The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Giri Satya Hadi girisatya.2023, 2023-11-06 10:47:13

BAHAN AJAR PAWARTA

BAHAN AJAR PAWARTA

Keywords: BAHAN AJAR

BAHASA JAWA KELAS X TAHUN PELAJARAN 2023/2024 Penyusun : Giri Satya Hadi, S.Pd.


BAHAN AJAR PAWARTOS IDENTITAS Pokok Bahasan : Pawartos Nama Penyusun : Giri Satya Hadi, S.Pd. Nama Sekolah : SMK Satya Praja 2 Petarukan Tahun : 2023/ 2024 Jenjang Sekolah : SMK (Fase E) Kelas / Semester : X (Sepuluh) / 1 (Ganjil) Alokasi Waktu : 4 x 45 menit (2 pertemuan) KOMPETENSI AWAL 1. Peserta didik dapat menelaah teks pawartos serta menanggapi menulis dan menyajikan teks pawarta secara tulis dan lisan. PROFIL PELAJAR PANCASILA Elemen Dimensi Gotong-royong Peserta didik dapat berdiskusi menelaah teks pawarta. Bernalar kritis Peserta didik dapat menanggapi isi teks pawarta. Kreatif Peserta didik dapat menyajikan teks pawarta. TUJUAN PEMBELAJARAN Pertemuan 1 (PPL 2) Setelah kegiatan pembelajaran dengan model PBL, pendekatan Merdeka, metode tanya jawab dan diskusi: 1. peserta didik dapat menganalisis unsur 5W + 1 H di dalam teks pawartos.. C4 2. peserta didik dapat menyimpulkan struktur teks pawartos. C6 3. peserta didik dapat menyajikan hasil analisis teks pawartos.. P3 Pertemuan 2 (UKIN) 1. peserta didik dapat menyusun kerangka teks pawartos. C6 2. peserta didik dapat membuat teks pawartos.dengan bahasa Jawi C6


CAPAIAN PEMBELAJARAN Elemen Menyimak Peserta didik mampu mengapresiasi, mengkreasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari menyimak berbagai berita berbahasa Jawa. Elemen Menulis Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif berita berbahasa Jawa DIMENSI PENGETAHUAN Faktual : Teks pawartos utau video pawartos bahasa Jawa Konseptual : Definisi pawartos, Jinising pawarta, 5w 1h, basa jurnalistik, dan prinsip nyerat. Prosedural : Tatacara menyusun pawartos dengan bahasa Jawa Metakognitif : Menyimpulkan langkah didalam menulis pawartos


FASE 1 IDENTIFIKASI MASALAH Materi Faktual Para peserta didik ing pepanggihan menika, badhe sinau sesarengan ngrembag bab pawartos. Sinten ingkang mangretos pawartos? Kadospundi wujudipun pawartos? Link Pawartos : https://youtu.be/22iWDAfAYKg Kapethik saking Jayabaya no.10 Minggu 1 november 2023


FASE 2 MENGORDINASIKAN PESERTA DIDIK Materi Konseptual Peserta didik saged mangretosi peta konsep wonten ing ngandhap menika A. KAWRUH PAWARTOS Pawartos, tayangan menika kalebet sarana kangge ngrembakakaken basa, sastra, saha budaya Jawi. Kanthi basa lokal menika bok-menawi masarakat (umumipun ingkang boten saged basa Indonesia lan sanesipun) langkung cetha mangretosi kadadosan ing sakiwa tengenipun. Bab menika nedahaken basa Jawi taksih dipunsengkuh dening masarakatipun, ugi nedhahaken manawi basa Jawi menika taksih exist. Kedah dimangertosi, menawi maos pawartos basa Jawi menika mesthinipun boten namung kados maos seratan utawi karangan biasa, nanging ngangge tata cara utawi paugeran ingkang gumathok. Tuladhanipun menawi ing TV kedah ngepasaken minggah mandhapipun swanten, pocapaning tembung, basa lan pilihan tembung (diksi), patrap, solah, lan busananipun. Bakunipun boten namung dipunmirengaken nanging ugi dipunpirsani, beda kaliyan maos pawartos ing radhio. Pawartos miturut Kamus Basa Jawa tegesipun kabar. Langkung jangkepipun pawartos inggih menika katrangan ingkang saged maringi pangertosan ngengingi sawijining katrangan. Wujudipun pawartos menika saged lesan lan seratan (tulis). Lesan ateges pawartos menika saged dipunwartakakaken dening tiyang sanes kangge pamiyarsa lumantar swara lan pamirsa lumantar medhiya tipi ugi sosial medhiya sanesipun. Menawi pawartos ingkang wujudipun tulis limrahipun kapacak wonten PAWARTOS 1 DEFINISI PAWARTOS 2 JINISIPUN PAWARTOS 3 TITIKAN PAWARTOS 4 UNSUR PAWARTOS 5 STRUKTUR PAWARTOS


