MUSYAWARAH GURU MATA PELAJARAN MGMP – BAHASA JAWA SMP KABUPATEN CILACAP PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 SEKOLAH MENENGAH PERTAMA (SMP) TAHUN PELAJARAN 2022 / 2023 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa K e l a s : IX (Sembilan) Hari / Tanggal : Kamis, 8 September 2022 W a k t u : 10.00 – 11.30 (90 menit) PETUNJUK UMUM : 1. Berdoalah dahulu sebelum mulai mengerjakan soal. 2. Tulislah lebih dahulu nomor kode sekolah dan nomor peserta Anda pada lembar jawaban yang telah disediakan. 3. Periksalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya. 4. Jumlah soal sebanyak 50 butir, terdiri dari 45 pilihan ganda, 5 uraian dan semua harus dijawab. 5. Dahulukan mengerjakan soal-soal yang Anda anggap mudah. 6. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan, dengan menggunakan bolpoint / pulpen yang bertinta biru atau hitam 7. Apabila ada jawaban yang Anda jawab ternyata salah dan Anda ingin memperbaikinya, coretlah dengan dua garis lurus mendatar pada lembar jawaban Anda yang salah, kemudian beri tanda silang (X) pada huruf yang Anda anggap benar. Contoh : Pilihan semula : A B C D Dibetulkan : A B C D 8. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada Pengawas. I. PILIHAN GANDA Teks cariyos wayang kangge soal nomer 1 – 3. Dewi Sinta sampun kadhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka kebekta dhateng kraton Alengkadiraja, dipunpapanaken ing taman keputren. Dewi Sinta boten kersa dhahar lan ngunjuk ngantos badanipun kuru aking, rikmanipun panjang nggimbal boten dipungelung amargi sampun dangu boten siram. Sedaya menika katindakaken supados Rahwana boten kersa nyaket kaliyan Dewi Sinta. Kangge njagi kasucenipun, dhateng pundi kemawon Dewi Sinta tansah mbekta cundrik/keris alit. Ancasipun supados menawi Prabu Rahwana badhe ngrudapeksa, piyambakipun saged ngancam badhe nganyut tuwuh utawi bunuh diri. 1. Wosing teks ing inggil inggih punika .... A. Anoman nylametake Dewi Sinta saking Prabu Rahwana B. Dewi Sinta tansah njagi kasucenipun wonten ing Alengka C. Prabu Rahwana tumindak rudapeksa dhateng Dewi Sinta D. Kahananipun Dewi Sinta boten nate reresik lan boten siram 2. Dewi Sinta tansah mbekta cundrik/keris alit amargi .... A. Kangge njagi supados Prabu Rahwana boten ngrudapeksa B. Cudrik/keris cilik menika peparinganipun Anoman dutanipun Rama C. Dewi Sinta mbetahaken kangge numpes tiyang wonten ing Alengka D. Dipundhawuhi dening Prabu Ramawijaya nalikane rumiyin kepanggih 3. Isi ringkes teks ing inggil inggih punika ..... A. Para raseksa ing Alengka sami tumindak boten sae dhateng Dewi Sinta B. Ing Alengkadiraja, Dewi Sinta boten remen dhateng Rahwana C. Alengkadiraja, Dewi Sinta njagi badanipun saking Anoman D. Prabu Rahwana tansah meksa Dewi Sinta supados purun dipungarwa DOKUMEN SANGAT RAHASIA X X X
b.jawa.IX.clp. 2 Teks cariyos wayang kangge soal nomer 4 – 6. Wonten taman keputren namung Dewi Trijatha (putrinipun Gunawan Wibisana, rayinipun Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha menika ponakanipun Prabu Dasamuka ingkang saged ngariharih lan bujuk Dewi Sinta supados gelem mangan. Dewi Trijatha menika ayu rupinipun, lan patrapipun boten kasar kados buta Alengka. Boten beda kaliyan putri keraton sanesipun. Upami boten wonten Dewi Trijatha, Dewi Sinta sadeg ugi sampun suduk sarira. Trijatha kasil ngariharih Dewi Sinta supados boten lampus dhiri. 