DUMADINE GUNUNG SINDORO SUMBING LAN TLATAH SAKUPENGE
Lungane Ki Tumenggung Jaganegara saka kraton jalaran dipitenah dening Patih
Singalodra kang nyebarake pawarta menawa gerahe Sang Nata sesuwene iki amarga
ditenung dening Ki Tumenggung kang duwe sedya arep ngendheh kalungguhan sang nata.
Kawula sanagara kang pracaya marang pawarta kuwi banjur padha giling rembug arep
ngrangket lan ngukum pati marang ki Tumenggung. Begjane isih ana abdine sing setya tuhu
ngaturake kabeh rencana julige Patih Singalodra. Mula mumpung isih ana kalodhangan, Ki
Tumenggung, garwa loro lan abdine sing padha tumungkul setya padha ninggalake kaprajan
ing tengah wengi. Nalika kuwi garwane Ki Tumenggung kang cacah loro yaiku Gendari lan
Larasati lagi mbobot ngancik pitung wulan, mula anggon padha mlayu banjur kandheg ing
sawijin papan sanjabane kaprajan sing ora gampang dikonangi. Ing kono Ki Tumenggung
sakkawulane padha adeg pasanggrahan lan miwiti mbukak wana kanggo panguripan.
Dina mbaka dina, papan kuwi tambah ngrembaka lan tambah regeng. Garwa loro wis
padha nglairake ing sajrone wektu kang meh bebarengan. Gendari nglairake anak lanang lan
ditengeri Joko Prakosa, dene Larasati nglairake anak wadon kang ditengeri Bandara
Sekartaji. Sakawit bocah loro kuwi padha akur ananging mundhak umur mundhak gedhe,
kekarone wiwit kerep padha padudon. Tekane diwasa, Joko Prakosa lan Bandara Sekartaji
wiwit ngatonake rasa ora senenge marang siji lan sijine. Ing sawijinging dina nalika Joko
Prakosa lagi mapan ing taman dumadakan Bandara Sekartaji teka karo nesu-nesu.
“He Prakosa!apa sing kok tindakna ing tamanku! kekembangan padha rusak bosah-
basih! Mesthi kowe sing ngrusak iki kabeh! “ pambengokeSekartaji.
“Nek bener arep ngapa?! Sumaure Prakosa.
“Kurang ajar kowe! Rama wis maringi kowe papan dhewe, kenangapa kowe isih
ngrusuhi duwekku?”
“Rama ora adil, kowe diwenehi papan sing endah, ning aku…..mung trima diwenehi
alas sacuil! Aku ora trima!
Tanpa dingerteni bocah loro kuwi, Ki Tumenggung wis ana ing ngarep taman.
“Putraku cah bagus lan cah ayu, saka kadohan Rama mireng kowe padha
regejegan.Apa satemene sing dadi undherane prakara dene kowe cah loro prasasat ora tau
akur?” pitakone Ki Tumenggung kanthi aris.
“Rama panjenengan mboten adil, mboten wicaksana. Sekartaji diparingi taman
ingkang indah, ning kula namung disukani wana ingkang bera mboten wonten tetuwuhan,
mboten wonten sato kewane. Kula mboten narimahaken!”
“Prakosa! anane taman iki dadi endah jalaran dirumat kanthi temen dening ibune
Sekartaji. Dene tamanmu! Ora tau dirumat! malah saben-saben kok tegori wit-witane lan
kok bedhag sato kewane, mula ya rusak!” wangsulane Ki Tumenggung sajak duka.
“Leres Rama, Prakosa punika panci ugungan, mboten purun rekaos!” Sekartaji
mbenerake pangandhikane ramane.
“Yen ngono rama! Wiwit dina iki aku sing arep dadi panguwasane tlatah kene! Rama,
kowe lan ibumu ora kena manggon ing kene! Sumingkira!” kanthi malang kedhek Prakosa
ngetogge kanepsone.
“Kurang ajar kowe!” sanalika astane Ki Tumenggung nempeleng Prakosa kanthi
sora nganti lambene pecah, gudrah getih satemah dadi suwing. Kanthi ngampet nepsu lan
getun ngumun-umun priksa polah tingkahe Prakosa, Ki Tumenggung lan Sekartaji
ninggalake taman.
Telung dina candhake, nalika Ki Tumenggung lagi lenggahan karo garwane
dumadakan ana kawulane kang aweh palapuran menawa ing sanjabane paseban ana wong
atusan kongkonane Joko Prakosa kang nggrudug arep ngrangket Ki Tumenggung. Tanpa
mikir dawa, kanthi didherekake Larasati lan para pendhereke sing tansah setya tuhu, Ki
Tumenggung mlayu ninggalake papan kang sasuwene iki diwangun nganti dadi papan kang
rame lan ayem tentrem kuwi. Papan kang ditinggalake Ki Tumenggung banjur dijenengi
Temanggung.
Playune Ki Tumenggung sapendhrek arah ngulon jebul ora kekanthenan putra wadone
ya Sekartaji. Sawise sauntara adoh piyambake mandheg ing sawijine papan panggonan lan
ing wektu kuwi uga nembe kemutan menawa putrine lali ora dijak mlayu. Ananging ora
untara suwe ana kawulane sing ngandhakake yen Joko Prakosa lan Sekartaji , kekarone
nemahi pati jalaran padha perang padha rebut menange dhewe. Wekasane Sekartaji
diperjaya dening Prakosa, dene Prakosa ganeng nandang tatu abot banjur oncat nyawa.
Layone kekarone dikubur jejer ing tlatah kono. Mireng pawarta kuwi, ki Tumenggung
banget olehe nggrantes nanging piyambake ora bisa niliki kuburane anak-anake jalaran para
prajurite Singalodra ngonangi pandhelike piyambake lan ngetutke playune. Tekan pinggir
jurang kang jero banget, Ki Tumenggung bingung anggone arep nyabrang. Panjenengane
dhawuh marang kawulane supaya padha semlikut gawe Kreteg. Papan makaryane kawulane
Ki Tumenggung gawe kreteg banjur ditengeri desa Kreteg. Bebarengan rampunge kreteg
kanggo nyabrang, prajurite Singalodra anggone ngoyak Ki Tumenggung wis meh tekan
papan kono. Gegancangan Ki Tumenggung lan kabeh para pendhereke padha nyabrang
supaya ora ketututan Singalodra. Tekan sabrang, kreteg kuwi banjur ditugel supaya
Singalodra ora bisa sumusul.
Ing papan sabrang, Ki Tumenggung mbukak wana maneh kanggo para abdi kinasihe
lan miwiti panguripan anyar. Rejehe jaman papan kuwi banjur dijenengi Wonosobo kang
ateges alas kang disaba. Sawise kahanane aman, kanthi sesidheman Ki Tumenggung
Jaganegara didhereke Larasati arsa niliki kuburane anak-anake lan kuburane garwane ya
Gendari. Bareng tekan papan kang dijujug, piyambake kaget jalaran kuburane anak kekarone
saya suwe saya dhuwur ngrenggunuk memper gunung, mula dening Ki Tumenggung banjur
diparingi tenger Gunung Sindara lan Gunung Sumbing kang dijupuk saka asma Bandara lan
Suwing kanggo peparabe Prakosa kang lambene belah sawise ditempeleng dening Ki
Tumenggung. Ing sangisore gunung Sindara ora let suwe ana anakane kang banjur katelah
gunung Kembang, dijupuk saka asma Sekartaji.
