MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 1 TEKS LAPORAN HASIL OBSERVASI Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : XI / I Metode : Inkuiri, diskusi, tanya jawab, penugasan Model pembelajaran : Saintifik I. PANUDUH PIWULANG 1. Supaya mudheng babagan teks hasil obeservasi lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator. 2. Uga maca Materi teks laporan hasil observasi 3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayokakae supaya maca buku referensi liyane. 4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake. 5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan. 6. Rembugen lan konsultasikake karo guru menawa nemoni reribet. II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH Kompetensi Dasar : 3.1 Mangerteni teks hasil observasi ing bentuk laporan 4.1 Nyusun teks hasil observasi ing bentuk laporan. Indikator : 3.1.1 Ngidentifikasi struktur teks laporan hasil observasi. 3.1.2 Nganalisis struktur teks laporan hasil observasi 3.1.3 Ngidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil observasi. 3.1.4 Njelasake isi teks laporan hasil observasi. 4.1.1 Gawe kerangka teks laporan hasil observasi. 4.1.2 Ngembangake kerangka observasi dadi laporan hasil observasi. 4.1.3 Menehi komentar marang hasil sing wis dikerjaake dening kancane III. RINGKESAN MATERI A. Teks Laporan Hasil Observasi Observasi yaiku ngumpulake data kanthi cara nindakake pengamatan langsung obyek sing pengen diamati ing periode wektu tartamtu lan nindakake pencatatan kanthi sistematis sing ana gegayutane karo bab sing diamati. Teks laporan yaiku teks sing isine penjabaran umum utawa nglaporake hasil observasi. Teks laporan uga diarani teks klasifikasi amarga ing njerone teks klasifikasi ngandharake jenisjenis obyek sing diamati adhedhasar kriteria tartamtu. Kaya dene ngambarake bentuk, ciri,
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 2 utawa sifat umum (general) barang, kewan, wit-witan, manungsa utawa prastawa sing ana ing donya kita iki. Teks laporan observasi beda karo teks deskripsi. Yen teks laporan ngambarake hasil observasi kanthi umum lan cundhuk karo fakta sing ana tanpa ana opini/ pendapate wong sing nulis. Nanging yen teks deskripsi yaiku ngambarake hasil obeservasi kanthi khusus (unik lan indhividhual) lan digambarake cundhuk karo opini/ pendapate wong sing nulis. B. Ciri-ciri teks laporan hasil observasi : 1) Kudu ngandhut fakta 2) Kudu objektif 3) Kudu ditulis sempurna lan lengkap 4) Ora dileboni hal-hal sing nyimpang, lan nuwuhake prasangka, utawa pemihakan 5) Kudu disajikake kanthi narik kawigatene sing maca, tata basane kudu sing jelas, isinya berbobot, lan susunane kudu logis. C. Struktur teks laporan observasi 1. Definisi umum yaiku perangan nerangake pangerten (definisi) umum saka bakune andharan (pokok persoalan) kang dirembug Tuladha: Karesikan lingkungan salah siji aspek sing ora bisa ilang saka panguripan manungsa. Mula saka iku manungsa wajib jaga karesikane lingkungan, Amarga lingkungan sing resik ngedohake kulawarga saka penyakit. Njaga keresikan ora mung dilaksanake ing lingkungan sakiwa tengene omah wae, nanging uga ditindakake ing lingkungan sekolah. 2. Deskripsi bagian yaiku perangan kang ngandharake bab-bab saka asile observasi awujud tulisan gancaran (prosa) deskripsi. Ing bagiyan iki ditulis panemu-panemu lan bukti – bukti asil observasi. Saka pirang-pirang kahanan nalika observasi ditulis kanthi cetha lan rinci. Tuladha: Kanggo njaga karesikan lingkungan, ing sekolahku saben dina sabtu ana Program SBB (Sabtu Bersih Berseri). Diarani Program Sabtu Bersih Berseri amarga dilaksanakake saben dina Sabtu. Para siswa padha ngresiki kelase nganggo piranti kang wis digawa saka ngomah. Ana sing nyapu, ana sing kebas-kebas meja, bangku, kusene cendela, lan ana uga sing ngresiki kaca cendela nganggo kertas koran. Bapak ibu guru wali kelas ngawasi lan ngancani para siswane sing lagi resik-resik kelas, nanging bapak ibu guru sing dudu wali kelas uga melu resik-resik ing kantor guru.
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 3 3. Deskripsi manfaat yaiku perangan kang isine dudutan (kesimpulan) lan pangajab (harapan) utawa panyaruwe (saran) tumprap kahanan saka asile observasi sing wis ditindakake. Tuladha: Guna lan paedahe resik-resik saben dina jumat mau akeh banget, yaiku kelaskelas katon resik, ora ana lemut, ora ana sawang, ora ana awu saengga para siswa dadi krasan lan kepenak anggone sinau. IV. MANGERTENI TEKS PELAPURAN ASIL OBSERVASI 1. Semaken kanthi permati teks wacana “Dampak Lingkungan Sing Reget lan Polusi Sampah” ing ngisor iki sing diwaca kancamu! 2. Nalika nyemak eling-eling bab-bab sing wigati ing wacan. Yen prelu, chathen bab-bab sing wigati tersebut! 3. Sawise rampung anggonmu nyemak, wangsulana pitakon-potakon ing sangisore wacan! Perkara kang ngengingi sampah mbutahake kawigaten khusus amarga sampah iku dadi perkara nasional. Gagale anggone ngelola sampah nduweni imbas ana ing kualitas kesehatan warga masyarakat, ngrusak estetika kutha, lan ing wektu sak mburine mengko bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah.Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik kanggo kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan sakpiturute, amarga laler utawa coro kang bisa nggawa penyakit, kuwi mau disebabake dening sampah kang numpuk. Mbuwang sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen ana wong kang hajat ing kali. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo uripe masyarakat ing padesan? Pambuangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu proses banyu ngresep ing lemah.Apa meneh yen ana sampah-sampah plastik kang ora bisa diurai dening mikroorganisme lemah, bisa ngakibatake numpuke sampah lan limbah. Yen sampah dibwuang ing kali, sampah bisa numpuk ing dhasare kali lan nyebabake pendangkalan dhasare kali. Mula ing mangsa rendeng, kali ora bisa nampung banyu, lan bisa nyebabake banjir.Semana uga dampak saka sampah kang diobong, bisa nyebabake penyakit saluran pernapasan, amarga kebul kang dikasilke saka ngobong sampah kuwi yen mlebu ing paru-paru bisa nyebabake sesek, apa maneh yen sampahe awujud plastik bisa nyebabake kanker paru-paru. Kesadaran masyarakat ngengingi pengelolaan lingkungan durung apik, saengga bisa nyebabake bencana saumpama banjir, tanah longsor, lan sakpiturute. Apa meneh lingkungan kang ora becik bisa nyebabake penyakit ing masyarakat, kayata DBD, chikumunya, lan Pituduh Dampak Lingkungan Sing Reget lan Polusi Sampah
