngiwa nengen. Yen kira-kira wis aman, lagi nyabrang.
Gambar 02 Bocah Sekolah Lagi Nyabrang
( https://i1.wp.com/berita.news/wp-content/uploads/2020/02/Polisi-seberangkan-anak-
sekolah.jpg?fit=640%2C480&ssl=1 )
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
c. Negesi tembung ing tembang
Saiki aku wis gedhe
Sekolah mangkat dhewe
Ora usah dieterke
Bareng karo kancane
Yen mlaku turut pinggiran
Ora pareng gojegan
Ndalan akeh kendharaan
Mengko mundhak tabrakan
NO TEMBUNG TEGESE
1 Mangkat dhewe Bundhal ora dikancani
2 dieterke Dietutke
3 bareng dikancani
4 Turut pinggiran Ning pinggir
5 gojegan guyon
6 kendharaan Sabangsa montor/mobil
7 tabrakan tumburan
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 03. Mangkat Sekolah Bareng Kancane(http)
Gambar 04. Bocah Sekolah Karo Kancane
( https://www.masukuniversitas.com/wp-content/uploads/2018/08/Gambar-Anak-Sekolah-
Dasar-jalan-kaki-ke-Sekolah.jpg )
Gambar 05. Bocah Sekolah Lagi Baris Kanggo Upacara
(https://cdn1-production-images-
kly.akamaized.net/ByLwYVMjaBzLzhGsZCphUJX_Yyk=/640x360/smart/filters:quality(75):strip_icc():format(jpeg)/
kly-media-production/medias/1796143/original/088925700_1512874174-Upacara_bendera_di_jambi.jpg )
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 06. Bocah Sekolah Lagi Dolanan Lompat Tali(http)
d. Demonstrasi Tembang Aku Wis Gedhe
Nembang karo demonstrasi maragakake kaya
tembung kang dikarepake ing tembang.
e. Tugas Kelompok.
Ayo nembang Aku Wis Gedhe karo kelompokmu!
Gambar 07. Bocah Sekolah Lagi Padha Mangkat(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
UJI KOMPETENSI
I. Uji Kompetensi Dasar Pengetahuan
1. Tembang aku Wis Gedhe kalebu tembang ... .
2. Mangkat dhewe tegese ... .
3. Turut pinggiran tegese ... .
4. Yen mangkat sekolah cukup mung bareng .... .
5. Ning dalan akeh
II. Uji Kompetensi Dasar Keterampilan
1. Tembangna kanthi bener tembang “Aku Wis
Gedhe”!
2. Tembangna kanthi kelompok!
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
BAB II
SIJI LORO TELU
3.2 Menggali isi dan amanat tembang dolanan Siji Loro Telu
4.2 Melisankan (menembangkan) tembang dolanan Siji Loro
Telu dan menjelaskan isinya.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
TEMBANG “SIJI LORO TELU”
a. Tembangake tembang dolanan “ Siji Loro Telu !
SIJI – LORO – TELU
(Media Video utawa MP3 )
Siji–loro-telu,
Astane sendheku,
Mirengake Bu Guru,
Menawa di dangu,
Papat nuli lima,
Lenggahe sing tata,
Aja padha sembrana,
Mundhak ora bisa
Gambar 08 Angka lan Bocah Sekolah(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
b. Surasane Tembang “Siji-Loro-Telu”
Surasa kang kamot ing tembang kasebut yaiku
sakwise krungu bel utawa tandha diwiwiti pasinaon
bocah-bocah enggal mlebu ing kelas banjur lungguh
sing tata(rapi), tangane sendheku duweni ancas(tujuan)
bocah-bocah siyaga anggone arep nampa piwulang.