Dijupuk saka naskah lomba ndongeng Kab. Wonosobo
LEGENDA BARU KLINTHING
Ing Dhusun Ngasem kacariyos wonten satunggal padhepokan ingkang kondhang.
Sedaya puthut lan endhang (sebatan kangge murid jaler lan estri) remen manahipun amargi
pikantuk tuladha sae saking guru ingkang gadhah asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar
punika kagungan budi ingkang wicaksana. Piyambakipun kagungan satunggalipun murid
ingkang ayu lan elok ingkang naminipun Ni Endhang Ariwulan.
Ing Satunggaling dinten, Ni Endhang bingung madosi peso ingkang biyasa damel
nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen ing wayah dalu. Kanthi
kapeksa, Ni Endhang matur dhumateng Ki Hajar supados kersa ngampili pesonipun Ki
Hajar. Pesonipun wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti kedah ngatos-atos lan ampun
ngantos pesonipun keselehaken ing pangkon, amargi wekdalipun nggih sampun mepet.
Nanging wusananipun Ni Endhang kesupen. Peso wau kaselehaken wonten pangkonipun.
Sanalika peso ical saking pangkonipun. Tumuli Ni Endhang ngadhep dhateng Ki Hajar
ngrumaosi lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Dhusun Ngasem geger, amarga Ni Endhang nggarbeni. Ki Hajar
Salokantara lajeng dhawuh dhateng Ni Endhang supados ngadhep panjenenganipun. Ki
Hajar Salokantara badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti awujud
klinthingan utawi gentha ingkang badhe migunani kangge jabang bayi mbenjang-
mbenjangipun. Boten dangu jabang bayi lair. Sinaosa wujud naga, jabang bayi menika
saged ngucap lan nangis. Polahipun mboten benten kalihan jabang bayi limrahipun.
Senajanta awujud naga, jabang bayi kalawau tetep dipungulawentah ngantos dewasa
kanthi asih tresna. Para warga anggenipun ngawon-awon boten telas-telas nalika sumerep
naga menika. Nalikane sampun diwasa, ing satunggaling
dinten naga wau nyuwun priksa dhateng Ni Endhang
Ariwulan, sinten sejatosipun bapakipun. Ni Endhang lajeng
maringi priksa bilih sejatosipun bapakipun menika Ki Hajar
ingkang saweg tapa brata wonten Redi Telamaya. Naga wau
lajeng nyusul dhateng redi Telamaya kanthi mbeta
klinthingan. Saking katebihan Ni Endhang ngetutaken. Naga
wau ngurut lepen ingkang panjang lajeng sumene wonten
ngandhap selo. Selo papan sumenenipun sang naga menika
lajeng kawastanan "Selo Sisik". Naga nglajengaken lampah
ngliwati rawa, ngliwati Kaligung, lajeng kendel malih
wonten satunggaling sela. Sela papan kendelipun naga lajeng dipuntengeri "Sela Gombak".
Anggenipun ngumbara, naga tansah mangangge klinthingan ingkang dipunsukani ibunipun
inggih Ni Endang Ariwulan. Sedaya ingkang sumerep lan mireng klinthinganipun naga
ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthing utawi Baru Klinthingan.
Dinten, wulan lan taun sampun kalampah ananging Baru Klinthing dereng saged
manggihaken panggenanipun Ki Hajar Salokantara. Bab menika njalari sang naga kendha
boten gadhah aya. Dumadakan saking katebihan kapireng kidung lamat-lamat kados
kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing saking ketebihan. Piyambakipun sampun
manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara. Ni Endang lajeng manggen wonten
Sepakung, sacerakipun sendhang. Ing tembe sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari
Wulan.
Naga sampun dugi wonten ing pertapan Telamaya, lajeng manthuk-manthuk tandha
paring urmat dhateng Ki Hajar ingkang wonten sangajengipun. Ki Hajar Salokantara kaget
manahipun manggihi kaanan menika. Ki Hajar priksa bilih naga ingkang wonten
sangajengipun menika naga ingkang nggadahi patrap becik. Naga kalawau lajeng matur
dhateng Ki Hajar. Ki Hajar Salokantara sansaya kaget, boten nginten menawi naga kalawau
saged ngucap. Naga nyuwun pirsa Ki Hajar, menapa leres menika pertapanipun Ki Hajar
Salokantara, dhusun Telamaya. Ki hajar tumuli ngleresaken. Baru Klinthing rumaos bingah.
Baru Klnthing lajeng matur menawi Ki hajar Salokantara punika tiyang sepuhipun ingkang
sampun dangu sanget dipunpadosi. Boten kesupen piyambakipun lajeng sujud dhateng Ki
Hajar. Ki Hajar dereng pitados saestu, piyambakipun lajeng ndangu Baru Klinthing saking
pundi papan dumuginipun lan sinten ibunipun. Baru Klinthing mangsuli menawi papan
dunungipun wonten Dhusun Ngasem lan ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan. Baru
Klinthing enggal-enggal nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara. Ki Hajar
Salokantara ngendhika bilih menawi klinthingan menika dereng cekap kangge bukti, amargi
wonten donya boten wonten ingkang gampil, sedaya kedah wonten panebusanipun lan
kedah wonten lelabetanipun. Supados Baru Klinthing saged dipunanggep putranipun Ki
hajar Salokantara, piyambakipun kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata nggih
punika mlungkeri Gunung Kendhil ngantos tepung gelang. Ki Hajar ngetutaken saking
wingking tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing. Baru Klinthing lajeng mlungkeri Gunung
Kendhil, emanipun buntut lan sirahipun boten tempuk, namung kirang sakilan.
Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Kanthi gegancangan Ki Hajar
mlumpat lajeng mungkes ilatipun Baru Klinthing.
Sinaosa ngraosaken sakit ingkang nemen jalaran ilatipun tugel, nanging lajeng lerem
manahipun. Ki Hajar Salokantara maringi priksa menawi kekirangan kalawau boten saged
dipuntutupi ngangge ilat, amargi pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun menika
ilat. "Ilat iku jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Nalika pinuju-nuju prana, bisa
amemikat, nalika tan pener, bisa gawe getering jagad", pratelane Ki hajar Salokantara. Baru
Klinthing nglajengaken tarak brata. Ilat Baru Klinting menika lajeng dados pusaka ingkang
awujud tombak lan kawastanan tombak Kyai Baru Klinthing.
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri
redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng
ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang
mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok kanthi laku ngrame. Pathok
menika satunggalipun dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten
gadhah raos syukur. Ing wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen
raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur,
mbetahaken tatakan ingkang awujud wit ingkang umuripun sampun tuwa lan werninipun
kedah cemeng sanget. Jebul wit ingkang kangge tatakan menika mboten sanes badanipun
naga ingkang nama Baru Klinthing.
https://toriqa.com/legenda-bahasa-jawa/ kanthi owah-owahan saprelune.
