LKPD
CERITA WAYANG
RAMAYANA (ANOMAN DUTA
KELAS IX SEMESTER GASAL
Dening : Lia Restiawati Hanggara
SMP NEGERI 4 MAJENANG
TAHUN PELAJARAN 2022/ 2023
Satuan Pendidikan : SMP NEGERI 4 MAJENANG
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/semester : IX/1 (satu)
Materi Pokok : Cerita Wayang Ramayana (Anoman Duta)
Alokasi Waktu : 1 pertemuan (2 JP)
A. IDENTITAS : …………
Kelompok : …………
Kelas :
Anggota Kelompok
1. …………………………………………
2. …………………………………………
3. …………………………………………
4. …………………………………………
5. …………………………………………
6. …………………………………………
B. KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
KOMPETENSI DASAR INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
3.1 Memahami teks cerita 3.1.1 Mengartikan kata-kata sulit yang
Ramayana
Duta) (Anoman terdapat di dalam cerita wayang
Ramayana lakon Anoman Duta (C2)
3.1.2 Menganalisis unsur-unsur instrinsik
yang terdapat di dalam cerita wayang
Ramayana lakon Anoman Duta (C4)
3.1.3 Menganalisis pokok isi bacaan cerita
wayang Ramayana lakon Anoman
Duta (C4)
4.1 Menanggapi isi teks cerita 4.1.1 Menanggapi isi teks cerita wayang
Ramayana Anoman Duta Ramayana lakon Anoman Duta dengan
dengan ragam krama impikasinya dalam kehidupan dengan
bahasa sendiri (P4)
4.1.2 Menceritkan kembali isi teks cerita
wayang Anoman Duta lakon Anoman
Duta dengan bahasa sendiri (P5)
C. TUJUAN PEMBELAJARAN
TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Tujuan Aspek Pengetahuan
a. Melalui kegiatan membaca teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta (C) peserta didik (A) dapat menemukan (B) arti kata yang sulit
dengan tepat (D). (C2)
b. Melalui kegiatan membaca teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta (C) peserta didik (A) dapat menganalisi (B) unsur-unsur instrinsik
cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta dengan tepat (D). (C4)
c. Setelah kegiatan membaca teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta (C), peserta didik (A) dapat menganalisis (B) pokok isi bacaan
cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta dengan tepat (D). (C4)
2. Tujuan Aspek Keterampilan
a. Setelah kegiatan berdiskusi kelompok (C) peserta didik (A) dapat
menanggapi isi amanat (B) isi cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta dengan kehidupan jaman sekarang dengan tepat (D). (P4)
b. Setelah membaca (C) cerita Anoman Duta, peserta didik (A) dapat
mencipta menceritakan (B) kembali cerita wayang Ramayana dengan
baik (D). (P5)
D. WOSING PASINAON
FASE 1 ORIENTASI PADA PESERTA DIDIK
Guru ana ing wiwitan pasinaon ngenei tesk diagnostic awujud pitakonan
“bener” utawa “salah” cacahe 5 soal. Para siswa ing pepanggihan iki arep
nyinaoni materi carita wayang Ramayana lakon Anoman Duta. Siswa diajak
nyemak cuplikan video carita Ramayana lakon Anoman Duta. Guru ugi
ngenehi tuladha wayang paraga carita
FASE 2 MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK
Siswa kabagi dadi 4 kelompok, siswa nampa LKPD sarta bahan ajar materi
kang gayut karo pasinoan. Siswa diskusi nggoleki tembung-tembung sing
angel saka teks wacan carita Ramayana lakon Anoman Duta. Mengidentifikasi
sarta nganalisis unsur intrinsik carita wayang Ramayana lakon Anoman Duta.
FASE 3 MEMBIMBING PENYELIDIKAN INDIVIDU MAUPUN KELOMPOK
Siswa diskusi supaya nemokake tegese tembung-tembung sing angel ana ing
teks wacan carita wayang Ramayana lakon Anoman Duta kanthi bantuan
kamus Bausastra Jawi online https://www.sastra.org/leksikon. Siswa
sesarengan karo Guru ugi nglajengaken kagiyatan bertanya jawab materi
carita wayang Ramayana lakon Anoman Duta
https://anyflip.com/qtbdm/cjss/.
