KREATIP
Antologi Geguritan, Cerkak lan Drama
ATUR SAPALA
Para kadang, para pamaos, lan para sutresna basa lan sastra Jawa, ing wektu iki
puji syukur alhamdulillah wa syukurillah pantes banget menawa kita aturake marang
Panjenengan Gusti Kang Maha Wikan, awit buku kang asesirah Kreatip: Antologi
Geguritan, Cerkak lan Drama kang kaya panjenengan adhepi iki bisa kababar kanthi
pantes lan premana. Buku kang kandele ora sepira iki awujud kumpulan geguritan,
cerkak lan drama dening mahasiswa prodi pendidikan bahasa lan sastra Jawa UNNES,
Mas Malindo Iwan Kurniawan.
Para kadang, uga perlu panjenengan uningani, dene geguritan, cerkak lan drama
kang bisa kamot ing antologi iki ora tetimbangan mutu apik lan orane. Amarga antologi
iki mung kanggo cathetan lan bukti menawi kula tumut mata kuliah menulis kreatif.
Kaya-kaya mokal yen buku antoloi geguritan, cerkak lan drama iki bisa kababar
jer tanpa ana pambiyantu saka panjenengan kabeh. Mula ing kalodhangan iki, kula
ngaturake agunging panuwun (1) Rahma Ari Widihastuti, S.Pd., M.A. Dosen mata
kuliah Menulis Kreatif, (2) Para Kadang Rombel D 2019. Sepisan maneh, kula
ngaturake sebah nuwun awit kanthi lega-lila panjenengan sampun kersa ngaturi ulat
kang padhang lan esem kang sarwa manis.
Atur kang pungkasan, kang jejibah mandhegani ora bisa atur apa-apa kejaba mung
nyuwun pangapura jer ana babagan kang kurang trep lan trapsila. Muga-muga buku
antologi geguritan, cerkak lan drama iki ana gunane, lan muga-muga, kanthi palilahing
Gusti. Matur nuwun.
Malindo Iwan Kurniawan
DHAPTAR ISI
ATUR SAPALA
DHAPTAR ISI
GEGURITAN
Jarene Tresna 5
Mudha mudhi akhir jaman 6
Wong Desa 7
Anak Marang Rama 8
Aku Uga Tresna 9
Lara Ati 10
Sing Ilang Ben Ilang 11
Pangapura 12
Dewe 13
Cidro Janji 14
Tresnaku-Tresnamu 15
CERKAK
Wegah Sekolah 17
Kerja Bakti 18
DRAMA
Rondha 20
Lotre 23
BIODATA PENULIS
PANUTUP
3
GEGURITAN
4
Jarene Tresna
Jarene
Tresna kuwi wuta
Nanging
Bandha donya sing gawe tresna kuwi ana
Jarene
Tresna kuwi abote kaya wong nyangga bumi
Nanging
Sepira abote wong sing gawene ngobral ati
Jarene
Tresna kuwi ora kena di suwun ati
Nanging
Mrentul saka ing sanubari
Pati, 4 April 2021(pernah dibukukan di Antologi Rombel D)
5
Mudha mudhi akhir zaman
Mudha mudhi akhir jaman
tata kramane eman-eman
unggah-ungguhe uwis jarang
Mring wong tuwa ora ngabekti
dikandhani tansah wani
bapa biyung lara ati
Mula saiki
atma wadon uga priya
bektia mring wong tuwa
sing wis ngopeni kanthi tresna
Pati, 11 April 2021(pernah dibukukan di Antalogi Rombel D)
6
Wong Desa
Mlarat sandanganne
Mlarat panggonanne
Mlarat pangananne
Akeh sing kandha ngene
Akeh sing padha ngece
Heh kowe-kowe
Wong sugih apa orane
Aja diukur saka kahanane
Wong desa sugih-sugih sejatine
Nanging ratau umuk
Lemahku semono, sawahku semene
Pati, 15 April 2021(pernah dibukukan di Antologi Rombel D)
7
Anak Marang Rama
Rama
Rama
Rama
Ampun gupuh ampun ngaya nggih, rama
Mangertia yen jagad samenika amba
Wonten dina mesthi wonten upa
Dados pangertenipun panjenengan nggih, Rama
Sugih tanpa banda, nglurug tanpa bala
Pangkat tanpa tuladha, mangan kentekan sega
