BAHAN AJAR
Mata Pelajaran: Bahasa Jawa
Wayang Ramayana
Episode:
"Kidang Kencana"
Kelas VII / Semester Genap
SMP NEGERI 2 MUNTILAN
dening: Adhinia Imanti, S.Pd
Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.7 Memahami isi teks cerita 3.7.3 Menganalisis tokoh dan penokohan
Ramayana episode Kidang Kencana. dalam cerita Ramayana episode Kidang
Kencana. (C4)
3.7.4 Mengorelasikan pesan moral dalam
cerita Ramayana episode Kidang Kencana
dengan kehidupan nyata. (C6)
4.7 Meringkas teks cerita wayang 4.7.2 Membuat ringkasan cerita Ramayana
Ramayana episode Kidang Kencana. episode Kidang Kencana dengan ragam
krama. (P5)
Tujuan Pembelajaran
Melalui model pembelajaran Problem Based Learning (PBL), setelah
menyimak Power Point dan video mengenai cerita wayang Ramayana
episode Kidang Kencana, peserta didik mampu:
menganalisis tokoh dan penokohan dalam cerita
Ramayana episode Kidang Kencana dengan benar dan
percaya diri.
mengorelasikan pesan moral dalam cerita Ramayana
episode Kidang Kencana dengan kehidupan
nyatadengan tepat secara komunikatif.
membuat ringkasan cerita wayang Ramayana
episode Kidang Kencana menggunakan ragam
krama dengan benar.
MATERI FAKTUAL
Cerita wayang minangka warisan leluhur kang perlu dibudidaya
supaya tetep lestari ing bumi nuswantara iki. Ananing cerita wayang
ing jaman saiki wis kurang diremeni dening para mudha. Kamangka
cerita wayang iku akeh pitutur luhur kang bisa dijupuk kanggo
panguripane dhewe.
Wayang minangka wohing kabudayan Jawa kang tumekaning saiki
disenengi dening sutresnane. Sajroning wayang momot mengku
tuntunan, tontonan, lan tatanan. Wayang diarani tuntunan sebab
ngemot sakehing piwulang kang piguna banget tumraping bebrayan.
Wayang diarani tontonan sebab momot mengku sakehing kagunan
kang resep dinulu lan laras rinungokake; swara, sastra, rupa, laku,
beksa, gangsa, lan sapiturute. Wayang uga mengku tatanan, sebab
ditata amrih mathuk mathise; pathet enem, sanga, lan manyura.
Cerita kang dadi babone ana loro, yaiku Mahabarata lan Ramayana.
Ramayana asale saka tembung rama kang tegese nyenengake lan
yana kang tegese pangumbaran (pengembaraan). Kanthi ringkes
mentes kena ditegesi menawa Ramayana iku pangumbaran kang
nyenengake. Cerita iki tinulis dening Walmiki taun 400 sadurunge
Masehi. Basa kang digunakake yaiku basa Sansekerta. Ramayana
sumebar ing Vietnam, Kamboja, Laos, Burma, Thailand, Cina, lan
Indonesia. Miturut Dr. Soewito S. Wiryonagoro, Ramayana ing
Indonesia sumbere saka Ramayana Kakawin kang ceritane kaya
ginambaran ing relief Candhi Prambanan lan Candhi Panataran.
Ramayana nyritakake lelakone silsilah Ramawijaya nganti tekan
nyirnakake Dasamuka kang angkara murka. Saka cerita Ramayana
akeh lelakon / watake paraga sing perlu ditiru, nanging uga ana
watak sing kudu didohi.
Kawruh Babagan Wayang
Definisi Wayang
Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater
wa-. Tegesipun roh ingkang roh saged damel beja cilakanipun
manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan
jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi
manungsa.
Jinising Wayang
1.Wayang Purwa
Wayang Purwa yaiku wayang sing di gawe saka lulang. Biasane
njupuk lakon Mahabarata lan Ramayana. wayang iku wiwit ana
kira-kira taun 903.
2. Wayang Purwa
Wayang sing paragane wong . Biasane njupuk lakon saka
Mahabarata lan Ramayana.
3. Wayang Golek
Wayang golek wayang sing digawe saka kayu, wujude
boneka, disandhangi rerenggan wayang. Biasane jupuk lakon
Amir Hamzah utawa Umar Maya. wayang iku wiwit ana kira-
kira abad ka-19.
4. Wayang Krucil
Wayang krucil wayang sing di gawe saka kayu, wangune
gepeng. Biasane jupuk lakon Damar Wulan.
