BAHAN AJAR
CERITA WAYANG RAMAYANA
(ANOMAN DUTA)
Lia Restiawati Hanggara, S.Pd.
SMP Negeri 4 Majenang
KOMPETENSI DASAR
INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
KOMPETENSI DASAR INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
3.1 Memahami teks cerita 3.1.1 Mengartikan kata-kata sulit yang
Ramayana (Anoman Duta)
terdapat di dalam cerita wayang
Ramayana lakon Anoman Duta (C2)
3.1.2 Menganalisis unsur-unsur instrinsik
yang terdapat di dalam cerita wayang
Ramayana lakon Anoman Duta (C4)
3.1.3 Menganalisis pokok isi bacaan cerita
wayang Ramayana lakon Anoman Duta
(C4)
4.1 Menanggapi isi teks cerita 4.1.1 Menanggapi isi teks cerita wayang
Ramayana Anoman Duta Ramayana lakon Anoman Duta dengan
dengan ragam krama impikasinya dalam kehidupan dengan
bahasa sendiri (P4)
4.1.2 Menceritkan kembali isi teks cerita
wayang Anoman Duta lakon Anoman
Duta dengan bahasa sendiri (P5)
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 1
TUJUAN
PEMBELAJARAN
1. Tujuan Aspek Pengetahuan
a. Melalui kegiatan membaca teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta (C) peserta didik (A) dapat menemukan (B) arti kata yang sulit
dengan tepat (D).
b. Setelah kegiatan membaca teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta (C), peserta didik (A) dapat menganalisis (B) pokok isi bacaan cerita
wayang Ramayana lakon Anoman Duta dengan tepat (D).
c. Melalui kegiatan membaca teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta (C) peserta didik (A) dapat menganalisi (B) unsur-unsur instrinsik
cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta.
2. Tujuan Aspek Keterampilan
a. Setelah kegiatan berdiskusi kelompok (C) peserta didik (A) dapat
menanggapi isi amanat (B) isi cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta dengan kehidupan jaman sekarang dengan tepat (D)
b. Setelah membaca (C) cerita Anoman Duta, peserta didik (A) dapat mencipta
menceritakan (B) kembali cerita wayang Ramayana dengan baik (D).
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 2
PETA KONSEP
CERITA WAYANG PENGERTIAN
RAMAYANA WAYANG
(ANOMAN DUTA) JENIS WAYANG
SEJARAH CERITA
RAMAYANA
UNSUR
INTRINSIK CERITA
RAMAYANA
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 3
WOSING
PASINAON
FASE 1 ORIENTASI PADA PESERTA DIDIK
Para siswa wonten ing pepanggihan menika badhe nyinaoni materi cariyos
ringgit Ramayana lakon Anoman Duta. Siswa dipunajak nyemak cuplikan video
cariyos Ramayana lakon Anoman Duta. Dwija ugi maringi tuladha ringgit/
wayang paraga cariyos
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 4
FASE 2 MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK
Siswa kaperang dados 4 kelompok, siswa nampi LKPD sarta bahan ajar materi
ingkang gayut kaliyan pasinoan. Siswa diskusi madosi tembung-tembung
ingkang awrat saking teks waosan cariyos Ramayana lakon Anoman Duta.
Mengidentifikasi sarta nganalisis unsur intrinsik cariyos wayang Ramayana
lakon Anoman Duta.
FASE 3 MEMBIMBING PENYELIDIKAN INDIVIDU MAUPUN KELOMPOK
Siswa diskusi supados nemokaken tegesipun tembung-tembung ingkang awrat
wonten ing teks waosan cariyos wayang Ramayana lakon Anoman Duta kanthi
bantuan kamus Bausastra Jawi online https://www.sastra.org/leksikon. Siswa
sesarengan kaliyan dwija ugi nglajengaken kagiyatan bertanya jawab materi
cariyos wayang Ramayana lakon Anoman Duta
https://anyflip.com/qtbdm/cjss/.
Waosen teks cariyos wayang ing ngandhap kanthi permathi!
