The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

MATERI GEGURITAN KELAS XII
Pangerten geguritan
Jinis geguritan
Struktur geguritan
Nulis geguritan
Maca Geguritan

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by rinamasriyani2, 2023-08-21 04:18:25

MATERI GEGURITAN KELAS XII

MATERI GEGURITAN KELAS XII
Pangerten geguritan
Jinis geguritan
Struktur geguritan
Nulis geguritan
Maca Geguritan

GEGURITAN Rina Masriyani, S.Pd. Materi kelas XII


PANGERTEN Geguritan utawa puisijawa yaiku salah sawijining karya sastra wujude tulisan ingkang dikasilake saka ungkapan dhiri panyair geguritan. Geguritan duweni bahasa kang endah lan memperhatike irama penulisan


Geguritan utawa puisi jawa yaiku salah sawijining karya sastra wujude tulisan ingkang dikasilake saka ungkapan dhiri panyair geguritan. Geguritan duweni bahasa kang endah lan memperhatike irama penulisan PANGERTEN


JINIS GEGURITAN Cacahing gatrane ora tartamtu, ananging lumrahe paling sithik 4 gatra. Cacahing wanda/suku kata saben sapada ajeg, utawa pada cacahe. Dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara. Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo bebuka “Sun nggegurit”. guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. 1. Geguritan gagrag lawas (geguritan tradhisional), nduweni paugeran kang gumathok kayata : Tuladha : Sun nggegurit, Kaanan djaman saiki Sipat pemuda-pemudi Srawungane saja ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi duk djaman nguni Srawung sarwa ngati-ati


JINIS GEGURITAN Cacahing wanda saben sakgatra ora katemtokake Cacahe gatra utawa larik ora katemtokake Kadangkala esih nggatekake purwakanthi swara, sastra, lan lumaksita nanging akeh uga kang ora nganggo purwakanthi. Nganggo basa kang endah Ora nganggo tembung “sun nggegurit” 2. Geguritan gagrag anyar (modern), Ing jaman kang sangsaya ngrembaka, para panggurit luwih seneng karo wujude geguritan kang bebas, mula banjur sinebut Geguritan Gagrag Anyar. Titikane geguritan gagrag anyar yaiku:


STRUKTUR GEGURITAN STRUKTUR BATIN STRUKTUR FISIK Tipografi CItraan Perangan basa (Diksi) Basa Kawi Purwakanthi Majas 1. 2. 3. NILAI Religius, Sosial, Budaya, Moral Tema Rasa pangrasa Nada Amanat 1. 2. 3. 4.


STRUKTUR FISIK Citra panyawang nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan dirasakake dening mata. Tuladhane: Esemmu ngujiwat gawe atiku kemeser. Citra pangrungu nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan dirasakake dening kuping. Tuladhane: Banter banget anggone bengok, brisik! Citra pangaras nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan dirasakake dening irung. Tuladhane: Ganda wangi parfumu aku isih apal. 1. Tipografi yaiku wujude larik geguritan kang ndhapuk wujud tartamtu. Umpamane mbentuk zig-zag, bunderan, ndhapuk wangun layangan, lan liya-liyane. 2. Citraan/ imajinasi Fungsi citraan yaiku kanggo nuwuhake gegambaran utawa khayalan kang tuwuh merga pandhapuking ukara kang endah.


Citra pandemok nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan dirasakake dening kulit. Tuladhane: Tanganmu nggandheng tanganku. Anget. Ayem. Citra owah nganggo tetembungan kang sejatine ora owah nanging dicritakake bisa owah. Tuladhane: Wit-wit katon padha mlayu ngadohi aku. Slamur. 3. Perangan Basa a. Basa Kawi Basa Kawi yaiku basa kang dinggo dening para pujangga, kuna utawa anyar, amarga Kawi tegese penyair. Para penggurit akeh nganggo pilihaning tembung kang nganggo basa Kawi supaya unine ukara dadi lewih endah lan resep. Tuladha basa kawi: STRUKTUR FISIK


PERANGAN BASA Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara vokal kang padha, bisa urut utawa selang-seling. Purwakanthi dumunung ing pungkasaning tembung saben saklarik utawa ing pungkasaning gatra. Tuladha (Yitna yuwana kena lena tuladha purwakanthi swara kang runtut), (Kembang mlathi warna peni ganda wangi tuladha purwakanthi selang seling) Purwakanthi Guru Sastra yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara konsonan kang padha. Beda karo purwakanthi swara, purwakanthi konsonan ora kudu tiba ing pungkasaning gatra, nanging swara kang padha bisa ing wiwitan utawa tengahing gatra. b. Purwakanthi Sakliyane nganggo basa Kawi, cara liyane amrih geguritan luwih apik yaiku kanthi nggatekake purwakanthi. Purwakanthi yaiku runtuting swara/ tetembungan sing padha ing ukara, wanda/ tembung sing mburi nggandheng wanda/tembung sing wis kasebut ing ngarep.


