BAHAN AJAR
BUSANA ADAT JAWA
(https://bajuadatradisional.blogspot.com)
KANGGE KELAS XII SEMESTER GASAL
Dening :
Neli Eki Ambarwati, S.Pd
MAHASISWA PPG DALAM JABATAN UNY
2022
BAHAN AJAR BUSANA ADAT
JAWA
A. Identitas :
Kelas : XII
Mata pelajaran : Bahasa Jawa
Materi : Busana Adat Jawa
B. Kompetensi Dasar
3.3 Menganalisis artikel tentang busana adat Jawa
4.3 Bercerita busana adat Jawa sesuai daerahnya
C. Indikator
3.3.1 Siswa menganalisis struktur artikel tentang busana adat Jawa. (C4)
3.3.2 Siswa menyimpulkan isi dan makna filosofi busana adat Jawa. (C5)
4.3.1 Siswa membuat artikel tentang busana adat Jawa. (C6)
D. Tujuan Pembelajaran
1. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning, setelah menyimak
Powet Point mengenai artikel busana adat Jawa, dan memutarkan audio
visual tentang salah satu busana adat Jawa, peserta didik dapat
menyimpulkan makna filosofi dari busana adat Jawa. (C5)
2. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning, setelah menyimak
Powet Point mengenai artikel busana adat Jawa, dan memutarkan audio
visual tentang salah satu busana adat Jawa, peserta didik dapat
membuat artikel tentang busana adat Jawa. (C6)
E. Dimensi Pengetahuan
1. Faktual : Video contoh busana adat Jawa
2. Konseptual : Struktur artikel, langkah menyusun artikel, filosofi salah
satu busana adat Jawa.
3. Metakogitif : Filosofi dan cara penggunaan busana adat Jawa
4. Prosedural : struktur artikel, langkah-langkah membuat artikel
TEKS DESKRIPSI BUSANA ADAT JAWA
1. Pangerten Teks Deskriptif
Teks deskripsi yaiku teks/wacan kang gegayutan karo upaya panulis anggone
ngrinci objek kang dadi prembagan. Tembung deskripsi asale saka tembung latin
‘describe’ kang teregese nggambarake/mbeberake/nglukisake sawijining bab/objek
adhedhasar pengamatan lan pangrasane panulis.
Adhedhasar (berdasarkan) ancas (tujuan), wacana deskripsi saora-orane
dibedakake dadi 2 yaiku deskripsi sugestif lan deskripsi teknis. Deskripsi sugestif
yaiju penggambaran kang tujuwane nyritakake pangalam panulis marang pamaca kanthi
nggunakake pilihan basa kang nuwuhake imajinasi, ciri, sifat, lan wateke objek. Dene
(sedangkan) deskripsi teknis iku mung kanggo menehi informasi, identifikasi bageyan-
bageyan objek sacara cetha.
Bab kang dadi kunci garapan teks deskrpsi kang becik ana 2, yaiku:
a. Kaprigelan basa kang pener saka panulis
b. Becike panaliten lan pangamatan ing objek
Tuladha 1 :
Klambi Adat Tegal
Klambi adat Tegal kuwi katon
dinggo dines para pegawe ing Kabupaten
Tegal saben tanggal 18. Saliyane kuwi uga
dinggo nalika ana acara pembukaan pameran
kaya Slawi Expo. Nanging, sangsaya mrene,
para remaja lan duta wisata uga akeh padha
nganggo klambi adat ing saben ana acara
kirab utawa karnaval.
Klambi adat Tegal kuwe serba
ireng, menawa nggo wong lanang nganggo iket wulung ireng ing sirah, beskap lan celana
ireng, iket jarit batik khas tegal werna putih nggo iket pinggang ing ngisor beskap, lan
sendal selop.
Menawa nggo wong wedok nganggo kebaya ireng, slempang slendang ing pundhak,
ngingsoran bathik khas Tegal, lan selop. Motif bathik sing digunakake yaiku motif bathik
Prang Akik warna putih, sing motife khas kutha Tegal yaiku motif flora lan fauna.