kalawarti (majalah) lan ariwarti (koran). B. JINISIPUN PAWARTOS Pawartos ingkang dipunandharaken ing media menika kathah sanget jinisipun. Jinisipun pawartos menika saged dipunpilah kados ing andharan menika. 1. Miturut Wosipun a. Pawartos medhar gagasan (ide gagasan) b. Pawartos ekonomi c. Pawartos politik d. Pawartos panglipur 2. Miturut Sumber Pawartos a. Langsung, kanthi ngutus reporter kangge pados pawartos, kanthi wawancara. b. Boten langsung, saged kapendhet saking : ❖ Pawartos cetak Pawartos cetak inggih menika pawartos ingkang dipuncetak. Tuladhanipun koran (ariwarti), lan majalah (kalawarti). ❖ Pawartos siyaran Pawartos siyaran inggih menika migunakaken lisan lan media kangge nyiaraken pawartos, tuladhanipun pawartos ing TVRI JATENG, Jogja TV saha BATIK TV. ❖ Pawartos Internet Pawartos internet inggih menika saged awujud seratan utawi video ingkang dicawisaken ing media internet, tuladhanipun koran digital lan pawartos wonten youtube. ❖ Pawartos lisan Pawartos lisan inggih menika migunakaken pocapan lan boten migunakaken media sarta saged dipuncawisaken saking sinten kemawon, tuladhanipun pawartos ingkang dipunaturaken kanthi gethok tular antawis setunggal tiyang lan sanenipun. 3. Miturut Wujudipun Pawartos a. Pawartos ingkang kaserat, pawartos saking sumber media sanes lajeng dipunserat malih. Liputan reporter ingkang teksipun dipunolah ing studio. b. Pawartos seselan, dipunseseli pamanggih saking narasumber. c. Pawartos enggal, asipat wigatos kanthi lapuran langsung saking papan kadadosanipun lumantar telepon utawi conference.


d. Interaktif, dipunsengkuyung dening masarakat, tuladhanipun wawan pangandikan masarakat ngangge telepon utawi masarakat minangka pelapor utawi saksi dadakan (reporter dadakan). 4. Miturut Sipatipun Pawartos a. Hard news, inggih menika pawartos enggal lan wigati ingkang nembe kalampahan. Tuladhanipun kadadosan ingkang nembe kalampahan babagan peprangan, ontran-ontran, kacilakan, kriminal. b. Soft news, awujud palapuran tanpa kaiket wekdal, nengenaken aspek kamanungsan, lelampahan, saha papan ingkang narik kawigatosan. Tuladhanipun pawartos seminar, ritual budaya, wisudhan/pelantikan pejabat. c. Indepht news, suraosipun langkung lebet, saged awujud feature ugi lampahing panaliten dhateng satunggalipun kadadosan/lelampahan. Tuladhanipun pawartos panaliten dhokter minangka ngendhaleni virus cacar monyet. C. TITIKAN PAWARTOS Supados satunggaling pawartos saged dipuntampi lan dipunmangertosi suraosipun dening masarakat, pramila pawartos menika kedah jumbuh kaliyan bab-bab tartamtu kados ing ngandhap menika. ❖ Umum Bobot, wos (isi), lan panganggening basa ingkang dipunserat kedah saged dipunmangertosi dening masarakat satemah saged nyengkuyung sedaya kalangan masarakat. ❖ Nyata Pawartos tansah ngandharaken kabar saking kadadosan ingkang nyata lan saged dipunbutekaaken. ❖ Anyar Ingkang dipunandharaken dhateng masarakat menika kabar ingkang nembe kemawon kedadadosan utawi nembe moncer ing satengahing masarakat supados saged narik kawigatosan. ❖ Boten Mehak/objektif Pawartos kedah ngemot kasunyatan (fakta) ingkang dipunpendhet saking maneka warni sumber kanthi jangkep. ❖ Narik Kawigatosan Prastawa ingkang dipundadosaken pawartos kedah saged narik kawigatosan tiyang ingkang maos utawi mirsani pawartos.