Waosen teks carita wayang ing ngandhap kanthi permathi!
Teks Carita Bahan Diskusi
ANOMAN DHUTA
Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/ Dasamuka
menyang Kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren.
Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora doyan ngombe. Awake kuru
aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh
mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo jaga
keslametane, menyang ngendi bae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/ keris
cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke
banjur ngancam arep nganyut tuwuh.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi
Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana
adhine Prabu Dasamuka, dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha
kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah
tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana
Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis pejah suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih
Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri
Ramawijaya kasil dadi ratu bangsane kethek saka Kraton Guwa Kiskenda
andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek
putih aran Anoman. Anoman diutus Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik
melik
ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan Kraton Alengka, Anoman jujug taman keputren. Ing kono
dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake
ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi
Shinta lan entuk sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja,
Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan
kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana.
Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing
laun-alun Alengka. Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora
tedhas diobong. Nalika diobong Anoman berot banjur pencolotan sandhuwure
wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke
Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki
dadi segara geni sing bulat-bulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka
nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging
Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
(kapethik kanthi besutan saka Carita Ayu Sita Bagus Rama)
Saka carita wayang Ramayana lakon Anoman Duta,
wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1. Golekana tetembungan kang dirasa angel saka carita
Anoman Duta!
2. Golekana tegese tembung kang angel saka wacan
kanthi irah-irahan Anoman Duta!
3. Golekana unsur-unsur intrinsik saka carita kanthi
irah-irahan Anoman Duta! Banjur analisisen unsure!
FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
Siswa mempresentasikan hasil kerja individu ngartekakna tembung-tembung
sing angel. Siswa mempresentasikan asiling diskusi kelompok bab materi
unsur-unsur intrinsik carita. Siswa liyane sing ora presentasi ugi ngenehi
pamanggih.
FASE 5 MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI PEMECAHAN MASALAH
Siswa maca asiling diskusi banjur siswa liyane nganalisis ngenehi pamanggih.
Guru ngenehi penguatan asiling presentasi.
E. PETA KONSEP
PETA KONSEP
CERITA WAYANG PENGERTIAN
RAMAYANA WAYANG
(ANOMAN DUTA) JENIS WAYANG
SEJARAH CERITA
RAMAYANA
UNSUR
INTRINSIK CERITA
RAMAYANA
MATERI
PASINAON
MATERI FAKTUAL
TEKS CARITA WAYANG RAMAYANA (ANOMAN DUTA)
ANOMAN DHUTA
Dewi Shinta wis kelakon didhusta
dening Prabu Rahwana/ Dasamuka
menyang Kraton Alengkadiraja. Dewi
Shinta dipapanake ing taman Kaputren.
Ing taman, Dewi Shinta ora doyan
mangan lan ora doyan ngombe. Awake
kuru aking, rambute dawa nggimbal ora
digelung amarga wis suwe ora adus.
Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana
wegah nyedhaki dheweke. Kanggo jaga
keslametane, menyang ngendi bae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/ keris
cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke
banjur ngancam arep nganyut tuwuh.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi
Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana
adhine Prabu Dasamuka, dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha
kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah
tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana
Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis pejah suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih
Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri
Ramawijaya kasil dadi ratu bangsane kethek saka Kraton Guwa Kiskenda
andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek
putih aran Anoman. Anoman diutus Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik
melik
ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan Kraton Alengka, Anoman jujug taman keputren. Ing kono
dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake
ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi
Shinta lan entuk sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja,
Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan
kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana.
Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing
laun-alun Alengka. Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora
tedhas diobong. Nalika diobong Anoman berot banjur pencolotan sandhuwure
wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke
Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki
dadi segara geni sing bulat-bulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka
nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging
Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
(kapethik kanthi besutan saka Carita Ayu Sita Bagus Rama)
MATERI KONSEPTUAL
A. Pangertosan Wayang/ Wayang
Wayang/ wayang inggih menika nama
tontonan kanthi gambaran manungsa,
kewan sing dipundamel saka walulang utawi
kulit kewan, kajeng, godhong, kain lan
sapanunggalanipun.
Wayang ugi sampun ana wiwit taun 939
jaman Sri Jaya Baya juemeng nata ana ing
Kedhiri. Wekdal sakmenika wayang
kadhapuk saka godhong tal, banjur
dipunlajengaken Raden Panji saka Jenggala. Ana ing jaman para
sunan, salah satunggaling sunan sing ngginakaken wayang kangge sarana
dakwah nepungkaen agama Islam inggih menika Sunan Kalijaga.
B. Jinising wayang/ wayang
Wayang salah satunggaling seni pertunjukan sing caritaipun sakig
Ramayana, Mahabarata, utawi Menak. Wayang sampun dipunakeni dening
UNESCO inggih menika karya cipta sing endah sarta nengsemaken saka
caritaipun, wayangipun, sarta dadi warisan sing ageng sanget. UNESCO
ugi ngesahaken ana ing 7 November 2003. Jinising wayang kadosta ing
ngandhap menika :
1. Wayang Purwa
Wayang purwa ugi dipunsebat wayang wlulang
amargi dipundamel saka kulit sapi/ lembu.
2. Wayang Golek
Wayang golek ugi kathah sing
nyebat wayang tengul. Wayang golek
dipundamel saka kajeng sarta dipunsukani
ageman kados manungsa.
3. Wayang Krucil
Wayang krucil utawi wayang
klitik inggih menika wayang sing
dipundamel saka kajeng, wujudipun
wayang sami karo wayang wlulang.
4. Wayang Beber
Wayang beber inggih menika
wayang sing dipundamel saka kain utadi
kulit lembu sing awujud beberan
(lembaran). Saben beberan ugi
nggambaraken sakadegan carita.
5. Wayang Gedog
Wayang gedog menika
wujudipun badhe sami karo rimggit
wlulang. Sing dipundamel kirang
langkung taun 1400-an. Wayang
menika sakmenika naming ana ing
museum.
C. Sejarah carita Ramayana
Ramayana tegese pangumbara
sing nengsemaken. Carita Ramayana
dipunserat dening Walmiki watawis
taun 400 SM. Basa sing
dipunginakaken ana ing carita inggih
menika basa sansekerta. Carita
Ramayana menika ugi kasebar ana
ing Vietnam, Kamboja, Laos, Burma,
Thailand, Cina, sarta Indonesia.
Miturut Dr. Soewito S. Wiryonagoro, Ramayana sing ana ing
Indonesia sumberipun saka Ramayana kakawin sing ginambar ing relief
Candhi Prambanan sarta Candhi Panataran.
Ramayana dumadi saka basa Sansekerta. Ramayana utawa lelakune
sang Rama, iku salah siji wiracarita saka tlatah India. Wiracarita
Ramayana nyaritakake Dewi Sinta, garwa Sri Rama kang kadusta dening
Rahwana. Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya yen kitab
Weda ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis dening Walmiki, kira-kira ing
taun 300 sadurunge Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akeh
banget variasine kang ana ing Indhia dhewe lan ing Negara liyane Ing
tlatah Jawa, naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin
Ramayana (awujud tembang gedhe). Kakawin iku ditulis nganggo basa
Jawa Kuna ing Jawa Tengah, kurang luwihe taun 870 (abad kaping 9 M,
pungkasan). Kakawin iku diarani adikakawin marga kaanggep kang
kapisan, dawa dhewe, lan basane apik ing jaman Hindhu-Jawi. Ing sastra
Jawi Anyar, kakawin Ramayana digubah maneh dening Yasadipura dadi
Serat Rama Kawi. Crita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi
owah-owahan ing sawetara panggonan
D. Unsur Intrinsik carita
tema
Sudut Amanat
Pandang
Gaya Unsur Alur
Bahasa Intrinsik
Watak Paraga
paraga
Setting/
Alur
Unsur intrinsik carita dadi salah satunggaling unsur sing mbangun
karya sastra. Miturut Nurgiyantoro (2015:23) unsur intrinsik inggih
menika unsur pambangun karya sastra sing nyatanipun saged
dipunpanggihi amargi maos carita kanthi cuthel (tamat). Unsur-unsur
intrinsic carita menika kadosta: tema, alur, tokoh dan penokohoan, sudut
pandang, amanat.
