Materi Ajar Basa Jawa
Naskah Sandiwara
SMA
KELAS IX
SEMESTER 2
Dening: Yeni Tri Murdianingrum
SMA KELAS IX
SEMESTER 2
A. Kompetensi Dasar
3.1 Menelaah naskah sandiwara berbahasa Jawa
4.1 Menulis naskah sandiwara berbahasa Jawa dengan
bahasa sendiri
B. Indikator Pencapaian
3.2.1 Menganalisis unsur intrinsik naskah sandiwara dengan tepat (C4)
4.2.1 Menyajikan hasil menulis naskah sandiwara dengan kreatifitas
masing-masing dengan penuh percaya diri (C6)
C. Ancas Pasinaon
1. Sakwise nyemak tuladha naskah sandiwara, siswa bisa
nganalisis unsur intrinsik naskah sandiwara.
2. Sakwise nyemak tuladha naskah sandiwara basa Jawa,
siswa bisa nulis naskah sandiwara kanthi kaidah PUEBI kang
trep.
D. Pandom Pasinaon
Kagiatan sinau ana ing buku teks iki disusun kanthi urut.
Pramila, sakdurunge mlebu ing materi pasinaon, luwih becik para
siswa mangerti pandom pasinaon supaya luwih gampang angggone
sinau. Ing ngisor bab-bab kang kudu digatekake kaliyan para
siswa:
1. Para siswa maca pandom pasinaon ing materi iki. Kang arupa
kompetensi dasar, indikator pencapaian kompetensi, lan ancas
pasinaon.
2. Pahami penjelasan ana ing saben kegiatan sinau.
3. Kerjakna kanthi teliti dan temenan ing saben galdhen, menawa
anggone sinau ana kang ora dimangerti bisa nyuwun pirsa marang
guru.
4. Praktikna pasinaon sing dientukake saka guru.
5. Sinaoni meneh penjelasan saka guru utamane babagan materi
sing durung dipahami.
Materi Ajar
Drama (Sandiwara)
Tembung drama utawa sandiwara asale saka basa Yunani
kang nduweni teges sawijining aksi/solah bawa, utawa crita
kang dipentasake dening paraga-paraga. Tembung sandi
nduweni teges rahasia lan wara nduweni teges panggula
wenthah. Sandiwara iku ajaran sing dilantarake kanthi
siningit utawa ora terang-terangan.
A. Tegese Sandiwara
Sandiwara yaiku sawijining wujud karya sastra sing
diparagakake dening aktor. Kaya dene jenis karya sastra
liyane, sandiwara uga ngemot unsur-unsur intrinsic.
Salah siji ciri khase naskah drama yaiku awujud
pacelathon (dialog). Naskah drama iku mujudake tetiron
saka panguripane manungsa saben dinane. Mula saka iku
dialog kang digunakake mujudake pacelathon padinan kang
nggunakake basa lisan kang komunikatif.
B. Unsur-Unsur Naskah Sandiwara
1.Unsur Intrinsik Sandiwara
Unsur-unsur intrinsik sing ana ing sandiwara yaiku :
1. Tema
Tema yaiku gagasan pokok, ide, utawa pikiran utama
minangka landhesan kanggo nulis carita.
2. Paraga
Paraga yaiku kabeh pawongan kang ana ing sawijining
carita. Ana sing dadi paraga utama lan ana sing dadi
paraga tambahan gumantung marang gedhe cilike
peranan ing carita mau.
3. Watake paraga
Saben paraga duwe watak dhewe-dhewe. Paraga
protagonis adate duwe watak kang becik, pinter, manut
marang wong tua lan sipat-sipat becik liyane. Paraga
antagonis umume kadunungan watak kang ala, culika,
ora duwe tata krama, lan sapanunggalane. Ing sandiwara,
watake paraga bisa dideleng saka polahe paraga nalika
dialog, ekspresine, isine carita, lan tumindake paraga ing
carita mau.
4. Alur
Alur yaiku urutane prastawa utawa kedadean kang ana
ing carita sing nuduhake hubungan sebab akibat.
5. Latar
Latar yaiku katrangan ngenani papan, wektu, lan
swasana dumadine carita. Latar sing ana ing sandiwara
kang dipentasake umume sesambungan karo tata
panggung (dekorasi panggung), tata cahaya, lan tata
swara.
6. Amanat
Amanat yaiku pitutur becik kang ana ing sajroning crita.
2. Unsur Ekstrinsik Sandiwara
Unsur ekstrinsik sandiwara yaiku unsur kang mbangun
crita saka njabaning crita Kang kalebu unsur ekstrinsik
yaiku:
Latar belakang penulisan crita, sejarah, biografi pengarang,
lan nilai-nilai yaiku:
1) Agama
2) Ekonomi
3) Sosial
4) Pendidikan
5) Budaya
C. Wujud Sandiwara
1. Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo
saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.
2. Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan
gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten
musik lan ekspresi saking rupane lakon.
3. Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo
geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.
4. Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane
naskah saha oposisi (kontras).
D. Jinising Sandiwara
Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara
kaperang dadi enem, yaiku:
1. Sandiwara panggung, diparagakake ing panggung
pertunjukan lan penonton wonten ing sakiwa tengene
panggung saengga penonton saged mirsani, mirengake, lan
ngraba para paragane. Sacara langsung.
2. Sandiwara radio, pagelaran ingkang namung saget dipun
mirengaken ananging boten saget dipunpirsani.
3. Sandiwara TV, drama TV sadet dimirengake lan
dipersani nanging boten saged dipunraba. Pamentasanipun
saget sacara langsung lan uga saged sacara rekaman.
4. Sandiwara Film, drama kang migunakake layar lebar
lan pertunjukane biasane digelar ing jero bioskop.
5. Sandiwara wayang, ciri khas tontonan drama inggih
punika wonten cerita lan dialog. Para paraga digambarake
nganggo wayang. Lan biasane dimainake dening dhalang.
6. Sandiwara boneka,
Miturut arane naskah kaperang dadi loro yaiku :
1. Sandiwara tradisional, yaiku tontonan sandiwara kang
tanpa migunakake naskah. Watak, tokoh, dialog, lan gerak-
gerik kaserahake kabeh tumrap para paraga.ex. kethoprak
(Jateng), Ludruk (Jatim), Lenong (Betawi)
2. Sandiwara modern, yaiku sandiwara kang migunakake
naskah, naskah kang isine dialog lan gerak-gerike para
paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan
paraga/gerak-gerik kang ditampilake padha karo naskah
kang diapalake.
E. Nulis Naskah Sandiwara
Nulis naskah sandiwara kudu nggatekake urutan gawe kaya ing
ngisor iki:
1. Nemtokake tema. Sakdurunge nulis naskah, siswa kudu
nemtokake tema naskah apa sing bakal ditulis, bisa golek
internet kanggo referensi tema.
2. Telusuri lan nemtokake prastawa kang narik kawigaten.
Prastawa kang dipilih bisa dadi ide kanggo nulis naskah
sandiwara banjur dikembangke miturut kreatifitas siswa.
3. Gawe judhul lengkap lan outline utawa kerangka naskah.
Judhul lan kerangka naskah iki minangka acuan kanggo siswa
ngerangkai alur naskah sandiwara.
4. Sakwise iku yaiku nemtokaketokoh lan karaktere.
5. Kerangka kerja lengkap digawe wiwit kerangka konflik,
kerangka pambuka, lan liya-liyane, mula digawe alur crita.
6. Temtokake kramagung lan wawancang. Wawancang yaiku
dialog utawa percakapan sing kudu dilakonake karo tokoh ing
naskah. Kramagung yaiku pituduh lakon, tumindak, utawa
tumindak sing kudu dilakonake karo tokoh
Supaya luwih paham ngenani unsur intrinsik lan unsur
ekstrinsik naskah sandiwara bahasa Jawa, ayo padha sinau lan
nyemak video kang ana ing tautan link iki:
https://criarcomo.blogspot.com/2017/11/contoh-sandiwara-
bahasa-jawa.html
https://www.youtube.com/watch?v=fJN9uNDS3Lo
Kanggo lueih mangerti kepiye naskah sandiwara,
wacanen tuladha Naskah Sandiwara ing ngisor iki anthi
permati!
Ing desa Tamantirto nganakaken pertemuan pemuda ingkang
kaping 40 taun, Ana ing kana (Anto, Murti, Tejo, Jalal, Sri,
Mawar, Radit, Tio, Melati, lan Cempaka)
Anto: “Wengi iki awake dhewe bakal nemtokake kegiatan apa
sing bermanfaat lan kompeten kanggo dianakake nalika
mengeti 40 taun desa Tamantirto. Apa ana usul luwih inovatif
saka kanca-kanca? Utawa awake dhewe bakal nganakake
balapan lan kegiatan kaya taun kepungkur?”
Jalal: “Awake dhewe kudu mikir babagan aktivitas lan
kompetisi sing rada beda supaya wong ora bosen.”
Murti: “Aku ngajak nyengkuyung kontes geguritan lan nyusun
babagan lingkungan desa kanggo bocah-bocah supaya ekspresi,
pemikiran lan keterampilan ing sastra lan seni isa disalurake.”
Mawar: “Sarujuk. Saliyane ngasah bakat, kontes gurit uga
migunani minangka sarana pendidikan kanggo wong-wong
mau.”
Tio: “Aku ngusulake kegiatan sajrone karya bakti, kita bakal
mbantu anak yatim piatu lan wong miskin oramunging desa
kita nangingugaing desa-desa tetanggan.”
empaka: “Aku sarujuk karo idene Tio, ben awake dhewe ora
seneng ing dina kuwi, nanging kabeh dianggep minangka wong
saka desa.”
Radit: “Terus awake dhewe mbutuhake dana kathah kangge
nindakaken ide mau.”