Sak banjure ngrungokake(mirengake) anggone Bapak
utawa Ibu Guru maringi piwulang. Nalika Bapak utawa
Ibu Guru ndangu(takon), bocah-bocah aja wedi
mangsuli. Apa meneh wedi yen salah. Kang luwih utama
maneh bocah-bocah aja nganti rame, guyon, sak karepe
dhewe apa maneh nganti tukaran karo kancane kang
ndadekake swasana piwulangan dadi ora becik. Bocah-
bocah kudu bisa ngurmati marang sapa wae kang
ngendikan (omong) ning ngarep kelas. Utawa tembung
liyane ngurmati marang wong kang guneman, luwih-
luwih kang dhawuh wong kang luwih tuwa. Tembang iki
uga minangka piwulang bab etung-etung(angka) kanthi
sarana tembang.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 09 Bocah Lagi Sinau(http)
Gambar 10 Angka(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 11. Bocak Sinau Ing Jero Kelas(http)
c. Negesi tembung ing tembang
SIJI–LORO-TELU
Siji–loro-telu,
Astane sedheku,
Mirengake Bu Guru,
Menawa didangu,
Papat nuli lima,
Lenggahe sing tata,
Aja padha sembrana,
Mundhak ora bisa
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
NO TEMBUNG TEGESE
1 Astane
2 Sendheku Tangane
3 Mirengake Ditata kanthi nekuk
4 Didangu tangan
5 Lenggahe Ngrungokake
6 Sing tata
7 sembrana Ditakoni
Lungguhe
Sing rapi
Ora nggatekake
d. Nembang “Siji-Loro-Telu” bebarengan.
a. Bocah nirokake tembang salarik mbaka
salarik bebarengan kanthi tangane
maragakake jumbuh karo karepe tembang.
b. Bocah bisa nembang dhewe-dhewe.
e. Tugas Kelompok
a. Bocah dadekake kelompok-kelompok.
b. Bocah gladhen nembang lan njoged ing
omah.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
UJI KOMPETENSI
I. Uji Kompetensi Pengetahuan
1. Tembang “Siji-Loro-Telu” nggambare bocah kang
lagi sinau ing njero...
2. Asta padha karo ... .
3. ... . Pak Guru menawa didangu
4. Sendheku tegese ... .
5. Mirengake tegese ... ... ... ... ...
II. Uji kompetensi Keterampilan
1. Tembangake tembang “ Siji-Loro-Telu” kanthi
becik!
2. Tembangake tembang “ Siji-Loro-Telu” kanthi
kelompok !
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
BAB III
KIDANG TALUN LAN PITIK TUKUNG
KOMPETENSI DASAR
3.3 Menggali pengetahuan baru dari teks tembang Kidang
Talun dan Pitik Tukung.
3.4 Menyanyikan tembang Kidang Talun dan Pitik Tukung
dengan menirukan gerakan tokoh.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
TEMBANG KIDANG TALUN LAN PITIK TUKUNG
A. Kidang Talun
1. Tembangake salarik mbaka salarik tembang
“Kidang Talun”! (Media Video utawa MP)
Kidang Talun
Kidang Talun,,
Mangan Kacang, Talun..
Mil kethemil..Mil kethemil
Si kidang mangan lembayung Gambar 13. Kidang(http)
Gajah belang
Saka tanah Plembang
Nuk regunuk...nuk regunuk
Gedhene meh padha gunung
Gambar 14. Gajah(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
2. Surasane Tembang Kidang Talun
Tembang dolanan iku katujokake marang bocah-bocah
kanggo nepungake samubarang kang magepokan karo
budaya Jawa, pitutur luhur, alam sakiwatengene lan
sapanunggalane. Semono uga, tembang kidang talun iki uga
nepungake sawenehing kewan. Kayata kewan kidang lan
gajah ing lelagon iki.
Tembang dolanan “Kidang Talun” gambarane kewan
kidang kang senengane mangan kacang lan lembayung.
Dene gajah kagambarake mlakune nuk regunuk lan gedhene
meh padha gunung. Kang kaya mengkono mau perlu
ditepungake marang bocah supaya bisa mangerteni solahe
kewan mligine kidang lan gajah. Yen bocah-bocah wis bisa
mangerteni kewan-kewan mau, banjur tuwuh rasa tresna
marang kewan.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
3. Negesi Tembung ing Tembang
Gambar 15. Kidang Njerum(http)
Gambar 16. Tari Kidang(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 17. Kidang Lanang lan Wadon(http)
Kidang Talun
Kidang Talun,,
Mangan Kacang, Talun..