5. Wayang Beber
Wayang sing wujude gambar sing dijereng lan di beber. Dhalang
nyritakake isine gambar. biasane njupuk lakon Panji. Wayang iku
wiwit ana kira-kira taun 1564.
6. Wayang Kancil
Wayang sing paragane kewan kabeh. Jupuk lakon
dongeng kancil. Wayang iku wiwit ana kira-kira taun
1830.
7. Wayang Dapura
Wayang Dapura yaiku digawe saka kulit. Wayang iki
nggambarake crita saka kraton Demak nganti tekan
Surakarta. Wiwit ana ing taun1830.
8. Wayang adam makrifat
Wayang sing nyritakake kawruh tasawuf. Wayang iku
wiwit ana ing taun 1940.
9. Wayang gedhong
Wayang sing digawe saka kulit. Wayang iki njupuk crita panji.
Wayang iku wiwit ana ing taun 1563.
Wayang Purwa
Wayang purwa uga diarani wayang kulit. Babone crita wayang purwa iku serat
Mahabarata lan serat Ramayana.
1. Cerita Wayang Mahabarata
Serat Mahabarata kaanggit dening pujangga Wiyasa. Serat Mahabarata
nyritakake perang antarane Pandawa lan Kurawa. Cerita Mahabarata asale
saka India.
2. Cerita Wayang Ramayana
Ramayana kaanggit dening pujangga Walmiki. Crita Ramayana mau asale
saka India.
Wayang Lakon Ramayana
Ramayana tegesipun saking tembung Rama saha Ayana ingkang tegesipun inggih menika “Lampahipun
Rama” Crita wayang Ramayana nyariosaken lelakonipun silsilah Ramawijaya ngantos dumugi
Nyirnakaken Prabu Dasamuka ingkang angkara murka. Saking carios Ramayana kathah kedadosan
utawi watakipun para paraga ingkang perlu dipuntiru, nanging ugi wonten watak utawi sifat ingkang
kedah dipuntebihi.
Watak ingkang kedah dipuntiru tuladhanipun inggih menika bekti dhumateng tiyang sepuhipun,
dhumateng sedherekipun, remen tetulung, tresna dhumateng sapadha, rukun kaliyan tiyang sanes,
setiya dhumateng garwanioun, njagi kaleresan, tanggel jawab lan sakpiturutipun, ugi kosokwangsulipun
sedaya tumindaj ingkang ngrugekake dhumateng tiyang sanes kedah dipuntebihi.
Ramayana kaperang dadi 7 kanda kang diarani Saptakanda.
SAPTAKANDA
Balakanda Ayodhyakanda
Awal saka lakon Ramayana sing Nyritakake lelakone Rama kang
nyritakake Prabu Dasarata, Kosalya,
Kekayi, lan Sumitra. dibuwang ing alas bebarengan lawan
Dewi Sinta lan Lakshmana marga
panjaluke Dewi Kekayi.
Aranyakanda Kiskindhakanda
Nyritakake babagan uripe Rama, Sinta Nyritakake babagan lakon ketemune
lan Lesmana ning satengahing alas Rama karo Raja Kethek kang aran
nalika lagi nglakoni masa pengasingan. Sugriwa.
Sundarakanda Yuddhakanda
Nyritakake babagan lakon tentara Nyritakake lakon paprangan antara
laskar kethek dhuweke Sang Rama
Kiskindha sing lagi mbangun jembatan karo pasukan Raseksa Sang Rahwana.
Situbanda sing nggabungake
antarane India karo Alengka.
Uttarakanda
Nyritakake lakon diguwake Dewi Sinta
amarga Rama krungu kabar-kabar saka
rakyat utawa warga sing ora percaya
marang kasuceane Dewi Sinta.
Unsur Instrinsik Cerita
1. Tema
Yaiku undering prakara utawa gagasan wigati sajrone crita. Tema crita
wayang biyasane gegayutan karo peperangan, tahta, katresnan, lan
sapanunggalane.
2. Irah- irahan
Yaiku jeneng kang digunakake kanggo nglumantarake kanthi ringkes isi crita.
Irah-irahan sabisa digawe saringkes-ringkese, nanging wis bisa kanggo
nggambarake isine crita lan digawe kang narik kawigaten. Irah-irahan sajrone
crita wayang tuladhane yaiku Anoman Duta, Karna Tandhing, Bisma Gugur,
lan sapanunggalane.
3. Latar
Yaiku katrangan ngenani papan panggonan, wektu, lan swasana utawa
kahanan sajrone crita.
