The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dian Sofiana Kurniawati, 2020-10-09 20:58:13

Upacara adat Krobongan

Upacara sawise panggih

Keywords: Soficantik

UPACARA ADAT KROBONGAN

KROBONGAN 1. Prosesi Timbangan
 yaiku adicara ing tata Lampah : Temanten kakung lenggah ing pangkoning bapake
temanten putri, dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih
cara mantu sawise kiwa. Wondene ibune temanten putri lenggah ing sangarepe.
panggih Sabanjure rama-ibu temanten putri wawan pangandikan.
 wujude: Ibu : “Bapakne, kepriye mungguh bobote anakmu
1. Timbangan sakloron, apa wis timbang?”
2. Kacar-Kucur Bapak : “Ibune, miturut pangrasaku kaya wis ora ana
3. Dulangan kaceke, tegese padha abote.”
4. Ngunjuk Rujak Pasemon : mujudake pepeling marang wong tuwane
panganten, supaya ora kadunungan rasa emban
Degan cindhe emban siladan; ora mbedak-mbedakake
antarane anake dhewe karo anak mantu, lelorone
direngkuh dadi anake dhewe.

2. Prosesi Kacar-Kucur 3. Prosesi Dulangan
Lampah : temanten kakung nyuntakake isining kampil arupa dhuwit Lampah : temanten kakung-putri padha ngasta piring isi sega
receh/krincing dicampuri beras marang pangkoning temanten putrid kuning, banjur dulang-dinulang. Sega mau diarani sega punar.
kang kawadhahan tilam lampus (klasa bangka). Pasemon : mujudake kekudangan, murih temanten kakung-putri
Pasemon : mujudake gegambaran jejering kakung (temanten kakung) tetepa manunggal ing lair batine, jumbuh gegayuhane.
duwe kuwajiban aweh asil guna-kayane marang garwa (bojone). Dene
sing wadon kudu bisa gemi, setiti, nastiti lan ngati-ati ngrumat lan
nanjakne guna-kayane sing kakung (bojone).

4. Prosesi Ngunjuk Rujak Degan
Lampah : temanten kakung-putri ngunjuk rujak degan. Kawiwitan
saka temanten kakung, banjur temanten putri. Degan sing digawe
rujak, milih sing lagi uwoh sapisanan.
Pasemon : mujudake kekudangan, muga temanten enggal pinaringan
momongan.


Click to View FlipBook Version