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 4 sakpiturute. Mula masyarakat perlu sadhar lan peduli dening lingkungan.Lingkungan kang reget lan kebak polusi menika kang nyebabake masyarakat ora sadhar ngengengi babagan urip sehat lan akhire nyalahake pemerintah. Perkara lingkungan iku perkara kabeh masyarakat, saengga kita wajib njaga kebersihan lan kesehatanne. Lingkungan sehat yaiku lingkungan kang bebas polusi. Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar teks laporan ing dhuwur! 1. Apa sebabe kita kudu jaga lingkungan? 2. Kepriye yen sampah gagal anggone ngelola? 3. Apa sing nyebabake banjir, miturut wacan ing dhuwur? 4. Kepriye kesadarane masyarakat tumprap pengelolaan lingkungan mligine bab sampah? 5. Kepriye miturutmu anggone ngelola sampah supaya ora nyebabake kapitunan ing tengah-tengahe masyarakat? 6. Apa ide pokok paragraf 1 wacan ing ndhuwur? (ide pokok yaiku sing dadi bakune cerita utawa pikiran utama ing saben pargraf) 7. Apa ide pokok paragraf 2 wacan ing dhuwur? 8. Apa ide pokok paragraf 3 wacan ing dhuwur? 9. Apa isine teks laporan hasil obeservasi ing dhuwur? (nemtokake wacan iku carane kanthi jupuk wose/ intisarine saben paragraf, banjur disusun dadi paragraf anyar) 10. Analisis struktur teks laporan asil observasi ing dhuwur adhedasar perangane (bagiyane)! Definisi umum Deskripsi bagian Deskripsi manfaat MANGSULI PITAKONAN
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 5 Coba urutna susunan teks laporan ing ngisor iki supaya dadi teks laporan sing bener! 1. Adhedhasar sumbere uwuh iku jenise ana enem, yaiku uwuh alam, uwuh manungsa, uwuh konsumsi, uwuh nuklir, uwuh industri, lan uwuh pertambangan. 2. Yen Sifate uwuh, dibagi dadi loro yaiku uwuh organik sing bisa terurai lan uwuh anorganik sing ora bisa terurai. 3. Lan yen adhedhasar bentuke uwuh dibagi dadi loro, yaiku uwuh sing bentuke padet lan uwuh sing bentuke cair. 4. Uwuh utawa ing Bahasa Indonesia diarani sampah yaiku material sisa sing wis ora digawe maneh. Uwuh bisa dibagi miturut jenise, yaiku adhedhasar sumber, sifat, lan bentuke. Uwuh iku uga bisa nuwuhake dampak positif lan negatif kanggo manungsa lan lingkungan. 5. Uwuh bisa menenehi dampak sing apik utawa elek kanggo manungsa lan lingkungan. Uwuh sing andhuweni dampak negatif yaiku bisa nyebabake penyakit kanggo manungsa, lan bisa nyebabake pencemaran lingkungan uga bisa ngganggu aktivitas ekonomi. Nanging uwuh uga andhuweni dampak positif yaiku bisa didadekake pupuk organik kanggo tetanduran, lan bisa dadi penggawean anyar tumprap para warga sing durung oleh penggawean yaiku para warga bisa ndaur ulang uwuh lan bisa ndadekake uwuh dadi bahan bakar alternatif. PITUDUH: 1. Gawea kelompok, saben kelompok isine 4-5 siswa! 2. Tindakna observasi ngenani sekolahmu, observasi bisa kantindakake kanthi wawancara langsung marang narasumber! 3. Banjur susunen asil observasi kasebut dadi laporan asil observasi sing apik! Tuladhane: RTHKP sing ana ing Kutha Probolinggo salah sawaijining ruang terbuka hijau sing manggon ing dalan Mastrip, Kecamatan Kedopok, Kutha Probolinggo. RTHKP andhuweni panggonan kang jembar, ing kono akeh tetanduran, lan ana kewan sing diramut ing kono. Sakliyane iku ing RTHKP uga ana papan panggonan kanggo dolanan bocah-bocah cilik. Tentanduran sing tumancep ing RTHKP akeh banget, kayata jambu brazil, pelem, nangka, jeruk bali, sawo manila, srikaya, alpukat, anggur, kates, markisa, delima, blimbing, lang sakpanunggalane. Banjur Kewan sing ana ing RTHKP yaiku manuk dara. TUGAS INDHIVIDHU TUGAS KELOMPOK
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 6 Lan ing kono dijangkepi karo papan dolanan kanggo bocah cilik, kayata; prusutan lan bandulan. RTHKP dibangun gunane kanggo nambahi ruang terbuka hijau sing ana ing kutha Probolibogo, supaya kutha Probolinggo dadi adhem, tentrem lan endah. Sakliyane iku RTHKP uga bisa dadi sarana kanggo papan plesiran. 4. Garapen ing kertas folio bergaris! VI. RINGKESAN MATERI A. Ukara tanduk lan Ukara tanggap PITUDUH: 1) Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (utawa subjek ing Bahasa Indonesia) nindakake pakaryan. Ukara tanduk ole ater-ater (awalan) m-, -n, -ng, -ny. Tuladha: pangan oleh ater-ater m- dadi mangan 2) Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere(utawa subjek ing Bahasa Indonesia) kena panindake wasesa (utawa objek ing Bahasa Indonesia) . Wasesane mawa ater-ater(awalan) tripurusa dak- (aku), kok- (kowe), di- (wong katelu). Tuladha: pangan oleh ater-ater dak- dadi dakpangan 3) Wacanen teks laporan asil observasi ing ngisor iki, banjur analisisen endi sing kalebu ukara tanduk lan ukara tanggap! 4) Yen wis rampung nganalisis garapen ing bukumu! Bapak Drs. Muhammad Arukod sing lagi ngerisiki taman sekolah katon sumringah amarga pancen saben olahraga ngramut lan ngresiki taman , senajan umure wes 50 taun awake isih tongseng, katon tuwa rupane nanging yen tumadang gawe mulang lan kerja bakti isih kuwat lan akas. Panjenengange wis dadi guru wis 25 taun lawase banjur dadi guru lingkungan hidup nembe telung taun amarga pendhidhikan lingkungan hidup iku nembe dianakake ing sekolahku telung taun iki. Bapak Arukod mangkono celukan akrabe para siswa anggone ngundhang, anggone mulang amarga durung ana guru sarjana lulusan jurusan lingkungan hidup, Mula bapak sekolah nugasi marang Bapak Arukod dadi guru Pendhidhikan lingkungan hidup sing sejatine panjenengane lulusan Sarjana Ekonomi. Bapak Arukod mulang PLH kanthi becik banget. Iku amarga pancen laire ing desa lan seneng nandur kembang-kembang, buahbuahan, sayur lan pertanian uga seneng perternakan lan perikanan. Nandur sayuran kasile bisa didol menyang pasar dhuwite kanggo kas lan biaya perawatan tanduran. Ngandharake bab Lingkungan Hidup ing sekolah iku akeh banget, kaya ta bab karesikan, pengolahan larahan, kesehatan, kerindangan, holtikultura, pertanian, lan perikanan kudu lumaku sing becik. Para siswa kudu sadar ngenani manfaat nindakake UNSUR KEBAHASAAN