Ana telung jinis latar yaiku :
a. Latar Panggonan yaiku latar kang dadi papan panggonan nalika prastawa
kedadeyan.
b. Latar wektu yaiku wektu nalika prastawa kedadeyan.
c. Latar kahanan (swasana) yaiku kahanan nalika prastawa kedadeyan.
4. Alur (plot)
Yaiku urutaning kedadeyan ingg crita saka kawiwitan nganti pungkasan
utawa kawiwitan saka mula bukane kedadeyan, anane konflik, klimaks, lan
rampunge crita.
Alur kaperang dadi 3 antarane :
a. Alur maju yaiku rerangken prastawa kang urutane jumbuh karo urutan
wektu kedadeyan utawa crita kang lumaku ing ngarep terus.
b. Alur mundur yaiku rerangkenan prastawa kang susunane ora jumbuh
karo urutan wektu kedadeyan utawa crita kang lumaku mundur.
c. Alur campuran yaiku campurane antara alur maju lan mundur.
5. Paraga
1.Paraga utama yaiku paraga kang nduweni sesambungan karo kedadeyan
carita sing paling akeh. Paraga bisa arupa manungsa, kewan utawa
tetuwuhan.
2.Paraga tambahan yaiku paraga kang kanggo geganep carita utawa
paraga sing mung arang-arang sesambungan karo kedadeyan carita
utawa para liyane
6. Watak (Penokohan)
a. Protagonis yaiku paraga sing pakartine utama, manut aten-atene sing
maca (lumrahe apik).
Tuladha watake : lembah manah, sabar, seneng syukur, nrima, seneng
ngibadah, seneg tetulung marang kanca lan liya-liyane.
b. Antagonis yaiku paraga sing pakartine ala, tansah cengkah karo aten-
atene sing maca, kosok bali karo tumindak becik.
Tuladha watake : seneng umuk, angakara murka, seneng njupuk duweke
liyan, seneng meri marang liyane, gampang panas atine, gedhe ndase, lan
liya-liyane.
c. Tritagonis yaiku paraga panengah antarane paraga protagonis lan paraga
antagonis.
7. Sudut Pandang
Yaiku posisi pengarang nglungguhake paraga punjer (tokoh utama).
Apa kalungguhake minangka paraga pujer dadi wong kapisan sajrone crita
kanthi aran aku, apa dadi wong katelu kanthi nggunakake jenenging wong.
8. Amanat (Piwulang)
Yaiku ajaran moral utawa pesen kang diandharake penilis marang pamaca.
Tuladha : dadi wong aja nggugu karepe dhewe, dadi wong aja seneng njupuk
duweke liyan, dadi wong aja umuk, lan sapanunggalane.
MATERI KONSEPTUAL
Ramayana episode Kidang Kencana
Prabu Dasamuka iku raja ing nagara Ngalengka. Sedulure ana telu,
yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Prabu Dasamuka lan
Kumbakarna iku wujude raseksa. Wibisana wujude satriya bagus,
Sarpakenaka wujude buta wadon.
Sawijining wektu Sarpakenaka kepranan kabagusane Raden
Laksmana lan Raden Rama. Satriya loro kuwi putrane putrane Prabu
Dasarata ing nagara Ayodya. Sedulur tunggal bapa beda ibu. Satriya
loro iku ora nglanggati katresnane Sarpakenaka. Sarpakenaka malah
saya nggodha Raden Laksmana, karepe supaya ditresnani. Raden
Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol.
Sarpakenaka ngigit-igit ing ati, banjur wadul kakange, “Kakang, ana
satriya loro saka Ayodya ngruda paksa aku,” Sarpakenaka ngapusi
karo ngatonake irunge. Sarpakenaka pancen seneng ngapusi.
“Kowe rak malah seneng ta menawa ana satriya sing gelem karo
kowe?” wangsulane Rahwana sareh. Wangsulan iku gawe
Sarpakenaka jengkel. Sarpakenaka ngetog pikire supaya bisa
malesake lara atine.
“Kakang, kowe biyen rak kedanan karo Dewi Widowati? Mau aku weruh
panjilmane Dewi Widowati ana alas Dhandhaka, jenenge Dewi Sinta,
bojone Rama,” kandhane Sarpakenaka.
Prabu Rahwana nampa ature Sarpakenaka. Abdine kang aran
Kalamarica kadhawuhan memba dadi Kidang Kencana. Bakal kanggo
maeka Raden Rama lan Laksmana, supaya Dewi Sinta bisa kadusta.