4. Ukara ing andhap ingkang leres manut teks ing inggil inggih menika .... A. Dewi Sinta kasil lampus dhiri, jasadipun ical sareng kukus B. Dewi Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Sinta supados boten lampus dhiri C. Gunawan Wibisana ngarih-arih Dewi Trijatha supados boten lampus dhiri D. Dewi Trijatha tansah tumindak ala dhumateng Dewi Sinta wonten Alengka 5. Tumindak becikipun Dewi Trijatha ingkang saged dipuntuladhani inggih menika .... A. njagi Dewi Sinta saking Prabu Rahwana C. ngejoraken Dewi Sinta wonten Alengka B. seneng tetulung dhumateng buta sanes D. nggatosaken dhateng Dewi Sinta 6. Dewi Trijatha menika ponakanipun Prabu Dasamuka ingkang saged ngarih-arih lan bujuk Dewi Sinta supados gelem mangan. Tembung ingkang kacithak kandel leresipun .... A. purun dhahar C. kersa dhahar B. purun maem D. kersa maem Teks cariyos wayang kangge soal nomer 7 – 9 Anoman dados duta utawi utusanipun Prabu Rama, lajeng njujug dhateng Taman Keputren. Cekakipun cariyos, Anoman kasumerepan dening Indrajit, lajeng dipunrangket nuli dipunsowanaken Prabu Rahwana. Anoman kaparingan paukuman bakal dipunobong. Ngadhepi kawontenan mekaten, Anoman boten ajrih, tanpa gigrig manahipun. Wonten batinipun, sedaya perkawis ingkang bener bakal pener, lan perkawis ingkang lepat utawi salah mesthi bakal seleh. 7. Ukara baku teks ing inggil inggih menika .... A. Anoman dados duta utawi utusanipun Prabu Rama, lajeng njujug dhateng Taman Keputren. B. Anoman kasumerepan dening Indrajit, lajeng dipunrangket nuli dipunsowanaken Prabu Rahwana. C. Ngadhepi kahanan kados mekaten, Anoman boten ajrih, tanpa gigrig manahipun. D. Wonten batinipun, sedaya perkawis ingkang bener bakal pener, lan perkawis ingkang lepat utawi salah mesthi bakal seleh. 8. Paraga ingkang nggadhahi watak sae saking teks ing inggil inggih menika .... A. Indrajit C. Anoman B. Rahwana D. Raseksa 9. Dudutan (kesimpulan) teks ing inggil inggih menika .... A. Anoman dipunobong dening Prabu Rahwana B. Indrajit nyumerepi Anoman saweg manggihi Dewi Sinta C. Perkawis ingkang leres mesthi bakal menang D. Anoman kasumerepan Indrajit badhe dipunobong Teks cariyos wayang kangge soal nomer 10 – 12. Dumugi kraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Wonten ngriku piyambakipun saged manggihi Dewi Sinta tuwin Dewi Trijatha. Anoman lajeng ngaturaken sesupenipun Rama dhateng Dewi Sinta. Sasampunipun mangertosi kahananipun Dewi Sinta tuwin sisik melik bab kahananipun kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman lajeng pamit wangsul. 10. Wosipun teks ing inggil inggih menika .... A. Anoman kedadosan kobong dening Rahwana ing alun-alun B. Anoman ngaturaken sesupenipun Rama dhateng Dewi Sinta C. Prabu Rama dipunjujugaken Anoman wonten ing taman keputren D. Dewi Sinta manggihi Prabu Rama kanthi kahanan dereng suci