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 7 program adiwiyata. Carane yaiku sepisan, guru aja bosen-bosen menehi sesuluh lan guna paedahe program adiwiyata. Kapindho, guru kudu sering menehi motivasi lan bimbingan. Kaping telune , guru kudu menehi patuladhan marang para siswa. Ruwet rentenge menehi pelajaran lingkungan hidup, yaiku sumber buku kurang, guru lulusan lingkungan hidup durung ana, lan para siswa akeh kang durung nduweni kesadaran urip sehat lan migatekake lingkungan hidup. B. Aksara Rekan PITUDUH: 1) Aksara rekan karepe aksara sing direka, merga durung ana ing aksara jawa. Sing gunane kanggo nulis tembung manca kayata tembung Basa Arab. Aksara rekan ana 5 (lima), yaiku: Kha = Za = Gha = Fa = Dza = Tuladha: Khusuk = …………….. dzat =……………… Ghanimah =……………… zakat =………………. Fakir =………………. 2) Yen oleh sandhangan sing manggone ana ndhuwur kaya dene wulu ( ), pepet ( ), layar ( ), ceceg ( ); sandhangane diseleh ing sisih tengan. Tuladhane: Ghiya kancane faza ……………………………………………………… 3) Paragraf aksara latin ing ngisor iki owahana dadi aksara Jawa! Ghiya kancane faza. Bocah loro iku raket banget. Saben dina ngaji bebarengan ing masjid Dzakaria. Guru ngajine paring asma Ustadzah Khalifah. Bocah loro iku seneng banget marang Ustadzah Khalifah amarga sabar.
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 8 …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………….. C. Angka Jawa PITUDUH 1) Wujude angka jawa kaya ing ngisor iki! 1 = 2 = 3 = 4 = 5 = 6 = 7 = 8 = 9 = 0 = 2) Kanggo mbedakake aksara jawa karo angka jawa yaiku angka jawa kudu diapit nganggo pada pangkang kang mujude Tuladhane: Lairku tanggal 28 Oktober 1974 = Dhuwitku isih 1500 Rupiah = 3) Aksara latin ing ngisor iki owahana dadi aksara Jawa! a. Saiki wacanen wulangan 2 bab kasusastran. ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 9 b. Sapiku sing cilik mung payu 975 ewu rupiah. ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. c. Suk tanggal 14 sasi iki pak dhe duwe gawe mantu. ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. d. Nomer urut 00496 nganti 00532 maju dhisik. ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. e. Jam 11 awan mau urutane wis tekan nomer 4193 ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………….............. VII. UJI KOPETENSI I A. Wangsulana Pitakon ing ngisor iki kanthi milih siji wangsulan sing bener! 1. Pacitan mujudake wewengkon pegunungan kang bisa ditempuh saka dalan dharat liwat telung jurusan, bisa saka Kabupaten Ponorogo, Trenggalek lan Wonogiri. Ananging kabeh jurusan mau mesthi ngliwati pegunungan kang munggah mudun. Saka kondhisi geografise 80%mujudake pegunungan kapur, lan 20% awujud dhataran kang apik tumprape lemah garapan. Miturut wacana kasebut wewengkon Pacitan kalebu wewengkon sing wujude…. a. Pegunungan b. dhataran c. rawa-rawa d. kepulauan 2. Ing ngisor iki dalan dharat kang bisa ditempuh Manawa menyang Pacitan, kajaba liwat kabupaten…. a. Ponorogo b. Tulungagung c.Trenggalek d. Wonogiri 3. Lemah garapan sing apik tumprap lahan pertanian ing Pacitan mung udakara pirang persen? a. 10% b. 80% c.20% d.30% 4. Lingkungan yakuwi kabeh kang ana ing sak kiwa tengene manungsa lan nduweni hubungan timbal balik. Lingkungan kuwi nyakup barang urip lan barang mati. Barang urip kuwi samubarang kang butuh mangan lan iso manak kayata manungsa, kewan, lan wit-witan. Yen
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 10 barang mati tuladhane banyu, geni, lan angin. Andharan (penjelasan) ing dhuwur kelebu struktur teks... a. Definisi umum c. Deskripsi bageyan b. Definisi khusus d. Deskripsi Gunane/manfaat 5. Akeh kapitunan sing dirasakake amarga ilegal loging iki, kayata kurban nyawa sing cacahe atusan, kapitunan raja brana sing cacahe nganthiatusan milyar. Sakliyane iku mau uga gawe rusake tandhuran kadhang tani, tambak-tambak sing kebanjiran, iwake padha buyar kabeh. Infrastruktur kayata dalan-dalan, kreteg, gendhung-gedhung perkantoran uga omah padha rusak. Kabeh iku mau akibat saka ilegal loging ing Indonesia, mula saka iku kabeh warga Indonesia kudu dhuweni rasa tersna lan tanggung jawab sing gedhe tumprap kalestariane alam lan enggal ngrekadaya ora nindhakake ilegal loging lan ningkatake penghijauan utawa reboisasi supaya ora ana kapitunan maneh kayata banjir lan tanah longsor. Saka punggelan wacan ing dhuwur kalebu bagiyan…. a. Definisi umum c. Deskripsi bageyan b. Definisi khusus d. Deskripsi Gunane/manfaat 6. Saka punggelan wacan no.5 ngrembag babagan yaiku…. a. Kapitunan alas sing direboisasi c. Manfaat Ilegal Loging b. Kapitunan amarga Ilegal loging d. Stop illegal Loging 7. Alam kang tansah dijaga lan dilestariake mengkone bakal nggawe Indonesia tetep dadi paruparu dunia nomor loro. Kajaba kuwi uga bisa nggawe panguripan tansah nentreamake. Andharan (penjelasan) ing dhuwur kelebu struktur teks... a. Definisi umum c. Deskripsi bageyan b. Definisi khusus d. Deskripsi Gunane/manfaat 8. …………………………………………….Yen ditulis mawa aksara latin………. a. Zakat Fitrah c. Zakat Mal b. Zakat Pitrah d. Banyu zam-zam 9. Tulisan `Faham lan faseh` , yen ditulis mawa Aksara Jawa…. a. …….. b. ……. c. ……….. d. ……….