D. UNSUR PAWARTOS Unsur pawatos utawi pokok-pokok surasaning pawartos menika bab wigatos ingkang wonten ing salebeting pawartos. Saged dimangertosi bilih pawartos ingkang becik menika saged mangsuli pitakenan 5W + 1H, adharanipun inggih menika : 1. Menapa (what) ateges perkawis utawi prastawa menapa ingkang dipunandharaken, utawi njlentrehaken wonten ing pawartos kasebat. 2. Sinten (who) tegesipun sinten kemawon ingkang dipunandharaken, perangan menika padatipun dipuandharaken kanthi jangkep, kadosta titikanipun, titel, yuswa, lan sapanunggalanipun. 3. Kapan (when) tegesipun wekdalipun sawijining prastawa kedadosan, ngandharakenwayah, jam, lan kawontenan. 4. Ing pundi (where) ngandharaken papan dununging prastawa kedadosan. 5. Kenging menapa (why) maringi katrangan sababipun kenging menapa prastawa ingkang dipunandharakensaged kedadosan. 6. Kadospundi(how) kados pundi mungguh kedadosanipun. E. STRUKTUR PAWARTOS Struktur pawartos adhedhasar modhel panyeratipun pawartos piramida terbalik menika wonten sekawan ing antawisipun: 1)Irah- irahan/judul, 2)Pambuka pawartos/teras pawartos, 3)Badaning pawartos utawi gagenepipun pawartos, 4)Panutup pawartos. Balungan pawartos menika langkung cethanipun dipunaandharaken kados mekaten. 1. Irah-irahan pawartos, Sasagedipun saged makili suraosipun pawartos, cekak aos lan ringkes antawisipun 3-5 tembung sarta wujudipun ukara tanduk (kalimat aktif) paling sekedhik wonten jejer wasesa lesan. 2. Pambuka pawartos menika ngandharaken bab ingkang wigati. Caranipun ndamel pambuka menika mapanaken unsur pitakenan sinten (who) lan menapa (what) ing wiwitanipun ukara lan unsur pitaken kapan (when) lan ing pundi (where) ing pungkasanipun ukara. Kangge unsur pitaken kenging menapa lan kadospundi mapan ing isi pawartos. 3. Badanipun pawarta /isinipun pawartos, Ngandharaken njentrehake bab- bab kang luwih genep kaya unsur-unsur 5W +


1H luwih dikembangakan. 4. Panutup pawartos, awujud dudutan saking pawartos. FASE 3 MEMBIMBING PENYELIDIKAN Materi Prosedural Sasampunipun peserta didik sinau bab pangretosan pawartos, titikanipun pawartos, jinising pawartos, unsur pawartos, saha balungan pawartos salajengipun peserta didik ngrembag bab ing ngandhap menika. A. TATA CARA ANALISISUNSUR PAWARTOS 1. Maos pawartos ingkang badhe dipunanalisis. 2. Madosi tembung saha dipuntegesi ngginakaken kamus online. 3. Ngandharakenwosing pawartos. 4. Dipunanalisis utawi dipunpadosi unsur what (prastawa menapa) ingkang wonten ing pawartos 5. Dipunanalisis utawi dipunpadosi unsur who (sinten kemawon) ingkang wonten ing pawartos. 6. Dipunanalisis utawi dipunpadosi unsur when (kapan wekdalipun) ingkang wonten ing pawartos. 7. Dipunanalisis utawi dipunpadosi unsur where (ing pundi papan kadadosan) ingkang wonten ing pawartos. 8. Dipunanalisis utawi dipunpadosi unsur why (kenging menapa prastawa saged kadadosan)ingkang wonten ing pawartos. 9. Dipunanalisis utawi dipunpadosi unsur how (kadospundi mungguh kadadosanipun)ingkang wonten ing pawartos. B. CARA NDAMEL PAWARTOS Saderengipun para siswa gladhi praktek nyerat pawarta, peserta didik kedah mangertos trep-trepan utawi tata cara urut- urutanipun nyerat pawartos. Kangge nyerat pawartos menika, peserta didik kedah nindaaken trep-trepan kados mekaten: 1. Ngempalaken data arupi kabar saking narasumber mawi wawan pangandikan migunaaken dhasar 5W +1 H utawi mirsani kedadosan kanthi langsung. 2. Ndamel cengkorongan kanthi ngolah data ingkang sampun dipunpikantuk.