b.jawa.IX.clp. 3 11. Watak Anoman ingkang saged dipuntuladhani inggih menika .... A. bisa dipercaya C. licik B. seneng aweh D. cubriya 12. Isi ringkesipun teks ing inggil inggih menika .... A. Prajurit Alengka sumerep wontenipun Anoman lan Anoman dipunobong B. Anoman saged dumugi wonten ing Alengka dipunbiyantu Subali Sugriwa C. Anoman ngobong kraton Alengka lan ngobrak abrik isine kraton nganti rusak D. Anoman ngaturaken sesupenipun Rama, lan pados sisik melik kahanan Alengka Teks cariyos wayang kangge soal nomer 13 – 15 Nanging Anoman menika kethek sekti mandraguna, boten tedhas dipunbesmi. Nalika kabesmi Anoman uwal lajeng pencolotan sanginggilipun wewangunan kraton lan pomahan. Wewangunan lan wit-witan ingkang dipunencoki Anoman sedaya kobong. Kraton Alengkadiraja ingkang waunipun sae, endah samenika dados segara banyu ingkang mulat-mulat amargi pokalipun Anoman. 13. Ukara baku teks ing inggil inggih menika .... A. Nanging Anoman menika kethek sekti mandraguna, boten tedhas dipunbesmi. B. Nalika kabesmi Anoman uwal lajeng pencolotan sanginggilipun wewangunan kraton lan pomahan. C. Wewangunan lan wit-witan ingkang dipunencoki Anoman sedaya kobong. D. Kraton Alengkadiraja ingkang waunipun sae endah samenika dados segara geni ingkang mulat-mulat amargi pokalipun Anoman. 14. Wosipun teks ing inggil inggih menika .... A. Anoman ngobong Alengka amargi dipunutus dening Prabu Ramawijaya B. Anoman kethek ingkang sekti mandraguna lan ngobong Kraton Alengka C. Anoman pencolotan pramila saged ngalahaken mungsuh D. Prabu Rahwana kalah perang kaliyan Anoman amargi kratonipun kobong 15. Kraton Alengkadiraja ingkang waunipun sae, endah sakmenika dados segara banyu ingkang mulat-mulat amargi pokalipun Anoman. Tembung ingkang kacithak kandel leresipun .... A. kali C. lemah B. laut D. geni Teks cariyos wayang kangge soal nomer 16 – 18 Lakune Anoman menyang Alengka ora gampang. Anoman nemoni akeh alangan. Wiwitane dheweke ketemu Dewi Sayempraba salah siji bojone Prabu Rahwana. Anoman dirayu lan diwenehi woh-wohan kang diracun, akibate Anoman dadi wuta. Syukur Anoman ditulungi dening manuk Sempati raksasa. Manuk Sempati biyen uga tau ditulungi Anoman nalika perang karo Prabu Dasamuka. Saiki Anoman bisa weruh maneh. Kejaba kuwi Anoman uga ditulungi dening resi Maenaka minangka sedulur bayune, mula bisa tekan kraton Alengka. 16. Wosipun teks ingkang jumbuh kaliyan penggesangan padintenan inggih menika .... A. tlaten makarya utawi kerja saben dintenipun B. ampun gampang mundur nindakaken kabecikan C. kedah nyingkiraken tiyang-tiyang ingkang awon D. boten kenging sabar ngadhepi kawontenan 17. Paraga ingkang kagungan watak antagonis inggih menika .... A. Dewi Sayempraba, Rahwana C. Maenaka, Rahwana B. Anoman, Dewi Sayempraba D. Sempati, Anoman 18. Tuladha padintenan manut wosipun teks ing inggil inggih menika .... A. lare-lare sekolah ingkang boten nggarap PR B. siswa ingkang mangkat sekolah nanging telat C. tetep sregep sinau sinaosa kathah alangan D. tiyang boten purun srawung wonten ing masarakat
b.jawa.IX.clp. 4 Teks cariyos wayang kangge soal nomer 19 – 20 Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajit amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Anoman banjur nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha. Dewi Trijatha kang ngerti bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem. Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Sinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. 