Teks Cariyos Bahan Diskusi
ANOMAN DHUTA
Dewi Sinta sampun kadhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka kebekta
dhateng kraton Alengkadiraja dipunpapanaken ing taman keputren, Dewi Sinta
boten kersa dhahar lan ngunjuk ngantos badanipun kuruaking, rikmanipun
panjang nggimbal boten dipungelung amargi sampun dangu boten siram.
Sedaya menika katindakaken supados Rahwana boten kersa nyaket kaliyan
Dewi Shinta. Kangge njagi kesucianipun. Dhateng pundi kemawon Dewi Sinta
tansah mbekta cudrik/keris cilik, supados nalika Prabu Rahwana badhe
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 5
ngrudapeksa, piyambakipun saged ngancam badhe nganyut tuwuh badhe utawi
bunuh diri.
Wonten taman keputren namung Dewi Trijatha (putrinipun Gunawan
Wibisana, rayinipun Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha menika ponakanipun
Prabu Dasamuka ingkang saged ngarih-arih lan bujuk Dewi Sinta supados
kersa dhahar. Dewi Trijatha menika ayu rupinipun, lan patrapipun boten kasar
kados buta Alengka. Boten benten kaliyan putri keraton sanesipun. Upami
boten wonten DewiTrijatha, Dewi Sinta sadeg ugi sampun suduk sarira, Trijatha
kasil ngarih-arih Dewi Sinta supados boten lampus dhiri.
Boten saged kacariyosaken lara lapanipun Dewi Sinta ing regeman
astanipun Prabu Rahwana. Dene Sri Ramawijaya sampun kasil pikantuk
pambiyantu ratu kethek saking kraton Guwa Kiskenda inggih menika Sugriwa.
Sawijining dinten Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman.
Anoman dinuta Sri Ramawijaya supados pados sisik melik wonten pundi lan
kadospundi kawontenanipun Dewi Sinta.
Dumugi kraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Wonten mriku
piyambakipun saged manggihi Dewi Sinta tuwin dewi Trijatha. Anoman lajeng
ngaturaken sesupenipun Sri Rama dhateng Dewi Sinta. Sasampunipun
mangertosi kahananipun Dewi Sinta tuwin sisik melik bab kahananipun kraton
lan prajurit Alengkadiraja, Anoman lajeng pamit wangsul. Emanipun nalika
badhe medal keputren, Anoman kadenangan lajeng kapikut dening prajurit
Alengkadiraja. Anoman dipunrangket dipunsowanaken Prabu Rahwana. Dening
prajuritipun Prabu Dasamuka Anoman dipunbesmi. Anoman dipunobong ing
alun-alun Alengka. Nanging Anoman menika kethek sekti mandraguna, boten
tedhas dipunbesmi. Nalika kabesmi Anoman uwal lajeng pencolotan
sanginggilipun wewangunan kraton lan pomahan. Wewangunan lan wit-witan
ingkang dpuniencoki Anoman sedaya kobong. raton Alengkadiraja ingkang
waunipun sae, endah samenika dados segara geni ingkang mulat-mulat amargi
pokalipun Anoman. Prabu Dasamuka duka lajeng dhawuh prajurit Alengka
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 6
supados nyepeng Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lajeng atur palapuran
dhateng Sri Ramawijaya.
(kapethik kanthi besutan saka Cariyos Ayu Sita Bagus Rama)
Saking cariyos kala wau, wangsulana
pitaken ing ngandhap menika!
1. Tetembungan ingkang dipunraos angel!
2. Golekana tegesipun tembung menika!
3. Golekana unsur-unsur intrinsic saka cariyos
ing ndhuwur!
FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
Siswa mempresentasikan hasil kerja individu ngartekaken tembung-tembung
ingkang awrat. Siswa mempresentasikan asiling wawanrembag kelompok bab
materi unsur-unsur intrisnsik cariyos. Siswa sanes ingkang mboten presentasi
ugi maringi pamanggih.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 7
FASE 5 MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI PEMECAHAN MASALAH
Siswa maos asiling wawanrembag lajeng siswa sanes nganalisis maringi
pamanggih. Dwija maringi penguatan asiling presentasi.
