The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

BAHAN AJAR_PPL_3_SYAHRIYATUN NIKMAH canva

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by syahriyatun, 2022-11-07 23:46:58

BAHAN AJAR_PPL_3_SYAHRIYATUN NIKMAH canva

BAHAN AJAR_PPL_3_SYAHRIYATUN NIKMAH canva

BAHAN AJAR

TEKS DESKRIPTIF

SMP NEGERI 1 ADIPALA

Kangge Kelas 7 Semester Gasal




Dening: Syahriyatun
Nikmah, S.Pd

INGKANG BADHE
History KAGAYUH ING PASINAON

ANCASIPUN PASINAON

Setelah kegiatan pembelajaran dengan pendekatan sainstific, model
pembelajaran problem based learning, metode diskusi dan tanya jawab, peserta
didik dapat:

1.Menganalisi struktur teks deskripsi Kenduren dengan
tanggung jawab. C4

2.Menyimpulkan isi teks deskripsi Kenduren dengan tanggung
jawab. C5

3.Menyusun teks deskripsi dengan kreatif. P5
4.Mengkritisi penyajian hasil diskusi kelompok lain dengan

jujur. P5

SADERENGIPUN NGANCIK DHATENG
MATERI SUMANGGA KLIK LINK
MENIKA

https://forms.gle/QdkNRYbtsMM7GAUy8

TES DIAGNOSTIK

Pitedah Pasinaon 1.Para siswa damel kelompok diskusi, saben
kelompok 4 siswa.

2.Para siswa nyemak materi ingkang sampun
samekta. Saged ugi dipunbikak ing link:
https://anyflip.com/ipsip/plod/

3.Para siswa nyemak tuladha teks deskripsi
https://sites.google.com/view/teks-deskripsi-
kenduren/halaman-muka

4.Para siswa pirembagan gegayutan kaliyan tugas
ing LKPD.

5.Para siswa presentasi babagan asiling pirembagan.
6.Asiling pirembagen dipunkempalaken dheteng

dwija.

FASE 1: Identifikasi Masalah Materi faktual


Kasemakna vidio
tuladha teks

deskripsi menika

1

https://sites.google.com/view/teks-deskripsi-kenduren/halaman-muka

PETA KONSEP

Titikaning Teks
Deskripsi

Pangretosan
Teks Jenisipun Teks
deskripsi
Deskripsi

Struktur Teks Caranipun Nyerat
Deskripsi Teks Deskripsi

Materi Konseptual

Teks deskriptif yaiku teks ingkang
nggambarake kanthi cetha salah
sawijining kahanan (objek), objek

wau kaya-kaya wonten ing
ngajengipun tiyang ingkang

maos.

Titikanipun Teks Deskripsi

1. Maringi gegambaran sawijining barang panggenan saha
swasana.

2. Gegambaran dipunlampahi kanthi migunakaken panca
indra.

3 Gadhah ancas( tujuan ) supados pamaos kaya-kaya
saged dherek mirengaken, priksa saha ngraosaken 

menapa ingkang dipundeskripsikaken dening panulis.

4 Meringi panjlentreh ngengingii sawijining objek ingkan
dipundeskripsikaken, saged awujud warna, ukuran sipat

saha sanesipun

JENISIPUN TEKS DESKRIPSI

Deskripsi

Objektif
Deskripsi
Subjektif

Jinisipun Teks Deskripsi

Deskripsi Objektif

Salah sawijining karangan Deskripsi Subjektif
deskripsi ingkang caranipun
nggambaraken objek boten Salah sawijining karangan
dipuntambahi angen- deskripstif ingkang caranipun
angenipun pangripta. panggambaran objek
dipunserat sampun
dipuntambahi pangreka-
rekaning pangripta

Materi Prosedural

Struktur Teks Deskripsi

1.Identifikasi inggih menika ngandharake
nama objek, lokasi utawi gambaran
umum.

2.Deskripsi bagian inggih menika gambaran
rici saking objek.

3.Simpulan/kesan inggih menika dudutan
utawi kesan saking asil pengamatan
pangripta dhateng objek.

Urut-urutaning damel teks deskripsi

1.Nemtokaken tema ingkang badhe dipunbahas.
2.Ancas panyeratan ingkang badhe

dipunandharaken dhateng pamaos.
3.Ngempalaken materi.
4.Barangipun utawi materinipun dipunpriksa,

dipunmirengaken, saha dipunraosaken.
5.Damel cengkorongan karangan ingkang

ngandharaken materi kasebat.
6.nyerat karangan kanthi jangkep saha boten

wonten ingkang kacecer.