Asal Usul Gunung Merapi
Dhek jaman biyen dicritakake menawa tanah Jawa isih arupa alas gung liwang-
liwung. Akeh kewan galak, dhemit, gendruwo, lan bangsane roh-roh alus sing manggon
ing kono. Manungsa sing nalika kuwi gunggunge isih sethithik mung mapan ing
saperangan tlatah Jawa lan urip kanthi pindhah-pindhah saka panggonan siji menyang
panggonan liyane jalaran kahanan alame sing ora ramah. Merga urip sing pindhah-
pindhah kuwi ndadekake wong-wong ing wektu kuwi ora krasa menawa kahanane tanah
Jawa jan-jane miring ngidul. Nyumurupi bab kuwi, para dewa ing kahyangan padha
kuwatir yen suwene suwe pulo Jawa sakisine bakal kerem ing laut kidul. kanggo
ngawekani prakara, para dewa banjur rembugan kepriye amrih apa sing dikuwatirke aja
nganti dumadi. Suwe anggone padha rembugan, wasana para dewa mupakat mindhah
Gunung Jamurdwipa menyang pulo Jawa kanggo ngimbangi pulo sing abot sisih kuwi.
roh-roh alus sing manggon ing Gunung Jamurdwipa dikonsumingkir jalaran gunung
arep dijunjung lan dipindhah menyang Pulo jawa. Semono uga kabeh wong, kewan lan
roh-roh alus sing manggon ing tengahe pulo Jawa dikonpindhah ninggalake papan tibane
Gunung Jamurdwipa samengkone. Kacrita ing papan sing kudu dikosongi kuwi ana
empu cacah loro sing kondhang nggawe keris sekti. Empu loro kuwi aran Mpu Permadi
lan Mpu Rama.
Nalika nindakake dhawuhe Bathara Guru saprelu nemoni Mpu loro kuwi, Dewa
Panyarikan lan Batara Narada ngungun banget mrangguli kaprigelane Mpu Permadi lan
Mpu Rama anggone padha yasa keris amarga olehe nyampur maneka logam ing
sandhuwure geni mulat-mulat tanpa nggunakake piranti nanging langsung nganggo
astane empu loro kuwi. Dene olehe nuthuki wesi panas ora nganggo palu lan ora
alandhesan logam. Wesi panas kasebut dilandheske ing pupu banjur dithuthuki nganggo
gegemane astane mpu Permadi lan Mpu Rama. Gegemane empu kuwi kayadene palu
waja sing banget atose. Saben astane mpu Permadi lan Mpu Rama dithuthuke ning bilah
wesi sing bakal didadekake keris, katon anane clorot cahya sing ngedab-edabi.
“Nyuwun pangapura Mpu Permadi lan Mpu Rama, tekaku lan bathara Narada ing
papanmu kene ora liya merga ngemban dhawuh saka Bathara Guru.” panyapane Dewa
Panyarikan.
Empu Permadi lan Mpu Rama banjur nglereni pakaryane lan nyumanggakake dewa
Panyarikan lan Bathara Narada kinen lenggah.
“Wonten kersa menapa dene panjenengan kekalih kersa rawuh dhateng papan
panggenan kula. Menapa ingkang saged kula aturaken minangka pambiyantu?” ature
Empu Rama.
“Tekaku mrene ora liya kanggo ngaturake panyuwune para dewa marang
panjenengan sakkloron”. wangsulane Bathara Narada.
“Menapa ingkang dipunkersakaken?” pitakone Mpu Permadi kepengin ngerti.
“Mugi-mugi kula kekalih saged minangkani panyuwunipun para dewa”. mpu
Permadi mbacutake ature.
Bathara Narada banjur ngandharake panyuwune para dewa. Sawise mireng piterange
bathara Narada, Mpu permadi apadene Mpu Rama padha sawang-sawangan gumun karo
sing dikersakke para Dewa. Kanggone empu loro, panyuwunan sing kaya mangkono
abot banget olehe nyembadani.
“Nyuwun agunging pangapunten bathara, mboten nami kula nulak lan mboten
ngestokaken panyuwunipun para dewa wonten kayangan. Nanging mugi dadosken priksa
panjenengan kekalih bilih anggen kula lan mpu permadi ndamel keris sekti menika
mboten saged ditindakaken wonten saknggen-nggen, mboten saged menawi pindhah-
pindhah papan panggenan,” piterangipun Mpu Rama.
“Nanging Mpu, kaanan iki wis gawat banget. Menawa panjenengan sakloron ora
enggal pindhah saka kene, tanah jawa ora suwe maneh bakal tambah miring,” alesane
Dewa panyarikan.
“Pancen bener sing dingendhikake Dewa Panyarikan. Aku saguh nggolekke papan
sing luwih apik kanggo panjenengan
sakloron,” pambujuke Bathara Narada.
Ora kurang-kurang olehe Dewa
Panyarikan lan Bathara Narada menehi
pangerten marang Mpu Permadi lan Mpu
Rama. Sanajan dijanjeni maneka warna,
mpu loro tetep ora gelem sumingkir saka
papan kono.
“Nyuwun pangapunten Bathara, kula
kekalih dereng saged minangkani
panyuwun panjenengan. Menawi kula pindhah papan kamangka keris menika dereng
dados samangke asilipin temtu awon, mboten saged kados ingkang dipunkajengaken.
langkung saking menika, kathah papan warata ingkang langkung sae kangge mapanaken
redi Jamurdwipa samangke,” ganten Empu permadi sing ngaturake alesane ora gelem
ninggalake papan kuwi.
Nyumurupi kukuhe Mpu Permadi lan Mpu Rama ndadekake Bathara Narada lan
Dewa Panyarikan kelangan kasabaran satemah nuwuhake tetembungan pangancam
kanggo mpu sakloron.
“Mpu Rama lan kowe Mpu Permadi, aja nganti aku nundhung kowe saka papan
kene kanthi peksan,” aloke Bathara Narada.
Mpu Rama lan Mpu Permadi ora wedi marang pangancame Bathara Narada jalaran
dheweke uga rumangsa lagi ngemban jejibahan kang kudu dirampungake kaya dene
Bathara Narada ngemban jejibahan saka Bathara Guru kanggo nyingkirake apa wae sing
dadi pepalang olehe mindhah gunung Jamurdwipa. kalorone padha-padha ngukuhi
panemune dhewe-dhewe, wusana ndadekake padudon, blengkerengan lan padha gelut
rebut bener. Sanajan sing diadhepi para dewa, Mpu Rama lan Mpu Permadi ora wedi, ora
gigrig. Kanthi kasekten sing ngedab-edabi, kalorone kasil ngasorake dewa Panyarikan
lan Bathara Narada sakwadyabalane. Kalorone banjur mabur mbalik menyang kayangan
atur lapuran marang Bathara Guru.
“Nyuwun duka Bathara guru,kula kekalih gagal anggenipun ngestokaken dhawuh.
Mpu Rama lan Mpu permadi sekti mandraguna mboten wonten tandhingipun,” lapure
Bathara Narada. Sakala bathara Guru murka mireng ature Bathara Narada.
“Dhasar wangkot Mpu Rama lan Mpu Permadi. wong loro kuwi kudu diajar,” ujare
bathara Guru.
“Dewa Bayu, enggal sebulen Gunung Jamurdwipa,” kanthi sora bathara Guru paring
prentah marang Dewa Bayu. Dewa Bayu enggal ngetogake kasektene. Gunung
Jamurdwipa disebul ngleyang ing akasa banjur ditibakake ngener ing papan prapene
empu Rama lan Mpu Permadi. Mpu loro sing ana papan kono ketindhihan gunung
Jamurdwipa lan dadi tiwase. Rohe dadi penunggu utawa sing mbau reksa gunung kuwi.
