BAHAN AJAR
NOVEL
BASA JAWA
SEMESTER II
KELAS XI OLEH
SMA/SMK/MA Ainul Misbah
KOMPETENSI DASAR
3.1. Menelaah Novel Berbahasa Jawa
INDIKATOR
3.2.1 Menganalisis unsur intrinsik novel dengan
tepat (C4)
ANCAS PASINAON
1.Sakwise maca novel basa Jawa, siswa bisa
nganalisis unsur intrinsik novel
2.Sakwise maca novel basa jawa siswa bisa
nganalisis unsur ekstrinsik novel.
PANDOM PASINAON
Sadurunge mlebu ing materi pasinaon, luwih becik para
siswa mengerti pandom pasinaon iki. Ing ngisor iki bab-
bab kang kudu digatekake :
1. Para siswa maca pandom pasinaon ing materi iki.
2. Para siswa maca novel "Ngulandara"
3. Para siswa gladhen soal ing bagean gladhen saka novel
"ngulandara sing wis diwaca.
4. Menawa anggone sinau ana kang ora dimangerti bisa
nyuwun pirsa marang guru.
APA KUWI NOVEL?
Novel yaiku wujud sastra paling populer ing donya. Wujud karya
sastra iki paling akeh dicetak lan paling akeh sumebar, lantaran
daya komunitase kang amba ing sajrone masarakat. (Jakob
Sumardjo)
Novel yaiku wujud karya sastra kang dumadi saka rong unsur, yaiku
unsur intrinsik lan ekstrinsik kang kaloro unsur kasebut
gegandhengan jalaran duweni daya pangaribawa gedhe kanggo
nglairake karya sastra. (Rostamaji lan Agus Priantoro)
Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-
unsur intrinsik. (Paulus Tukam)
Novel yaiku rerangken kang awujud gancaran (prosa) kang dawa
ngandhut rerangken crita bab panguripan sawijining wong lan wong
ing sakupenge kanthi nonjolake watek lan sipate saben paraga.
(Kamus Besar Bahasa Indonesia)
UNSUR-UNSUR NOVEL
2. Unsur-unsur Novel
a. Unsur Intrinsik
1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari crita
novel.
2. Setting yaiku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku
crita, setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.
3. Punjering Crita, kaperang dadi 3.
3.1. Sesulih wong Kapisan Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh
lan tembung sesulih wong kapisan (Kata ganti orang pertama).
Nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe
kanthi tembungtembunge dhewe.
3.2. Sesulih wong Katelu Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh
bawahan, pengarang luwih akeh ngamati saka sanjabane crita.
Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (Kata
ganti orang ketiga)
3.3. Sudut Pandang impersonal Pengarang sanyatane dumunung ing
sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti.
Pengarang bisa nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine.
4. Alur/Plot Rerangkening prastawa/kedadeyan ing Novel. Alur Maju
(Progresif) Alur Mundur (Regresif) Alur Campuran
5. Penokohan Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga.
Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike,
lingkungane.
6. Gaya Bahasa Yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.
7. Amanat Pesen / Piweling kang arep diwenehake pengarang marang
pamaos Novel b. Unsur Ekstrinsik Unsur iku ngemot latar belakang
penciptaan, sejarah, biografi pengarang.
Unsur Ekstrinsik
Unsur iku ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi
pengarang, lan nilai-nilai (sosial, budaya, moral, agama)
JENIS NOVEL
23. Jenis Novel
1. Novel Serius, Novel serius yaiku novel kang surasane bisa
manungsakake manungsa pamaca. Tegese, wong kang maca bisa dadi
pribadhi kang luwih becik Novel serius nduweni piguna sosial (bisa
nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa
kang luwih prasaja)
2. Novel Hiburan, Novel hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur
hiburane saengga pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca
kanggo ngrampungake novel kasebut Novel hiburan nduweni piguna
personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati
kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin
ngrampungake anggone maca. ketiga)
Supaya luwih paham ngenani materi novel basa jawa, ayo padha
ngrungokake lan nyemak video kang ana ing tautan link ing ngisor iki
https://youtu.be/oxJPOHnxzqs
SINOPSIS NOVEL NGULANDARA
Nalika kahanan sampun sonten ugi jawah, otonipun kaluwarga Ajeng
Tien kedah mogok wonten satunggaling mergi. Ramanipun Tien nyobi
ndandani nanging dereng saged - saged, wusana kahananipin ngantos
sonten banget, jawah saya deres, otonipun dereng saged urip. Boten
dangu Den Bei sakeluwarga lajeng mlebet wonten oto. Manahipun
tiyang sakaluwarga punika gusar sanget.