19. Watakipun Dewi Trijatha inggih menika .... A. kejem C. seneng tetulung B. duraka D. adu-adu kanca 20. Ukara ingkang trep manut teks ing inggil inggih menika .... A. Dewi Trijatha kesengsem dhateng Anoman B. Ali-ali Prabu Ramawijaya ical wonten ing Alengka C. Dewi Trijatha nyiksa Anoman ngantos badhe pejah D. Anoman kepanggih Rahwana wonten Taman Asoka Teks cariyos wayang kangge soal nomer 21 – 22 Golonging rembug bakal mbela praja nanggulangi kurdaning mungsuh. Kabeh nayogyani, kajaba Wibisana, adhine Rahwana dhewe. Wibisana iku satriya kang luhur ing budi. Dheweke ora condhong, nanging milih kang adil lan bener. Mungguhing Wibisana, Alengka kuwi cidra, tumindake dursila angkara murka. Rahwana ngrebut hake wong liya. Sinta iku hake Rama, mula kudu dibalekake. Mangkono panemune Wibisana. 21. Tumindak ingkang trep manut teks ing inggil inggih menika .... A. Boten numpuk tugas amargi kathah ingkang boten ngempalaken tugas B. Ruli tetep mbela kancanipun ingkang tumindak leres sinaosa dimungsuh kanca-kanca C. Meksa dhateng ibu nyuwun arta, amargi kanca-kancanipun sami bekta sangu D. Manut kanca sami nyontek nalika ulangan, amargi kanca-kanca sami nyontek 22. Wosipun teks ing inggil inggih menika .... A. Wibisana boten mbela Rahwana amargi tumindakipun lepat B. Rahwana sampun tekad badhe nglawan wadya bala Ramawijaya C. Kumbakarna mbela Rahwana nglawan Anoman D. Rahwana badhe dibantu Wibisana kangge nglawan Ramawijaya Teks sekar macapat kangge soal nomer 23 – 25 Pada 1 Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita. 23. Pitutur luhur ingkang saged kapundhut saking sekar ing inggil inggih menika .... A. kedah tlaten anggenipun sinau C. meksa dhateng badanipun B. kendel dhumateng tiyang sepuh D. ngagem basa kang kalantur 24. Wos tembang ing inggil inggih menika .... A. damel tembang kedah ngagem basa ngoko B. damel tembang mbetahaken tekad ingkang kenceng C. tembang kedah kadamel ing wekdal ingkang dangu D. boten perlu ngelmu kangge damel tembang
b.jawa.IX.clp. 5 25. Tuladha tumindak padintenan manut wosipun tembang inggih menika .... A. Budi boten purun ndherek pelajaran amargi bosen B. Boten perlu tetulung dhumateng sesami ing masarakat C. Sampun ngantos duraka dhateng tiyang sepuh kekalih D. Siswa kedah tansah sinau sanajan pelajaranipun angel Teks sekar macapat kangge soal nomer 26 – 28. Pada 2 Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira. 26. Wos tembang ing inggil inggih menika .... A. pitutur kangge manungsa supados tansah mbudi daya B. dados tiyang kedah seneng kagunganipun sinten kemawon C. ampun perduli dhumateng sedherek ingkang betahaken D. tiyang gesang kedah pasrah boten perlu pambudi daya 27. Tumindak ingkang trep manut tembang ing inggil inggih menika .... A. Sandro boten ngrumangsani piyambakipun taksih bodho B. Lare-lare wonten ing dusun boten purun ngaji wonten mushola C. Dodi ngaku-aku piyambakipun sampun trampil, kamangka dereng D. Riyan ngrumangsani dereng pinter, pramila piyambakipun tansah sinau 28. Pitutur luhur tembang ing inggil inggih menika .... A. lembah manah saha andhap asor minangka sangu gesang B. manungsa kedah usaha kangge sangu gesang wonten ing donya C. njagi raos ayem tentrem wajib wonten ing masarakat D. lare sekolah saenipun mangertos bab unggah-ungguh Teks sekar macapat kangge soal nomer 29 – 31. Pada 3 Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundhak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane sajroning badanireki, sira anggegurua. 29. Pitutur salebetipun tembang ing inggil inggih menika .... A. boten kenging srakah C. gesang kedah sabar narima B. tulung tinulung sesami D. nyinau Kur’an kedah kaliyan guru 30. Wos tembang ing inggil inggih menika .... A. ampun ngantos ninggalaken warisan wewarah para leluhur kita B. ajen ngajeni dhumateng sesami kedah dipunjagi supados berkah C. sanadyan sampun wasis utawi pinter, kita boten angsal sombong D. wosipun Kur’an pituduh kangge manungsa, lan kita kedah merguru