DAFTAR PUSTAKA
a Kamus Bausastra Jawa online dengan alamat
https://www.sastra.org/leksikon
b Buku Ringkasan Materi Bahasa Jawa Kelas IX. MGMP Cilacap. 2020.
Banyumas: CV. Pustaka Ilmu.
c Buku Ringkasan Materi Bahasa Jawa Kelas IX. MGMP Cilacap. 2022.
Banyumas: CV. Pustaka Ilmu.
d Yatmana, Sudi. Wasana. 2016. Padha Bisa Basa Jawa (Kelas IX SMP/ MTs).
Yogyakarta : Yudhistira.
e Nurnani, D. (2021). Unsur-Unsur Intrinsik Cerita Mahabharata dalam The
Mahabharata Karya RK Narayan. Lakon Jurnal Pengkajian & Penciptaan
Wayang, 18(2). Lakon Jurnal Pengkajian & Penciptaan Wayang, 2021 -
jurnal.isi-ska.ac.id
f Sri Handayani. 2021. Peningkatan Keterampilan Membaca Teks Cerita
Wayang Ramayana Lakon Anoman Dhuta Dengan Media Power Point.
Mahadewa.ac.id
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 8
MATERI
PASINAON
MATERI FAKTUAL
TEKS CARIYOS WAYANG RAMAYANA (ANOMAN DUTA)
ANOMAN DHUTA
Dewi Sinta sampun kadhusta
dening Prabu Rahwana/Dasamuka
kebekta dhateng kraton Alengkadiraja
dipunpapanaken ing taman keputren,
Dewi Sinta boten kersa dhahar lan
ngunjuk ngantos badanipun
kuruaking, rikmanipun panjang
nggimbal boten dipungelung amargi sampun dangu boten siram. Sedaya menika
katindakaken supados Rahwana boten kersa nyaket kaliyan Dewi Shinta.
Kangge njagi kesucianipun. Dhateng pundi kemawon Dewi Sinta tansah mbekta
cudrik/keris cilik, supados nalika Prabu Rahwana badhe ngrudapeksa,
piyambakipun saged ngancam badhe nganyut tuwuh badhe utawi bunuh diri.
Wonten taman keputren namung Dewi Trijatha (putrinipun Gunawan
Wibisana, rayinipun Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha menika ponakanipun
Prabu Dasamuka ingkang saged ngarih-arih lan bujuk Dewi Sinta supados
kersa dhahar. Dewi Trijatha menika ayu rupinipun, lan patrapipun boten kasar
kados buta Alengka. Boten benten kaliyan putri keraton sanesipun. Upami
boten wonten DewiTrijatha, Dewi Sinta sadeg ugi sampun suduk sarira, Trijatha
kasil ngarih-arih Dewi Sinta supados boten lampus dhiri.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 9
Boten saged kacariyosaken lara lapanipun Dewi Sinta ing regeman
astanipun Prabu Rahwana. Dene Sri Ramawijaya sampun kasil pikantuk
pambiyantu ratu kethek saking kraton Guwa Kiskenda inggih menika Sugriwa.
Sawijining dinten Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman.
Anoman dinuta Sri Ramawijaya supados pados sisik melik wonten pundi lan
kadospundi kawontenanipun Dewi Sinta.
Dumugi kraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Wonten mriku
piyambakipun saged manggihi Dewi Sinta tuwin dewi Trijatha. Anoman lajeng
ngaturaken sesupenipun Sri Rama dhateng Dewi Sinta. Sasampunipun
mangertosi kahananipun Dewi Sinta tuwin sisik melik bab kahananipun kraton
lan prajurit Alengkadiraja, Anoman lajeng pamit wangsul. Emanipun nalika
badhe medal keputren, Anoman kadenangan lajeng kapikut dening prajurit
Alengkadiraja. Anoman dipunrangket dipunsowanaken Prabu Rahwana. Dening
prajuritipun Prabu Dasamuka Anoman dipunbesmi. Anoman dipunobong ing
alun-alun Alengka. Nanging Anoman menika kethek sekti mandraguna, boten
tedhas dipunbesmi. Nalika kabesmi Anoman uwal lajeng pencolotan
sanginggilipun wewangunan kraton lan pomahan. Wewangunan lan wit-witan
ingkang dpuniencoki Anoman sedaya kobong. raton Alengkadiraja ingkang
waunipun sae, endah samenika dados segara geni ingkang mulat-mulat amargi
pokalipun Anoman. Prabu Dasamuka duka lajeng dhawuh prajurit Alengka
supados nyepeng Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lajeng atur palapuran
dhateng Sri Ramawijaya.