Nalika lagi lungguh sakloron ing sangisore wit sing ngrembuyung, Sinta
weruh kidang werna emas liwat. Pancen apik tenan wernane kidang iku.
Sekala Sinta kesengsem marang kidang emas iku. “Kakangmas Rama,
sae sanget kidang menika. Menapa Kakangmas kersa nyepeng kidang
menika kangge kula?” pambujuke Sinta. “Laksmana, tulung tunggunen
Mbakyumu Sinta. Aku bakal ngoyak playune kidang kae.,” welinge Rama
marang adhine.
Laksmana lan Sinta lungguh ing sangisore wit ngenteni tekane Rama.
Suwe dheweke ngenteni. Rama ora ana teka. Dumadakan Sinta
rumangsa sumelang.
“Yayi, dak jaluk, lunga lan golekana Kakangmasmu Rama!” Saka kadohan
keprungu ana wong sing ngrerintih njaluk tulung.
“Laksmana kowe krungu kae? Aja-aja kae swarane Kakangmas Rama”.
“Kakangmbok Sinta, sampun kuwatos. Menika sanes swantenipun
Kakangmas Rama. Boten badhe wonten tiyang ingkang saged damel
tatu dhateng kakangmas Rama. Panjenenganipun temtu badhe kondur
ngasta menapa ingkang panjenengan kesakaken,” ature Laksmana.
“Laksmana, kok bisa-bisane kowe meneng wae kamangka kakangmu
ora enggal kondur saka anggone beburu! Apa kowe ngajab Kakangmas
Rama seda lan kowe bisa ngepek aku? Ora bakal, Laksmana!”
panggetake Sinta. Laksmana kaget marang pandakwane Sinta.
“Kakangmbok, kula boten ngajab Kakangmas Rama seda. Kejem sanget
pandakwa Kakangmbok Sinta. Inggih Kakangmbok. Kula damelaken
bunderan ing siti menika. Kakangmbok kula suwun jumeneng ing
salebeting bunderan menika sampun ngentos medal saking bunderan
menika,” ature Laksmana.
Nalika ngenteni tekane Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong
wadon tuwa. Wong wadon iku ngerti menawa Sinta trenyuh, banjur
mlaku nyedhaki Sinta. Nanging wong wadon iku ora bisa mlebu ing
bunderan kuwi. “Oh, Putri, aku weruh ana kembang mlathi
disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh ngepek kembangmlathi
sing endah iku?” panjaluke wong wadon tuwa iku. Sinta banjur
menehake mlathi sing ana rambute. Sinta ngathungake tangane
menyang sanjabane bunderan
Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging
uga nggeret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit. Jebul
wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur ngguyu
cekakakan. Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka.
Ing sadalan- dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake.
Dumadakan Rahwana diserang manuk garudha. Serangane iku gawe
Sinta meh niba. Kanthi trengginas manuk iku nyathok awake Sinta
“Putri, nami kula Jathayu. Kula mireng panjerit paduka saking
katebihan,” ature manuk iku.
“Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku,” kandhane Sinta.
Jathayu nandhang tatu. Sadurunge mati ninggal weling marang
Sinta. “Putri, paduka pundhut salembar wulu ing badan kula. Benjing
badhe migunani kagem paduka! Mangga, Putri!” Jathayu ngintih.
Sinta banjur nuruti ature Jathayu. Sinta banjur njabut saeler wulu
saka awake Jathayu. Nanging ora suwe sawise Sinta njebol wulu
mau, Rahwana nyamber awake Sinta. Sinta digendhong meneh lan
digawa lunga menyang Alengka.
MATERI PROSEDURAL
Kepiye cara nemtokake watak paraga
ing sajroning crita?
Saben carita mesthi nduweni paraga. Saben paraga mesthi
duwe watak / sifat.
Watak utawa karakter paraga ing sajroning crita bisa
dimaangerteni saka pocapan, tumindak utawa disebutke
langsung ana ing teks carita.
Cara nemtokake watak ing sajroning crita:
1. Tersurat
Watak paraga ing sajroning crita bisa ditemtokake kanthi
cara tersurat, yaiku watak saka paraga wis disebutake
dening panulis ana ing sajroning teks
TULADHA
Ana sawajining ratune manuk aran Resi Jatayu. Dheweke
minangka mitrane raja Dasarata kang duwe watak
wicaksana lan setya marang mitra. Ing sawijining dina
dheweke kaged weruh kumlebate kreta kencana ing
awang-awang banjur ditututi.