1) Tema
Tema minangka ide pokok utawi perkawis utama sing ndhasari
lakuning carita.
2) Alur
Alur dipunsebatt rerangkening/ cengkoronganipun prastawa ana ing
carita/ kadadeyan. Alur kaperang dadi 2:
a) Alur maju (progresif) inggih menika bilih prastawa lumampah
kanthi trep-trepan adhedhasar kronologi tumuju ing pungkasan
carita
b) Alur mundhur (flash back progresif) inggih menika dumadi saka
kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumagi.
3) Paraga
Paraga inggih menika unsur sing nggambaraken karakter kangge
paraga/ pelaku. Paraga saged dipuncireni karakteripun adhedhasar
tumindak, ciri fisik, lingkungan, lan sapiturutipun.
4) Watak Paraga
Watak paraga kaperang dadi 3: watak protagonis, watak antagonis,
sarta watak tritagonis.
5) Setting/ latar
Setting inggih menika latar belakang sing mbiyantu cethaning
lakuning carita. Setting/ latar ugi kaperang dadi 3:
6) Gaya bahasa
7) Sudut Pandang
8) Amanat inggih menika pitutur luhur sing kaandhut ana ing
sakjroning carita.
MATERI PROSEDURAL
Caranipun mangertosi surasanipun carita wayang Ramayana Anoman Duta
1. Maos carita kanthi cuthel (tamat, selesai)
2. Nggoleki tegese tembung-tembung sing angel ana ing Bausastra Jawi
online https://www.sastra.org/leksikon
3. Nyerat asiling analisis unsur intrinsik carita
4. Nyatet bab sing wigatos (penting)
5. Nggoleki ukara baken sing ana ing saben paragrafipun
6. Lajenang saka ukara baku sing ana ing saben paragraf menika saged
dipunmangertosi suraosipun wacan
MATERI METAKOGNITIF
Cara caranipun manggihi amanat ana ing carita inggih menika kanthi
nindakaken:
1. Maos carita kanthi cermat, teliti karo
2. Nggatosaken wosing carita sing tersirat utawi tersurat
3. Amanat wujudipun sageda arupi saran, pangajak, utawi parentah
4. Saksampunipun manggihi amanat ugi saged kajumbuhaken
pagesangan jaman sakniki.
GLADHEN
1
Teks Carita Bahan Diskusi
(Teks Bahasa Jawa Ngoko untuk penutur Bahasa Ibu Bahasa Sunda)
ANOMAN DHUTA
Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/ Dasamuka
menyang Kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren.
Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora doyan ngombe. Awake kuru
aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh
mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo jaga
keslametane, menyang ngendi bae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/ keris
cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke
banjur ngancam arep nganyut tuwuh.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi
Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana
adhine Prabu Dasamuka, dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha
kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah
tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana
Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis pejah suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih
Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri
Ramawijaya kasil dadi ratu bangsane kethek saka Kraton Guwa Kiskenda
andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek
putih aran Anoman. Anoman diutus Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik
melik
ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan Kraton Alengka, Anoman jujug taman keputren. Ing kono
dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake
ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi
Shinta lan entuk sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja,
Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan
kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana.
Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing
laun-alun Alengka. Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora
tedhas diobong. Nalika diobong Anoman berot banjur pencolotan sandhuwure
wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke
Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki
dadi segara geni sing bulat-bulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka
nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging
Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
(kapethik kanthi besutan saka Carita Ayu Sita Bagus Rama)
Saka carita ing ndhuwur, wangsulana
pitakonan ing ngisor iki!