3. Ngrembakakakencengkorongan pawartos miturut balungan pawartos. 4. Nyerat naskah pawartos kanthi migunaaken teknik panyerating pawartos (kados piramida terbalik). 5. Nemtokaken irah-irahan ingkang makili suraosing pawartos lan kedah narik kawigaten kanthi pamilihing basa ingkang trep lan sae. C. CARA MAOS PAWARTOS Maos pawartos kalebet jinis maos sora (membaca nyaring). Pamaos pawartos kedah migatosaken pocapan, minggah mandhapipun swanten, kedaling lathi, solah, lan unggah-ungguh ingkang trep. Babagan ingkang dipungatosaken nalika maos pawartos 1. Pocapan Pocapan inggih menika caranipun tiyang ngedalaken swanten basa. Saderengipun ngedalaken tembung-tembung, pamaos pawartos kedah mbikak kamus kagem mangertosi caranipun ngedalaken swanten saha mangertos bab maknanipun. 2. Minggah mandhaping Swanten (Wirama) Wirama menika andhap inggilipun lagu ukara ingkang nyebabaken beda makna. 3. Kedaling lathi (Wicara) Sesambetan kalihan volume swanten saha rindhik cepetipun (Wicara). Maos teks pawartos kedah migunaaken swanten gandem lan cetha. 4. Solahing badan (Wiraga) Paninggal menawi kasorot kamera kedah mirsani kamera, kedah sopan santun saha sikep merbawani. 5. Unjal napas (Jeda) Nalika maos pawartos mesthi wonten tandha unjal napas ingkang kedah dipungatosaken. Padatipun pamaos pawartos migunakaken tandha : a.Tandha (/) kangge tandha mandheg sekedhap, utawi tandha koma(,) b.Tandha (//) kangge tandha mandheg dangu, utawi tandha titik (.) c.Tandha (///) kangge tandha mungkasi teks pawartos utawi pungkasaning pawartos.


FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN Materi Metakognitif Sasampunipun peserta didik kaliyan kelompok pirembagan ngengingi materi, salajengipun peserta didik kaliyan kelompok ngandharaken asilipun pirebagan wonten ing sangajengipun kelompok sanes. Nalika wonten kelompok ingkang nembe ngandharaken asilipun pirembagan kelompok sanes nggatosaken saha nyerat bab ingkang wigatos. Babbab ingkang dipunserat menika salajengipun saged dados pitakenan, tanggapan panyaruwe utawi pamrayogi kangge kelompok ingkang presentasi. Wonten ing wekdal menika peserta didik saged ngandharaken pamanggih utawi suka tanggapan ngengingi materi ingkang dipunrembag. Asilipun pirembagan menika dipundadosakenpandom peserta didik anggenipun sinau. FASE 5 MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI Sasampunipun wekdal presentasi utawi adharan diskusi kelompok sampun paripurna salajengipun peserta didik kaliyan guru mendhet dudutan saking asiling pirembagan wonten ing presentasi. Dudutan ingkang dipunpendhet menika dipungayutaken kaliyan ancasipun pamulangan ingkang sampun dipunandharaken wonten ing wiwitan pamulangan. Menawi sampun sedaya dipunandharaken saha boten wonten pambengan utawi pitakenan saking peserta didik salajengipun peserta didik nggarap Post Test kanthi cara scan QR Code utawi klik tautan ing ngandhap menika: Pertemuan 1 Link Pre test & Pos test : https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLScl_Dn2AVLwlPPMq11dMEQHYr_YhPmtKXKtrioguU AMu88fDQ/viewform?usp=sharing


KAPUSTAKAAN Nugroho Rianto Pujo, dkk & Sinar Indra Krisnawan. 2022. Lantip Basa lan Sastra Basa Jawa SMA/MA/SMK Kelas X. Jakarta: Erlangga. https://www.sastra.org/leksikon Link Pre test & Pos test : https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLScl_Dn2AVLwlPPMq11dMEQHYr_YhPmtKXKtrioguU AMu88fDQ/viewform?usp=sharing Link Tuladha Pawartos : https://youtu.be/22iWDAfAYKg Link Teks Pawartos : https://anyflip.com/rnxjm/fxey/


Click to View FlipBook Version