Pati 13 Juni 2021(pernah dipublish di instagram: @malindoiwann)
8
Aku Uga Tresna
Wanci ora tau njangkah mundur
Sing tak karepke mung wektu kang bisa diulur
Pirang-pirang taun wis lumaku
Tansah tak simpen jroning kalbu
Pangangen ati bakal tak turuti
Sepira adohe bakal tak parani
Sepira angee bakal tak goleki
Amarga gedene rasa tresna iki
Dek, jenengmu wis tak ukir ing angkasa
Paribasan toh-tohaning nyawa
Ridho wong tuwa ya wis tumeka
Enggal nuli ngencanakake rencana
Pati 29 Juni 2021(pernah di publish di instagram: @id_malindo)
9
Lara Ati
Njaba rame njero sepi
Pikiran ruwet sapa sing ngerti
Larane ati sapa iso nambani
Sing tak tresnani saiki ning ndi
Sing tak tresnani tau kandha
Kesehatane kudu dijaga
Aja lali mangan karo ngombe
Dhuh saiki malah kowe sing ngelarani dewe
Senajan agawe ati lara
Kudu lila lan legawa
Senajan perih kudu iklas
Aku ora bakal ngemis welas
Pati 17 Juli 2021
10
Sing Ilang Ben Ilang
Kaya pedhut kang kesaput srengenge
Kabeh wis ora kena digetuni
Jodho rejeki lan pati
Wis digariske dening Gusti
Sing uwis ya uwis
Sing ilang ben ilang
Kowe lan aku kudu nrima legawa
Pasrahna kang maha kuwasa
17 Juli 2021
11
Pangapura
Cah ayu, apa lali karo aku
Sing tau nyenengke atimu
Uga tau natu atimu
Sepurane aku tau kleru
Merga kepincut wedokan liya
Aku lila ninggal lunga
Nglarani ati nambahi lara
Cah ayu, aku jaluk pangapura
Pati 17 Juli 2021
12
Dewe
Angin wengi nggregesi ati
Gawe luh netes ana pipi
Tresna wis rampung
Ati ya wis kadung getun
Wancine kudu mlaku dewe-dewe
Rapapa, larane tak tanggung dewe
Pati 17 Juli 2021
13
Cidro Janji
Aku setya sliramu cidro
Ninggalne kuciwa sliramu milih lunga
Tanpa pamit tanpa kandha
Gawe tatu gawe lara
Janji dek jaman semono
Ajine ora ana tresnane muspra
Tresna suci mung dadi crita
Sing gawe atiku kelara-lara
Pati 17 Juli 2021
14
Tresnaku-Tresnamu
Tresnamu kaya surya
Tresnaku kaya samudra
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi aku karo kowe
Tresna anyar ngebaki jroning dadha
Ginubet sansaya nyiksa
Ana rong ati ngumbar asmara
Swarga ngendi bakal daktampa?
Pati 17 Juli 2021
15
CERKAK
16
WEGAH SEKOLAH
Dina Minggu minangka preinan sing gawe wong kesed nindakake kegiyatan. Ana sing
milih plancongan, sawetara uga milih nginep ing omah kanggo santai sawise dina-dina
sadurunge kebak kegiyatan. Semono uga karo Dani, dheweke milih santai ing omah.
Nganti sawise dina Minggu Dafa isih durung siyap ngadhepi kegiyatan sekolah sing
dikira mboseni banget.
"Daf, sampeyan ora mlebu sekolah? Wis awan, lho. " Takon Mbak Indah.
"Dafa isih kesel, Mbak. Bolos sedina ora apa-apa. Ora ana PR uga tes kok mbak. "
“Ya, aja kaya ngono. Sekolah iku mbayar lo Daf. Kita ora oleh ngremehake kaya
ngono, Daf. " Mbak Indah mangsuli mbantah.
"Mboten napa-napa mbak, Dafa isih ngantuk lan kepengin turu maneh."
Waca pratandha saka adhine, Mbak Indah dadi nesu lan nesu banjur nyeret bocah
kasebut menyang sawijining papan. Banjur Mbak Indah nggawa Dafa menyang panti
asuhan.
"Wah, delengen. Dheweke ora duwe wong tuwa kanggo mbayar sekolah sanajan uga
pengin sekolah. " kanda Mbak Indah marang Dafa.
