The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by rinamasriyani2, 2024-01-23 01:43:23

PPT WEWALER

PPT WEWALER

TEKS EKSPOSISI WEWALER Materi Basa Jawa Kelas XII Semester Genap Rina Masriyani, S.Pd.


EKSPOSISI WEWALER EKSPOSISI WEWALER PANGERTEN TEKS EKSPOSISI WEWALER STRUKTUR


Eksposisi utawa ekspositori yaiku tulisan kang duwe ancas njelasake ide. Wacana Eksposisi yaiku wacana kang ngemot sawijining informasi lan kawruh kang dijelasake kanthi ringkes, cetha lan akurat kanggo PANGERTEN njembarake wawasan pamaca. 1 TEKS EKSPOSISI Wacana eksposisi iku digunakake kanggo mbabar kawruh/ ilmu, pangerten, cak-cakan kagiyatan, metode, cara lan proses sawijining kagiyatan.


STRUKTUR TEKS EKSPOSISI STRUKTUR TEKS EKSPOSISI 2 Pambuka (Tesis), ngenalake isu, masalah utawa pandangan panulis marang bab kang dirembug 1. Isi (Argumentasi), panemu kanggo njelasake tesis kanthi bukti, lan alesan 2. Panutup (Panegasan Ulang), simpulan/ dudutan kang nguwatake argumen adhedhasar bukti. 3.


WEWALER 3 WEWALER Wewaler yaiku nasihat/ pitutur kang wujude larangan kang ora kena diterak (dilanggar), sesambungane karo kahanan ing masarakat kayata etika sesrawungan.


WEWALER KANGGO WONG JAWA Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon asale saka tembung gugu (Pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata,temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep nduwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Wewaler yaiku samubarang kang ora kena diterak, sesambungan karo kahanan ing sakiwa tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, karo masarakat lan uga karo Gusti Allah kang nyipta. Pangerten Gugon tuhon lan wewaler TESIS POKOK ISI 1


Wewaler iku kalamangsane isine pancen ora bisa tinemu nalar, nanging pranyata akeh kang ngemot pitutur sinandi. Mula, jroning nampa wewaler prayoga ora mung ditampa wantah nanging kudu disurasa luwih jero, satemene apa kang njalari sawijining tumindak ora kena ditindakake. Tuladhane kaya mangkene. 1.Aja nglungguhi bantal mengko ndak wudunen Kang dimaksud wong tuwa jaman biyen, bantal yaiku sarana kanggo nyelehake sirah dadi yen dilungguhi padha karo awake dhewe ora ngajeni utawa ora sopan. 2.Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene Menawa dinalar ngidoni sumur karo suwing kuwi ora ana gegayutane. Nanging tumindak ngidoni sumur iku ora becik amarga banyu sumur kuwi kanggo adus, masak lan ngombe, yen diidoni dadi kotor. Luwih-luwih yen kang idu duweni penyakit kang nular, mesthine mbebayani tumrap wong liya kang ngombe banyu mau. 3.Aja dolan ing wayah maghrib/ sandekala, mundhak digondol wewe gombel Satemene lunga ing wayah maghrib/ sandekala ora apik amarga wayah maghrib iku wayahe kanggo sembayang, ngaji, utawa sinau. Wewaler isine ora tinemu nalar, nanging ngemot pitutur becik. ARGUMENTASI POKOK ISI 2


WEWALER KANGGO WONG JAWA Manungsa urip kuwi tansah sesambungan antara siji lan sijine. Supaya sesambungan kuwi mlaku kanthi becik, saben manungsa kudu ngugemi marang paugeran kang bisa kajupuk saka wewaler. Sebab ngugemi wewaler kuwi mau, manungsa bisa nindakake babagan kang utama/ becik ana ing sajrone urip kayata anane rasa urmat, tulung tinulung, lan rasa welas asih. Ngugemi wewaler ing urip padinan gawe manungsa nindakake bab kang becik. POKOK ARGUMENTASI ISI 3


WEWALER KANGGO WONG JAWA Isih akeh maneh wewaler kanggone wong Jawa. Apa sebabe leluhur jaman biyen menawa aweh pitutur namung ora ilok, ora kanthi thok dikandhakake apa anae? Mbok menawa wektu iku kanggo nglarang tumindak ora becik kudu diwedenwedeni luwih dhisik supaya kang dituturi gelem mikir lan tansah kelingan. Piwulang lan pitutur luhur becik pantes ditiru lan kanggo pathokan kanggo nglakoni urip ing wektu iki. PANEGASAN ULANG 4


MATUR NUWUN


Click to View FlipBook Version