(kapethik kanthi besutan saka Cariyos Ayu Sita Bagus Rama)
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 10
MATERI KONSEPTUAL
A. Pangertosan Ringgit/ Wayang
Wayang/ ringgit inggih menika nama
tontonan kanthi gambaran manungsa, kewan
ingkang dipundamel saking walulang utawi
kulit kewan, kajeng, godhong, kain lan
sapanunggalanipun.
Ringgit ugi sampun wonten wiwit taun 939
jaman Sri Jaya Baya juemeng nata wonten ing
Kedhiri. Wekdal sakmenika ringgit kadhapuk
saking godhong tal, banjur dipunlajengaken
Raden Panji saking Jenggala. Wonten ing jaman para sunan, salah
satunggaling sunan ingkang ngginakaken ringgit kangge sarana dakwah
nepungkaen agama Islam inggih menika Sunan Kalijaga.
B. Jinising ringgit/ wayang
Ringgit salah satunggaling seni pertunjukan ingkang cariyosipun sakig
Ramayana, Mahabarata, utawi Menak. Ringgit sampun dipunakeni dening
UNESCO inggih menika karya cipta ingkang endah sarta nengsemaken
saking cariyosipun, ringgitipun, sarta dados warisan ingkang ageng sanget.
UNESCO ugi ngesahaken wonten ing 7 November 2003. Jinising ringgit
kadosta ing ngandhap menika :
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 11
1. Ringgit Purwa
Ringgit purwa ugi dipunsebat ringgit wlulang amargi
dipundamel saking kulit sapi/ lembu.
2. Ringgit Golek
Ringgit golek ugi kathah ingkang nyebat
wayang tengul. Ringgit golek dipundamel
saking kajeng sarta dipunsukani ageman
kados manungsa.
3. Ringgit Krucil
Ringgit krucil utawi wayang klitik
inggih menika ringgit ingkang dipundamel
saking kajeng, wujudipun ringgit sami
kaliyan ringgit wlulang.
4. Ringgit Beber
Ringgit beber inggih menika ringgit
ingkang dipundamel saking kain utadi
kulit lembu ingkang awujud beberan
(lembaran). Saben beberan ugi
nggambaraken sakadegan cariyos.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 12
5. Ringgit Gedog
Ringgit gedog menika wujudipun
badhe sami kaliyan rimggit wlulang.
Ingkang dipundamel kirang langkung
taun 1400-an. Ringgit menika
sakmenika naming wonten ing museum.
C. Sejarah cariyos Ramayana
Ramayana tegesipun
pangumbara ingkang nengsemaken.
Cariyos Ramayana dipunserat dening
Walmiki watawis taun 400 SM. Basa
ingkang dipunginakaken wonten ing
cariyos inggih menika basa
sansekerta. Cariyos Ramayana
menika ugi kasebar wonten ing
Vietnam, Kamboja, Laos, Burma,
Thailand, Cina, sarta Indonesia.
Miturut Dr. Soewito S. Wiryonagoro, Ramayana ingkang wonten ing
Indonesia sumberipun saking Ramayana kakawin ingkang ginambar ing
relief Candhi Prambanan sarta Candhi Panataran.
Ramayana dumadi saka basa Sansekerta. Ramayana utawa lelakune
sang Rama, iku salah siji wiracarita saka tlatah India. Wiracarita Ramayana
nyaritakake Dewi Sinta, garwa Sri Rama kang kadusta dening Rahwana.
Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya yen kitab Weda ora mlebu
petungan. Kitab kuwi ditulis dening Walmiki, kira-kira ing taun 300
sadurunge Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akeh banget variasine
kang ana ing Indhia dhewe lan ing Negara liyane Ing tlatah Jawa, naskah
Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin Ramayana (awujud tembang
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 13
gedhe). Kakawin iku ditulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa Tengah,
kurang luwihe taun 870 (abad kaping 9 M, pungkasan). Kakawin iku diarani
adikakawin marga kaanggep kang kapisan, dawa dhewe, lan basane apik ing
jaman Hindhu-Jawi. Ing sastra Jawi Anyar, kakawin Ramayana digubah
maneh dening Yasadipura dadi Serat Rama Kawi. Crita iki kasebar lan mlebu
dadi lakon wayang kanthi owah-owahan ing sawetara panggonan
D. Unsur Intrinsik cariyos
tema
Watak Sudut
paraga pandang
Setting/ Unsur
Alur Intrinsik
Amanat
Paraga Alur
Unsur intrinsik cariyos dados salah satunggaling unsur ingkang
mbangun karya sastra. Miturut Nurgiyantoro (2015:23) unsur intrinsik
inggih menika unsur pambangun karya sastra ingkang nyatanipun saged
dipunpanggihi amargi maos cariyos kanthi cuthel (tamat). Unsur-unsur
intrinsic cariyos menika kadosta: tema, alur, tokoh dan penokohoan, sudut
pandang, amanat.
1. Tema
Tema minangka ide pokok utawi perkawis utama ingkang ndhasari
lakuning cariyos.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 14
2. Alur
Alur dipunsebatt rerangkening/ cengkoronganipun prastawa wonten
ing cariyos/ kadadeyan. Alur kaperang dados 2:
a. Alur maju (progresif) inggih menika bilih prastawa lumampah
kanthi trep-trepan adhedhasar kronologi tumuju ing pungkasan
cariyos
b. Alur mundhur (flash back progresif) inggih menika dumadi saka
kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumagi.
3. Paraga
Paraga inggih menika unsur ingkang nggambaraken karakter kangge
paraga/ pelaku. Paraga saged dipuncireni karakteripun adhedhasar
tumindak, ciri fisik, lingkungan, lan sapiturutipun.
4. Watak Paraga
Watak paraga kaperang dados 3: watak protagonis, watak antagonis,
sarta watak tritagonis.
5. Sudut Pandang
Sudut pandang kaperang dados 3, yaiku:
a. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih
wong kapisan (kataganti orang pertama), nyritakake apa kang
dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-
tembung dhewe.
b. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke
luwih akeh ngamati saka sanjabane carita tinimbang sajroning
carita. Pengarang biayasane nggunakake tembung sesulih wong
katelu (kata ganti orang ketiga).
c. Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke
sanyatane dumunung ing sanjabane carita, mung sarwa nyawang,
ngrungokake,lan ngerti. Dheweke nyawang tokoh nganti tekan
sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa
nyritakake rahasia batine tokoh.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 15
6. Setting/ latar
Setting inggih menika latar belakang ingkang mbiyantu cethaning
lakuning cariyos. Setting/ latar ugi kaperang dados 3:
7. Amanat inggih menika pitutur luhur ingkang kaandhut wonten ing
sakjroning cariyos.
MATERI PROSEDURAL
Caranipun mangertosi surasanipun cariyos wayang Ramayana Anoman
Duta
1. Maos cariyos kanthi cuthel (tamat, selesai)
2. Madosi tegesipun tembung-tembung ingkang awrat wonten ing Bausastra
Jawi online https://www.sastra.org/leksikon
3. Nyerat asiling analisis unsur intrinsik cariyos
4. Nyatet bab ingkang wigatos (penting)
5. Madosi ukara baken ingkang wonten ing saben paragrafipun
6. Lajenang saking ukara baku ingkang wonten ing saben paragraf menika
saged dipunmangertosi suraosipun waosan
MATERI METAKOGNITIF
Cara caranipun manggihi amanat wonten ing cariyos inggih menika kanthi
nindakaken:
1. Maos cariyos kanthi cermat, teliti
2. Nggatosaken wosing cariyos ingkang tersirat utawi tersurat
3. Amanat wujudipun sageda arupi saran, pangajak, utawi parentah
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 16
4. Saksampunipun manggihi amanat ugi saged kajumbuhaken kaliyan
pagesangan jaman sakniki.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA – CERITA WAYANG (ANOMAN DUTA) 17