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 11 10. ……………. a. b b. c B. Wangsulana kang patitis 1. Gawea paragraf sing kalebu definisi umum, kanthi tema “tetuwuhan (tanduran)”! 2. Gawea paragraf sing kalebu deskripsi bageyan, kanthi tema “tetuwuhan (tanduran)”! 3. Gawea paragraf sing kalebu deskripsi manfaat, kanthi tema “tetuwuhan (tanduran)”! 4. Tulisen nganggo aksara Jawa: Azizah lair taun 1987 ing Gaza 5. ……………………………………… Tulisen aksara latine!
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 12 TEKS DRAMA/SANDIWARA Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : XI / 1 Metode : Inkuiri, diskusi, tanya jawab, penugasan Model pembelajaran : Saintifik I. PANUDUH PIWULANG 1. Supaya paham bab teks drama lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator. 2. Uga maca Materi Teks DRAMA/SANDIWARA kanthi dibolan-baleni. 3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane. 4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake. 5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan. 6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet. II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH Kompetensi Dasar : 3.2 Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral dari teks drama tradisional (wayang/ topèng ḍhâlâng/ kethoprak /ludruk). 4.2 Melakukan kegiatan bermain peran drama tradisional (wayang/ topèng ḍhâlâng/ kethoprak/ ludruk). Indikator : 3.2.1 Menjelaskan struktur teks drama tradisional 3.2.2 Menjelaskan ciri-ciri bahasa dalam teks drama tradisional 3.2.3 Menjelaskan pesan moral drama tradisional 4.2.1 Menulis skenario drama tradisional. 4.2.2 Bermain peran drama tradisional 4.2.3 Menanggapi permainan drama tradisional. III. RINGKESAN MATERI A. Drama Drama yaiku sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan. Drama dibedakake dadi telu yaiku, adhedasar: 1. Penyajian lakon: Tragedi drama sing sedhih
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 13 Komedi drama sing lucu Tragedi komedi paduan antarane drama tragedi lan komedi. Opera drama sing dialoge ditembangna lan dibarengi dening wirama musik Melo drama drama sing critane mengharukan Farce drama sing meh padha karo dagelan, naging ora kabeh ndagel. Tablau jenis drama sing ngutamakna gerak, para pemaine ora ana dialoge, nanging mung gerak Sendratari gabungan antarane seni drama lan seni tari. 2. Sarana pementasane Drama Panggung drama sing diperagakna para aktor ing ndhuwure panggung Drama Radio drama radio ora bisa didelok langsung, nanging bisa dirungokake Drama Televisi meh padha karo drama panggung, mung bedane drama televisi ora bisa diraba. Drama Film drama film sing nggunakake layar amba lan biasane diputer ing bioskop Drama Wayang drama sing diiringi pegelaran wayang Drama Boneka para tokoh drama digambarke karo boneka, kaya ta, boneka siuyil, lan Pak Ogah 3. Arane drama Drama Tradisional Drama khayalan kang lumrahe nyeritakake ngenani kesakten salah sijining wong Drama Modern Drama kang dhuweni tujuwan menehi panggulawentah (pendidikan) tumprap masyarakat lan nduweni tema panguripan manungsa ing sabendinane. B. Struktur teks drama 1. Tema yaiku ide pokok utawa gagasan baku cerita drama 2. Alur yaiku dalane cerita saka pamentasan drama wiwit saka babak kapisan nganthi babak pungkasan
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 14 3. Tokoh utawa paraga drama. Sing kalebu paraga drama yaiku paraga utama lan paraga pembantu. Paraga utama utawa peran utama yaiku diarani primadona lan peran pembantu yaiku diarani figuran 4. Watak yaiku solah bawa sing diperagakake dening para para drama. Watak protagonis yaiku watak (solah bawane) apik, tuladhane : sabar, welas asih, santun. Lan watak antagonis yaiku watak (solah bawane) jahat tuladhane : sifat iri lan dengki, kejem, penindas. 5. Latar utawa setting yaiku gambaran panggonan, wektu lan situasine prastawaa ing cerita drama 6. Amanat drama yaiku pesan sing pengin disampaikake pengarang marang penonton. Amanat drama utawa pesan disampekake liwat perane para paraga drama. IV. TEKS DRAMA TRADHISIONAL 1. Semaken kanthi permati teks drama kanthi irah-irahan “Dumadine Gunung Budheg” sing diwaca kancamu! 2. Nalika nyemak eling-eling bab-bab sing wigati ing wacan. Yen prelu, chateehen babbab sing wigati kasebut! 3. Sawise rampung anggonmu nyemak, wangsulana pitakon-pitakon ing sangisore wacan! Dumadine Gunung Budheg Ing sawijine omah gedhek sing wis reyot sangisore puthuk, ing sakidule tlatah Kabupaten Tulungagung. Kembang Sore : Kula nuwun… kula nuwun… kula nuwun… (karo milang-miling ana ing lambene lawang). Mbok Randha : Mangga…mangga…madosi sinten nggih? Kembang Sore : Kula mboten madosi sinten-sinten. Kula menika tiyang sing kabur kanginan. Mbok Randha : Lho, wis kene mlebu dhisik kene (karo nggeret mlebu Kembang Sore). Wis saiki lungguh kene dhisik. Iki diombe dhisik (menehi banyu sagelas). Kembang Sore : Maturnuwun (karo ngmbe banyu). Nuwun sewu, kula menapa pareng ndherek manggen wonten mriki? Mbok Randha : Apa kowe gelem manggon ing omah sing wis arep ambruk ngene iki? Kembang Sore : boten napa-napa, kok. Perng napa mboten? Mbok Randha : ora apa-apa kok, nanging anane ya mung kaya ngene lo ya… Kembang Sore : Nggih, matur sembah nuwun. Jaka Tawang metu saka njero omah karo mesam-mesem. Jaka Tawang : Mbok, iki sapa lo? Kok ayu buanget. Mbok Randha : Iki Kembang Sore. Kembang Sore iki Jaka Tawang anakku. Pituduh
