BUSANA ADAT JAWA MATERI KELAS XII RINA MASRIYANI, S.Pd.
www.reallygreatsite.com Busana utawa ageman yaiku piranti kang digunakake ana ing badan, wiwit saka mustaka dugi suku. Busana adat Jara yaiku perangane busana jangkep sapengadeg kang dianggep masarakat Jawa, minangka asil kabudayan lan identitad tiyang Jawa. PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA 1
1.UDHENG PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE Udheng yaiku arupa barang kang diagem ing dhuwur kangge nutupi sirah. Udheng iku pada kaliyan balngkon, nanging blangkon iku awujud udheng kang wis dadi. Basa Karamane udheng yaiku dhestar. Udheng lumrahe didamel saka kain batik, ingkang duweni bentuk persegi kang ditata kanthi bener nganti kiwa lan tengene padha. Udheng duweni filosofi yaiku manungsa iku kududuweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah mung amarga situasi utawa kahanan kang ora dukung. Patrapipun nganggo udheng kuwi kudu pas, ora ntuk miring, lan ora ntuk longgar. 2. BLANGKON Blangkon yaiku tutup sirah sing digawe saka bathik lan digunakne saka para tiyang jaler dadi kanggonan saka klambi tradisional Jawa. Wujudipun bunder kanthi hiasan bathik utawi kain lurik. Sanajan nduweni fungsi sing padha, blangkon sing saben wilayah nduweni ciri sing beda-beda. Contone, bedane sing ditemokake ing blangkon Solo lan Yogyakarta. Ciri khas blangkon Solo yaiku ora nganggo mondolan, nanging mung rata ing mburine. Dadine mung ditali ing sisih tengen lan kiwa. Blangkon duwe filosofi yen kanggo nyawiji siji tujuan ing pikiran sing lurus yaiku nggunakake rong kalimat syahadat sing kudu digayutake kanthi mantep ing pikirane wong Jawa. Blangkon Yogyakarta nduweni ciri mondolan ing mburine. Panganggone mondolan iki uga nduweni filosofi, yaiku digandhengake karo wong Jawa sing pinter nyimpen aib lan rahasiane dhewe lan wong liya. Mangkono, wong-wong mau bakal menehi makna luwih kanggo urip lan kanthi ati-ati njaga budi pekerti sing mulya. 2
3. SANGGUL PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE Sanggul mujudake barang kang lumrah lan tansah digunakake ing saben dinane wanita jaman biyen. Jinise sanggul dhewe maneka werna, nanging ana sawetara jinis sanggul khas Jawa sing duwe makna beda-beda. Salah sijine yaiku sanggul Ukel Konde sing asale saka Solo, Jawa Tengah. Putri Solo, nalika isih remaja lan diwasa, umume rambute diure utawa dijarake tanpa digelung (disanggul). Sanggul Ukel Tekuk umume digunakake ing lingkungan Kraton Jogja. Wiwit saka permaisuri, selir, putri raja, nganti para emban. Sanggul Ukel Tekuk wujude meh padha karo sanggul Ukel Konde. Bedane mung ing penganggone aksesoris lan model busana sing digawe. Wong wadon sing nganggo sanggul tegese wis gedhe. Sanggul Ukel Tekuk nglambangake bocah wadon kaya kembang sing lagi mekar. Amarga dianggep wis dhiwasa banjur diajab bisa nindakake jejibahane, saha pantes dados ibu. Jinis sanggul salajenge yaiku sanggul Bokor Mengkurep sing umume digunakake penganten putri. Bentuke kaya mangkok mengkurep. Sanggul direnggani irisan godhong pandan banjur dinam. Sawise kuwi ditutup karo kembang mlathi sing dironce. Campuran antarane pandan lan melati bakal nyebar gandha religius. Gandha wangi iki mujudake pangajab supaya calon penganten putri saged mbekta nama ingkang sae lan mupangat kanggo masyarakat lan dhirine pribadhi. 3