Prapen sing dinggo Mpu Rama lan Mpu Permadi yasa keris sanalika malih dadi
kawah. Ganeng kawah kuwi mula bukane saka prapen mula dening para dewa gunung
kuwi disulihi jenenge dadi Gunung Merapi.
Jarwan saka dongeng Legendha Asal Usul Gunung Merapi
Legenda Gunung Wurung
Dicritakke dhek jaman biyen ana sawjining desa sing mapan ing tlatah kang kepara
rata prasasat ora ana gunung lan palemahana saemper gunung ing sakupenge. Nuju tengah
wengi kang sepi para sesepuh desa katon padha dedonga kanthu temen nyuwun marang para
dewa ing kayangan supaya ing sakupenge desa diparingi gunung amrih tetanene subur
satemah asile mikolehi. Dongane para sesepuh desa diijabah dening dewa. Gunung
panyuwune kuwi bakal digawe sajrone wektu sawengi kanthi syarat ora kena ana wong sing
nyumurupi panggawene gunung kuwi. Syarat kuwi disetujoni.
“Para warga, dakjaluk marang kowe kabeh ngarepi sandhingkala mengko padha
mlebuwa ing omahe dhewe-dhewe lan aja padha metu yen srengenge durung katon ngesuk
esuk,” ature sespuh desa ing sangarepe warga sing dikumpulke kanggo ngringokake wara-
wara saka desa.
“Nyuwun pangapunten bapa, yektosipun ing desa menika wonten bencana menapa?
dene kula lan sedaya warga mboten dikeparengaken medal saking ngomah?” pitakone salah
siji warga katon bingung.
“Padha ngertenana kabeh menawa para dewa bakal yasa gunung ing desa kene amrih
asil tetanene awakke dhewe luwih apik. Nanging sajrone wektu yasa gunung kuwi ora kena
ana wong sing ngerteni anggone para dewa makarya,” sesepuh desa sijine nambahi
pangandhikan.
Sawise padha paham ngenani alesane ora
oleh padha metu ngomah nganti esuk srengenge
katon, ngarepi peteng para warga padha mlebu
ngomah. Ora watara suwe para dewa mudhun
saka kayangan lan miwiti yasa gunung sing
dipapanake ing pojok desa.
Ngancik tengah wengi, para dewa wis
kasil nggawe saka-sakaning gunung sing kokoh.
Saka-saka kuwi banjur diurugi lemah. Saben
dewa makarya jumbuh karo jejibahane dhewe-
dhewe tanpa takon tinakon lan omong-
omongan. Sajrone sawengi kuwi, para dewa
makarya kanthi sengkud amrih gunung sing
direncana enggal mawujud.
Ngarepi esuk umun-umun, gunung sing
digawe dening para dewa katon meh rampung kari sethithik sing durung diurugi lemah. Lagi
sengud-sengkude ngrampungke pakaryan dumadakan saka arah desa ana kenya sing mlaku
tumuju luk ulo (kali) sing manggon ing sacelake gunung kuwi digawe. Sajake kenya kuwi ora
ngringokake wara-warane sesepuh desa bab ora oleh metu ngomah tekan esuk srengenge
njedhul.
Kenya kuwi menyang luk ulo saprelu mesusi beras sing arep dimasak. Dheweke mlaku
tanpa noleh ngiwa nengen jalaran wayahe isih kepara peteng. Saeba kagete dheweke nalika
arep mudhun luk ulo meruhi gunung ing sangarepe.
“Lo, kenangapa dumadakan ana gunung ing papan kene? Kamangka dhek wingi-wingi
papan kene isih warata. Apa aku ngimpi Ya?” grenenge sajrine batin. Bareng noleh mrana
mrene dheweke tambah kaget nalika mrangguli wewejudan sing serem lan nggegilani lagi
padha usung-usung watu kanggo ngurugi gunung. Kenya kuwi mlayu nggendring karo
tulung-tulung keweden. Beras sing sedyane arep dipesusi diuntalna padha pating kececer
ditinggal mlayu. Para dewa sing krungu swara tulung-tulunge kenya kuwi sanalika padha
kaget lan sadhar yen pakaryane kuwi jebul wis dikonangi dening manungsa.
“Wong desa wis mblenjani janji. Ayo padha mbalik ing kayangan,” pangajake salah
sijine dewa menyang dewa-dewa liyane. Wekasane para dewa nglereni pakaryane lan enggal-
enggal mbalik menyang kayangan sanajan gunung sing digawe durung rampung. Dening
warga desa, gunung kuwi banjur dijenengi Gunung Wurung. Dene berase kenya sing pating
kececer malih dadi wewatuan ing sakupenge gunung.
Dijupuk saka Cerita Rakyat Nusantara kanthi owah-owahan basa
Mula Bukane Gunung Karang
Ing tlatah Sukoharjo, Wonosobo dhek jaman biyen ana sawijining tlaga jembar
bawera kanthi sesawangan kang endah. Tlaga kuwi penere mapan ing sandhuwure desa
Jebeng Plampitan, ora adoh saka desa Wora-Wari kang wekta semana dipangarsani dening
panjenengane Kyai Jebeng.
Kyai Jebeng sing diprecaya minangka salah siji santrine Kanjeng Sunan Kalijaga
mujudake pangarsa sing banget gemati marang warga desa. Kawasisan lan kaprigelan ing
samubarang bab ndadekake warga milih panjenengane dadi pangarsa. Warga desa urip
sesandhingan kanthi ayem tentrem merga tetanene kang gemah ripah loh jinawi.
Tlaga sandhuwure desa pancen sasuwenen iki dadi sumber panguripan warga desa.
Banyu kang mili saka tlaga dadi sarana kanggone para warga olah tetanen lan kekebonan
satemah asile bisa kanggo nyukupi panguripan. Kaanan sing ayem tentrem kuwi sanalika
malih ndrawasi bareng padha mangerteni yen ta banyu tlaga pendhak dina tambah dhuwur
satemah ndadekake kuwatir mahanani banjir samengkone. Kanggo ngawekani amrih banjir
gedhe sing bakal ngeremake desa ora klakon dumadi, Kya Jebeng banjur ngajak para warga
gawe benteng dhuwur sing ngupengi desa. Pangangkahe yen banjir samengkone nyata-nyata
dumadi, desane klelep dening banyu tlaga. Wiwit dina kuwi para warga lanang wadon, nom
tuwa padha tumandang sengkud makarya.
Kacarita, ora adoh saka tlaga dedunung kenya ayu sulistya ing warna. Dheweke urip
ijen tanpa wong tuwa tanpa sedulur, adoh tangga teparo. Ndina wengi pakaryane nyulam
nggawe slendhang utawa jarik. Uripe tansah dikebaki laku prihatin kanthi nindakake pasa lan
ngibadah. Kaya dene warga liyane, mangerteni kaanan tlaga sing banyune tansaya kebak uga
ndadekake kuwatire kenya mau. Awan kuwi dheweke ndedonga kanthi tenanan nyenyuwun
marang Kang Maha Kuwasa supaya warga desane didohake saka musibah banjir.