Banjur Mbak Indah nggawa dheweke maneh menyang papan sing akeh bocah sing
padha ngemis lan ngamen.
"Coba delengen, dheweke ngemis dhuwit. Kanggo mangan, dheweke kudu repot karo
apa maneh kanggo biaya sekolah. " kanda Mbak Indah maneh.
Banjur Dafa sadar lan akhire dheweke kepengin sekolah sanajan wis rada telat. Mbak
Indah ngeterake dheweke menyang sekolah. Nalika arep sekolah dheweke weruh ana
bocah budhal sekolah nanging sikil e pincang.
"Untunge aku, isih duwe fisik sing sampurna nanging malahan males mlebu sekolah.
Nanging wong liya sing duwe kakurangan bisa duwe semangat kaya ngono. " Dheweke
ngomel ing awake dhewe.
(pernah dibukukan di Antologi Rombel D)
17
KERJA BAKTI
Ba’da jumatan aku lan bapak lagi lungguh santai karo crito ning ruang tamu omah,
banjur ono tamu ngucap salam.
“Assalamualaikum, kulonuwun”, Suarane Pak RT.
“Waalaikumussalam... Lho Pak. RT, wonten nopo pak”, jawabe bapakku.
Dadi sore iki mau pak RT lagi mubeng marang omahe warga sekitar mbagekne surat
undangan kerja bakti sing arep dilaksanakne dina Setu lan Minggu.
Aku langsung muni nak bapak, “Aku sesok nderek kerja bakti ya pak”.
“Iyo…. Gak opo opo, karo belajar srawung karo tonggo”. Jare bapakku.
Sesuk e isuk aku wes semangat tangi isuk, gak lalu aku sarapan disek mergo wedi ora
kuat melu kerjo bakti bareng warga sekitar.
Aku lan bapakku budal kerja bakti gowo aret lan pacul sing ono ing mburi kandang.
“Iki le arite gowonen, bapak tak gowo pacul”. Munine bapak.
“Oke pak”, jawabku marang bapak.
Banjur aku lan bapak langsung budal menyang lapangan kumpul karo warga sing wes
teko luweh awal.
Nek kono wes enek Pak RT, Pak Mamad lan Pak Surya.
Ogak suwe, warga liane ugo teko lengkap gowo peralatan sing dibutuhne.
Aku lan bapak ditugasi ngresik i suket kang ono ing tugu selamat datang, sementara
warga liane ono sing ngresik I selokan, mindahi material pasir lan bakar-bakar sampah.
Acara kerja bakti sosial iki dadi acara sing dionokne rutin setiap bulan. Aku mesti melu
bapak kerja bakti karo belajar srawung karo tonggo-tonggo sekitar.
Aku ngroso acara kerja bakti iki kegiatan kang becik di enekne rutin saben wulan
supoyo deso kang di panggoni katon resik lan sehat.
18
DRAMA
19
RONDHA
Ana ing sawijining desa ana pemuda loro kang wis akrab banget, yaiku Robi lan Toni.
Bocah loro kuwi seneng banget nggawe ulah. Wektu iku Robi lan Toni lagi ning
waruung padha dandani warung Pak Rt.
Robi : Ton pakune kene aku wenehi.
Toni : ...(Ora ana sauran)
Robi : Ee malah turu bocah iki. Toni tangi lagi kerja kok isa-isa ne turu.
Toni : Eh iya-iya Rob wis tangi iki lo. Ya wajar wae aku keturon, lah telung bengi
awake dewe mung turu 4 jam. Isuk bar subuh nganti jam 12 bengi kerja.
Robi : Lah nek ora ngono awak dewe raono kerjanan raono pemasukan Ton.
Toni : iya-iya Rob.(saurane Toni lemes banget)
Robi : Santai wae Ton iki kerjanane kan ameh bar, terus sesuk lah dino minggu.
Awake dewe mengko isa turu sak puas-puase.
Toni : Oh iya Rob siap!
Sakwise ngrampungke kerjanan, Robi lan Toni langsung manggon ana ing pos ronda
arep turu.
Robi : Wes-wes ayo ndang turu Ton.
Toni : Eh sek-sek ning jadwal iki, awak dewe jatahe jaga lo Rob. Kepie jal?
Robi : Halah wis rapapa, kan yo iseh ana sing liyane.