Tuladha 2 :
A. Ageman Priya Umum (Biasa)
Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Kraton Surakarta ing wekdal
sakpunika, saking nginggil dumugi ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap menika :
1. Udheng / blangkon
Udhengbasa ngokone iket utawi dipunsebat
blangkon menawi sampun dados (jadi) kantun (tinggal)
hangagem (dipakai). Udheng hanggenipun mangangge
dipun iras, tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal
kacu (tapla meja) lajeng dipun ubed-ubedaken mawon
kanthi tatacara ingkang lumrah. Ing karaton surakarta
diarani udheng jebehan. Udheng iku agemanipun para
luhur, inggih menika ingkang Sinuhun, Para putra
Sentana, kaliyan para abdi dalem ingkang ingkang
gadhah sesebatan Priya Nginggil.
2. Kulambi
Sampun dados adat lupiya, busana dipunagem (dipakai) menawi wonten ing
pisowanan (acara adat). Padatan (biasanya) dipunbentenaken (dibedakan)
antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan. Umumipun menawi
pisowanan ageng menika warnnipun cemeng (warna hitam). Dene pisowanan
padintenan warninipun merdeka (bebas). Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi
kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih menika Atellah kaliyan beskap,
menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih menika
beskap saha Atellah.
a. Atellah
Ingkang dipunwastani Atellah mekaten, wujude jas tutup. Dados wiwit gulonipun
(leher), ing tengah katutup dumugi sak pangandhap.
Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping
Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi
benik. Dene sisih wingking (bagian belakang) sak ngandhap
pengkeran dipunkrowok, kangge ngetingalaken
(memperlihatkan) nyengkeli dhuwung (keris)
b. Beskap
Beskap mekaten wujud jas, gulonipun tutup
kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah
jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi
tangkepan mangiwa, miring mangandhap.
Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga.
Dene sisih tengen jaja dipunpasangi kancing ugi
cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing
kiwa, minangka pasren. Kadosdene atellah, ing
wingking sak pangandhap pengkeran dipunkrowok, kangge nyengkelit
dhuwung. Ing pisowanan padintenan, sedaya kemawon inggih putra sentana-
dalem punapadene para abdi dalem, agemanipun beskap sauger mboten
cemeng. Kajawi ingkang kadawuhan mengku damel kadosta abdi dalem Juru
Suranata Ngulama.
c. Sinjang / dhodhot
Sinjang basa ngokone jarik, krama
inggile nyamping, yaiku arupi kain bathik
ingkang dipunagem kanthi ka-ubedaken ing
badan nutupi jaja sak pangandhap, dene
watese suku (kaki) ing nginggil polok (mata
kaki).
Kain bathik sing diagem nyampingan
utawi sinjang kalawau, saestu arupin whing pangolah budi para leluhur
linangkung run tumurun wiwit jaman kuna makuna. Kajawi cakrik ingkang rawit
(njlimet) lan nengsemaken ugi cakanipun ndamel ugi rungsit kagarap kanthi
njlimet, sabar, telaten, sarta nglampahi pinten-pinten tataran.
d. Setagen
Setagen menika arupi pirantos kangge
nyingseti utawi ngencengaken
tumempelipun sinjangwonten badan,
supados mboten mlorod temahan udhar.
Setagen bakalipun kadamel sakin kain
tenun kandel, benangipun tenun agal,
mila radi kaken (mula agak kaku).
Wiyaripun (panjangnya) setagen
watawis 2 – 4 meter. Ulesipun warni-
warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, namung sedaya wau mboten
wigatos (penting), jalaran mangkenipun setagen menika badhe katutup
kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking jawi (luar). Ing
nginggil sampun kaaturaken (dijelaskan) bilih (bahwa) setagen menika
pirantos kangge ngingseti sinjang. Pramila sakderengipun dipunsingseti,
psngsnggenipun sinjang kedah sampun karaos trep, nembe lajeng dipunubedi
setagen. Anggenipun ngubedi setagen kawiwitan saking ngandhap, pas
nginggil cethik, ubedipun mangiwa saben sakubedan kedah
dipunkencengaken, ubedanipun kaprenahaken samsaya minggah. Pungkasan
setagen lajeng dipun peniti.