“Dhuh Gusti Ingkang Maha Welas lan Maha Asih keparenga kula nyuwun dhateng
Panjenengan. Kersaa Panjenengan nebihaken musibah dhateng kula lan para warga. Kersaa
Panjenengan nebihaken mbludagipun tlaga ingkang saged nuwuhaken bena ageng
ngeremaken desa. Dhuh Gusti, mugi Panjenengan kersa paring pitulung dhateng kula,
aamiin” ora rinasa luh dleweran metu saka mripate kenya kuwi nalika ndedonga. Bareng karo
rampunge anggone dedonga, langit peteng ndhedhet lelimengan, bledheg jedhar-jedher saut-
sautan.
Para warga sing lagi sengkud tumandang gawe benteng padha mandheg anggone
makarya. Padha kuwatir marang tekane udan gedhe sing bakal ndadekake banyu tlaga enggal
kebak lan mbludag mili menyang desa satemah banjir gedhe ora bisa diendhani.
“Ana apa iki? Kenangapa dumadakan kaanan dadi peteng ndhedhet kaya ngene?”
pitakone warga tanpa wangsulan.
“Kepriyen yen nganti dumadi banjir, mangka bentenge durung dadi”, kandhane warga
liyane kebak rasa kuwatir.
“Aneh, geneya awan sing padhang njingglang srengege sumelet dumadakan malih
mendhung peteng kaya ngene?” warga padha umyang gumuruh takon tinakon marang
awakke dhewe.
Kenya sing ndedonga nyenyuwun marang Kang Maha Kuwasa menyat saka papane
banjur metu saka ngomah. Bareng karo jumangkahe sikil metu lawang thatit bledheg
nyamber slendhang sing dicekel ing tangane. saeba kagete kenya kuwi nganti tiba
krengkangan. Dheweke enggal menyat mlayu ngoyak mabure slendhang sing tansaya ngadoh
munggah ing gegana.
Aneh, slendhang malih dadi ampak-ampak putih sing kajereng amba karo mubeng
muter-muter sandhuwure gunung sacedhake tlaga sadurunge tiba nutupi pucuke gunung
bebarengan karo gumuruhe swara saka njero gunung saemper lindhu. Ora let suwe, banyu
tlaga sing wis meleb-meleb kari nunggu mbludage dumadakan kaserot mudhun mlebu ing
bumi satemah tlaga banjur asat. Sing katon kari watu-watu gedhe kaya dene gunung karang
sing pecah mrana-mrene.
Sawise kaanan kepara aman, para warga padha mlayu nyedhaki punjere swara
gumludhug gumuruh sing metu saka sangisore tlaga. Kabeh padha ngungun nyumurupi
kaanan tlaga sing wis asat mung ninggalake banyu sethithik. Kabeh padha sujud syukur,
semono uga kenya sing slendhange mabur nutupi gunung uga melu sujud syukur ngaturake
panuwun tanpa pepindhan marang Gusti Kang maha Kuwasa sing wis ngijabahi donga lan
panyuwune.
“Dhuh Gusti, Kula ngaturaken panuwun ingkang ageng tanpa pepindhan dene
Panjenengan sampun ngijabahi donga lan panyuwun kula satemah kula lan para warga kalis
saking bena ageng, kalis saking musibah”, ature kenya kuwi sinambi sujud. Para warga sing
krungu pangucape kenya mau sakala padha gumun lan nglinguk nyawang dheweke tan
kejaba Kyai Jebeng.
“Dhuh Gusti, kangge mujudaken rasa syukur kula dhumateng Panjenengan ingkang
sampunparing tetulung dhateng kula lan para warga kula bakal tansah tumindak sae lan
paring tetulung dhumateng sinten kemawon ingkang mbetahaken pitulung”, kenya mau
nerusake pangucape sing ndadekake warga tambah gumune. Kyai Jebeng nyedhak.
“Ndhuk Cah Ayu, kabeh warga ing desa iki padha ngaturake panuwun marang
sliramu. Merga donga lan panyuwunmu marang Kang Maha Kuwasa saiki para warga bisa
ayem penggalihe merga ora kuwatir karo tekane banjir gedhe. Ing ngendi omahmu lan sapa
jenengmu?”
“Kula gesang piyambakan wonten sakcakete tlaga mrika, Kyai”, sumaure kenya tanpa
nyebutake jenenge.
“Apa sliramu gelem melu aku sinau bab agama?”, bacute Kyai Jebeng.
“Inggih kula purun Kyai. Kula sagah dados santri panjenengan”, wangsulane kenya
sing durung disumurupi jenenge kuwi.
“Para warga kabeh seksenana ganeng tlaga sing ndadekake awake dhewe kuwatir
saiki asat lan malih dadi gunungan watu-watu karang mula yen ana rejehe jaman papan iki
bakal takjenengi Gunung Karang”, ngendikane Kyai Jebeng paring putusan.
Dijarwakake lan dibesut saka Asal-Usul gunung Karang
Mula Bukane Andongsili
Kelurahan Andongsili, kecamatan Mojotengah, Kabupaten Wonosobo
kondhang minangka papan kang endah sesawangane. Ora nggumunake yen wiwit jaman
biyen tekan saprene papan iki kerep dadi ampiran kanggone para musafir utawa wong
sing seneng ngulandara.
Kacarita ing jaman biyen, akeh tanduran andong lan sili kang tuwuh ing sakupenge
papan sing mbiyen-mbiyene durung duwe jeneng kuwi. Dene ing sawetane tlatah kuwi
ana gumuk sing kebak watu-watu gedhe lan wit-witan rungkut . Ora ana siji sijia wong
sing wani ngambah apamaneh mlebu gumuk.
Nalika kuwi ana sawenehing musafir kang liwat ing papan kono. Piyambake
ngungun banget nyawang gumuk sing endah lan katon adhem. Kajurung panase hawa
ing wayah awan kuwi ndadekake sang musafir banjur sumene ing ngisor wit gedhe
sinambi menggalih.
“Kenangapa ing njero wana sing rungkud kaya ngene iki ana palemahan amba
bawera sing kebak wit andong lan wit sili nanging ora ana siji-sijia wit gedhe kayadene
sing tuwuh ing sakupenge?” mangkono pitakon sing ngebaki penggalihe. Isih kebak
pitakon marang awakke dhewe, piyambake banjur jumeneng lan jumangkah ngalor
menyang kali Prupuk golek banyu kanggo wudlu lan enggal mbalik ing papan sakawit
kanggo nindakake sholat ing sandhuwure watu gedhe. Sang musafir sholat kanthi
khusyuk nyenyuwun marang Kang Maha Kuwasa supaya tansah pinaringan
pangayoman. Satengahe nindakake sholat dumadakan piyambake diganggu dening roh
alus sing mbaureksa wana kono. Sajake roh alus kuwi ora trima yen wewengkone
diambah dening manungsa. Apamaneh sing ngambah dudu wong sembarangan, nanging
wong sing tansah mituhu dhawuhe Gusti. Satemah donga-donga kang dilafalake dening
sang musafir mrebawani lan nuwuhake hawa panas kanggone roh-roh alus.
Rumangsa kaganggu anggone nindakake sholat, sang musafir banjur lenggah
satata kanggo semedi nyuwun pituduh marang Gusti Allah. Wengi tansaya wengi,
anggone semedi tansaya khusyu. Ngancik tengah wengi, hawa sing mrebawani saya
dirasakake dening piyambake. Rasa kuwatir wiwit tuwuh sajrone ati. Kuwatir marang
gedhene kekuwatan roh alus sing bakal diadhepi sanajan ora katon mata. Kagawa
adheme hawa wengi, sang musafir banjur ngumpulake pang-pang garing gegenen. Bola-
bali geni katon arep sirep, bola-bali uga dikibiti nganggo godhong gedhang satemah geni
sing kanggo gegenen mulat-mulat. ora disumurupi saka ngendi sangkan parane
dumadakan ing sangarepe gegenen menthungul macan putih gedhe-gedhe sing
nggegirisi.