1. Golekana tetembungan sing kok rasa angel!
2. Golekana tegese tembung kang angel saka
wacan kanthi irah-irahan Anoman Duta!
3. Golekana unsur-unsur intrinsik saka carita
ing ndhuwur! Banjur analisisen unsure!
mau!
WANGSULAN Tegese
1. Tembung kang angel
No. Tembung angel
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
2. ....................................................................................................................
....................................................................................................................

2
UJI KOMPETENSI
Kompetensi Dasar :
3.1. Memahami teks cerita Ramayana (Anoman Duta)
4.1. Menanggapi isi teks cerita Ramayana Anoman Duta dengan ragam
Materi krama : Cerita Wayang Ramayana (Anoman Duta)
Kelas/ Semester : IX/ 1 (Ganjil)
Alokasi Waktu : 20 menit
Media Uji Kompetensi : aplikasi quizizz
Petunjuk Umum :
1. Berdoalah terlebih dahulu
2. Hubungan gaway dengan wifi yang tersedia
3. Ikuti petunjuk dari guru terkait link quizizz yang memuat soal
4. Klik join.quizizz.com kemudian klik ikon join
5. Masukan kode kuis yang disebutkan guru
6. Tuliskan nama masing-masing
Wenehana tandha ping (X) ing jawaban A, B, C, utawa D sing paling bener!
1. Gatekna wacan ing ngisor iki!
Dumugi kraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ana mriku
piyambakipun saged manggihi Dewi Sinta tuwin dewi Trijatha. Anoman
lajeng ngaturaken sesupenipun Sri Rama dhateng Dewi Sinta
Sasampunipun mangertosi kahananipun Dewi Sinta tuwin sisik melik
bab kahananipun kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman lajeng
pamit wangsul. Emanipun nalika badhe medal keputren, Anoman
kadenangan lajeng kapikut dening prajurit Alengkadiraja. Anoman
dipunrangket dipunsowanaken Prabu Rahwana. Dening prajuritipun
Prabu Dasamuka Anoman dipunbesmi. Anoman dipunobong ing alun-
alun Alengka. Nanging Anoman menika kethek sekti mandraguna, boten
tedhas dipunbesmi. Nalika kabesmi Anoman uwal lajeng pencolotan
sanginggilipun wewangunan kraton lan pomahan. Wewangunan lan wit-
witan sing dpuniencoki Anoman sedaya kobong. Kraton Alengkadiraja
sing waunipun sae, endah simenika dadi segara geni sing mulat-mulat
amargi pokalipun Anoman. Prabu Dasamuka duka lajeng dhawuh
prajurit Alengka supaya nyepeng Anoman. Nanging Anoman kasil lolos
lajeng atur palapuran dhateng Sri Ramawijaya.
Para paraga carita ing wacan Anoman Duta kasebut inggih menika …
A. Anoman, Dewi Shinta, Rahwana, Janaka, Ramawijaya
B. Ramawijaya, Anoman, Dewi Trijatha, Werkudara
C. Dewi Shita, Dewi Trijatha, Anoman, Rahwana
D. Rahwana, Ramawijaya, Anoman, Puntadewa
2. Sing mangerteni nalika Anoman arep metu seka keputren inggih menika
….
A. Prajurit Ngalengkadiraja (diurutkan)
B. Rewanda Seta
C. Dewi Trijatha
D. Rahwana
3. Piwulang sing bisa kajupuk saka carita Anoman Duta yaiku …
A. Anoman bisa nemoni Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, malah ngeterake
sesupe
B. Kabeh perkara sing bener nganti perkara sing salah kabeh mau
bakal konangan
C. Anoman dadi duta Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman
Keputren
D. Sasampunipun pikantuk sisik melik lan kaanaan keratin, Anoman si
kethek putih banjur wangsul.
