The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by rinamasriyani2, 2023-01-01 20:34:20

MATERI TRIPAMA DHANDHANGGULA

MATERI TRIPAMA DHANDHANGGULA

SERAT TRIPAMA
DHANDHANGGULA

KELAS XII

Rina Masriyani, S.Pd.

PITEPANGAN SERAT TRIPAMA

Serat Tripama anggitane swargi Kangjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya ( KGPAA ) Mangkunegara IV
Serat Tripama saking 3 tembang yaiku :
a. Tri tegese telu
b. Pa tegese patuladhan
c. Ma tegese utama
Dhandanggula iku kalebu serat tripama. Dhandanggula iku
saking 2 tembang yaiku:
a. Dhandang tegese cewe / seneng omong ing ngendi papan
b. Gula tegese samubarang kang legi
Tegese ( arti ) Tembang Dhandhanggula : tembang kang
nggambarake manungsa kang lagi ngrasakake nikmating
urip, bebasan legining gula, nggambarake umur kang wis
diwasa, wiwit bisa ngatur kabutuhane urip, lan seneng
nyambut gawe bebarengan
Dhandanggula ngemu surasa kang becik, mula
dhandanggula pantese kangge aweh pitutur kang becik.
Watake luwes, seneng, lan gumbira.

Rina Masriyani, S.Pd.

Wondene (sedangkan) Serat Tripama iku wujude
mung tipis banget, mung saka sapupuh yaiku
Dhandhanggula lan dumadi saka 7 pada (Katrangan
: Pupuh yaiku rangkaian tembang kang padha
nganti pirang-pirang pada / bait )
Isi Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula yaiku
pepeling kang diandharake lumantar pralambang
lakon pewayangan minangka tuladha (Katrangan :
Ana 3 lakon sing dadi tuladha yaiku Bambang
Sumantri / Patih Suwanda saka Epos Arjuna
Sasrabahu, Kumbakarna saka Epos Ramayana, lan
Adipati Karna / Basukarna/ Suryaputra saka Epos
Mahabharata )

Rina Masriyani, S.Pd.

SERAT TRIPAMA
PUPUH DHANDHANGGULA

Pada 1. Pada 2.
Yogyanira kang para prajurit, Lire lalabuhan tri prakawis,
lamun bisa samya anuladha, guna bisa saneskareng karya,
kadya nguni caritane, binudi dadi unggule,
andelira sang Prabu, kaya sayektinipun,
Sasrabau ing Maespati, duk bantu prang Manggada nagri,
aran Patih Suwanda, amboyong putri domas,
lalabuhanipun, katur ratunipun,
kang ginelung tri prakara, purune sampun tetela,
guna kaya purune kang den antepi, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
nuhoni trah utama. Suwanda mati ngrana.

Pada 3. Pada 4.
Wonten malih tuladhan prayogi, Kumbakarna kinen mangsah jurit,
satriya gung nagari Ngalengka, mring kang raka sira tan lenggana,
sang Kumbakarna namane, nglungguhi kasatriyane,
tur iku warna diyu, ing tekad datan purun,
suprandene nggayuh utami, amung cipta labuh nagari,
duk awit prang Ngalengka, lan nolih yayah rena,
dennya darbe atur, myang leluhuripun,
mring raka amrih raharja, wus mukti aneng Ngalengka,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti, mangke arsa rinusak ing bala kapi,
de mung mungsuh wanara. punagi mati ngrana.

Rina Masriyani, S.Pd.

SERAT TRIPAMA
PUPUH DHANDHANGGULA

Pada 5. Pada 6.
Yogya malih kinarya palupi, Minungsuhken kadange pribadi,
Suryaputra Narpati Ngawangga, aprang tandhing lan sang Dananjaya,
lan Pandhawa tur kadange, Sri Karna suka manahe,
len yayah tunggil ibu, dene sira pikantuk,
suwita mring Sri Kurupati, marga dennya arsa males-sih,
aneng nagri Ngastina, ira sang Duryudana,
kinarya gul-agul, marmanta kalangkung,
manggala golonganing prang, dennya ngetog kasudiran,
Bratayuda ingadegken senapati, aprang rame Karna mati jinemparing,
ngalaga ing Korawa. sumbaga wirotama.

Pada 7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

Rina Masriyani, S.Pd.

TEGES TEMBUNG ANGEL Pada 4
kinen =dikongkon, diutus
mangsah jurit = maju perang
Pada 1 sira = dheweke, piyambakipun
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, bala koswa, tentara. lenggana = nolak, mbantah,
datan = tan, ora, .
kadya = lir, pindha, kaya, seperti. labuh = berjuang.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan. yayah rena = bapak ibu,
myang = lan, dan
lelabuhanipun = jasane, jasa. arsa = arep,
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian. Pada 5 punagi = sumpah.
kaya = bandha donya, kekayaan. palupi = conto, tuladha,
purun = wani, gelem, keberanian. narpati = ratu, raja,
nuhoni = netepi, menepati. kadang = sedulur,
trah = turun, tedhak, keturunan suwita = ngabdi,
utama = becik, apik, terbaik. kinarya = karya + in = digawe,.
Pada 2 agul-agul = andel-andel, andalan.
lir = kaya, teges, makna, arti. manggala = panglima
saneskareng = sakabehe senapati = panglima perang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan. Pada 6
binudi = budi + in = diupayakake. manahe = atine
sayekti = sebenere pikantuk = oleh,
duk = nalika, ketika. marmanta = sebabe
dhomas = 800. samas = 400. kasudiran = kekendelan, kasekten
tetela = cetha, terang, jelas. jinemparing = dipanah.
aprang tandhing = perang ijen sumbaga = kondhang
ditya = buta, raseksa, raksasa. wirotama = prajurit pinunjul.
ngrana = ing paprangan, Pada 7

Pada 3 katri = katelu, ketiga.
suprandene = sanajan mangkono sudarsaneng = conto.
darbe = duwe, amirita = nirua,
raka = kakang, kakak. kongsi = nganti,
raharja = slamet, dumadi = titah, makhluk.
de mung = dene mung , jalaran mung marsudi = ngupaya, nggoleki, .
wanara = kethek, kera. kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

Rina Masriyani, S.Pd.


Click to View FlipBook Version