MADRASAH TSANAWIYAH MUHAMMADIYAH TIJAROTUL QUR'ANIYAH MTSMTQ Dk. Sambiroto RT. 01/ RW. 03, Ds. Puron, Kec. Bulu, Kab. Sukoharjo, Kode pos 57563 https://mamtq.sch.id/ Email : [email protected] SOAL ASESMEN SUMATIF AKHIR SEMESTER GASAL MADRASAH TSANAWIYAH MUHAMMADIYAH TIJAROTUL QUR’ANIYAH (MTsMTQ) SUKOHARJO TAHUN 2023/2024 Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Hari / Tanggal : Senin, 4 Desember 2023 Kelas : 7 Waktu : 08.30-10.00 WIB PETUNJUK MENGERJAKAN 1.Berdoalah sebelum memulai ujian 2.Jawablah pilihan jawaban dengan benar. 3.Tulis jawaban pada lembar jawab yang sudah disediakan A. Pilihan Ganda Pilihlah jawaban yang benar! 1. Tembung ing ngisor iki sing klebu tembung aran yaiku ..... A. gunung, omah, dalan B. dalan, pemandhangan, panas C. dolan, sugih, cedhak D. nulis, numpak, njaluk 2. Ukara ing ngisor iki sing nganggo tembung aran-kriya-aran, yaiku ..... A. Hawa ing pagunungan kuwi adhem. B. Dhek wingi Banu dolan menyang omahe Bayu. C. Adhiku nyuwun oleh-oleh. D. Parman ora mlebu sekolah jalaran lara. 3. Basa ngoko kang kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap diarani ..... A. basa ngoko lugu B. basa ngoko alus C. basa krama lugu D. basa krama alus 4. Bu Guru : Lho Ran, Bapakmu ki nyambut gawe apa ta? Rani : ..... Jawaban sing trep tumrap Rani miturut unggah-ungguhe yaiku ..... A. Bapakku nyambut gawe ing kejaksaan B. Bapakku kerja neng kejaksaan C. Bapak kulo ngasta wonten kejaksaan D. Bapakku ora nyambut gawe 5. Tuladhanipun basa ngoko lugu inggih menika ..... A. Aku duwe pitik telu, kabeh lemu-lemu. B. Panjenengan apa arep tindak, Mas? C. Panjenengan dalemipun pundi? D. Kula ajeng kesah teng Meduten. 6. Tata kama ing bab ngendikan, matur, ngomong iku arane ..... A. undha usuk B. sopan santun C. andhap asor D. unggah-ungguh 7.“Mbak Dina mau sida tindak Sleman apa ora?” Ukara iku nganggo basa apa? A. ngoko alus B. ngoko lugu C. krama lumrah D. krama alus
MADRASAH TSANAWIYAH MUHAMMADIYAH TIJAROTUL QUR'ANIYAH MTSMTQ Dk. Sambiroto RT. 01/ RW. 03, Ds. Puron, Kec. Bulu, Kab. Sukoharjo, Kode pos 57563 https://mamtq.sch.id/ Email : [email protected] 8.“Kondur saking peken, ibu ngasta roti kalih kresek”. Ukara iku nganggo basa apa? A. ngoko lugu B. ngoko alus C. krama lumrah D. krama alus 9. Sakiki, sesuk, awan, bengi. Tembung-tembung iki klebu jinise tembung ..... A. tembung aran B. tembung wilangan C. tembung kahanan D. tembung katrangan 10. Saben-saben wong mesthi nduweni tokoh sing paling digandrungi, ing ngisor iki ciricirine wong sing nyenengi (ngidholakake) sawijine tokoh, kejaba ..... A. Tata carane tumidak, patrap, solah, serta apa wae tansah ditiru B. Ing saben-saben kalodhangan tansah dicritakak marang wong liya C. Saben dina mesthi ketemu lan rembugan ing sadhengah panggonan D. Tokoh mau kaya-kaya dadi panutan, lan rumangsa duwe rasa tresna 11. Tembang macapat iku cacahe ana ... a. 11 b. 12 c. 13 d. 14 12. Paugeran tembang macapat kang nuduhake cacahe wanda saben sagatra yaiku .... a. Guru gatra b. Guru wilangan c. Guru lagu d. Guru basa 13. Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki! esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku Yen digawe ukara dadi ..... A. Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya? B. Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya? C. Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya? D. Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya? 14. Gatekna ukara ing ngisor iki! “Paman lagi lunga menyang Solo”. Yen digawe basa krama alus, ukara ing ndhuwur dadi ..... A. Paman lagi lunga tekan Solo B. Paman nembe tindak dhateng Solo C. Paman tindak menyang Solo D. Paman lunga ana ing Solo 15. Cacahing gatra saben sapada diarani ... a. Guru basa b. Guru sastra c. Guru gatra d. Guru wilangan 16. Ing ngisor iki kang ora kelabu paugeran tembang macapat yaiku ... a. Guru gatra b. Guru wilangan c. Guru lagu d. Guru basa 17. Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur. Tembung catur tegese ... a. Dolanan b. Telu c. Papat d. Lima 18. Tanpa tutur katula-tula katali. Tembung kang kacithak kandel duweni teges.... a. tansah diandharake b. tansah dibaleni c. tansah cilaka d. bakal kebanjur
