The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Nyritakake bab kandha ing cerita Ramayana

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dian Sofiana Kurniawati, 2021-02-28 10:48:42

RAMAYANA

Nyritakake bab kandha ing cerita Ramayana

RAMAYANA

• Rāmâyaṇa; asale saka tembung Rāma dan Ayaṇa kang tegese "Perjalanan Rama"

• isine cerita/kisah kepahlawanan saka India kang digubah dening Walmiki (Valmiki) utawa Balmiki saka
cerita Dewi Sita (Sinta).

• Ramayana iku kalebu salah sawijining cerita babon pewayangan ing tanah Jawa

KANDHA ING CERITA RAMAYANA

KANDA I

BALA KANDA

Isine nyritakake kisah laire Rama lan sedulure kang cacahe ana 3 yaiku Barata, Laksmana, lan Satrughna;
mulai saka bocah, merguru marang Rsi Wasista, melu sayembara ing nagara Mantili, lan Rama antuk garwa
Dewi Sinta.

KANDA II

AYODYA KANDA

Isine bab dredah kang ana ing Istana Ayodya amarga Dewi Kekayi nuntut janjine marang Prabu Dasarata
supaya ndadekake putrane kang jenenge Barata dadi pewaris tahta kerajaan. Akibat saka tuntutan janji
kasebut, Prabu Dasarata ngalami dilematis amarga ing tradisi, putra pambarep kang kudune dadi pewaris
tahta kerajaan (Rama). Nanging, Prabu Dasarata uga kudu netepi janjine marang Dewi Kekayi.

Minangka rasa ngabektine marang bapakne, Rama gelem nepati janjine bapakne yaiku dheweke metu saka
istana (dibuang) supaya Barata bisa dinobatke dadi Raja Ayodya. Amarga rumangsa salah, Prabu Dasarata
dadi lara lan pungkasane seda. Dene, Barata dhewe ora gelem dadi raja amarga mangerteni manawa iku dudu
hake. Nanging Rama tetep ngyakinake kanthi menehke terompahe marang Barata minangka simbol manawa
Rama tansah ana ing istana.

KANDA III

ARANYAKA KANDA

Isine nyritakake uripe Rama ing alas. Rama tansah bantu para pertapa kang patapane diganggu para danawa
(raksasa). Diceritrakna uga Surpaknaka (adike Rahwana) mara ing pondokane Rama lan nggodha Laksmana.
Nanging Laksmana ora seneng. Pungkasane, amarga mangkel irunge Surpaknaka diris.

Surpaknaka banjur lapor marang kangmase (Rahwana). Rahwana nesu banjur mara menyang alas Dandaka.
Rahwana nyulik Dewi Sinta atas usule Surpaknaka kanthi nyamar dadi Pandita.

KANDA IV

KISHKINDA KANDA

Isine nyritakake kesedihane Rama amarga garwane diculik. Rama banjur antuk pituduh saka pertapa supaya
nyuwun bantuan marang Sugriwa. Rama kasil njalin hubungan karo Sugriwa sawise Rama bantu Sugriwa
ngrebut tahtane saka keserakahane kakange (Subali). Ing kene Rama uga dibantu Anoman.

KANDA V

SUNDARA KANDA

Ngisahke tentang Anuman Duta kang diparingi tugas dening Rama supaya menyang Alengka tujuane kanggo
nggenahke kahanane Dewi Sinta. Ing kene Anuman kasil ketemu Dewi Sinta. Sawise ketemu karo Dewi Sinta,
Anoman ora langsung bali nanging malah gawe kerusakan ing Alengka, tujuane supaya keberadaane dheweke
diweruhi Rahwana. Amarag saka ulahe iku, Anoman banjur dicekel. buntute dikethok, lan diadili dibakar urip-
uripan ing alun-alun. Ananging, sawise buntute kobong, Anoman malah mloya-mlayu karo ngebutke buntute
kang kobong saengga mbakar sakiwa tengene. Alengka kebakaran.

KANDA VI

YUDHA KANDA

Ngisahke, sadurunge perang, Raden Rama dibantu bala wanara nggawe jembatan tumuju Alengka. Kang
diwenehi tanggungawab yaiku Nal lan Nil anake Wiswa Karma. Sawise jembatan rampung, Rama lan pasukane
nggempur Alengka. Akeh bala lengka kang padha mati, termasuk Pangeran Indrajit, putrane Prabu Rahwana.

Prastawa iku dadekake Rahwana sedih lan murka, sidane maju dhewe ing medan perang. Rama dibantu Kreta
sakti Indra ngimbangi kasektene Rahwana, kang pungkasane Rahwana mati ing tangane Rama. Sawise iku,
Rama bisa ketemu Sinta.

Ing kene uga dicritakne adegan inta obong, yaiku Dwi Sinta nglakoni ritual suci kanthi ngobong awake dhewe
kanggo buktekne kesuciane. Rama lan garwane banjur bali menyang Ayodya, dadi raja Ayodya.

KANDA VII

UTARA KANDA

Kanda terakhir iki, nyritake pergunjingane rakyat Ayodya kang ora percaya marang keuciane Sinta. Kanggo
ngeyem-eyemi wargane, Rama akhire mrintahke Laksmana supaya nggawa Sinta metu saka istana lan nyelehke
Sinta ing pinggiring kali Gangga ing pertapane Walmiki. Padahal wektu iku Sinta wis hamil. Sawise titi wancine,
Sinta nglairake putra kembar kang diparingi jeneng Kusa lan Lawa. Nalika Rama nindakake upacara korban,
Rsi Walmiki kandha manawa Kusa lan Lawa iku putrane lan Dewi Sinta iku wanita kang suci. Nalika iku, kanggo
buktekne kesuciane maneh, Sita Sinta kaping pindhone nindakake upacara suci diseksekne Ibu Pertiwi.
Amarga Sinta suci, bumi kebelah minangka tandha methuk Sinta menyang asale.

Rama sempat mrentah Ayodya ananging sawise ditinggalke Laksmana nyuckake dhiri ing kali Sarayu, Ramapun
ngetutke melu nyucikne dhiri ing kali Gangga. Begitu Rama mlebu ing kali Gangga, dumadakan njedhul kreta
emas saka swarga lan jemput dheweke bali ing kayangan disambut para dewa liyane kanthi gumbira.


Click to View FlipBook Version