Mil kethemil..Mil kethemil
Si kidang mangan lembayung
Gajah belang
Saka tanah Plembang
Nuk regunuk...nuk regunuk
Gedhene meh padha gunung
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
NO TEMBUNG TEGESE
1 Kidang Talun Kidang ing ara-ara
2 Mil kethemil mangane terus
3 Lembayung Godhong kacang
4 Gajah belang Gajah kang ulese belang
5 Tanah Plembang Sumatra
6 Nuk regunuk Lakune gajah kanthi alon
7 Meh Arep/bakal
4. Nembang Bebarengan
Ayo nembang bebarengan !
5. Demonstrasi Tembang “Kidang Talun”
Ayo nembang Kidang Talun karo jogedan !
6. Tugas Kelompok
Bocah-bocah didadekake kelompok-kelompok banjur
gladhen nembang karo Kidang Talun njoged kanthi
kelompok.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
UJI KOMPETENSI
I. Uji Kompetensi Pengetahuan
1. Mil kethemil kidange mangan ... .
2. Gajah belang saka tanah...
3. Kidang talun ... .kacang
4. Gajah gedhene meh padha ... .
5. Lakune gajah ...
II. Uji kompetensi Keterampilan
1. Tembangna lagu “Kidang Talun” kanthi becik!
2. Tembangna lagu “Kidang Talun” kanthi
kelompok !
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
B. PITIK TUKUNG
1. Tembangake salarik mbaka salaik tembang “Pitik
Tukung” ! (Media Video utawa MP3 )
PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik
Pitik tukung
Saben dina
Tak pakani jagung
Petok kok..kok petok... petok
Ngendhog pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondhol.. dhol
Tanpa wulu
Megal megol...gol
Gawe guyu
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
2. Surasane Tembang “Pitik Tukung”
Kaya dene tembang dolanan kidang talun, tembang pitik
tukung uga nduweni karep nguri-uri budaya Jawa, pitutur
luhur, alam sakiwatengene lan sapanunggalane. Tembang
Pitik Tukung iki uga nuduhake sawenehing kewan lumantar
tembang.
Tembang dolanan “Pitik Tukung” nuduhake kewan pitik
kang beda karo pitik liyane. Pitik tukung iku wujude kaya pitik
biasa, nanging ora nduwe buntut utawa buntute bujel,
mlakune megal-megol ndadekake wong kang ngingeti dadi
gumuyu. Kang kaya mengkono mau perlu dimangerteni
supaya bocah bisa ngerti solahe kewan mligine pitik tukung.
Yen bocah-bocah wis bisa mangerteni kewan-kewan mau
banjur tuwuh rasa tresna marang kewan.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 18. Jago Pitik Tukung(http)
Gambar 19. Jago lan Babon Pitik Trondhol(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 20. Jago Bekisar Tukung(http)
3. Negesi Tembung ing Tembang
PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik
pitik tukung
Saben dina
tak pakani jagung
Petok kok..kok petok... petok
ngendhog pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondhol.. dhol
tanpa wulu
Megal megol...gol
gawe guyu
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
NO TEMBUNG TEGESE
1 Pitik tukung Arane pitik
2 Saben dina Pendhak dina
3 Tak pakani Tak wenehi pakan
4 Kok..kok..petok Suwarane pitik babon
5 Teteske Diengkremi supaya netes
6 Netes
7 trondhol Metu saka endhog dadi
kuthuk
Tanpa wulu
4. Nembang Bebarengan
Ayo nembang lagu “Pitik Tukung” bebarengan !
5. Demontrasi Tembang “Pitik Tukung”
Ayo nembang bebarengan karo jejogedan !
6. Tugas Kelompok
Bocah-bocah didadekake kelompok-kelompok banjur
gladhen nembang karo njoged kanthi kelompok.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
UJI KOMPETENSI
I. Uji Kompetensi Pengetahuan
1. Pitik tukung iku ora duwe ... .
2. Pitik tukung saben dina dipakani....
3. Suwarane pitik tukung iku....
4. Trondhol tegese....
5. Netes tegese ....
II. Uji kompetensi Keterampilan
1. Tembangna lagu Pitik tukung kanthi becik!
2. Tembangna lagu Pitik tukung kanthi kelompok !
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
BAB IV
GAJAH-GAJAH LAN BEBEK ADUS KALI
KOMPETENSI DASAR
3.4 Mencermati tembang Gajah-gajah dan Bebek Adus
Kali.