MADRASAH TSANAWIYAH MUHAMMADIYAH TIJAROTUL QUR'ANIYAH MTSMTQ Dk. Sambiroto RT. 01/ RW. 03, Ds. Puron, Kec. Bulu, Kab. Sukoharjo, Kode pos 57563 https://mamtq.sch.id/ Email : [email protected] 19. Gatekna tembang ing ngisor iki! 1. Gambuh 2. Pangkur 3. Misuwur 4. Pitik tukung 5. Sinom Kang kalebu tembang dolanan yaiku ... a. 1, 2, 5 b. 4 c. 5, 3 d. 3, 4 20. Basa krama ne angka 25 yaiku ... a. Setengah b. Kalih dasa gangsal c. Kalih dasa sakawan d. Selangkung 21. Yen wong enom ngomong marang wong kang luwih tuwa, kudu nganggo basa ... a. Ngoko b. Ngoko alus c. Krama inggil d. Ngoko kasar 22. Titikane tembang gambuh yaiku ... a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o b. 7a, 10e, 12i, 8o, 8u c. 7a, 10a, 12u, 8i, 8o d. 7a, 10i, 12u, 8o, 8i 23. Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..……” Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean .... A. Klimaks B. Orientasi C. Resolusi D. Komplikasi 24. Tembang gambuh iku dumadi saka .... gatra. a. 4 b. 5 c. 6 d. 7 25. Sampun setunggal taun anggenipun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki Tembung “kawruh” ing ndhuwur kalebu tembung …. A. Aran B. Kriya C. Wilangan D. Katrangan 26. Dina minggu wingi, aku menyang Solo numpak motor. Ing kana aku ketemu pakdhe Bono. Banjur aku ketemu bulik sari. Miturut pethilan ukara kasebut, sapa wae kang dadi paraga? a. Aku, Pakhde Bono b. Aku, Bulik sati c. Aku, Pakdhe Bono, Bulik Sari d. Bulik sari, pakdhe bono 27. Ing ngisor iki kang kalebu watake tembang gambuh yaiku ... a. Rukun b. Congkrah c. Tawur d. Padu 28. Simbah ngombe wedhang nalika aku adus. Tembung ngombe dikramakne dadi .. a. Nginum b. Minum c. Ngunjuk d. Dhahar
MADRASAH TSANAWIYAH MUHAMMADIYAH TIJAROTUL QUR'ANIYAH MTSMTQ Dk. Sambiroto RT. 01/ RW. 03, Ds. Puron, Kec. Bulu, Kab. Sukoharjo, Kode pos 57563 https://mamtq.sch.id/ Email : [email protected] 29. Pasangan aksara jawa iku cacahe ana ... a. 25 b. 30 c. 20 d. 40 30. Pitik walik saba kebon diarani ... a. Salak b. Rambutan c. Sega d. Nanas 31. Sandhangan kang kanggo nulis r yaiku .. a. Layar b. Latar c. Wignyan d. Suku 32. Gatekna aksara iki a. Mlayu nyang solo b. Aku numpak kreta c. Aku nyapu latar d. Aku nyapu langgar 33. Wacane aksara ing ngisor iki yaiku ... a. Doni nulis layang b. Dodi nulis layang c. Doni nutup lawang d. Doni nutup sawang 34. Aksara ing ngisor iki unine aksara... a. Han b. Ma c. Nya d. Ca 35. Kanggo nulis sandhangan ng, kudu nganggo sandhangan ... a. Cecak b. Kecak c. Kecap d. Ceceg 36. Sepi ing pamrih, rame ing gawe. Tegese .... a. Wong kang nyambut gawe tanpa ngarep piwales b. Wong kang akeh ngomong c. Wong kang meneng wae d. Wong kang sinau bareng 37. Wacanen aksara ing ngisor iki a. Sandrina tuku bubur b. Sarinah tuku bubur c. Safirah tuku bubur d. Sandriana tuku bubur 38. Wacanen aksara ing ngisor iki a. Bubur kacang ijo b. Iwak goreng c. Wiji timun d. Bubur sumsum 39. Wacanen aksara ing ngisor iki a. Mifat mangan lele b. Budi mangan lele c. Adinda mangan lele d. Dinda mangan lele 40. Bapak tindak solo. Tembung tindak tegese ... a. Lunga b. Mlayu c. Numpak d. Mlaku 41. Dek wingi aku nemu dhuwit limang ewu rupiah. Ukara kramane yaiku ... a. Dek ingi kula nemokaken arta gangsal ewu rupiyah. b. Kalawingi kula nemokaken arta gangsal ewu rupiyah. c. Kalawingi aku nemokaken arta gangsal ewu rupiyah. d. Kalawingi aku nemu arta gangsal ewu rupiyah. 42. Budhe dhahar sega goreng. Tembung dhahar tegese.. a. Mangan b. Nulis c. Maca
MADRASAH TSANAWIYAH MUHAMMADIYAH TIJAROTUL QUR'ANIYAH MTSMTQ Dk. Sambiroto RT. 01/ RW. 03, Ds. Puron, Kec. Bulu, Kab. Sukoharjo, Kode pos 57563 https://mamtq.sch.id/ Email : [email protected] d. Nyapu 43. Sandhangan sing kanggo nulis vokal o diarani ... a. Taling b. Wulu c. Suku d. Taling tarung 44. Sandhangan sing kanggo nulis vokal i diarani ... a. Taling b. Wulu c. Suku d. Taling tarung 45. Sandhangan sing kanggo nulis vokal u diarani ... a. Taling b. Wulu c. Suku d. Taling tarung