The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by faeraastuti.2022, 2022-09-27 03:26:44

Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa

Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa

Keywords: unggah-ungguh

Bahan ajar materi
unggah-ungguh basa

Fase E/Ganjil
SMK Negeri 1 Punggelan

Faera Astuti

Ingkang badhe kagayuh ing pasinaon

Capaian Pembelajaran

Elemen Berbicara
Memahami bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra)
dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan
kreatif.
Indikator
1. Peserta didik dapat menganalisis ragam bahasa Jawa sesuai dengan

unggah-ungguh basa. (C4,HOTS)
2. Peserta didik dapan mengkritisi percakapan Bahasa Jawa sesuai dengan

unggah-ungguh basa (C5,HOTS)
3. Peserta didik dapat membuat percakapan bahasa Jawa sesuai dengan

unggah-ungguh basa. (P3,HOTS)
4. Peserta didik dapat memainkan percakapan bahasa Jawa sesuai dengan

unggah-ungguh basa. (P5,HOTS)

Peta Konsep

01 02 03 04

Faktual Prosedural Konseptual Metakognitif
Video utawi ukara Pangerten saha Pangaangge Dudutan bab
ragam unggah- undha-usuk ragam unggah-
mawi unggah- ungguh basa
ungguh basa ungguh basa basa

Tahap 1 Stimulus

✓ Faktual

Saderengipun ngancik materi, mangga
sami ningali video wonten ing link

https://www.youtube.com/watch?v=-Diz8KIRAUg

Tahap 2 Orientasi peserta didik terhadap masalah
Konseptual

Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan
kanthi kelompok materi ing ngandhap menika!

Unggah-ungguh Ngoko
basa

Krama ✓ Ngoko lugu
✓ Ngoko alus
✓ Krama lugu
✓ Krama alus

ngoko

Ngoko Lugu
Inggih mnenika basa ngoko ingkang dereng kecampuran tembung-tembung krama inggil dhateng tiyang ingkang dipunajak
gineman utawi pawicantenan. Wuwuhanipun ngoko, sipatipun rumaket saha akrab.
Panganggenipun ngoko lugu:

✓ Dipunangge tiyang ingkang sampun tepang saha sampun kulina
✓ Dipunangge antawis padhuwuran dhateng andhapan
✓ Dipunangge tiyang langkung sepuh dhateng tiyang timur/enem kados ta: tiyang sepuh dhateng putranipun, guru

dhateng murid, eyang dhateng wayahipun, lsp.
Tuladha:
● Kowe kulina turu awan?
● Yen munng kaya ngono wae, aku mesthi ya bisa!
Ngoko Alus
Inggih menika basa ngoko ingkang sampun kacampur tembung-tembung krama inggil tumrapipun tiyang ingkang dipunajak
pawicantenan, tembung krama inggil menika mligi kangge tiyang sanes, wuwuganipun ngoko, umpaminipun tembung kowe
dados panjenengan, rambut dados rema.
Panganggone ngoko alus:
✓ Kanggo wicantenan kaliyan tiyang ingkang statusipun ingkang sami, nanging kanthi raos ngurmati.
✓ Wicantenan kaliyan tiyang ingkang statusipun langkung inggil, nanging sampun rumekat sanget.
✓ Wicantenan kaliyan tiyang ingkang statusipun saperang langkung inggil, saperang langkung andhap.
✓ Kangge ngraosi utawi gineman tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil.
Tuladha:
● Panjengena sida tindak menyang kantor ora?

krama

Krama Lugu
Inggih menika basa krama ingkang tembung-tembungipun limrah boten mawi tembung-tembung krama inggil tumrap
tiyang ingkang dipunajak pawicantenan.
Panganggenipun:
✓ Kangge wicantenan kaliyan tiyang ingkang statusipun kirang langkung sami, sampun kulina, ajen-ajenan ananging

boten urmat sanget.
✓ Wicantenan kaliyan tiyang ingkang ststusipun langkung andhap, ananging dereng kulina, utawi sampun kulina

ananging perlu ngurmati.
✓ Kangge sesorah ingkang asipat umum, boten mawi unggah-ungguh dhateng tetiyang utawi golongan tartamtu
✓ Saged ngginakaken tembung ngoko saumpami boten wonten tembung kramanipun.
Tuladha:
● Sampeyan saweg menapa nggih mbak?
● Menapa sampeyan wau tilem gasik?
Krama Inggil
Inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun alus saha kecampur tumrap tiyang ingkang dipunajak
pawicantenan.
Panganggenipun:
✓ Tiyang enem/timur dhateng tiyang sepuh
✓ Lare dhateng bapak utawi ibuneipun., wayah dhateng eyangipun
✓ Dhateng tiyang ingkang langkung inggil drajatipun
✓ Murid dhateng dwija
✓ Andhahan dhateng pimpinan, abdi dhateng juragan.
Tuladha:
● Panjennegan saweg dhahar menapa mbak?
● Menapa panjenengan wau tindak dhateng kantor gasik?

Tahap 3 Membimbing Penyelidikan
Prosediral

Para siswa, sasampunipun sinau undha-usuk sumangga dipunsinau
sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika ingkang badhe
ngandharakaken bab caranipun ndamel pawicantenan mawi ragam undha-
usuk basa ingkang trep!
Dene langkah-langkahipun damel teks pawicantenan mawi undha usuk
ingkang trep kados ing ngandhap menika!
1. Netepaken topik utawi perkawis ingkang badhe dipunrembag ing teks

pawicantenan kasebut.
2. Nemtokaken paraga-paraga ingkang kalebet ing teks pawicantenan.
3. Nemtokaken undha-usuk basa ingkang trep kaliyan paraga-paraga

ingkang sampun dipuntemtokaken.
4. Netepaken latar utawi setting saking teks pawicantenan kasebut.
5. Manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan undha-usuk

ingkang sampun dipuntemtokaken.
6. Ngrantam tetembungan ingkang sampun kapanggihaken dados ukara

ing teks pawicantenan mawi undha-usuk basa.

Tahap 4 Membimbing Penyelidikan

Merakognitif

Para siswa sasampunipun nyinau bab ragam undha-usuk basa,
sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing
ngandhap menika ingkang badhe ngandharakaken bab caranipun
ndamel pawicantenan mawi ragam undha-usuk basa ingkang trep!

https://anyflip.com/rczue/wbaz/

Referensi kamus online
https://www.sastra.org/leksikon

https://budiarto.id/bausastra/

Tahap 5 Menganalisis dan mengevaluaasi
prmrcahan masalah

Sasampunipun siswa nglampahi sadaya langkah-
langkahipun damel teks pawicantenan mawi undha usuk
basa ingkang trep, kawiwitan saking netepaken topik utawi
perkawis, nemtokaken paraga-paraga, nemtokaken undha-
usuk basa ingkang trep, netepaken latar utawi setting,
manggihaken tembung-tembung ingkang trep, saha
ngrantam tetembungan dados ukara ing teks pawicantenan,
pramila sumangga sami dipunanalisis saha dipunevaluasi
prosesipun anggenipun manggihaken sadaya unsur
kasebat!

Bab menapa ingkang angel saking proses netepaken topik

utawi perkawis dumugi ngrantam tetembungan dados ukara ing teks

pawicantenan menika?

✓ Anggenipun nemtokaken paraga kedah kajumbuhaken kaliyan

kawontenan sekolah;

✓ Anggenipun nemtokaken undha-usuk basa ingkang badhe

dipunangge kedah jumbuh kaliyan paraga-paraganipun;

✓ Anggenipun madosi tembung-tembung kedah tliti saha jumbuh

kaliyan konteks latar tuwin undha-usuk ingkang sampun

dipuntemtokaken;

✓ Anggenipun damel teks kedah nggatosaken topik, paraga, undha-

usuk basa, setting saha tetembungan ingkang sampun

dipuntetepaken utawi dipuntemtokaken adhedhasar

pirembaganipun kelompok.

Dudutan

Dudutan saking materi unggah-ungguh basa inggih
menika awakipun piyambak kedah ngugemi tatakrama kanthi
ngginakaken undha-usuking basa supados saged ngurmat utawi
ngaosi dhateng tiyang sanes ingkang dipunajak pawicantenan.
Kajawi menika, anggenipun badhe matur dhateng tiyang sanes
kedah tansah nggatosaken maneka warni prekawis kadosta
dhateng sinten anggenipun wicanten, ing pundi papan utawi
wayahipun, saha badhe ngginakaken unggah-ungguh basa ragam
menapa. Anggenipun matur kedah dipuntata supados prekawis
ingkang badhe dipunrembag saged katampi kanthi sekecaning
manah.

Daftar pustaka

1 2 3

Gandung Harjawiyana, https://www.sastra.
Widaryatmo, dkk. Haryana dan Th. org/leksikon
2014. Prigel Basa
Supriya. 2009. https://budiarto.id
Jawa Kelas X. Kamus Unggah- /bausastra/
Jakarta: Erlangga.
ungguh basa
Jawa. Yogyakarta:
Penerbit Kanisius.

Maturnuwun


Click to View FlipBook Version