The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by meilindaps07, 2023-08-13 10:15:12

Tembang Kinanthi Kelas 12

Tembang Kinanthi Kelas 12

Meilinda Puspita Sari, S.Pd. Agustus 2023


Tembang Kinanthi • Mangka kanthining tumuwuh •Salami mung awas eling •Eling lukitaning alam • Dadi Wiryaning dumadi •Supadi nir ing sangsaya •Yeku pangreksane urip Guru lagu, guru wilangan, guru gatra Tembang Kinanthi. 6 gatra, 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.


KAWRUH BASA 1. Tembung Aran Aran Maujud: Bisa ditampa karo pancadriya Jeneng Wong, Jeneng Kutha, Jeneng Kewan, Jeneng Gunung, Jeneng barang. Aran Mujarad (Ora maujud) Ora bisa ditampa karo pancadriya. Tuladha: Kapinteran, Kabudayan, Keyakinan.


Tembung Kriya • Ny, m, ng, n Tembung Kriya Tanduk • Dak, ko, di Tembung Kriya Tanggap Yaiku tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandhang gawe.


Tembung Sipat (Adjectiva) • Dengki, Srei, Jail, Methakil Tb. Watak sing ora bisa owah • Sugih sumugih, mulya-minulya. Tb. Watak sing bisa owah


Unsur padhapuking Sekar Diksi Tembung Andhahan Tembung Lingga


1. Tembung Lingga • Inggih menika Tembung ingkang taksih wetah, dereng wonten imbuhan menapa-menapa. • Gampilipun, tembung lingga = Kata dasar • Tuladhanipun: • Buku, sapu, papan, buku, laku, lsp.


2. Tembung Andhahan • Inggih menika tembung ingkang sampun owah saking asalipun. • Rumus = Kata dasar + imbuhan. • Imbuhan wonten 3 inggih menika: Ater-ater, seselan, panambang Imbuhan Panambang Seselan Ater-ater


Ater-ater Ater-ater Anuswara • Ater-ater anuswara (n, m, ny, ng) • Tuladhanipun: • Sapu (kata dasar) + n- (Ater-ater anuswara) Nyapu. • Tulis (kata dasar) + n- (Ater-ater anuswara) Nulis. Ater-ater Tripurusa • Ater-ater Tripurusa (dak-, ko-, di-) • Tuladhanipun: • Dak- + gawa Dakgawa (ku bawa) • Ko- + gawa Kogawa (Kamu bawa) • Di- + gawa Digawa (Dibawa) Ater-ater (kata depan): imbuhan ingkang mapan wonten sangajengipun tembung lingga. (Imbuhan yang terletak di depan kata dasar).


Seselan • Seselan inggih menika imbuhan ingkang mapan ing satengahing tembung. (Imbuhan yang terletak di tengahtengah kata). • Wujudipun Seselan: -um-, -in-, -el-, -er-. 1. Seselan –umTuladha: Bagus (kata dasar) + -um- B+(-um-)+agus Bumagus Gumagus Pinter (Kata dasar) + -um- P+(-um-)+inter Puminter Kuminter.


Seselan –in- • Tuladha: • Sapu (Kata dasar) + -in- S+(-in-)+apu Sinapu • Gawa (kata dasar) + -in- G+(in-)+awa Ginawa. Seselan –el-, -er- • Tuladha: • Kelip (kata dasar) + (-er-) K(-er-)+elip kerelip = krelip • Jerit (kata dasar) + (-el-) J(-el-)+ erit jelerit = jlerit


PANAMBANG • Inggih menika imbuhan ingkang mapan wonten sawingkingipun tembung. (Imbuhan yang berada di belakang kata). • Rumus : tembung + -ipun, -e • Tuladha: • Omah + -e Omahe • Dalem + -ipun Dalemipun


DASANAMA • Inggih menika mapinten-pinten tembung ingkang gadhah teges satunggal. • Dasanama = sinonim = persamaan kata. • Tuladha: • Bumi: bawana, buwana, buntala, bantala, pratala, butala, basundara, basundari, jagad, kisma, pratiwi, mandhala. • Anak: suta, sunu, siwi, atmaja, putra, weka, tanaya. • Angin: riwut, bajra, sindhung, bayu, samirana, wirayang. Asor : dana, sudra, ina, nistha, papa.


PURWAKANTHI Purwakanthi Guru Swara • Inggih menika purwakanthi ingkang sami swantenipun ing pungkasaning tembung. • Tuladhanipun: • Ora obah, ora mamah. • Jujur agawe makmur. Purwakanthi Guru Sastra • Inggih menika purwakanthi ingkang sami seratanipun/aksar a ing saben wiwitan wanda utawi tetembunganipun. • Tuladhanipun: • Bobot, bibit, bebet • Adigang, Adigung, Adiguna Purwakanthi Guru Swara • Inggih menika purwakanthi ingkang sami tembungipun, tegesipun tembung pungkasan ukara ingkang ngajeng dados tembung wiwitan ing ukara candhakipun. • Tuladhanipun: - Kepengin tuku duku, dukune wis entek. - Pit-pitan ketemu jaran, jarane mlayu.


Cara Gawe tembang Macapat • Nemtokake tema • Mangerteni jinis tembang • Mangerteni paugeran tembang macapat, saben tembang duwe paugeran (guru lagu, guru wilangan, guru gatra) kang beda-beda. • Pilihan lan tata tulis tembung Bisa nganggo ngoko, krama, uga dasanama, purwakanthi. Uga ora lali, nggatekake basa rinengga (basa kang endah).


Click to View FlipBook Version