Kenduren




Wektu iku aku didhawuhi bapak supaya nekani
adicara kenduren ing daleme Pak Daryanto, sesepuh
ing kampungku. Ing daleme Pak Daryanto, bapak-
bapak ing RT- ku wis padha kumpul kanthi lenggah ing
klasa. Klasa kang dilenggahi bapak-bapak iku mau
digelar ing ruwang tengah daleme Pak Daryanto.

Anggone lenggah mau tumata rapi, lenggah jejer
pesagi ngupengi ambeng sing uga ditata jejer.
Ambeng-ambeng iku diwadhahi baskom. Ana ing
baskom plastik, ana uga sing baskom seng. Ambeng-
ambeng iku dumadi saka sega kang dhuwure ditatani
lawuh maneka warna. Kanggo misahake sega lan
lawuh, ing dhuwur sega diwenehi lemek. Ana sing
nganggo lemek kertas, godhong gedhang, utawa
plastik.

Lawuh-lawuh sing tumumpang ing dhuwur
sega mau ditata kanthi rapi. Ana sing wujud
jangan ana sing diwadhahi takir, sudhi utawa
lepek, dene lawuh gorengan tempe, gereh,
peyek,entho-entho (rempah) cukup ditata kanthi
rapi mubeng manut wujude lemek. Ing dhuwur
lawuh isih diwenehi tutup. Godhong gedhang,
serbet, lan koran dadi tutup ambeng-ambeng iku.

Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau,
ana priyayi sing lenggah ing pojok adoh karo
lawang omah iku. Priyayi iku rada sepuh ngagem
kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing
kendurenan. Priyayi iku mau lumrah disebut
kaum. Lumrahe kaum iku wasis ing bab ilmu
agama. Kaum mau miwiti donga sawise
rombongan kenduren dianggep wis kumpul
kabeh.

Sadurunge donga, kaum ngandharake tujuan
dianakake kendurenan. Maksude ora liya nyuwun
keslametan, karukunan tumrap warga lan
kulawargane sing padha ngumpul. Donga rampung,
tutup-tutup ambeng dibukak. Kanthi mardika warga
kang kumpul padha ngedhap ambeng sing ana
ngarepe. Bisa milih ambenge tanggane. Rampung
ngedhapi ambenge sing cedhak karo lenggahe
lajeng padha kondur.

Materi Metakognitif

Nalika badhe nemtokake struktur teks deskripsi
ingkang kedah dipunlampahi inggih menika:

1. Maos teks deskripsi kanthi premati.
2. Milah-milah pundi kemawon ukara ingkang

kalebet identifikasi, deskripsi bagian udi
simpulan utawi kesan, gegayutan kalian
kesimpulan utawi kesan boten sedaya dipunserat
ing teks.

Dudutan

1.Teks deskriptif yaiku teks ingkang
nggambarake kanthi cetha salah sawijining
kahanan (objek), objek wau kaya-kaya wonten
ing ngajengipun tiyang ingkang maos.

2.Struktur teks deskrisi inggih menika
identifikasi, deskripsi bagian saha
simpulan/kesan.

Dudutan

Caranipun nyerat teks deskripsi inggih menika:
Nemtokaken tema ingkang badhe dipunbahas.
Ancas panyeratan ingkang badhe dipunandharaken dhateng
pamaos.
Ngempalaken materi.
Barangipun utawi materinipun dipunpriksa, dipunmirengaken,
saha dipunraosaken.
Damel cengkorongan karangan ingkang ngandharaken materi
kasebat.
nyerat karangan kanthi jangkep saha boten wonten ingkang
kacecer.

Kapustakan

Sawukir. 2014. Buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Semarang: PT
Gelora Aksara Pratama.
Yatmana Sudi & Wasana. 2016. Padha Bisa Basa Jawa.
Jakarta:Yudhistira.
Ariyana, A., Ramdhani, I. S., & Sumiyani, S. (2020). Merdeka Belajar
melalui Penggunaan Media Audio Visual pada Pembelajaran Menulis
Teks Deskripsi. Silampari Bisa: Jurnal Penelitian Pendidikan Bahasa
Indonesia, Daerah, Dan Asing, 3(2), 356-370.
https://www.sastra.org/leksikon
https://sites.google.com/view/teks-deskripsi-kenduren/halaman-muka

MATUR
NUWUN


Click to View FlipBook Version