b.jawa.IX.clp. 6 31. Pitutur luhur tembang ing inggil inggih menika .... A. wicaksana bab kadonyan wigati kangge manungsa gesang ing donya B. Kur’an kedah kita mangertosi supados kangge cecekelanipun gesang C. siswa kedah sinau bab gesang wonten donya supados boten keblinger D. manungsa boten betahaken pitulunganipun manungsa sanes dumugi pejah Teks sekar macapat kangge soal nomer 32 – 34 Pada 4 Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana. 32. Tumindak sedinten-dinten ingkang jumbuh kaliyan tembang ing nginggil inggih menika .... A. Adhi kula rajin anggenipun mbiyantu Ibu B. Dani dipunweling Bapak supados milih kanca C. Mia pados lan milih guru les wonten ing griya D. Kanca-kanca sami tilik kula ingkang taksih sakit 33. Wos tembang ing inggil inggih menika .... A. milih guru ingkang kapribadenipun sae, mangertos ukum, ahli ngibadah, tiyangipun prihatin lan tanpa pamrih B. guru ingkang sae menika guru ingkang sampun inggil pendhidhikanipun lan kagungan kathah bandha donya C. guru ingkang dipunkurmati guru ingkang sepuh kemawon, guru ingkang taksih nem dereng kathah ngelmunipun D. siswa anggenipun sinau kedah tlaten lan sabar, sampun ngantos boten nggatosaken ngendikanipun guru 34. Pitutur luhur tembang ing inggil inggih menika .... A. ngatos-atos anggenipun milih guru C. siswa boten angsal ngaturaken usul B. kedah rukun antawisipun guru lan siswa D. menawi guru kesupen, mendel mawon Teks sekar macapat kangge soal nomer 35 – 37 Pada 5 Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang perkara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipunbaresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil kadis lan ijemak, myang kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat. 35. Patang perkawis ingkang kedah dipungatosaken inggih menika .... A. ulama, kadis, ijemak, kiyas C. dalil, kadis, ijemak, kiyas B. dalil, kadis, ijemak, mufakat D. dalil, kadis, ulama, kiyas 36. Wosing tembang ing inggil inggih menika .... A. bab kadonyan boten prelu dipungatosaken B. bab ngelmu kedah ngagem patang perkawis C. tiyang pados ngelmu kedah sabar lan sareh D. dalil lan kadis sumberipun ukum wonten donya
b.jawa.IX.clp. 7 37. Pitutur luhur tembang ing inggil inggih menika .... A. tiyang kedah manut kaliyan gurunipun C. gesang ing donya namung seneng-seneng B. patang perkawis boten kedah dipungugu D. ampun ngantos ucul saking patang perkawis Teks sekar macapat kangge soal nomer 38 – 40 Pada 6 Nora kena lamun den antepi, yen ucula sing patang perkara, nora enak legetane, tan wurung ninggal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den singgahi, bubrah sakehing tata. 38. Pitutur luhur tembang ing inggil inggih menika .... A. nerangaken sipatipun setan menika namung nggodha manungsa B. manungsa bebrayan boten kepareng sami adu-adu saha sami cubriya C. ampun ngantos ucul saking patang perkawis, menawi ucul bakale cilaka D. tiyang gesang boten kedah sembayang, intinipun gadhah bandha donya 39. Manut tembang, tiyang ingkang ucul saking patang perkara bakal …. A. remen sodakoh C. asring siyam B. boten sembayang D. rajin ngibadah 