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 15 Wong loro padha salaman. Mbok Randha : kembang Sore, kowe gelem ta yen tak sedulurake karo Jaka Tawang? Kembang Sore : Nggih, kula purun. Jaka Tawang : Iya, Mbok, aku ya gelem, kok. Mbok randha : Yawis, saiki aku tak nerusake masak. Jaka Tawang, adhine dikancani lo ya. Jaka Tawang : Ya, Mbok. Jaka Tawang lan Kembang Sore omong-omongan ngalor ngidul, ngayawara ora ana jluntrunge. Saya suwe saya cedhak, pancen adhi karo kangmase. Sawijining dina, wayah Kembang Sore nyapu-nyapu ana ing latar, Jaka Tawang nyedhaki Kembang Sore. Jaka Tawang : Kembang Sore… Kembang Sore : Ana apa ta Kangmas? Jaka Tawang : Awakmu kuwi pancen ayu banget… Kembang Sore : Matursuwun Kangmas. Jaka Tawang : Kembang Sore, aku arep ngomong marang awakmu. Kembang Sore : Ngomong apa ta kangmas? Jaka Tawang : Kembang Sore, aku iki tresna marang sliramu lo Kembang Sore. Kembang Sore : Ya wis samenstine ta kangmas, yen kakang kuwi tresna marang adhine. Jaka Tawang : Ora tresna sing kaya mangkono. Kembang Sore : Lho, la tresna sing kepriye? Jaka Tawang : Ya, tresna wong lanang marang wong wadon sing wis diwasa. Ngerti, ta? Kembang Sore : Kakang, aku lak adhikmu ta. Dadi ya ora kena kaya mangkono. Jaka Tawang : Iya, aku ngerti. Nanging kowe ki lak dudu adhiku asli. Dadi ya ora dadi apa. Kembang Sore : Ora bisa kakang. Aku ora bisa nampa tresnamu. Aku uga tresna karo sampeyang nanging mung tresna adhi marang akange. Jaka Tawang : Pokoke kowe kudu gelem. Kembang Sore : Wis ta Kakang. Wis sore ki lo. Cepet adus kono lo. Jaka Tawang : Lha, tresnaku piye? Kembang Sore : Wis ta gampang. Ayo cepet adus kono! Jaka Tawang : Ya wis, aku tak adus dhisik, ya. (mlaku ninggalake Kembang Sore) Sawise Jaka Tawang adus, Kembang Sore tansah ora jenjem atine. Amarga dheweke ora kepingin gawe kuciwa atine kakange, jaka tawang, dheweke mutusake kudu lunga saka omah
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 16 iku. Ora kesuwen, sore iku uga, wayah Jaka tawang adus Kembang Sore minggat saka omah iku tanpa pamit Mbok Randha. Jaka Tawang : Kembang Sore… Kembang Sore… (karo milang-miling ing njero lan njaba omah) Kembang Sore…. Kok ora ana ya… Mbok…. Si Mbok…. Mbok Randha : Ana apa ta Le, kok bengak-bengok ngono kuwi. Jaka Tawang : Kembang Sore neng endi Mbok? Mbok Randha : Lho, mau lak karo awakmu ta Le? Kok malah takon mboke. Jaka Tawang : Iya Mbok, mau karo aku. Nanging, iki mau aku adus Mbok, banjur tak goleki kok wis ora ana ta Mbok. Mbok Randha : Lho, nyang ngendi to, Le? Ayo digoleki! Jaka Tawang : Ayo, Mbok. Wong loro nggoleki Kembang Sore sing wis minggat saka omah. Anggone nggoleki wis teka ngendi-ngendi. Nanging, ora ana asile. Pungkasane, Mbok Randha ngejak leren Jaka Tawang anggone nggoleki Kembang Sore. Mbok Randha : Wis Le, kayake kembang Sore pancen wis ora krasan anggon karo awake dhewe. Jaka Tawang : Ora Mbok, aku kudu pethuk karo Kembang Sore. Mbok Randha : Wis, sesuk digoleki maneh. Saiki ayo mulih wae dhisik. Banjur wong loro iku mulih menyang omahe. Nanging Jaka Tawang tansah susah amarga gedhe tresnane marang Kembang Sore. Sabubare Kembang Sore minggat saka omah, Jaka Tawang dadi lumuh anggone nyambut gawe. Saben diutus Mboke golek kayu kaya adate, dheweke ora gelem. Gaweyane mung nglamun. Polahe kaya wong ora waras. Yen turu mesthi nyebut jenenge Kembang Sore. Nganti sawijining dina, Mbok Randha bingung nggoleki Jaka Tawang amarga wis meh surup nanging Jaka Tawang kok durung bali menyang omah. Mbok Randha : Le… Jaka Tawang….. nang ngendi bocah iki mau (nggoleki ing sakiwa tengene omah). Wis yah mene kok durung bali ta ya..ya.. Le… Jaka Tawang… Hoalah Le… Le…. Mbok Randha nganti bingug anggone ngupadi dununge Jaka Tawang. Banjur Mbok Randha iku nggoleki menyang panggonan sing biyasane kanggo nggolek kayu. Mbok Randha : Le… Jaka Tawang… Le Jaka Tawang…. Menyang ngendi ta Le kowe iki… Banjur Mbok Randha munggah ana ing punthuk. Mbok Randha : Le… Jaka Tawang… Le Jaka Tawang… Mbok Randha meruhi Jaka Tawang lagi lungguh ing sandhuwure punthuk. Dheweke nglamun madhep ngulon karo kudhungan cikrak. Mbok Randha : Le… Jaka Tawang… diundang Mboke kok meneng wae to… Le… Jaka Tawang…. Kok meneng wae to… Jaka Tawang, diundang mboke kok