Toni : Tapi Rob, ndungu kabar desa-desa liyo akih banget sing wis kemalingan.
Desane dewe sing durung ana kemalingan. Ya nek mengko ana maling kepie?
Robi : Ora-ora rabakal ana maling sing tenang.
Toni : Yawis nek ngono, ayo turu.
Jam 9 Robi lan Toni wiss manggon turu. Pas wayah turu Toni ngelilir lan kudu ngising.
Toni : Waduh yahmene malah kudu ngising, aku tak gugah Robi wae ben ngancani
aku ning kali. Rob Robi tangi aku kudu ngising, ayo kancani.
20
Robi : Ah apa to, kono mangkat dewe aku ngantuk.
Toni :Eh ayo Rob sediluk wae ayoo.
Robi : Iyaiya ah ayo ek ndang, nek ga ndang tak cemplungke ning kali kowe mengko.
Toni : Ok cepet iki.
Pas OTW nyang kali, Robi lan Toni weruh saka kadohan wong-wong akih padha mlaku
bareng lan gawa sarung. Robi lan Toni ngira yen wong-wong kuwi maling.
Toni : Eh Rob kuwi sapa Rob. Kok kayane mencurigakan.
Robi : Hah iya sapa ya kuwi. Kayane kok maling Ton.
Toni : Hee masa iya?
Robi : Sek-sek cegati kene wae karo ndelik, mengko yen wong-wong kuwi liwat
mengko langsung dicekel wae nganggo sarung.
Toni : Ok Rob siap!
Robi : 1..2..3 ayo Ton cekel Ton
Toni : Yahhh kenek kowe sapa kowe? Arep maling ya? Ngaku kowe!
(tulung-tulung iki sapa ta bengi-bengi dolanan sarung) swara wong sing di cekel Robi
lan Toni. Robi lan Toni kaget jebul sing dicekel kuwi mau Pak Rt lan Pak Rw sing lagi
padha Rondha muteri desa.
Pak Rt : Heh-heh iki apa ta?
Pak Rw: Weladalah Robi Toni! Aku iki Pak Rw dudu maling.
Robi : Waduh Ton keliru Ton. Kepie to kowe iki Ton? He nyuwun pangapunten Pak
kula kalawau boten ketingal re. Kula kintennggih maling amarga mlakune panjenengan
minthik-minthik lan nganggem sarung.
Toni : Heh kok aku pie leh Rob kan kowe sing nduwe ide nggo nyekel nganggo
sarung. He nyuwun ngapuntenipun nggih Pak Rt Pak Rw.
Pak Rt : Wis-wis rapapa sesuk-sesuk yen weruh wong sing saka kadohan ki diceraki sek
terus ditakoni sapa jenenge, ora kok langsung dicurigani kan ya ora sopan to.
21
Pak Rw: iya Rob Ton bener katane Pak Rt. Oh iyo jane dino iki kan kowe-kowe padha
rondha karo aku lan Pak Rt. Kenopo kok ora melu rondha malah kelayaban tekan kene?
Robi : Inggih Pak Rt Pak Rw kula lan Toni salah sampun boten ndherek rondha.
Toni : Inggih Pak nyuwun pangapunten, kula lan Robi lalai,
Pak Rw: Iya wis. Ayo padha lanjut muteri kampung.
Robi : Ok Pak!
Toni : Eh sek Rob aku iseh kudu ngising kok, kancani sek.
Pak Rt : Lahdalah yawis kana Toni di terke dhisik Rob tak enteni ning kene ya.
Robi : Ingggih Pak. Wis ndang cepet Ton.
Tonni : Iya-iya.
(pernah dibukukan di Antologi Rombel D)
22
LOTRE
Isuk-isuk Jono lan Rudi wis budhal ning pasar. Jono arep tuku lotre sing hadiah
e motor matic.
Jono : Rud, ayo ndang budhal. Mengko kentekan lotrene malah. Iki hadiah motor matic
lho.
Rudi : Iyoiyo Jon. Uwih hadiah e kok manteb tenan Jon. Emange kui ana acara apa kok
tokone ngadake lotrenan.
Jono : Tokone lagi ulang tahun Rud. Mulane ngadake lotrenan. Lumayan kan misale
aku bejo entuk motor matic, iso tak nggo ngeterke simbok mendi-mendi.