2. Tersirat
Watak paraga ing sajroning crita bisa ditemtokake kanthi
cara tersirat, yaiku watak saka paraga bisa ketok saka
pocapan lan tumindak saka paraga.
TULADHA
“Sinta,coba sawangen! Kraton Ngalengka kang endah edi
peni. Barang- barang pengaji emas, inten, barleyan iki
kabeh bakal dadi duwekmu,” ngono pangucape
Rahwana mamerake raja brana marang Sinta. Nanging
Sinta ora gumun, ora ngrewes lan ora kepencut. Bola-
bali Rahwanan nyoba ngarih-arih sarta nglelipur Sinta
supaya gelem kagarwa. Nanging Sinta ora kengguh lan
kandha, “Ngertenana Rahwana, ora ana priya sing
banget daktresnani kejaba mung Prabu Rama, apa
maneh kok mung Rahwana Raja nistha mung wani
nyidra wanita.” Krungu ucape Sinta kang kaya mangkono
Rahwana muntab nesune. Yen Sinta ora gelem teluk
bakal disirnakake.
Saka teks kasebut bisa dimangerteni bilih Sinta duwe
watak kang setia marang garwa, kukuh ing pandhirian.
dene Rahwana duwe watak culika lan gampang nesu.
Kepiye cara nemtokake piwulang
ing sajroning crita?
Piwulang yaiku pesen kang diandharake
panulis ing sajroning crita. Piwulang bisa
awujud ajakan, prentah utawa saran.
Piwulang bisa awujud piwulang tersirat dan
tersurat. dapat disampaikan secara tersirat dan
tersurat. Piwulang tersirat yaiku piwulang kang
diandharake kanthi cara ora langsung yaiku liwat
karakter utawa dialog paraga, dene piwulangt
tersurat yaiku piwulang kang diandharake kanthi
langsung.
Cara nemtokake piwulang:
Waca kanthi permati lan tliti.
Pahami maksud saka crita kanthi nggatekake
paraga, watak paraga lan alur crita .
Gawe dudutan pesen kang diandharake dening
panulis.
CARA GAWE RINGKESAN CRITA
Teknik gawe ringkesan cerita
miturut Prihantoro yaiku :
1. Maca sakabehe wacan kanthi permati
2. Nulis gagasan utama/ ukara-ukara
bakune
3. Nulis ringkesan adhedahasar gagasan
utama/ ukara-ukara bakune
4. Ringkesan ora kena nyimpang saka
waca
MATERI METAKOGNITIF
Materi metakognitif ing materi crita Wayang
Ramayana episode Kidang Kencana, para siswa
bakal diparingi tuladha kepiye langkah-langkah
nemtokake paraga, watak, piwulang lan cak-cakane
piwulang ing satengahing urip bebrayan.
A. Teks Cariyos Resi Jatayu
Prabu Dasarata duwe kanca sing raket jenenge Resi Jatayu.
Resi Jatayu mau minangka rajaning manuk. Resi Jatayu iku sing
meruhi nalika Sinta utawa putri mantune Prabu Dasarata
dicolong Rahwana. Resi Jatayu banjur enggal ngrebut Sinta
saka regemaning Rahwana. Nangung Resi Jatayu kalah kuwat,
mula Resi Jatayu kalah, swiwine tugel sengkleh, wulune
dibrodholi, ditendhang nganti kejet-kejet. Rahwana saya cepet
lakune anggone nggondhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh
perangan awake krasa lara, satemene pingin uwal nanging
sansaya kenceng sikepane Rahwana. Wasanane among bisa
nangis melas asih njaluk tulung ngrerintih sedhih. Sekar
cundhuk mentul, gelang, kalung padha tiba kocar-kacir.
Tumeka Negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton,
barang- barang lan prabotan kang edi peni, mawarna-warna
mas inten berleyan. Sinta ora gumun lan ora ngrewes.
Rahwananyoba ngarih-arih sarta nglelipur Sinta. Sinta crita
menawa ora kepencut nanging tetep setya marang Rama.
Krungu kandhane Sinta, Rahwana muntab lan ngincim marang
Sinta yen ora manut bakal dipateni,nanging Sinta tetep teteg
atineora wedi mati.
Ana ing tengahing alas Dhandaka, Rama anggone ngoyak
kidang ora bisa kecekel. Rama lan Lesmana banjur bali
nglenthung ora oleh gawe. Iba kagete bareng wis tekan
papan dunungenSinta wis ora ana. Digoleki, diceluki ora
ana wangsulan. