The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by NAKHARAF CHANNEL, 2023-01-25 02:03:38

Wayang Peksi Jathayu

Ramayana Peksi Jathayu

Cerita Wayang Ramayana P E K S I J A T H A Y U 2022/2023


W a c a n Cr i t a P e k si J a t h a y u No o r E r l i n a L i d i a st u t i Gu r u B a h a s a J awa Ratuning manuk kuwi jenenge Jathayu dheweke duwe kanca kang aran Prabu Dasarata. Nalika ngerteni yen ana kancane dicolong deneng Rahwana, mula Jathayu enggal nulungi. Kreta emas ditabrak, Sinta direbut ananging Rahwana ora gelem ngeculake, dadine Shinta dinggo rebutan dening Jathayu lan Rahwana. Sakwise ora bisa jupuk Shinta Jathayu tanding lawan Rahwana ananging eman, Jathayu kalah swiwine tugel banjur ditenteng ing awang-awang alon-alon tiba ana lemah kelebekan. Kreta kencana banjur nerusake laku tumuju ing Nagari Alengka. Shinta ngrasakake yen awake lungkrah ora karuan amerga dinggo rebutan dening Rahwana lan Jathayu. Shinta nyoba lunga saka sikepane Rahwana ananging ora bisa amerga Rahwana uwes tresna karo Shinta kang duweni wajah utawa praupan kang ayu rupane. Shinta isane amung nangis ngerteni kahanan kang kaya mengkono nyuwun welas asih deneng Rahwana. Sekar cunduk, gelang, lan kalung pada tiba pateng kececer ana ing awang-awang. Langit, gunung, kewan-kewan, lan gunung-gunung kabeh ngrasakake sedih mangerteni kahanan kuwi ananging ana sing ora ngrasake sedih yaiku Rahwana. Dugi Nagari Alengka shinta di pameri marang kaendahan Kraton kang isine mas-masan lan raja brana liyane, ananging Shinta babar pisan ora gagas marang kahanan kang kaya mangkono. Rahwana banjur ngereh-ereh dateng Shinta ananging Shinta malah ngomong yen isih tresna marang Rama. Ngerteni ucapane Shinta kaya mengkono. Raja Dasamuka ngamuk lan ngomong yen ora manut karo Rahwana bakal di pateni. Shinta tetep ora gagas kahanan kuwi, banjur Shinta dilebokake punjara kang dijaga dening raksasa kang medeni. Ana ing alas (hutan) Rama lan Lesmana ora bisa gawa mulih kidang kencana kang disuwun dening Sinta. Rama lan lesmana banjur bali ana panggone Shinta ananging Shinta wes ora ana ing panggonan kuwi. Rama lan Lesmana banjur goleki Shinta ananging amung nemokake cunduk, gelang lan kalungipun Shinta. ngerteni kahanan kang kaya mangkono Rama banjur nesu amerga ngerti yen Shinta di culik, Rama banjur arep jungkir walek isineng donya nanging beja Lesmana bisa ngereh-ereh Rama dadine Rama orasida jungkir walekke donya. Rama lan lesmana banjur nerusake goleki Shinta ana ing tengaheng anggone mlaku Rama lan lesmana kepanggih dening Jathayu kang lagi sekarat. Sakdurunge mati Jathayu menehi ngerti yen Shinta di culik Rahwana lan di gawa ana negara Ngalengka. Jatayu banjur di sampurnaake kanti cara di obong lan keluk lan latune nuduhake dalan arah ngendi Nagara Ngalengka.


Click to View FlipBook Version