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 17 meneng wae kaya reca ngono ta, Le… JakaTawang… kowe ki budheg apa piye ta? Jaka Tawang… Senadyan diundang Mbok Randha sing ora mung pisan, nanging Jaka Tawang ora mangsuli babar pisan. Banjur Mbok Randha nyedhaki Jaka Tawang. Mbok Randha : Le… diundang mboke kok ora mangsuli blas ki piye ta? (karo nyekel awake Jaka Tawang, Sanalika Mbok Randha kaget banjur nangis). Hoalah Le…Le…kowe kok dadi reca kaya ngene ta Le…Le… Amarga omonganku sing sembrana, kowe dadi kaya ngene… Jaka Tawang…. Mboke njaluk sepura ya Le… kanggo pangeling-eling, mbesuk yen ana reja-rejaning jaman, papan panggonan kene bakal tak jenengake Gunung BUDHEG. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki: 1. Sapa wae paraga drama tradhisional ing dhuwur? 2. Kepriye latar papan dumadine crita, swasana lan wektune! 3. Kepriye watake para paraga! 4. Unggah-ungguh basa sing digunakake ing drama ing dhuwur yaiku: a. Simbok marang Kembang Sore nggunake basa…. b. Simbok marang Jaka Tawang nggunakake basa… c. Jaka Tawang marang Simbok nggunakake basa…. d. Kembang sore marang Simbok nggunakae basa… 5. Apa pesan moral ing sajroning drama ing dhuwur? PITUDUH: 1. Gawea kelompok, saben kelompok maksimal 6 siswa! 2. Gawea teks drama tradhisional nganthi milih salah siji irah-irahan ing ngisor iki: a. Rara Anteng lan Jaka Seger b. Minak Jinggo c. Rangga Jalu 3. Anggone gawe teks drama kudu migatekake unggah-ungguh basa! 4. Naskah drama diketik nganthi rapi, nganggo kertas A4, huruf Times New Roman, Ukuran 12. V. RINGKESAN MATERI MANGSULI PITAKONAN TUGAS KELOMPOK UNSUR KEBAHASAAN
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 18 Unggah-ungguh basa manut trap-trapane tembung kang digunakake ana ing ukara ana rong perangan gedhe yaiku ukara nganggo tembung krama lan ukara nganggo tembung ngoko. Krama ana loro yaiku krama lugu lan krama alus. Semono uga ngoko uga ana loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Tuladhane: 1. Dayunn........aku seneng banget dayun, senopati Majaphit siji mboko siji wis mati dayun........(ngoko lugu) 2. Wonten menapa lurahe.(krama alus) A. Ukara ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi krama alus! 1. Kowe arep menyang ngendi? ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. 2. Wiwit enom dheweke wis ketara pintere ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. 3. Bocah iku putune Pak Sulaiman ……………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………............. 4. Dheweke nulis buku kurang luwih 42 buku ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. 5. Kowe apa duwe dhuwit? ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. B. Ukara Krama Alus ing ngisor iki owahana dadi Ngoko lugu! 1. Simbah nyerat serat kagem ibu ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. 2. Menapa panjenengan ngersakaken dhahar sakniki? ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. 3. Kalawau kula sumerap Ken Arok mbeto keris Eempu Gandring ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. 4. Sinten ingkang saged mbiyantu Gusti medhal saking mriki? MANGSULI PITAKONAN
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 19 ……………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………. 5. Panjenenganipun seda kalih kerisipun Empu Gandring ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………….. VI. PENDALAMAN MATERI A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih siji wangsulan sing paling bener! 1. Pacelathon antarparaga ing pentas drama diarani … a. Epilog b. Dialog c. Prolog d. Monolog 2. Watak tokoh ing drama bisa didelok saka … a. Hubungan karo tokoh liyane c. Dialog lan prilaku tokoh b. Panjelasan narator d. Mimic lan casting 3. Paraga ing drama sing kadhapuk tumindhak becik diarani tokoh … a. Sentragonis b. Protagonis c. Tirtagonis d. Antagonis 4. Kanggo nemtokake amanat, kita kudu nggatekake … a. Paraga b. Dialog narator c. Setting d. Sutradara Wacanen cuplikan drama ing ngisor iki! 5. Tokoh Mbok Rondho Karang Wulusan nduweni sifat …. a. Sugih b. Sayang anak c. Pilih kasih d. Sugih lan pilih kasih 6. Pretelan kang cocog karo cuplikan drama ing dhuwur yaiku …. Andhe-Andhe Lumut Kahanan Desa Karang Wulusan bengi iku sepi banget. Saya lingsir wengi hawane saya atis. Swara jangkrik lan walang padha nyawara nambahi tentreme swasana. Ing kono urip Mbok Rondho sing sugih banget kang asmane Mbok Rondho Karang Wulusan (KW) sing nduwe anak telu jenenge Klenting Abang (KA), Klenting Ungu (KU), lan Klenting Biru (KB). Mbok Rondho Karang Wulusan uga nduweni anak pupon sing jenenge Klenting Kuning (KK) KW : Nduk! Anak-anaku, mreneo dak wenehi weruh! KA, KU, KB, KK : Sendika dhawuh, Biyung! KW : Mangkene, loh. Biyung krungu yen ing Desa Dhadapan ana Mbok Rondho Dhadhapan (Dh) sing nduwe anak pupon kang rupane ganteng banget, asmane Andhe-Andhe Lumut (AL). Nah jarene ana pawarta yen Andhe-Andhe Lumut iku lagi golek jodho. Mulane iku Mbok Rondho Dhadhapan gawe sayembara supaya wanita sing seneng kudu nglamar. KA, KU, KB : Inggih, Biyung! Kula kepingin tumut sayembara punika. KK : Kula inggih mekaten loh, Biyung. KW : Kowe ora usah wae, Ning. Penggaweyanmu isih akeh. Kono enggal umbah-umbah! KA, KU, KB : Iya kono ndang umbah-umbah lan resik-resik kamar ya ya, Ning! KK : (sedhih) ……………………..