4.4 Menyanyikan tembang Gajah-gajah dan Bebek Adus
Kali dan menyampaikan ciri-ciri binatang dalam
tembang secara lisan.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
TEMBANG GAJAH-GAJAH LAN BEBEK ADUS KALI
A. GAJAH-GAJAH
1. Ayo nembang !
(Media Video utawa MP3)
Gajah gajah
Rene tak kandhani...jah
Mripat kaya laron,
Siyung loro kuping gedhe,
Kathik ngango tlale
Buntut cilik tansah kopat kapit..
Sikil kaya bumbung
Yen mlakumu megal megol..
2. Surasane Tembang “Gajah Gajah”
Tembang dolanan “Gajah gajah” duweni ancas
nguri-uri budaya Jawa, pitutur luhur lan samubarang
kang ana sakiwa tengene manungsa. Tembang
Gajah gajah iki nuduhake sawijining kewan lumantar
tembang.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Tembang dolanan “Gajah Gajah ” nuduhke kewan
gajah saka wujude, kaya ta mata kang cilik
diupamakake kaya laron, duwe siyung loro(gadhing),
kuping gedhe, tlale lan sikil kang gedhe, tur padha
diarani kaya bumbung.
Kang kaya mengkono mau perlu ditepungake
marang bocah supaya bocah bisa mangerteni solahe
kewan mligine gajah. Yen bocah-bocah wis bisa
mangerteni kewan-kewan mau ora mokal yen bocah-
bocah mau banjur tuwuh rasa tresna marang kewan.
Gambar 21. Gajah lan Bleduge(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 22. Lukisan Gajah(http)
Gambar 23. Gajah Bal-balan lan Nunggang Pit(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 24. Gajah Duduk(http)
3. Negesi Tembung ing Tembang
Gajah gajah
Rene tak kandhani...jah
Mripat kaya laron,
Siyung loro kuping gedhe,
Kathik ngango tlale
Buntut cilik tansah kopat kapit..
Sikil kaya bumbung
Yen mlakumu megal megol..
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
NO TEMBUNG TEGESE
1 Kandhani Critani
2 Laron Jinise kewan serangga
3 Siyung Gadhing; untu dawa
4 Tlale Irung kang dawa
5 Kopat-kapit Obahe buntut ngiwa nengen
6 Bumbung Pring dikethok kang ngisor
dhuwure gedhene padha
7 Megal-megol Obahe bokong ngiwa-nengen
4. Nembang Bebarengan
Ayo nembang lagu gajah-gajah bebarengan !
5. Demonstrasi Tembang Gajah-Gajah
Ayo nembang bebarengan karo jejogedan !
6. Tugas Kelompok
Bocah-bocah didadekake kelompok-kelompok banjur
gladhen nembang karo njoged kanthi kelompok.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
UJI KOMPETENSI
I. Uji Kompetensi Pengetahuan
1. Irung gajah jenenge ... .
2. Sikil gajah kaya ... .
3. Mripat gajah kaya ... .
4. Mlakune gajah ... .
5. Ing tembang “Gajah gajah” sing kopat-kapit .... .
II. Uji kompetensi Keterampilan
1. Tembangna lagu “Gajah gajah” kanthi becik!
2. Tembangna lagu “Gajah gajah” kanthi kelompok !
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
B. BEBEK ADUS KALI
1. Tembangke !
(Media Video utawa MP3)
Bebek adus kali
nututi sabun wangi
bapak mundhut roti,
kancane diparingi
Bebek adus kolah
nyosori iwak mentah
ayo dha sekolah
sregepa aja wegah
2. Surasane Tembang “Bebek Adus Kali”
Tembang dolanan “Bebek adus kali” duweni ancas
supaya gelem weweh marang wong liya senadyan iku
barang darbeke dhewe. Utawa isa diarani seneng
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
sodakoh. Kaya tembange “bapak mundhut roti
kancane diparingi”. Dadi senadyan sing kagungan roti
iku bapak, kancane tetep diwenehi. Sakliyane iku
bocah-bocah wajib sekolah kanggo golek kapinteran.
Yen sekolah sing sregep, ora pareng wegahan utawa
keset.
