The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by faeraastuti.2022, 2022-10-04 12:19:14

Langkah-langkah Damel Wicantenan

Langkah-langkah Damel Wicantenan

Keywords: langkah-langkah

Langkah-langkah Damel Teks Pawicantenan mawi
Undha-usuk Basa.

Faera Astuti
SMK Negeri 1 Punggelan

1. Netepaken topik utawi perkawis
Kangge damel satunggaling teks pawicantenan, siswa perlu netepaken

topik utawi perkawis ingkang badhe dipunrembag. Ing gesang padintenan
mliginipun ing lingkungan sekolah, kathah sanget topik/perkawis ingkang
saged dipundadosaken topik kangge damel teks pawicantenan inggih
menika:
a. Nyuwun priksa

Bab panyuwunan priksa menika saged ing maneka warni konteks, ing
antawisipun inggih menika:
✓ Nyuwun priksa bab pelajaran utawi materi ingkang

dereng dipunmangretosi dening siswa
✓ Nyuwun priksa bab ruangan ingkang dereng dipunmangretosi dening

siswa (ruang guru, laboratorium, guru piket, ruang kurikulum).
✓ Nyuwun priksa bab mejanipun guru ing ruang guru.
✓ Lsp.
b. Nyuwun pamit/nyuwun idi

Bab panyuwunan idi/nyuwun pamit menika siswa inggih kathah
nglampahaken nalika ing sekolah, ing antawisipun inggih menika
✓ Nyuwun idi badhe tumbas alat tulis ing koprasi sekolah
✓ Nyuwun pamit badhe dhateng pakiwan
✓ Nyuwun idi dhateng guru piket amargi badhe pamit wangsul.
✓ Nyuwun idi badhe dhateng UKS amargi sakit

✓ Nyuwun pamit badhe dhateng ruang BK amargi dipundangu dening
guru BK.

✓ Lsp.
c. Sapa aruh

Siswa menika ing lingkungan sekolah inggih mesthinipun saged
kepanggih kaliyan guru utawi tiyang ingkang langkung sepuh ing pundi
papan kemawon, boten winates ing salebeting kelas. Tuladha sapa aruh
inggih menika:
✓ Sapa aruh nalika kepanggih gurunipun ing margi
✓ Sapa aruh dhateng kakak kelasipun
✓ Sapa aruh nalika badhe nglangkungi utawi ngrumiyini tindakipun guru.
✓ Lsp.

2. Nemtokaken paraga
Anggenipun damel teks pawicantenan menika mbetahaken

paraga-paraga supados saged ngangen-angen menapa ingkang badhe
dipunucapaken ing teks pawicantenan kasebut. Kanthi netepaken paraga
ugi badhe nggampilaken siswa anggenipun nemtokaken undha-usuk basa
menapa ingkang badhe dipunginakaken. Paraga ing mriki saged siswa,
adhi kelas, kakak kelas, guru, karyawan, lan sapanunggalanipun ingkang
saged nuwuhaken interaksi pawicatenan.

3. Nemtokaken undha-usuk ingkang badhe dipunangge
Sasampunipun siswa nemtokaken sinten kemawon paraga ingkang

badhe nglampahaken pawicantenan, salajengipun siswa kedah
nemtokakaken undha-usuk basa ingkang badhe dipunangge. Saumpami
siswa netepaken badhe milih topik praktik dol tinuku, lajeng paraganipun
antawisipun murid saha guru, pramila siswa kedah ngecakaken undha
usuk basa ragam krama alus.

4. Nemtokaken latar utawi setting pawicantenan
Kanthi nemtokakaken latar utawi setting pawicantenan, siswa

saged mangretos kinten-kinten wonten pundi papan utawi latar
anggenipun para paraga menika badhe wicantenan. Menawi wonten ing
lingkungan sekolah, latar utawi setting pawicatenan saged wonten ing

kelas, teras kelas, teras ruang guru, ing salebeting ruang guru, pekarangan
sekolah, perpustakaan, ruang guru piket, laboratorium, sapinggiring
lapangan lan papan-papan sanesipun.

5. Manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan undha-usuk

Sasampunipun siswa sadaya sampun nglampahi caranipun damel

teks pawicantenan saking poin satunggal dumugi sakawan, langkah utawi

cara salajengipun inggih menika manggihaken tembung-tembung ingkang

trep kaliyan undha-usuk basa ingkang sampun dipuntemtokaken dening

kelompok. Siswa saged damel rantaman saking basa ngoko langkung

rumiyin, lajeng siswa saged akses dhateng web

https://www.sastra.org/leksikon utawi kamus bausastra online

https://budiarto.id/bausastra/

6. Ngrantam tetembungan ingkang sampun kapanggihaken dados ukara
Menawi siswa sampun manggihaken sedaya tetembungan ingkang

dipunbetahaken utawi tetembungang ingkang dereng dipunmangretosi,
langkah salajengipun inggih menika siswa ndamel ukara pawicantenan
ingkang ngewrat topik, undha-usuk, saha paraga ingkang sampun
dipuntemtokaken. Teks pawicantenan ingkang sampun kadamel saged
dipunserat kanthi radin ing lembar LKPD ingkang sampun
dipunsamektakaken dening guru.

KAPUSTAKAN

1. Gandung Widaryatmo, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa Kelas X. Jakarta: Erlangga.
Harjawiyana, Haryana dan Th. Supriya. 2009. Kamus Unggah-ungguh basa Jawa.
Yogyakarta: Penerbit Kanisius

2. Puspitoningrum, E., & Rahmayantis, M. D. (2018). Bahan Ajar Pacelathon Undha
Usuk Basa Jawa

3. Lokalitas Kediri Sebagai Penguatan Karakter Tata Krama Berbicara Siswa Dalam
Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Daerah. KEMBARA: Jurnal Keilmuan
Bahasa, Sastra, dan Pengajarannya, 4(1).

4. Internet:
https://www.sastra.org/leksikon
https://budiarto.id/bausastra/
https://www.youtube.com/watch?v=U5Ch1gCPHtQ

https://www.youtube.com/watch?v=iPVne-dP-gs


Click to View FlipBook Version