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 20 a. Ing Desa Dhadhapan ana Mbok Rondho Dhadhapan lan anak pupone sing jenenge Klenting Kuning. b. Mbok Rondho Dhadhapan nganakake sayembara kanggo golek mantu gawe anake. c. Klenting Kuning ora kepengin melu sayembara sing dianakake Mbok Rondho Dhadhapan. d. Klenting Kuning iku babune Mbok Rondho Karangwulusan. 7. Amanat sing bisa kapethik saka cuplikan cerita ing dhuwur yaiku …. a. Yen marang dulur, kita ora oleh iri. b. Yen marang anak, ora oleh pilih kasih. c. Yen dadi wong iku luwih becik paring amal d. Yen arep melu sayembara, kudu dicepakake dhisik. 8. Relevansi drama saka cuplikan drama kasebut yaiku … a. Saben anak nduweni hak kanggo dikasihi. b. Nasibe dadi anak pupon ya ancen kudu nrima yen dipulasara c. Kudu ana pambeda anatara anak kandung lan anak pupon d. Kudune Klenthing Kuning dimelukake sayembara pisan wae 9. Pak Bima :” Bapak apa ana gus?” Bagus :”…………………………………….. Wangsulan kang trep kanggo dialog ing dhuwur yaiku…. a. Sik lagi medhal mau esuk c. wis sare Pak Bima b. Nembe mawon tindak Surabaya d. Nembe menyang sawah 10. Ibu :”…………………………. Bagus :” Artanipun kagem tumbas buku bu” Pitakon kang trep kanggo dialog ing dhuwur yaiku…. a. Nyuwun arta kagem napa Gus? c. Njaluk dhuwit digawe apa Gus? b. Njaluk arta kagem apa Gus? d. Njaluk dhuwit damel napa? B. Wangsulana kang patitis! 1. Sebutna 5 istilah ing drama lan pangertene? 2. Gawea dialog nggunakake basa ngoko lugu! 3. Gawea dialog nggunakake ngoko alus! 4. Aksara latin ing ngisor iki, tulisen nganggo aksara Jawa:
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 21 5. .............................................................
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 22 TEKS PIDHATO Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : XI / 1 Metode : Inkuiri, diskusi, tanya jawab, penugasan Model pembelajaran : Saintifik I. PANUDUH PIWULANG 1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator. 2. Uga maca Materi Teks pidhato basa Jawa kanthi dibolan-baleni. 3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane. 4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake. 5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan. 6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet. II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH Kompetensi Dasar : 3.3 Memahami struktur teks, dan unsur kebahasaan dari teks pidato dan teks pewara. 4.3 Berpidato atau menjadi pewara pada suatu kegiatan sekolah sesuai konteks. Indikator : 3.3.1 Menjelaskan struktur teks pidato. 3.3.5 Menjelaskan kaidah penulisan teks pidato. 4.3.1 Menulis kerangka pidato. 4.3.2 Mengembangkan kerangka pidato menjadi naskah pidato lengkap sesuai konteks. 4.3.3 Berpidato tentang kegiatan III. RINGKESAN MATERI A. Tegesipun Pidhato Pidhato utawa ana sing nyebut Pidhato tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa Pidhato yaiku medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.Yen arep pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. Saya kulina anggone pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara – cara pidato sing efektif lan nyenengake. Saya akeh pamikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 23 pengalaman pamaos.Wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mauwis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. B. Jinising Pidhato 1. Pidhato kanthi cara apalan/memoriter Pidhato kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemupanemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato. 2. Pidhato kanthi cara naskah/teks/manuskrip Pidhato utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara. 3. Pidhato kanthi cara dadakan utawa impromtu Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah Pidhato kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli Pidhato. 4. Pidhato kanthi cara ekstemporan Pidhato cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi woswosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride. C. Struktur Teks Pidato 1. Salam pambuka 2. Pambuka Ing pambuka sing perlu diaturake atur pakurmatan lan atur panuwun marang sagung para rawuh uga atur puji syukur marang Gusti kang Mahakuasa 3. Isi Sing perlu kaaturake ing sajrone pidhato. Isine pidhato kudu runtut miturut apa kang di rembuk ing pidhato mau. Mula sadurunge pidhato kudu akeh ngumpulake bahan-bahan kang gegayutan karo isine pidhato saka maneka warna sumber. 4. Dudutan (kasimpulan)
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 24 Wigatine atur ing sajrone pidhato. 5. Panutup Atur panuwun lan nyuwun pangapura yen ana salang surupe atur marang sagung para rawuh. 6. Salam panutup IV. TEKS PIDHATO 1. Semaken kanthi permati teks Pidhato ing ngisor iki sing diwaca kancamu! 2. Nalika nyemak eling-eling bab-bab sing wigati ing wacan. Yen prelu, chatethen bab-bab sing wigati kasebut! 3. Sawise rampung anggonmu nyemak, wangsulana pitakon-potakon ing sangisore wacan! TEKS PIDHATO Assalamu’alaikum wr. wb. Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni. Bapak Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan. Sedaya kanca kelas enem ingkang tansah kula tresnani. Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngucapaken puji syukur katur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para bapak sarta ibu guru ingkang sampun kersa rawuh, saha ndherek mangayubagya adicara pepisahan siswa-siswi kelas sanga siyang punika. Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken bangku pawiyatan SMP punika. Kula minangka wakil siswa-siswi kelas sangabadhe nyuwun pamit dhumateng bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen kula sakanca nglajengaken nuntut ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancar boten wonten pepalang punapa-punapa. Kula sakanca nyuwun doa restu mugi-mugi gegayuhan kula sakanca saged kasil ing tembe wingkingipun. Sejatosipun awrat tumrap kula sakanca ninggalake pawiyatan punika, nanging kadospundi malih, kula sakanca kedah nilaraken pawiyatan SMP punika. Minangka pungkasaning atur, kula sakanca nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami bokbilih salaminipun kula sakanca ngangsu kawruh ing pawiyatan punika wonten kalepatankalepatan dhumateng para bapak ibu. Wusana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkunging atur, nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu’alaikum wr. wb. Nuwun. Pituduh