Gambar 25. Bebek Adus Kali(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar 26. Anak Bebek/Meri(http)
Gambar 27. Bebek Antri (http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
3. Negesi Tembung ing Tembang
Bebek adus kali TEGESE
nututi sabun wangi Nyemplung banyu
bapak mundhut roti, Saluran ilening banyu
kancane diparingi ngoyak
Bebek adus kolah Sabun kang ambune
nyosori iwak mentah wangi
ayo dha sekolah Tuku
sregepa aja wegah Jedhing
Mangan tumrap bebek
NO TEMBUNG Padha
1 Bebek Adus tekun
2 Kali Ora duwe karep/niat
3 Nututi
4 Sabun wangi
5 Mundhut
6 Kolah
7 nyosori
8 dha
9 sregep
10 Wegah
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
4. Nembang Bebarengan
Ayo nembang lagu ”Bebek Adus Kali” bebarengan !
5. Demonstrasi Tembang “Bebek Adus Kali”
Ayo nembang bebarengan karo jejogedan !
6. Tugas Kelompok
Bocah-bocah didadekake kelompok-kelompok banjur
gladhen nembang karo njoged kanthi kelompok.
UJI KOMPETENSI
I. Uji Kompetensi Pengetahuan
1. Bebek adus ing ... .
2. Nyosori ... .
3. Mundhut padha karo ... .
4. Diparingi tegese ... .
5. Ayo dha sekolah, sregepa aja .... .
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
II. Uji kompetensi Keterampilan
1. Tembangna lagu “Bebek adus kali” kanthi becik!
2. Tembangna lagu “Bebek adus kali” kanthi
kelompok !
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
BAB V MATERI PENGAYAAN
Tembang Dolanan “Aku Cah Sekolah”
KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami tembang dolanan.
4.1 Menirukan pengucapan teks tembang dolanan
dengan lagu yang benar
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
AKU CAH SEKOLAH
Tembang “Aku Cah Sekolah” kalebu tembang dolanan.
Tembang dolanan yaiku tembang sing adate ditembangake
bocah-bocah ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY
nalika padha dolanan bebarengan. Ing jaman biyen
tembang-tembang dolanan iku ditembangake bebarengan
ing wayah wengi nalika padhang rembulan ing latar.
Tembang dolanan iku ora kawengku ing iketane tembang.
Watake merdika, bebas lan bisa ditembangake dhewe uga
bisa ditembangake bebarengan.
a. Tembang Aku Cah Sekolah iki tembangna sak larik
mbaka salarik!
Gambar Bocah Sekolah(http)
AKU CAH SEKOLAH
( Media Video utawa MP3 Tembang Aku Cah Sekolah)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Aku cah sekolah
Cilika mesthi gagah
Ora tau wegah
Senadyan krasa sayah
Saben dina mlebu
Senadyan ora sangu
Nyuwun sangu
Pangestu Bapak Ibu.
b. Surasane Tembang Aku Cah Sekolah
Tembang dolanan “Aku Cah Sekolah”
nggambarake semangat bocah sekolah kang makantar-
kantar. Paribasan saben dina mlebu senadyanta ora
sangu. Awit bocah sekolah iku sing baku golek ngelmu,
ora golek sangu kang kanggo jajan. Yen duwe sangu
luwih becik disisihke banjur ditabung.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar Bocah Sekolah Lagi Dolanan Ing Plataran Sekolah(http)
c. Negesi tembung ing tembang
Aku cah sekolah
Cilika mesthi gagah
Ora tau wegah
Senadyan krasa sayah
Saben dina mlebu
Senadyan ora sangu
Nyuwun sangu
Pangestu Bapak Ibu.
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
NO TEMBUNG TEGESE
1 Cah sekolah Murid/siswa
2 Gagah Pideksa/semangat
3 Wegah Ora gelem/keset
4 Sayah Kesel
5 Mlebu Mangkat sekolah
6 Sangu Bekal/dhuwit
7 Pangestu Donga
Gambar Bocah Sekolah Lagi Rangkulan Karo Kancane(http)
Materi Tembang Jawa Kelas 1 SDN 1 Kadengan
Gambar Bocah Sekolah Lagi Sinau Krawitan(http)
Gambar Bocah Sekolah Lagi Baris Kanggo Upacara(http)