4. Tembung “Duta” tegese padha karo …
A. Tukang ngopeni kewan
B. Tukang menehi kabar
C. Batur/ rewangkalung
D. Utusan
5. Paraga utama ing carita wayang Anoman Duta yaiku …
A. Ramawijaya
B. Dewi Sinta
C. Rahwana
D. Anoman
6. Prabu Rahwana raja ing Negara …
A. Astina
B. Amarta
C. Alengka
D. Jodhipati
7. Gatekna pethikan soal carita Anoman Duta iki!
Anoman dadi duta Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman
Kaputren. Ing kana, Anoman bisa nemoni Sinta lan Trijatha malah bisa
ngaurake ali-ali saka Rama.
Manut pethilan wacan kasebut, pokok isi ukara kasebut Anoman ….
A. kongkonane Rama lan ketemu Rahwana sawadyabalane
B. dadi kongkonan lan bisa ngaturake ali-ali marang Sinta
C. kepethuk Trijatha lan diajak bali dening Sinta
D. ngajak bali Sinta lan Trijatha
8. Gatekna prathelan iki!
Ing wacan carita Anoman Duta ana ukara: kabeh perkara kang bener,
bakal bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah bakal
seleh.
Ukara kasebut jumbuh karo paribasan…
A. Sapa salah seleh, sapa bener pener
B. Sapa salah seleh, sapa kang ora salah mesthi seleh
C. Sapa luput bakal semaput sapa salah mesthi ndlelah
D. Sapa bener bakal pener, sapa luput gampang semaput
9. Anoman konangan dening wadyabalane Rahwana, nuli dirangket lan
entuk ukuman arupa di … ing alun-alun.
A. tembak
B. obong
C. panah
D. siksa
10. Pitutur kang bisa kajupuk saka carita Anoman Duta, yaiku …
A. Dadi wong wedi marang bebener lan kajujuran wedi marang
paukuman
B. Manungsa aja wedi marang paukuman, yen iku ngenggoni bebener
C. Manungsa ora perlu wedi marang bebener lan paukuman
D. Dadi wong wedi marang paukuman sanajan iku bener
DAFTAR PUSTAKA
a. Chanel youtube https://www.youtube.com/watch?v=8NYH9KrtWPgg
b. Koderi, M. Fadjar P. 1996. Kamus Dialek Banyumas – Indonesia. Purwokerto: Badan
Kesenian Banyumas (BKB).
c. Kamus Bausastra Jawa online dengan alamat https://www.sastra.org/leksikonn
d. Nurnani, D. (2021). Unsur-Unsur Intrinsik Cerita Mahabharata dalam The Mahabharata
Karya RK Narayan. Lakon Jurnal Pengkajian & Penciptaan Wayang, 18(2). Lakon Jurnal
Pengkajian & Penciptaan Wayang, 2021 - jurnal.isi-ska.ac.id. diakses pada laman:
https://jurnal.isi-ska.ac.id/index.php/lakon/article/view/41122
e. Sri Handayani. 2021. Peningkatan Keterampilan Membaca Teks Cerita Wayang Ramayana
Lakon Anoman Dhuta Dengan Media Power Point. Jurnal Mahadewa.ac.id. diakses pada
laman:
https://scholar.googleusercontent.com/scholar?q=cache:o5Wir05EzaoJ:scholar.google.com/
+d.%09Sri+Handayani.+2021.+Peningkatan+Keterampilan+Membaca+Teks+Cerita+Wayan
g+Ramayana+Lakon+Anoman+Dhuta+Dengan+Media+Power+Point&hl=id&as_sdt=0,5
f. Sudi Yatmana. Wasana. 2016. Padha Bisa Basa Jawa (Kelas IX SMP/ MTs). Yogyakarta :
Yudhistira.
DUDUTAN PASINAON
......................................................................................................

.....................................................................................................

REFLEKSI
.......................................................................................................

..................................................................................................
.......................................................................................................
.......................................................................................................
.......................................................................................................
...................................................................................................
.......................................................................................................
.......................................................................................................
.......................................................................................................
.......................................................................................................
.................................................................................................