40. Wos tembang ing inggil ingkang paling trep inggih menika .... A. menawi ninggalaken patang perkawis badhe mbucal ukum lan sarengat B. gesangipun tiyang menawi boten nindakaken sembayang boten punapa C. cecekelan ukum lan sareat bakale slamet donya kemawon D. anggenipun sembayang tansah nggatosaken wekdal boten nate ninggalaken Teks sekar macapat kangge soal nomer 41 – 43 Pada 7 Angel temen ing jaman samangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong njaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging iya sesenengan, nora kena den uwor kareping janmi, pepancene priyangga. 41. Wosing tembang ing inggil inggih menika .... A. sesrawungan menika mbetahaken raos iklas B. sabar narima menika tandha tiyang sampun ayem C. jaman sakmenika angel pados guru sejati D. tiyang ingkang iman badhe kasingkiraken 42. Tuladha tumindak padintenan manut wosipun tembang ing inggil inggih menika .... A. Dini kaanggep salah dening kanca-kanca amargi ngemutaken Pak Guru menawi siswa wonten PR B. Ranti mangkat sekolah boten purun mbonceng motor amargi mangertos aturanipun pamarentah C. Siswa-siswi boten sami nggarap PR amargi soal salebeting PR awrat (angel) sanget D. Danar boten nate mirengaken ngendikanipun Ibu wonten ing griya, tundhanipun bakal cilaka senang bersedekah sering berpuasa rajin beribadah
b.jawa.IX.clp. 8 43. Pitutur luhur tembang ing inggil inggih menika .... A. ingkang sugih bakal linuwih, ingkang mlarat bakal sekarat B. tumindakipun tiyang ing masarakat boten betahaken ukum C. kedah saged mbedakaken barang ingkang leres saha luput D. ing bebrayan cecongkrahan dhateng sesami boten punapa Teks sekar macapat kangge soal nomer 44 – 45 Pada 8 Ingkang lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu angguguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru naruthuk ngupaya murid, dadiya kantinira. 44. Pitutur luhur tembang ing inggil inggih menika .... A. guru kedah tlaten gadhah murid wonten ing dhusun-dhusun B. manungsa kedah remen sinau saha ngupaya pados guru C. murid boten kedah pados guru, guru ingkang pados murid D. siswa boten perlu sinau kangge ngupaya ing jaman mangke 45. Kasunyatan ing jaman sakmenika manut tembang nginggil inggih punika .... A. para siswa sami sregep pados guru piyambak ing sekolah B. sedaya siswa sregep nggarap tugas saking guru C. tiyang sepuh kathah ingkang ngangsu kawruh ing sekolah D. wonten lare ingkang boten remen ngaji wonten ing mesjid/musola II. URAIAN Cariyos Ramayana ing andhap menika kangge mangsuli nomer 46 – 47! Salajengipun Rama ngrembag anggenipun mbudhalaken wadyabala tumuju Alengka, amargi papanipun keletan segara ingkang wiyar. Sugriwa urun pamanggih damel bendungan ingkang kabangun wonten ing segara tumuju Nagara Alengka. Anoman sarujuk, semanten ugi wadya bala wanara. Sedaya sami saguh damel bendungan. Bala rewanda dipunkerigaken tumandang damel tambak. 46. Pitutur luhur menapa ingkang saged kapendhet saking cariyos Ramayana ing inggil! 47. Menapa isinipun cariyos Ramayana ing inggil? Tembang Dhandhanggula ing andhap menika kangge mangsuli nomer 48 – 50! Pada 1 Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita. 48. Menapa isinipun tembang Dhandhanggula ing inggil? 49. Menapa pitutur luhur saking tembang Dhandhanggula ing inggil? 50. Sebataken sipat manungsa ingkang wonten tembang ing inggil! ----oo0oo----