Rudi : Iyo Jon, muga wae awakmu bejo tak dongake Jon.
Jono : Suwun Rud.
Sakwise entuk lotre, Jono lan rudi mampir ning warunge Yu Pat.
Yu pat : Wih-wih saka ngendi kowe Jon?
Jono : Saking pasar Yu. Niki lo tumbas lotre.
Yu Pat : Lotre? Opo hadiahe Jon?
Rudi : Hadiahe motor matic Yu nk bejo.
Yu Pat : Wih kok menggiurkan hadiahe.
Jono : Nggih a Yu. Nek misal aku entuk. Motore bakal taknggo ngeterke simbok nk
lunga-lunga.
Yu Pat : Tak dongakno Jon.
Ujug-ujug Tono teka ning warunge Yu Pat. Tono goleki Jono.
Tono : Jon kae ono tamu ning omahmu, ndang mulih.
Jono : Tamu sopo? Sing di goleki aku?
Tono : Iyo Jon ndang mulih.
Jono : Oke tak mulih. Ayo Rud mulih.
23
Tekan ngomah Jono kaget. Ning ngarep omah kok ono motor anyar jok e iseh
plastikan.
Jono : Mbok niki motore sinten?
Simbok : Ujare mas-mas sing mrene mau. Iki motor hadiah lotre nggo kowe Jon.
Jono : AAAlhamdulillahhh(jono bengok kanthi ngucap syukur)
Simbok : Kowe melu lotrenan to le?
Jono : Inggih mbok. Kalawau nembe tumbas ya kok pemenangipun sampun diumumke.
Alhamduillah Mbok.
Simbok : Alhamdulillah yo le.
Jono : Nggih mpun tak jajale rumiyin nggih mbok. Tak muter-muter dusun.
Simbok : Iya le ati-ati.
Jono seneng banget impian e nduwe motor kedadeyan. Jono muteri dusun ra
mandek-mandek. Wayah arep mulih, Jono dicegat Rudi banjur dikandani.
Rudi : Jon ana sing goleki kowe maneh. Ning omah, ndang mulih.
Jono : Sopo maneh yo Rud?
Rudi : Mau jarene sih panitia lotrenan toko.
Jono : Waduh ono opo iki ya? Yawi tak mulih.
Jono cepet-cepet mulih. Pas tekan omah Jono dikandani panitia lotre.
Jono : Selamat siang mas, ada apa ya?
Panitia lotre: Selamat siang Mas. Sebelumnya minta maaf . kedatangan kami disini,
ingin mengambil kembali motor matic tersebut.
Jono : Lho ono opo mas? Kan wis di umumna aku pemenange terus panitiane dewe sing
ngeterke motore dhateng griyane kula.
Panitia lotre : Maaf mas. Sebenarnya ada kesalahfahaman dan keteledoran dari
karyawan kami. Pemenang lotre motor matic bernama Pak Joko.
Jono : Waduh berarti iki salah alamat ya mas. Nama kula Jono ee.
Panitia lotre : Nggih Pak. Maaf sekali saya ambil lagi motornya ya.
24
Jono : Yawis, nggih mas, boten napa-napa.
Simbok : Jon wis ncen durung rejekine awakdewe. Semangat yo le.
Jono : Nggih simbok. Matur Nuwun.
25
BIODATA PENULIS
Nama : Malindo Iwan Kurniawan
Papan, tanggal lair : Pati, 05 Juni 2001
Alamat : Ds. Soneyan RT 03 RW 03 Kec. Margoyoso
Kab. Pati
Penggaweyan : Mahasiswa
Email : [email protected]
26
PANUTUP
Buku menika dipun susun kaliyan Malindo Iwan Kurnawan aminangka
mahasiswa Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan seni, Universitas
Negeri Semarang. Wonten ing buu antologi menika sampun kacawis anggenipun karya
sastra ingkang arupi kayata geguritan, cerkak lan drama
Wonten ing saebeting buku enika, sedaya saged mirsani, maos, ugi sinau babagan
karya sastra menika ingkan dipunn danmel kanthi tema ingkang boten sami. Pramila
saking buku menika dadosaken sedaya saged nguri-nguri ugi ngembaka malih
kabudayan Jawa. Matur Nuwun.
Malindo Iwan Kurniawan
27
28