“Allahu Akbar!” saking kagete sanalika sang musafir mencolot mlumpat ing pang
wit. Dene macan telu sing gawe kagete sang musafir ora let suwe banjur lunga saka
papan kono bareng krungu lafal sing diucapke dening panjenengane.
Sawise kaanan katon aman, sang musafir banjur mudhun saka wit nerusake
anggone gegenen. Ora krasa mripate saya suwe saya ngantuk satemah keturon ing
sangarepe genen. Gangguan teka maneh. Lagi penak-penake sare, jin cacah telu kanthi
pawakan gedhe dhuwur nggegilani nekani sang musafir. Tekane jin cacah telu karo
ngguyu lakak-lakak gek dikantheni swara gumuruh angin lisus ndadekake geni sing
kanggo genen sang musafir mulat-mulat tambah dhuwur.
Sanalika sang musafir menyat saka anggone sare. Piyambake nyoba tatag nyawang
wewujudane jin cacah telu sing ngadeg ing sangarepe. Kanthi rambut dawa riwag-riwug,
untu mingis-mingis lan mata mlotot mencereng suwene suwe ndadekake sang musafir
tuwuh rasa wedine. Awak nrothog gemeter, kringet anyes dleweran, sikil kaya-kaya ora
kuwawa ngadeg nalika dipenthelengi dening jin-jin. Kuwi pancen prebawane jin cacah
telu sing dijarag amrih sing diadhepi keweden, ora duwe daya kanggo nglawan lan
pungkasane pasrah bongkokan. Sang musafir tiba lan sujud kaya-kaya arep nyembah jin.
Begjane pitulungan saka Kang Maha Kuwasa teka meneri sang musafir sujud banjur
dedonga. Sanalika bledheg jedhar-jedher bola-bali nyamber blegere jin cacah telu. Jin-jin
kuwi genten ngetokake kasektene sing ora kalah ngedab-ngedabi satemah nuwuhake
perang gedhe. Wit-wit ing sakupenge gumuk padha ambruk kena dayane sing lagi
perang lan malih dadi watu-watu gedhe. Saya suwe jin cacah telu ora kuwawa nandhingi
kekuwatane bledheg. Katelune padha nglempuruk ambruk merga awakke kobong.
Sang musafir nyedhaki jin cacah telu sing lagi glangsaran padha kelaran sambat
ngaruara njaluk tulung diluwari saka panandhange.
“He manungsa, tulungana aku...luwarana aku saka panyiksa iki”, panjaluke jin.
Sang musafir ngematake jin siji mbaka siji.
“Aku gelem nulungi kowe kabeh nanging ana syarate. Kowe kudu tobat lan
manembah marang Gusti Allah. Siji maneh kowe kudu janji ora arep ngggangu
manungsa”, pangandhikane Sang musafir.
“Sapa kuwi Gusti Allah? Kenangapa aku kudu manembah?” pitakone jin karo
ngampet lara ing sakojur awakke.
“Gusti Allah ndadekake aku lan kowe kabeh sing urip ing donya iki. Wis dadi
wajibe yen aku lan kowe kabeh manembah marang Panjenengane. Lerenana sikepmu
sing angkuh nganggep bangsamu dadi panguwasa ing alam donya”. piterange sang
musafir.
“Kepriye anggonku mertobat yen krungu sebutan Gusti Allah wae awakku dadi
panas semromong kaya kobong. Wis, ngene wae yen kowe gelem tetulung marang
awakku lan bala-balaku aku arep menehi apa wae sing dadi panjalukmu. Emas? Inten?
Raja brana? wong ayu saka bangsaku? kabeh bakal taksembadani. Kepriye?”,
panganyange jin.
“Aku ora butuh bandha. Yen kowe ora enggal tobat ya wis rasakna
panandhangmu”, panganceme sang musafir.
“Aja! Aja! Aku ora kuwat! Kepriye yen aku manembah marang kowe wae
manungsa?” jin isih mbudidaya nganyang.
“Dudu marang aku anggonmu manembah, nanging marang Gusti Allah sing
kagungan lan sing nguwasani alam donya iki. Sing nguripake lan nyirnakake aku lan
kowe kabeh. Ora ana kekuwatan sing luwih pinunjul ing panguripan iki kejaba
panjenengane”, piterange sang musafir sepisan maneh. Jin telu katon isih abot
minangkani panyuwune sang musafir. Katelune isih nyoba ngudi cara liya kanthi iming-
iming sing luwih mincutake ati. Pangiming-iming sing kanggone wong-wong awam tipis
imane temtu ndadekake keblinger satemah keblasuk-blasuk nuruti kekarepane jin iblis.
Sang musafir teteg, ora gigrig.
“Ya wis yen kowe kabeh tetep ora manut, sakkarepmu!”, Sang musafir jumangkah.
“Aku manut!” kandhane jin telu meh bebarengan ngerteni sang musafir arep lunga
ninggalake papan kono. Nanging aku arep takon ndhisik:
“Yen aku tobat, apa bener panandhangku lan kanca-kancaku bakal diluwari?”
Mireng pitakon kuwi sang musafir manthuk, ngendhikane :
“ Ya, aku bakal nyuwunku pitulung marang Gusti Allah amrih nyingkirake kabeh
sing dadi panandhangmu saiki. Kowe kudu manut melu aku”. Jin telu ngetutake lakune
sang musafir menyang kali. Ing kono jin telu dikongkon kungkum. Sang musafir banjur
nadhahake asta loro nyenyuwun kanthi khusyuk marang Kang Maha Kuwasa. Sakala
jintelu sing awakke kebak tatu kobong malih resik, ilang kabeh bekas kobonge.
“He..manungsa, aku ngaturke panuwun. Saiki aku precaya marang kabeh sing
kokomongake. Aku lan bala-balaku iki bakal melu kowe manembah marang Gusti
Allah”, janjine jin telu.
“Ya, mangkono sing takkarepake. Aja pisan-pisan kowe mbalela maneh marang
dhawuhe Gusti Allah. Saiki aku kepengin takon, sapa jeneng-jenengmu?”
“Aku Pa, aku To, aku Man”, jin telu nyebutake jenenge dhewe-dhewe.
“Pa..To..lan Man, saiki kowe kabeh kudu nirokake apa sing bakal takucapke
kanggo tandha yen kowe kabeh wis mertobat. Jin telu manthuk lan manut.
“ Ganeng saiki kowe kabeh wis dadi golonganku, kowe kudu melu lan
nyengkuyung ing ngendi wae papanku ngajari wong-wong supaya padha tobat lan
manembah marang Gusti Allah. Prelu kokngerteni sejatine aku iki Maulana Maghribi.
Aku ngumbara menyang saparan-paran kanggo aweh pangeling marang manungsa
supaya mlaku ing dalan bener”.
“Maturnuwun Syekh, kula sakanca badhe mituhu lan ndherek dhawuh panjenengan
njagi wewengkon mriki. Mbenjang punapa menawi wonten ingkang mrangguli macan
pethak utawi sawer ingkang nggadhahi jamang niku mboten sanes wewujudanipun kula
lan kanca-kanca minangka bukti bilih bab-bab ingkang ghoib niku panci wonten ing
alam donya niki”, kandhane jin Pa. Syekh Maulana Maghribi marem mireng ature jin.