Boten langkung dangu wonten oto ingkang nyambangi. Lajeng jejaka
ingkang nama Rapingun punika mbiyantu ndandani oto.
Panjenenganipun boten purun nampi arta panuwunipun saking Den Bei.
Kaluwarga langkung kuciwa sanget bilih jejaka wau boten purun
nampani.
Wonten satunggaling dinten, Nyonyah Oet Hien, mitranipun Den Bei
sowan supados badhe sadeyan emas. Nyonyah Oet Hien ugi karem
nyade otonipun piyambak. Mangertos menawi oto punika oto ingkang
diagem kaliyan Rapingun, Raden Ajeng Tien lajeng ndangu kaliyan
Nyonyah Oet Hien. Boten klentu, sopir oto punika inggih Rapingun,
jejaka ingkang mbiyantu kaluwarga Ngasisten. Oto kaliyan sopiripun
lajeng dipunpundhut kaliyan kaluwarga.
Sopir pribadhinipun kaluwarga Ngasisten punika jejaka ingkang jujur,
trampil, mrantasi, ugi sae pocapan saha tindak - tandukipun. Nglampahi
pedamelan kanthi sucining manah, tansah ngabdi dhumateng
kaluwarga Ngasistenan. Sadaya langkung remen dhumateng Rapingun.
Hel jaran liar kagungan kaluwarga mawon saged tundhuk kaliyan
Rapingun. Menika amargi manahipun Rapingun ingkang sae, langkung
sabar anggenipun ngruwat. Sedaya tindak - tandukipun Rapingun
punika kedah ngedap - edapi kaluwarga.
Langkung dangu anggenipun ngudi wonten kaluwarga Ngasistenan,
langkung raket ugi anggenipun memitran kaliyan putri Ngasistenan
punika. Kekalihipun ugi sami remen ing batos. Sasampunipun
kesumerepan menawi Rapingun punika salah satunggaling putra kraton
ingkang kedah ngulandara, sedaya kaluwarga inggih sansaya gumun.
Jejaka kraton purun nglampahi lelampahan kados punika. Boten klentu
menawi tiyang punika inggih tiyang ingkang wicaksana, tiyang ingkang
nggadhahi kaluhuran saha beciking bebudhen. Pantes menawi Raden
Ajeng Tien punika lajeng dipunpundhut garwa kaliyan piyambakipun.
GLADHEN
Wacan ing dhuwur yaiku sinopsis saka Novel Ngulandara. Para siswa
kudu maca novel supaya bisa mangsuli pitakonan ing ngisor iki
Sakwise maca novel "Ngulandara" garapen prentah ing ngisor iki:
1. Jlentrehna unsur - unsur intrinsik ing sajroning novel "Ngulandara"
kanthi bukti kutipan.
2. Jlentrehna unsur - unsur ekstrinsik ing sajroning novel "Ngulandara"
kanthi bukti kutipan.
3. Apa wae piwulang sing bisa kapethik sajroning crita ing novel
"Ngulandara" lan apa wae nilai-nilai ing sajroning novel?
PENILAIAN DIRI
Sakwise maca lan gladhen materi novel basa Jawa, aku bisa paham
babagan ing ngisor iki:
1. Unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik ing sajroning Novel Ngulandara.
2. Piwulang ana ing sajroning crita Ngulandara.
3. Alur crita lan nilai-nilai sing ana ing Novel Ngulandara.
REFLEKSI
Sakwise maca materi ing duwur, apa kang durung dimangerteni saka
novel basa jawa? Apa wae unsur pembangun ana sajroning novel basa
jawa.
RINGKESAN
Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-unsur
intrinsik lan ekstrinsik. unsur instrinsik yaiku ana tema, alur, tokoh lan
penokohan, latar, amanat, gaya bahasa, lan unsur ekstrinsik iku ngemot
latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan nilai-nilai
(sosial, budaya, moral, agama). Uga ana jinising novel yaiku nover
serius lan novel hiburan.
KAPUSTAKAN
KBBI
http://www.harrywidhiarto.com/2020/08/materinovel-bahasa-jawa-
kelas-xi.html?m=1
BAHAN AJAR