PURWAKANTHI Purwakanthi Basa/ Lumaksita Tuladha Purwakanthi Guru Sastra Serat Srikandhi Maguru Manah Pinggir sendhangana gadhung, Rumambat ing klapa gadhing, Pinencokan manuk podhang, Sajodho tan ana tandhing, Jroning gedhong ana endhang, Milihi wohing kurandhing Purwakanthi kang disebabake anane tembung ing pungkasaning gatra utawa ukara kang dibaleni ing wiwitaning gatra utawa ukara sakbanjure. Tuladha: Kejaduk tembok, temboke sing warna biru Mangan ati, atine seng kelara-lara Saking tresna, tresnane mung samudana


STRUKTUR FISIK Simile yaiku lelewaning basa kang nganggo tembungtembung kayadene duk, lir, kadya, kaya, kadi. Fungsine kanggo ngumpamakake. Tuladhane: Mlayune banter banget kadya thathit ing angkasa. Metafora yaiku lelewaning basa kang ora nganggo tembung umpama, nganggone basa kias. Tuladha: Kembang desa saka Wonogiri nembe dirabi wong bule. Kembang desa yaiku wong kang ayu banget. Personifikasi yaiku lelewaning basa kang ngumpamakake bendha mati bisa nglakokake pagaweyan kayadene barang urip. Tuladha: Angin wengi mbisiki aku yen kowe wuyung! Repetisi yaiku lelewaning basa kang dinggo mawa mbaleni tembung, frasa utawa klausa. Tuladha: Aku bakal maju, maju, lan maju terus nganti kowe gelem nampa tresnaku. Paralelisme yaiku lelewaning basa kang nganggone kanthi cara mbolan-mbaleni tembung, frasa, klausa utawa ukara. Tuladha: Kowe kuwi tresnaku, kowe kuwi impenku, kowe kuwi uripku. Hiperbola yaiku lelewaning basa kang ngluwihluwihake samubarang kang ancase kanggo mbangetake. Tuladha: Rega beras sundhul langit Ironi yaiku lelewaning basa kang wujude pasemon. Tuladha: Wah elok tenan biji repotmu kobong kabeh! c. Majas utawa lelewaning basa. Lelewaning basa yaiku basa kang asring kanggo ing geguritan. Ancase penggurit nganggo lelewaning basa yaiku supaya geguritan kang ditulis luwih endah utawa duwe efek estetis. Lelewaning basa iki biasane nganggo bebasan utawa tetandhingan kang kudu digoleki tegese. Jinis lelewaning basa kayata:


STRUKTURBATIN Tema tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute. Rasa pangrasane penyair yaiku Tembungtembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasapangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute. Nada utawa sikap penyair marang “pembaca” Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane. Amanat/ pesen tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembungtembung. 1. 2. 3. 4.


NILAIING GEGURITAN Nilai religius, ana gegayutane karo agama lan keyakinan, kayata babagan ngibadah, sembahyang lan upacara agama Nilai sosial, ana gegayutane karo paugeran-paugeran pagesangan minangka bagean masarakat Nilai kabudayan, ana gegayutane karo adat istiadat lan budaya kang dilakoni ing masarakat tartamtu. Nilai moral, ana gegayutane karo budi pakerti ing masarakat.


nemokake tema geguritan Mantha-mantha tema dadi topik kang luwih mligi, milih diksi utawa tembung kang trep karo topik ngronce ukara nggunakake basa rinengga, aweh ruh lan teges sajeroning geguritan. Ruh njalari geguritan kuwi bisa nduweni rasa kang jero. Dadi geguritane bisa ngemu teges. Dene pesen utawa amanat ing sajroning geguritan minangka wos kang jumbuh karo ancase penggurit nganggit geguritan. Nulis geguritan perlu nggatekake babagan tartamtu kayadene: NULIS GEGURITAN


MACAGEGURITAN Wicara iku gegayutan karo babagan cethaning swara utawa pocapan nalika maca geguritan. Swara kang cetha bisa dibedakake antarane unine swara /d/, /dh/, /t/, /th/, tembung siji lan liyane ora nggandheng lan ora bindheng. Swara kang cetha bakal penak dirungokake. Wirama yaiku andhap asore swara kang kajumbuhake karo isining geguritan. Umpamane maca geguritan kang ngemu duhkita, wirama swara sing digunakake alon lan ora banter. Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan amanat sing kamot ing sakjeroning geguritan. Mula, maca geguritan ora kaya maca warta utawa cerita. Ana bab-bab kang kudu digatekake supaya ruh lan amanate geguritan bisa tinampa kanthi becik. Bab-bab mau, yaiku:


MACAGEGURITAN Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora kakehen ngobahake awak. Umpamane yen maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda, wiraga kang katunjukake yaiku ngepelake tangan kang nduwe teges “semangat”. Kalebu ing wiraga yaiku busana sing dinggo kajumbuahke karo ancas utawa suasane lan panyawange mripat. Umpamane nalika maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda mau mula nganggo aksesoris iket werna abang lan putih, maca geguritan kang isine duhkita wiragane nganti nangis. Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan dirasakake ing sanubari. Yen maca geguritan kang isine nelangsa praupane susah (ngguyangguyu).


MATUR NUWUN


Click to View FlipBook Version