The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dian Sofiana Kurniawati, 2021-02-19 19:38:29

sesorah

sesorah

PIDATO
(SESORAH)

DIAN SOFIANA KURNIAWATI, S. Pd.

Kompetensi Dasar
Menelaah teks pidato
Membuat dan menyampaikan teks pidato

Tujuan Pembelajaran
setelah mempelajari materi sesorah/pidato, peserta didik
mendapatkan pengalaman belajar:
mengidentifikasi struktur pidato, menjawab pertanyaan
tentang isi pidato, mengungkapkan isi pidato secara
tertulis, menulis kerangka teks pidato, mengembangkan
kerangka teks pidato menjadi naskah pidato, menulis
teks pidato, dan menyampaikan pidato

❑ Ing Bahasa Indonesia asring sinebut pidato.
❑ Sesorah yaiku micara gagasan utama lan penemu secara lisan ing

sangarepe wong akeh.
❑ Minangka sawijining kagiatan micara ing sangarepe wong

akeh/orasi kang ancase (tujuane) kanggo nyampekne pendapate
utawa menehi gegambaran marang sawijining bab.
❑ Lumrahe wujude ana 3 perkara, yaiku: atur gegambaran sawijining
bab, atur pratelan utawa andharan sawijining bab, lan atur
wawasan sawijining bab.

Ancas (tujuan) pidato/ sesorah

Atur Menehi wara- Menehi Mengaruhi (Ind:
pambagyaharja wara/informa panglipur/gawe mempengaruhi)
(ing acara seneng kanggo
hajatan) si kanggo wong liya
wong liya. wong liya. supaya tumindak

kaya kang
dikarepake
pamedhar
sabda/sing
nindakake

sesorah.

Sifat pidato/sesorah manut isine

• Pidato Pembukaan: pidato singkat kang ditindake dening pembaca acara
utawa MC.

• Pidato pengarahan: pidato kanggo ngarahake ing sawijining pertemuan.

• Pidato Sambutan: pidato kang disampekake ing sawijining acara kegiatan
utawa prastawa tartamtu kang bisa ditindakake dening pirang-pirang
(beberapa) wong kanthi wektu kang winates kanthi gentenan.

• Pidato Peresmian: pidato kang ditindakake dening wong kang duweni
pengaruh/jabatan kanggo ngresmikake sawijining acara.

• Pidato Laporan: pidato kang isine nglaporake sawijining tugas utawa
kegiatan.

• Pidato Pertanggungjawaban: pidato kang isine sawijining laporan
pertanggungjawaban.

Metode pidato/sesorah

1. Naskah: pidato kanthi cara maca sawutuhe (maca
teks/naskah).

2. Apalan: pidato kanthi ngapalake teks/naskah kang wis
digawe.

3. Impromtu: pidato dadakan/spontanitas (tanpa anane
persiapan).

4. Ekstemporan: pidato kanthi nggawa cathetan kang
pokok-pokok (garis besarnya saja).

NULIS PIDATO/SESORAH

Struktur/perangan teks sesorah

1 Salam pambuka
2 Purwaka basa

3 Surasa basa
4 Pangajeng-ajeng

5 Wasana basa

1. SALAM PAMBUKA

Tuladha: 1. Assalamu’alaikum wr.wb. (miturut Islam).
2. Mugi sedaya katentreman saha karahayon tansah
hangayomi Panjenengan sami, awit saking
keparengipun Gusti Allah ingkang Mahaasih …

(dibacutake nyebut sing rawuh). Nalika asung pakurmatan bisa
nyebutake sapa wae kang lagi padha rawuh ing adicara mau (apa
maneh yen sing rawuh mau duwe kalungguhan tinamtu uga pantes
kasebut)

2. PURWAKA BASA (PAMBUKA)

❑ Atur puji sokur ing ngarsane Gusti, atur panuwun marang para
rawuh sing wis kersa nglonggarake wektu minangkani panyuwune
sing duwe gawe.

2. SURASA BASA isine sesorah yaiku apa wigatine sesorah kang bakal kaaturake marang
pamiyarsa. Ing kene ana telung bageyan, yaiku: pambuka, wosing sesorah, lan panutup.

Pambuka Wosing sesorah Panutup

isine yaiku andharan arupa andharan apa Panutup iku isine
sithik apa perlune sejatine kang bakal dudutan (simpulan) lan
sesorah kang bakal
kaaturake (latar diaturake. panjurung (saran)

belakang)utawa apa
wigatine (relevansi)

tumrap kahanan kang
dumadi ing wektu iki.

4. PANGAJENG-AJENG

• Isine pituduh-pituduh lan pangarep-arep sing diwedharake
marang para rawuh.

3. WASANA BASA

• Isine atur kanggo mungkasi sesorah.
Pamicara ngaturake pangapura manawa ana atur lan solah
bawa sing ora mranani penggalihe pamiyarsa.
Pamicara ugi ngaturake ngaturake panuwun lan salam panutup

Langkah-Langkah nulis sesorah

Nemtokake gagasan (tema).
Gawe cengkorongan.
Nglumpukake data kang gegayutan karo sing arep
diandharake.
Ngrantam tembung lan ukara lelandhesan data sing
wis ditemokake mau.

NGANDHARAKE PIDATO/SESORAH

Bab-bab kang kudu digateake nalika maca sesorah/pidato:

BASA yaiku bab kang penting lan kudu digatekake nalika nyusun
sesorah, basane runtut, bleger (magatra).
SWARA yaiku vokal kang di sampekake marang audien. Swara yen
sesorah niku kudu jelas utawa gampang dimengerti, tegas, ora lirih
banget lan kudu duwe nada kayata wong pidato, nadane
ora datar.
BUSANA yaiku klambi kan diagem wektu nyampekake sesorah.
yaiku busana kang sopan lan pas karo acarane
kayata sesorah ing acara lelayu, iku kudu gawa busana kang
sopan, lan sederhana.
SOLAH BAWA (SIKAP): mantep ora wigah-wigih (malaksana),
ngadeg jejeg (waswastha), ora wedi, ora gemeter (maraga),
trampil, trengginas (malaghawa), tumanggap ing swasana
(matanggap), tangguh tanggon, manteb (mawat).

MATUR NUWUN


Click to View FlipBook Version