Bahan ajar
Cerita wayang lakon Resi Jatayu
CERITA WAYANG RAMAYANA LAKON RESI JATAYU
RAMAYANA saka basa Sansekerta Ramayana asale saka
tembung Rama lan ayana kang ateges “Perjalanan Rama”
yaiku sawijining crita kepahlawanan saka India karangan
Walmiki (Valmiki) utawa Balmiki saka carita Dewi Sita
Cerita epos liyane yaiku Mahabarata
Ramayana ana ing khazanah sastra Jawa awujud kakawin Ramayana, lan gancaran
gancarane ana ing basa Jawa anyar ora kabeh kanthi landhesan kakawin iki. Ana ing
India Ramayana kaperang pitu kitab atau kanda yaiku:
Balakanda
Ayodhyakanda
Aranyakanda
Kiskindhakanda
Sundarakanda
Yuddhakanda
Uttarakanda
Tanggapan kuwi minangka reaksi kang arupa ucapan utawa tumindak
ngenani prastawa utawa kedadeyan kang dingeti, diwaca, dirungokake
utawa dirasakake. Ukara tanggapan bisa ditegesi minangka ukara kang
ngemot komentar ngenani prastawa utawa kabar tertamtu
Wujud tanggapan ana loro, yaiku tanggapan positif lan tanggapan negatif.
Tanggapan positif kuwi tanggapan kang isine sarujuk/seneng marang
informasi kang dijlentrehake. Tanggapan negatif yaiku tanggapan sing sifate
nyanggah/nyangkal/ora sapemikiran karo bab sing diterangake.
—SOMEONE FAMOUS
01
Tuladha tanggepan kang bisa dideleng ing urip sadina-
dina.
Komentar ing mediya social
Testimoni barang
Review barang
Cara menehi tanggapan kang becik yaiku:
➢ Tanggapan kudu trep karo topik kang dibahas.
➢ Tanggapan kudu bisa gawe wong liya paham karo
bab kang dijlentrehake
➢ Tanggapan kuwi asil pamikirane dhewe
➢ Yen kang dijlentrehake kuwi tanggapan kang
negatif kudune yen ngungkapake ora nganggo
emosi.
➢ Tanggapan kang diomongake langsung bisa
dibarengi nganggo ekspresi/gerakan kang
nambahi gamblang apa kang diomongake.
Carita wayang lakon Resi Jatayu
Crita manuk Jatayu iku nggambarake apa kang kudu ditindakake dening wong kang kekancan.
Kekancan sing apik iku antarane:
• Kekancan kudu bisa andum rasa pangrasa
• Seneng susah kudu padha dene ngrasakake
• Saling mbiyantu
Nanggapi isining crita iku dienerake marang pakarti kang
ditindakake paraga ing crita. Tumindake kudu cocog atine sing
maca lan ana sing cengkah bisa dadi pancadan kanggo menehi
tanggapan, kepriye nganggo basa sing gampang ditampa
dening wong liya.
Semaken cerita wayang kang
kaandharaken lumantar
powtoon kanthi premati !