4. CUNDHUK PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE Cunduk jungkat yaiku aksesori kang dipasang saka arah dhuwur uyeng uyeng. Cunduk jungkat deweni nilai pendidikan gambaran saka keprawanan, saengga yen penganten wanita nganggo wusana basahan karo cunduk jungkat ing sirahe, mula penganten kemau isih perawan. Cunduk jungkat uga duweni teges rapi utawa ketata. Penganten wanita dikarepake bisa nata kluwargane saengga kacipta kulawarga sakinah, mawadah, lan warohmah. Cunduk Mentul yaiku aksesori kang manggone ngadeg ing sirah. Cunduk mentul biasane kasusun saka gangsal nganti sanga bunderan cilik. Nanging sejatine bisa uga jumlahe setunggal, kalih, tiga, gangsal, utawa sanga. Cunduk mentul kang jumlahe 1 nduweni pralambang anane Gusti kang Maha Esa. Cunduk mentul kang jumlahe 3 nduweni simbol trimurti. Dene kang jumlahe 5 kuwi pralambang rukum Islam. Yen jumlahe 7 diarani simbol pitulungan. b. CUNDHUK MENTUL Kang paling akeh yaiku 9 nduweni simbol wali songo. Cunduk mentul biasane dipasang madhep mburi. Yaiku kanggo simbol yen wanita kuwi kudu ayu kadi ngarep uga mburi. a. CUNDHUK JUNGKAT 4
5. KULAMBI KAKUNG PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE Miturut wangune, kulambi busana adat Jawa kakung, kang baku ana Atellah, Beskap lan Surjan. Surjan iki aemper kaya beskap. Wujude surjan iki ana rong jinis yaiku surjan khas Sala lan surjan khas Yogyakarta. Senajan wujuDe beda nanging kandhutan nilai filosofi kang kinandhut ing kalorone tetep padha yaiku minangka lambang taqwa, persatuan lan kesatuan. Saben wong ing wektu iki bisa nganggo sandhangan surjan kanthi cara apa wae. Kanthi ngango busana Surjan menika bisa dadi pralambang Pangabdian dhateng manungsa, agama, bangsa, sarta kabudayan ing urip bebrayan. b. BESKAP a. ATELLAH Atellah awujud jas tutup, dadi wiwit gulu ing tengah katutup tekan sakmangisor. Kancinge ana tengah-tengah awit saka ngisore gulu, biasane ana 5 kancing utawa benik. Dene sisih mburi ngisor pengkeran dikrowak, kanggo ngetonake nyengkelit keris. Beskap mujudake sandhangan resmi ing adat Jawa. Wujude beskap saemper klawan jas. Gulune tutup kanching ing sisih tengah, dene ing dhadha mangisor katutup karo tangkepan mangiwe, miring mangisor. Benike kiwa mangisor ana telu. Dene ing sisih tengen dhadha dipasangi benik ugi cacah loro, mapane pada karo benik sisih kiwe, minangka pasren. Benik kang ana ing beskap iki kang duwe makna filisofi yaiku nglambangake yen kabeh tumindak kudu diitung kanthi teliti supaya ora nglarani awake dhewe lan wong liya. c. SURJAN 5
PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE Epek yaiku awujud sabuk kang digawe saka kain bludru, ambane watara 5 cm, dene dawane watara 120-150 cm. Bongkote epek dipasangi timang (gesper) kang dienggo nyandhet ubete epek, sarta lerep kang dinggo nlesepake luwihane epek supaya ora kumlewer. Timang lan lerep biasane kagawe saka kuningan kanthi ukiran. Filosofi epek yaiku supaya kerja kanthi sae, kudu epek (apek, golek) ilmu kang mupangati. Nalika nggolet ilmu kudu tlaten, tliti, lan cermat supaya gampang mangerteni. 6. SETAGEN 7. LONTONG STAGEN Lontong beda karo sabuk modern. Lontong iki digunakake minangka tutup panggung. Dadi sawise stagen kenceng, dikencengi maneh nganggo lontong supaya stagen ora katon. Lontong nduweni fungsi kanggo nyelipake keris. Dadi bolongan ing mburi beskap sengaja digawe kanggo nggampangake anggone nglebokna keris. Filosofi manungsa kudu tansah ubed (kerja tenanan), sregep nyambut gawe, aja nganti kerjane tanpa kaasil. Setagen kuwi arupa piranti kanggo ngencengi utawa nyingseti supaya jarik tememplek ana ing badan, supaya ora mlorod lan udhar. Wernane setagen uga warna-warna, ana kang ireng, putih, lsp. Biasane setagen iki katutup karo sabuk lan ora ketok saka njaba. Ukuran setagen kuwi macem-macem. Biasane 2-4 Meter. Amarga ukurane kang dwa, mula setagen nduweni filosofi manungsa kudu dawa ususe tegese kudu tansah sabar. 8. EPEK, TIMANG, LEREP Dene filosofi timang yaiku ilmu kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang (kawatir). 6
PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE 11. KEBAYA 10. KEMBEN Kemben yaiki klamben kang digunakake para estrI kanggo nutupi weteng utawa dada, lan fungsine kanggo nggawe weteng luwih singset. Kemben wangune ora nutup lengen lan kabuka nyerminake sikap nrimane wong wadon, nanging nutupi payudara kang tegese sikap nglindungi ajine dhiri. Filosofine wong wadon kudu bisa blaka, jujur, lan nrima, ora nutupi alane nanging tetp njaga ajine dhiri. Kebaya asale saka tembung arab abaya kang tegese sandhang/ ageman. Kebaya yaiku sandhangan perangan dhuwur digawe saka kain tipis kayata brokat, katun, kasa, renda utawa voile, lan kadhang kala dihiasi nganggo dondoman. Ing ngarep dipasang benik, pin utawa bros. Kebaya ing sandhangan khas Jawa Tengah, nilai filosofi kang ana ing kebaya Jawa Tengah yaiku nggambarake kesabaran lan alusing budi wanita Jawa 9. KERIS/ DHUWUNG Keris mujudake salah siji senjata khas kang diduweni maneka suku bangsa kang dedunung ing Asia Tenggara. Ing Indonesia dhewe akeh suku bangsa sing senjata utawa gaman tradisionale wujude keris. Salah sijine yaiku suku Jawa, kanggone wong Jawa, keris ora mung dianggep pusaka lan jejangkeping busana. Nanging keris uga duwe kandhutan filosofi kang luhur. Kandhutan nilai filosofi kang ana ing keris yaiku kemantepaning ati sajroning manembah mring Gusti Ingkang Maha Dumadi. 7
PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE Bathik Sida Wirasat MOTIF BATIK Senajan bathik iku ‘mung’ kain’. Nanging ing sawalike motif bathik ngandhut pralambang lan pangajab kang maneka werna. Mulane ing panggunane bathik sajroning adicara ritual ana aturan kang ora kena dilanggar. Ing ngisor iki bakal dijelasake jinis-jinis bathik lan sing entuk nggunakake yaiku: Bathik jinis iki biyasane digunakake dening wong tuwane calon penganten nalika pahargyan temanten kanthi migunakake adat Jawa. Makna kang kakandhut ing kain bathik iki yaiku supaya maratuwa lan wong tuwane temanten bisa weweh pituduh becik. Sarta ndongakake putra-putrinine supaya anggene omah-omah bisa langgeng nganti pupute umur. Ing perangan liya uga mujudake pangajab amrih anak lan mantune bisa nggayuh drajat kang dhuwur, sarta bisa kasembadan sekebehe kang dikarepake. 13. JARIK Jarik dhewe mujudake sebutan kanggo kain khas Jawa sing nduweni motif bathik kanthi macem-macem gaya. Ing basa Jawa, jarik digawe cekakan saka ‘Aja gampang iri’ utawa ing basa Indonesia tegese Jangan mudah iri. Ing jman Saiki jarik mung dienggo ing dina-dina penganten lan acara ing kraton. Cetha bedha karo jaman biyen, wong Jawa jaman biyen nggunakake jarik kanggo saben dina. . 8 12. CANELA/ SELOP Canela yaiku selop/ sandal kang digawe saka bahan kulit kéwan, ingkang diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger sikil lan bageyan tungkak kebukak. Canela nduweni arti canthelna jroning nala tegese nyembah marang Gusti Allah saka lair nganthi bathin, pasrah sumeleh ing jero ati marang kuasane Gusti.
PERANGANE BUSANA ADAT JAWA GAGRAK SURAKARTA LAN FILOSOFINE Bathik Parang Kusuma Bathik iki mung bisa digunakake para bangsawan ing lingkungan kraton. Motif kang ana ing kain bathik iki ngandhut pangajab supaya sing nganggo bisa pikantuk kaluhuran, kalenggahan, sarta didohake saka sekabehane pacoban dening Gusti Allah SWT. MOTIF BATHIK Batik iki bisa digunakake dening sapa wae lan kapan wae amarga kain bathik iki biasane digunakake kanggo kegiatan saben dina. Motif iki ngelingake kabeh wong supaya tansah nduwe kekarepan saha ancas ing urip supaya tambah sregep nglakoni urip. 9 Bathik Kawung Picis Bathik iki uga dikhususake kanggo wong sing asale saka bangsawan. Makna kang kinandhut sajroning kain bathik jinis iki yaiku manungsa ora kena lali marang asal-usule tepung klawan sedulur pancer lan kanggo ngendhaleni hawa nepsu, sarta pangajab amrih manungsa kedah tansah nggunakake ati ing sakabehe tumindake Bathik Gragen Wuluh Bathik Cakar Ayam Batik iki digunakake dening wong tuwa nalika dianakake acara Mitoni, Siraman, lan Tarub. Bathik menika mujudake pangajab supaya bocah kang bakale nikah bisa digampangake rejekine sarta bisa mandhiri sawise nikah. Ora mung iku wae, nanging pangajab iki bisa lumuntur tekan anak turune penganten ing tembe mburi.
MATUR NUWUN