The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

CERITA WAYANG RAMAYANA

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dretnowati21, 2021-08-11 00:38:29

ANOMAN DUTA

CERITA WAYANG RAMAYANA

Keywords: Anomn,wayang,Ramayana

CERITA WAYANG RAMAYANA
“ANOMAN DUTA”

Dra. Dwi Retnowati

SMP Negeri 2 Sampang Kabupaten Cilacap
Jawa Tengah



CERITA WAYANG RAMAYANA

“ANOMAN DUTA”

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening
Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag
lan nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge
Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi
Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu
Rama banjur menehi sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika
ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka
Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh
mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada
mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga
dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur
budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.

Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng
kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan
kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg.
Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing
Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya
pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang
nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging
lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot
Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur
diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge
Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil
Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.

Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput.
Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono
ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur
nolungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe.
Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi
kasebut. Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman
pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman
dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih
karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal
menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus
Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-
grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda
Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi
pedhang Menthawane nalika nolungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur
nolungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang
Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani
Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang
Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.

Ing tengahing laku Anoman nglewatidalan kang alus banget kaya babut
utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa.
Anoman diuntal maneh neng ero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa.
Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa
nganggo kuku Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa,
Anoman miber menyeng Ngalengka. Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang
mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja.
Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit
nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti
keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha

kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem.
Anoman dielus-elus lan dipangku nganti Anoman mijil kamane lan ceblok
ing pangkone Dewi Trijatha. Kama banjur diusapi dening Dewi Trijatha
kanthi ron kamal lan dibuwang ing bengawan. Kama Anoman kang korut ing
bengawan banjur diopeni Dewi Pratalawati (selir Prabu Dasamuka) ing
Negara Guwa Pratala lan ing tembe dadi jabang bayi wujud wanara seta kang
dijenengi Raden Triyangga.

Kanthi pitolungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang
Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali
kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar
mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih
suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama
susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteno banget
tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta
dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan
prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang
pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman
dicencang tangn lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi liyane, Togong,
jelmaan Sang Hyang Antaga menehi Anoman banyu sacegukan kanthi
kesepakatan yen omahe Togog dijaga saka anane bahaya.

Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni
ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni
Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang
digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong
kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka
kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing
Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati,
Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang

semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening
Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang
Pancawati dening Raden Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden
Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekake penasihat
raja. Mengkone saka Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa
mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka. Anoman kang slamet bali
maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune menyang Ngalengka
lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake gelem
baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.

Sumber :
https://wisnuprasetyobekti.blogspot.com/2016/11/anoman-dhuta-bahasa-
jawa.html

Uji Kompetensi
1. Kaebataken sinten kemawon paraga ing cariyos Anomn Duta !
2. Kados pundi watakipun paraga :
a. Prabu Rama
b. Anoman
c. Dewi Sinta
d. Rahwana
e. Indrajit
3. Kasebataken 3 wosing pitutur saking caiyos Anoman Duta !

Skor Penilaian
1. Soal nomor 1 skor 1-2.
2. Soal nomor 2 skor 5.
3. Soal nomor 3 skor 3.

Nilai Akhir = jumlah skor.

by. Retno_21


Click to View FlipBook Version