Wengi sing kebak prastawa lumaku kanthi tumekane esuk. Wit-wit gedhe sakupenge
gumuk sing wingi isih katon kebak ijo royo-royo saiki malih ierng kabeh dadi watu. Sing
nganeh-anehi, wit-witan andong lan sili sing kepidak-pidak merga dadi ajang tandhing
antarane jin lan musafir malah isih katon subur kaya-kaya ora tau kambah.
Kanthi bantuan jin Pa, To lan Man, Syekh Maulana Maghribi bebenah papan kono.
Piyambake banjur ngedegake pondhok kanggo ngaji lan ngangsu kawruh warga
sakupeng. Suwene suwe papan kono dadi rame lan ngrembaka. Akeh wong-wong saka
paran-paran padha mara kepengin dadi santrine panjenengane. Ganeng papan kuwi
durung ana jenenge, Syekh Maulana Maghribi banjur ngumpulake santri-santrine
kanggro ngrembug jeneng desa kuwi. Prastawa nganeh-anehi bab wit andong lan wit sili
dadi cikal bakale jeneng Andongsili. Kabeh padha sarujuk marang pamanggihe Syekh
Maulana Maghribi.
Kepara suwe Syekh Maulana paring piwulang ing papan sing wis dijenengi
Andongsili. Manut pamawase panjenengane, wis akeh santri sing baut bab ajaran agama,
mula panjenengane banjur duwe sedya ninggalake papan kuwi kanggo nerusake laku
menyang tlatah liya sing isih mbutuhake panuntun. Sadurunge jengkar, Syekh Maulana
Maghribi nganakake pandadaran kanggo nemtokake sapa santri sing paling pinunjul lan
pantes didadekake panutan samengkone. Asil pandadaran mutusake yen ta Kyai Jadug,
Kyai Bromosari lan Kyai Abdullah Syahid bakal dipasrahi tanggung jawab kanggo
nerusake paring piwulang marang warga. Syekh Maulana Maghribi banjur nerusake
tindake menyang Wonobodro Batang
Dijarwakake lan dibesut saka legenda Andongsili
Legendha Bumiroso
Kacarita dhek jaman uni ana Kyai kang asma Bumiroso. Jalaran ana gandheng
cenenge karo prastawa gedhe sing dumadi ing jaman-jaman kepungkur, mula kanggo
pangeling-eling asma panjenengane banjur didadekake jeneng salah siji panggonan sing
kalebu ing wewengkon Kecamatan Watumalang, penere ing sakulone Kali Serayu.
Mula bukane crita kawiwitan nalika ing sawijining kraton agung sing dipangarsani
dening raja wicaksana kagungan puteri ayu merak ati, alus bebudene, ora tau gawe
kuciwaning sang raja. Ngancik diwasa sang puteri durung duwe garwa, dudu sebab ora
ana sing gelem karo dheweke, ananging suwalike akeh banget pangeran lan putra-putra
bangsawan saka manca kraton sing padha ngunggah-unggahi kepengin ngepek sang
puteri dadi garwane satemah ndadekake bingung anggone mutusi. Supaya ora dadi tukar
padu, regejegan rebutan antarane siji lan sijine mula sang raja banjur nganakake
sayembara adu kasekten. Sing sapa bisa unggul tekan dina pungkasan sayembara ateges
nduweni hak kanggo mboyong sang putri kang asma Dewi Ayu.
Tekan titi wanci pungkasan sayembara, katitik wis ana siji pangeran kasil ngungguli
lawan-lawane anggone adu kasekten. Emane sang pangeran nduweni watak anggak
angkuh sing ndadekake sang putri ora seneng.
“Hahaha ..Aku, pangeran sing pantes mboyong Dewi Ayu dadi garwaku merga aku
sing paling sekti. Sapa wani..ayo tandhing karo aku..tampanana kasektenku!”, karo
ngguyu lakak-lakan sang pangeran sesumbar ndadekake Dewi Ayu tambah ora seneng.
Sang Puteri sedhih jalaran priya sing bakal dadi garwane ora jumbuh karo sing
dikarepake. Priya sing alus bebudene, bisa menehi pangayoman lan ora melik bandha.
Nanging Pangeran sing wis ning ngarep mata bakal dadi garwane cetha watake
brangasan, galak lan kasar, kepriye aku mengko yen sida dadi garwane? Aku mesthi ora
bakal urip ayem tentrem yen sesandhingan karo dheweke. Aku kudu kepriye supaya bisa
uwal saka prekara iki? batine Dewi Ayu.
Rina wengi esuk sore Dewi Ayu mbudidaya golek cara amrih bisa uwal saka ruwet
renteng prakara sing lagi diadhepi. Wekasane sang Dewi ndudut panemu yen ta sumbere
prakara ora liya merga rupa ayu sing disandhang dheweke. Dene kanggo nguwali bab
kuwi ora ana cara liya kejaba ngowahi rupa supaya dadi ala satemah Sang Pangeran sing
kasil unggul ing sayembara ora sida ngepek garwa. Kanthi nyuwun tetimbangan karo
rama lan ibune pungkasane kanthi sesidheman Dewi Ayu ninggalake kraton miwiti
pangumbarane menyang papan-papan sing diprecaya bisa ndadekake rupane dadi ala.
Tindake didherekake abdi kraton kaprecayane sang raja.
Wis kepara adoh Dewi Ayu ninggalake kraton. Ora mung siji loro papan sing dijujug
kanggo ngupaya malihake rupane sing ayu dadi ala, ananing durung ana sing jodho.
Sanajan wis nyoba maneka cara, rupane isih ajeg ayu lan merak ati kanggone sapa wae
sing nyawang. Dina mbaka dina, wulan mbaka wulan, tambah adoh Dewi Ayu
sapendherek anggone ninggalake rama lan ibune. Tekade sing kenceng wiwit kendho
kaya mutung-mutunga.
Ora krasa lakune wis tekan sawijining desa sing hawane adhem, sesawangane endah
ing saperenge redi Sindoro lan Sumbing.
“Kisanak, menawi pareng kula nyuwun priksa menika dusun pundi?”, pitakone
pandhereke Dewi Ayu nalika papagan karo wong ing dalan tumuju desa.
“ O.. mriki niki Watugede, Panjenengan badhe tindak pundi?” pawongan kuwi ganti
takon karo nyawang siji lan sijine rombongane Dewi Ayu. Begjane Dewi Ayu separo
raine katutupan slendhang satemah ora dingerteni kaya ngapa ayune sang dewi.
“Nuwun sewu menapa leres wonten tlatah mriki dedunung Kyai Bumiroso ingkang
kondhang kawentar?” pitakone maneh.
“Leres, mangke panjenengan ngetutaken mergi niki ngantos dumugi pondhok ageng
ingkang sangajengipun wonten pendhapanipun. Inggih menika dalemipun Kyai”,
piterange pawongan kuwi kanthi cetha. .Sawise ngaturake panuwun, Dewi Ayu
sapendhereke tekan panggonan sing dicethake wong ing dalan mau.
Swasana pondhok katon sepi. Kyai Bumiroso sing digoleki lagi gladhi kanuragan ing
plataran mburi pondhok. Bareng ngerti yen ketekan tamu, piyambake nglereni anggone
gladhi banjur nemoni ing pendhapa.