Tejo: “Aku bakal nggawe proposal sing ditujokake kanggo
kepala desa babagan kegiatan, kompetisi lan dana sing
dibutuhake. Sakdurunge awake dhewe dibagi sakdurunge sing
njupuk care saka balapan lan sing njupuk care saka aktivitas.”
Mawar: “Awake dhewe bakal mbagi sumbangan arupi dhuwit
utawa barang? Yen barang-barang kuwi isa sukarela ing sesi
pameran.”
Melati: “Ya, kita kudu ngedistribusiake barang-barang
keperluan kaya lenga, beras lan gula. Aku nggabung karo
Mawar.
Sri: Kanggo konsumsi umum, aku saran kanggo nggawe beras
kuning lan es woh dadi luwih bervariasi lan panganan, sing
narik kawigaten amarga iku kan warna-warni.”
Tejo: “Iya, Sri mbagi konsumsi karo Cempaka.”
Cempaka: “Aku setuju, aku bakal mulai nggoleki barang-
barang konsumen sesuk.”
Radit: “Oke, kanca-kanca liyane sing ora duwe tugas gabung
karo aku kanggo nyedhiyakake peralatan lan dekorasi acara
panggung.”
Anto: “Oke, kanggo kabeh wae pertemuan bengi iki kita
pungkasi, mengko lanjut koordinasi ing panggihan
saklajengipun.”
Gladhen Soal
Kagiyatan 1
1. Ndapuka kelompok, saben kelompok cacahe lima.
2. Tuduhna unsur-unsur intrinsic sajroning naskah drama
“Lomba 17-an” ing dhuwur!
3. Perangan watak lan latar wenehana bukti wujud ukara saka
teks kasebut!
4. Piwulang apa kang bisa kapethik saka naskah sandiwara mau?
Kagiyatan 2
1 Goleka tema naskah sandiwara sing bakal digawe saben siswa.
2. Gawena cengkorongan naskah drama kang arep digawe.
3. Miturut kreatifitasmu, tulisa naskah sandiwara kanthi kaidah
PUEBI kang trep.
Panilaian Dhiri
Sakwise maca lan mangerteni materi naskah sandiwara, aku
duweni kemampuan ing ngisor iki!
1. Mangerteni isi teks sandiwara “Lomba 17-an”
2. Mangerteni usnur-unsur ing sajroning teks sandiwara “Lomba
17-an”
3. Mangertosi piwulang saka teks sandiwara “Lomba 17-an”
Refleksi
Sakwise maca materi ing dhuwur, apa kang durung dimagerteni
saka materi Naskah Sandiwara?
Apa wae unsur-unsur ings ajroning naskah sandiwara?
Apa wae jinise naskah sandiwara?
Ringkesan Materi
Sandiwara yaiku sawijining wujud karya sastra sing diparagakake
dening aktor. Kaya dene jenis karya sastra liyane, sandiwara uga
ngemot unsur-unsur intrinsic.
1. Unsur Intrinsik Sandiwara
Unsur-unsur intrinsik sing ana ing sandiwara yaiku :
1. Tema
Tema yaiku gagasan pokok, ide, utawa pikiran utama minangka
landhesan kanggo nulis carita.
2. Paraga
Paraga yaiku kabeh pawongan kang ana ing sawijining carita.
3. Watake paraga
Saben paraga duwe watak dhewe-dhewe. Paraga protagonis adate
duwe watak kang becik, pinter, manut marang wong tua lan sipat-
sipat becik liyane. Paraga antagonis umume kadunungan watak
kang ala, culika, ora duwe tata krama, lan sapanunggalane.
4. Alur
Alur yaiku urutane prastawa utawa kedadean kang ana ing
carita sing nuduhake hubungan sebab akibat.
5. Latar
Latar yaiku katrangan ngenani papan, wektu, lan swasana
dumadine carita.
6. Amanat
Amanat yaiku pitutur becik kang ana ing sajerone carita.
2. Unsur Ekstrinsik Sandiwara
Unsur ekstrinsik Sandiwara yaiku unsur kang mbangun crita
saka njabaning crita Kang kalebu unsur ekstrinsik yaiku: 1)
Agama
2) Ekonomi
3) Sosial
4) Pendidikan
5) Budaya
. Jinising Sandiwara
Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara kaperang
dadi enem, yaiku:
1. Sandiwara panggung
2. Sandiwara radio
3. Sandiwara TV
4. Sandiwara Film
5. Sandiwara wayang
6. Sandiwara boneka,
Kapustakan
https://123dok.com/tag/contoh-naskah-drama#mcetoc_1di54tjro1
Sabdawara. (2001). Pengajaran Bahasa Jawa Sebagai Wahana
Pembentukan Budi Pekerti Luhur. Makalah disajikan dalam
Konggres Bahasa Jawa III.
Burhan Nurgiyantoro. (2009). Penilaian dalam Pengajaran Bahasa
dan Sastra. Yogyakarta: BPEE.