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 25 Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki: 1. Sapa sing pidhato miturut teks ing dhuwur lan apa temane! 2. Tulisen sing kalebu pambuka! 3. Tulisen sing kalebu isi! 4. Tulisen sing kalebu panutup! 5. Pidahto ing dhuwur nggunakake karma alus. Coba owahana nganggo basa ngoko lugu! PITUDUH: 1. Gawe kerangka pidatho ! Tuladha: Tema Lingkungan Pambuka Ngaturaken salam pngurmatan dhumatheng para tamu Isi Ngandharake bab ngenani njaga lingkungan uga pangereparep Panutup Dudutan (Kesimpulan) tumprap carane njaga lingkungan lan ngaturaken panuwun 2. Banjur kembangna kerangka kasebut ing bentuk teks pidatho! 3. Garapen ing kertas folio bergaris! IV. PENDALAMAN MATERI Pilihen salah siji jawaban sing bener! 1. Bab-bab sing kudu digatekake nalika ngrungokake Pidhato yaiku, kejaba….. a. Aja mawas sapa sing ngomong, nanging rungokna isine. b. Nyacat wong sing lagi menehi Pidhato. c. Isine sing becik anggonen, dene sing ala tinggalen. d. Bab-bab sing dianggep perlu cathet supaya bisa ngrteni isine MANGSULI PITAKONAN TUGAS INDHIVIDHU
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 26 2. Bapak, Ibu lan para rawuh sedaya, cekak aosipun panjenengan sami dipunaturi tindak mriki saperlu dipunsuwuni berkah pangestu anggenipun pak Darmo nampi nugrahing Gusti. Perangane tanggap wacana ing dhuwur diarani… a. Salam pambuka c. purwaka b. Pangare-arep d. surasa basa 3. 1. salam pambuka 2. Isi/surasa basa 3. dudutan/simpulan 4. purwaka/pambuka 5. Penutup/wasan basa 6. salam panutup Rantaman (urutan-urutan) pidhato sing bener yaiku… a. 1-2-4-5-6-3 c. 1-4-2-3-5-6 b. 1-3-5-4-6-2 d. 1-5-2-4-3-6 4. Pidhato iku salah sijine kegiyatan kang tujuane supaya bisa nglantarake apa sing ana pikirane kanthi Lisan ana ing ngarepe wong akeh. Pidhato iku dianggep sukses menawa… a. Wong nindakake pidhato iku prayogane nggunakake jawa kuna. b. Wong nindakake pidhato iku prayogane nggunakake basa kang angel dimangerteni. c. Wong nindakake pidhati iku prayogane nggunakake basa kawi d. Pamireng bisa mangerteni babakan kang diandharake dening pawongan kang pidhato 5. Bab-bab kang kudu digatekake sajroning pidhato yaiku: a. Sikap, solah bawa, lan sesambungan karo wong kang angel dimangerteni. b. Kanggo para pamiarsa ana kalodhangan kanggo milih endi kang kudu dirungokake. c. Kanggo para pamiarsa ana wektu kanggo milih endhi kang kudu dirungokake. d. Sikap, solah bawa, lan sesambungan karo wong kang ora ngrungokake (pamiarsa) 6. Sumangga, kita sareng memuji lan atur syukur dhumateng ngarsane Gusti kang Akarya jagat, dene punapa kula lan panjenengan, sami tansah pinaringan karaharjan ginanjar kewarasan. Kagem Bapak lan serta Ibu Guru, ing siyang kalenggahan punika keparinga kula nyuwun pangestu badhe atur sesulih dhateng para kanca rewang ing ngriki. Ukara ing dhuwur mujudake perangane (bagean) pidhato kang arane….. a. Salam pambuka c. Salam panutup b. Wasana basa d. Purwaka basa
MODUL BASA JAWA SEMESTER GANJIL SMP NEGERI 7 PROBOLINGGO Page 27 7. Nuwun, para pinisepuh ingkang pantes sinudarsana, para sesepuh ingkang satuhu kinabektan, saha para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Saderengipun kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun gunging panuwun gunging pangaksami, awit kula sampun kuwmawantun ngadek wonten ing ngarsanapi panjenengan sadaya… 8. Wosing Pidhato ing dhuwur… a. Atur pakurmatan dhumateng para rawuh b. Para pinisepuh ingkang pantes sinudarsana c. Nyuwun pangapunten d. Kula kumawantun ngadek wonten ngarsa panjenengan sedaya 9. Ngisor iki sing kalebu panutuping Pidhato yaiku…. a. Kula ngaturaken gunging panuwun dene panjenengan sedaya sampun kersa paring eguh, pertikel saha bau suku b.Perlu kawuningan bilih putranipun ingkang pambayun sampun lulus anggenipun ngangsu kawruh c. Ing wasana, mbok menawi wonten atur kula ingkang kirang mranani ing pangalih, kula nyuwun agungin samudra pangaksama d. Bapak Ibu sedaya ingkang kula kurmati, kula sumela atur ngaturaken sugeng rawuh 10. Isi Pidhato sing cocog kanggo acara kelulusan kelas IX yaiku… a. Para rawuh ingkang kula kurmati, saderangipun adicara pentas seni kangge mangeti Ambal Warsa SMPN 5 Probolinggo kawiwitan, kula suwun Bapak Kepala Sekolah paring pangandikan marang warga SMPN 5 Probolinggo. b. Kula sakanca nyuwun donga pangestu dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru, tuwin Staf TU SMPN 5 Probolinggo, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken sekolah wonten ing pawiyatan luhur ing langkung inggil saengga saged gayuh cita-cita, saget dados putra-putri ingkang migunani marang tiyang sepuh - nusa - bangsa - miwah agami c. Bapak lan Ibu, mugi-mugi keluwarga ingkang tinilar paring manah Iklas, rila lan narima ing takdir, saha pinaringan sabar, tawakal lan kekiyatan lahir batin satemah saged nglajengaken darmaning agesang wonten ing alam bebrayan d. Minangka panutuping atur, kula nglenggana kathah kekirangan saha kalepatan. Mugi panjenengan sami kersa paring pangapunten dhumateng kula lan sakanca. Nuwun