“Kyai, keparenga kula nepangaken. Kula Dewi Ayu, dene nika pendherek-pendherk
kula”, Dewi Ayu nepungake awake dhewe lan abdi-abdine sawise disumanggakake
dening Kyai Bumiroso. Sang Dewi banjur ngandharake ancas tujuwane mara ing papan
kono. Kyai Bumiroso manggut-manggut paham karo sing dikarepake tamune.
“Menawi mekaten mangga kula dherekaken panjenengan dhateng mbelik ingkang
sadangunipun menika dados papan jujugan tumrapipun tiyang-tiyang ingkang pados
jampi. Toya ing mbelik dipunpitados saged ngusadani memala napa mawon gumantung
kaliyan niyat lan panyuwunipun”, ngendhikane Kyai Bumiroso. Piyambake banjur
jumangkah metu saka pendhapa didherekake Dewi Ayu lan abdi-abdine tumuju menyang
mbelik sing rada adoh saka desa. Dalane ora amba dene sakiwa tengene kebak alang-
alang dhuwur.
“Mangga Dewi kersaa ngunjuk toya saking mbelik nika, namung sakderengipun
kedah nyebataken menapa ingkang dipunkajengaken”, pituduhe Kyai Bumiroso marang
Dewi Ayu bareng tekan mbelik sing dikarepake. Piyambake uga njlentrehake yen ta akeh
warga sing nandhang mala gondhok utawa gendol sawise ngombe banyu mbelik kono.
Mula papan kuwi banjur dijenengi desa Gendol.
Dewi Ayu mituhu dhawuhe Kyai Bumiroso. Sadurunge ngombe banyu mbelik
dheweke ndedonga, nyuwun supaya gulune malih dadi gedhe. Sarana tangan loro banyu
mbelik ditadhahi banjur diombe. Mentas saka mbelik, dienteni sawetara nanging owah-
owahan sing dikarepake ora dumadi. Gulune ajeg lencir lan praupane ajeg ayu. Sepisan
maneh sang dewi kuciwa. Upayane durung ana sing kasil.
Karo nglokro Dewi Ayu lunga ninggalake mbelik nerusake laku menyang
Kalimendong, papan sing dituduhake dening Kyai Bumiroso sabanjure. Miturut
ngendhikane panjenengane, ing Kalimendong ana mbelik sing banyune bisa ndadekake
sapa wae sing ngombe dadi cecet utawa cacat. Ananging beda panemune para
pendhereke Dewi Ayu. Abdi loro sing setya tuhu ngetutake sang dewi kuwi krungune
cacah dudu cacat.
Satekane Kalimendong, Dewi Ayu age-age nyawuk banyu banjur diombe. Dheweke
tetep kepengin rupane sing ayu enggal malih ala lan enggal mulih menyang kraton sing
wis suwe ditinggalake. Kanthi kebak rasa kuwatir sang dewi ngenteni anane owah-
owahan. Suwe dienten-enteni, owah-owahan sing disuwun ora klakon dumadi.
Ora ngerti saka ngendi tekane pikiran ala, abdi loro mungkasi uripe Dewi Ayu kanthi
nacah-nacah awake. Ing pamawase tumindak kuwi adhedhasar piwelinge Kyai Bumiroso
sadurunge ninggalake desa Gendol. Bebarengan karo patine Dewi Ayu, penggalihe Kyai
Bumiroso krasa ora ayem lan kebak was sumelang. Gawang-gawang kaya ana prastawa
sing ndrawasi nemahi sang dewi. Kyai Bumiroso enggal sumusul menyang Kalimendong,
papan sing dituduhake marang Dewi Ayu kanggo nggolek usada. Tekan kono saeba
kagete Kyai Bumiroso meruhi prastawa kang nggegirisi. Anggane Dewi Ayu gumlethak
kanthi kaanan kacacak-cacak, dene abdi lorone padha jerat jerit keweden bareng ngerteni
rawuhe panjenengane. Kaya wong kesurupan, pendhereke Dewi Ayu uga mungkasi Kyai
bumiroso kanthi cara padha karo sing ditumamkna marang Dewi Ayu. Ing pungkasane,
abdi loro pendhereke Dewi Ayu namahi pati kanthi cara lampus diri nacak-nacak awakke
dhewe.
MULA BUKANE DESA JAMBON
“Tulung anakku Kang...!”
“Tulung simbokku Yu...!
“Tulung..tulung!” Darjo mlayu mrana-mrene ngrerepa marang wong-wong sing liwat
ngarep omahe. Siji-sijia wong sing digeret-geret tangane ora ana sing gelem aweh pitulung.
Dudu merga ora padha duwe rasa welas, dudu merga ora padha gelem tetulung. Kabeh wong
sing ditemoni ing dalan padha-padha bingunge kaya dheweke. Anak, bojo, simbok, bapak,
lan brayat-brayate padha ketamana lelara sing durung ketemu tambane. Bebasan esuk lara
sore mati, mangkono pageblug wis njalari tiwase wong pirang-pirang ing desa kuwi. Ing
kana kene sing keprungu wong padha tetangisan merga kelangan sanak kadang sing ora
ketulungan. Kabeh sing ketaman lara sambate padha yaiku lara weteng lan bebuwang
makaping-kaping. Yen adate lara kaya mangkono bakal mari sawise ditambani peresan kunir
utawane ngunyah pucuke godhong lo, godhong dhempul. Saiki kuwi kabeh kodal ora mandi
babar blas.
“Jo....simbok ora kuwat.” Simboke Darjo metu saka senthong. Karo nrothok, tangan siji
golek cekelan kanggo rambatan, dene sijine nyekeli weteng nahan lara. Anggone mlaku
mbungkuk-mbungkuk sempoyongan.
Braaaak! durung tekan lawang simboke Darjo tiba. Darjo sing ora kasil golek pitulungan
age-age mlebu ngomah bareng krungu swara kaya ambruke lemari.
“Simbook.....!” panjerite Darjo meruhe simboke sing tiba mengkurep. Awak tuwa umur
sewidak taunan kuwi dicandhak dilumahake.
“Simboook...!” Darjo njerit maneh ngerteni simboke wis ora ambegan. Awakke simboke
dikekep seret karo ngangis nggero-nggero. Anake Darjo sing uga lagi nandhang lara metu
saka senthong melu nangis kelangan simbahe. Wong loro padha tetangisan merga ditinggal
selawase dening wong sing banget ditresnani. Saploke Darjo wadon mati jalaran mala sing
padha, simboke Darjo dadi siji-sijine wong ing omah kuwi sing ngrampungi pakaryan pinuju
Darjo lan anake menyang alas. Durung ana selapan dina Darjo wis kelangan wong loro.
Durung rampung wong-wong mulasara jisime simboke Darjo, ing sabrang dalan Yu
Sarmi nangis jerat-jerit njaluk tulung merga bojone mati.
-
Darjo dikancani lan bala-balane ninggalake desa mlaku munggah gunung ngurut kali mlebu
metu wana saprelu njujug papan dununge Kyai Sojo sing kondhang sekti seneng tetulung. saperangan
wong-wong desa Sore kuwi Kyai Sojo lagi lenggah diadhep para santrine sawise gladhi
kanuragan. Darjo lan wong-wong desa mara saprelu nyuwun pitulung