PIWULANG 6
SERAT WEDHATAMA
PUPUH GAMBUH
KELAS XI
SEMESTER GENAP
Kompetensi Dasar :
3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh
4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Gambuh dan menulis serta
menyajikan syair tembang Gambuh .
Tujuan Pembelajaran
Peserta didik dapat menelaah teks, menanggapi isi Serat Wedhatama
pupuh Gambuh dan menulis serta menyajikan syair Gambuh secara
lisan maupun tulisan menggunakan bahasa sendiri.
Materi Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Kelas XI Rina Masriyani
A. PANCADAN
Macapat yaiku salah sawijing kasusastran ana ing budaya Jawa kang awujud tembang,
kamangka tembang iku wujude geguritan (puisi) dudu gancaran (prosa). Saben pada (bait)
kaperang saka pirang-pirang gatra (baris), dene gatra (baris) kaperang saka pirang-pirang
wanda (suku kata). Ana ing pungkasane gatra (baris) ana swara (vokal) kang tumiba ing
sajrone tetembungan/cakepan (KBBI, 2004: 1423). Miturut akronim Macapat iku kadhapuk
saking tembung maca papat-papat (Sudjarwadi, 1980: 86). Tembang macapat duweni
titenan kang beda karo tembang liyane, yaiku tembang macapat duweni paugeran-paugeran
tartamtu gumantung saka pupuhe (metrum), pramila paugeran-paugeran mau diarani Guru
Lagu, Guru Gatra, lan, Guru Wilangan.
1. Guru Gatra : Cacahing gatra saben sapada.
2. Guru Wilangan : Cacahing wanda saben sagatra.
3. Guru Lagu : Tibaning swara ana ing pungkasane Gatra.
4. Cakepan : Tetembungan utawa unen-unen ana ing sajrone tembang.
5. Laras : Rasaning swara thingthingane gamelan. Ingkang kangge
ngraosaken menika talingan.
6. Titi laras : Wilangan kang minangka lelirune utawi gegatine wilahan
gamelan
Kamus Pinter :
1. Gatra : Larik/Baris 3. Swara : vokal
2. Wanda : Suku Kata 4. Pada : bait
B. SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
(KGPAA) Mangunegara IV kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang
macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Wedhatama saka
tembung wedha lan tama. Wedha tegese piwulang dene tama tegese utama. Dadi serat
Wedhatama tegese wacan kang isine piwulang luhur kanggo manungsa ana ing bebrayan
agung. Serat Wedhatama pupuh Gambuh dumadi saka 35 pada.
1. Pangerten Tembang Gambuh
Gambuh saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur
digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Watake tembang Gambuh iku supeketing kakluwargan/ akrab, sumadulur.
Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat
paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
Materi Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Kelas XI Rina Masriyani
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang
ngancik dewasa utawa pribadii kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan
lair lan batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur,
anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi
sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu,
patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih.
Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang
sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya
abot lan maneka warna.
2. Pathokan Tembang Gambuh
Serat Wedhatama Pupuh Gambuh pada 1
Tembang Gambuh kasusun saka 5 gatra. Saben sagatra nduweni guru wilangan lan
guru lagu kang beda.
Gatra Guru Wilangan Guru Lagu
1 7 u
2 10 u
3 12 i
4 8 u
5 8 o
3. Negesi tembung
No Tembang Tembung angel lan tegese
1 Samengko ingsun tutur Tutur: ngomong, crita
sembah catur: supaya lumuntur, Catur: papat
dhihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, Lumuntur: lestari
ing kono lamun tinemu, Dhihin: dhisik
tandha nugrahaning Manon. Lamun: yen
Nugraha: ganjaran
Manon: Gusti
2 Sembah raga puniku, Pakarti: tumindake
Materi Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Kelas XI Rina Masriyani
No Tembang Tembung angel lan tegese
pakartine wong amagang laku, Amagang : nembe mulai
sesucine asarana saking warih, laku: ngolah batin
kang wus lumrah limang wektu, Asarana: dilantari / kanthi cara
wantu wataking wawaton Warih: banyu
Wantu: sering/ berkala
Wawaton: pathokan/ aturan/ rukun
4. Nemokake isi teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh
Serat Wedhatama pupuh Gambuh iku pranyata isine ngemot piwulang luhur. Dene
kanggo mangerteni isine kudu digancarake luwih dhisik. Apa kuwe digancarake?
Digancarake yaiku ngowahi tembang dadi prosa/ crita/ karangan. Coba saiki delengen
gancaran Serat Wedhatama Pupuh Gambuh pada 1 lan 2 ngisor iki!
Pada Tembang Gancaran
1 Samengko ingsun tutur Mengkone aku arep ngomong bab
sembah catur supaya lumuntur, patang sembah kang bisa dilestarekake.
dhihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, Kang kapisan yaiku sembah raga, sembah
ing kono lamun tinemu, cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa, nak.
tandha nugrahaning Manon. Ing kono bisa nemu pratandha saka
kanugrahan Gusti
Nilai – nilai luhur yaiku nilai-nilai kang ngandhut kabecikan kang bisa dijupuk
sajroning isi karya sastra kang gegayutan karo kahanan pagesangan padinan. Nilai-nilai
ing jero crita iku ana gayute karo nilai religius, nilai sosial, nilai kabudayan, lan nilai
moral. Nilai religius gegayutan karo agama lan keyakinan, kayata babagan ngibadah,
sembahyang, lan upacara agama. Nilai sosial gegayutan karo paugeran-paugeran
pagesangan ing masarakat minangka bagean masarakat. Nilai kabudayan gegayutan
karo adat istiadat lan budaya kang dilakoni ing masarakat tartamtu. Dene nilai moral
gegayutan karo budi pekerti ing masarakat.
Delengen tuladha piwulang luhur ing Serat Wedhatama Pupuh Gambuh pada 1
No Tembang Pitutur
1 Samengko ingsun tutur 1. Manungsa supaya nglakoni patang
sembah catur supaya lumuntur, sembah, yaiku raga, cipta, jiwa, lan
dhihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, rasa.
ing kono lamun tinemu, 2. Manungsa kang wis nglakoni sembah
tandha nugrahaning Manon. kuwi bisa nemu pratandha kanugrahan
saka Gusti.
Materi Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Kelas XI Rina Masriyani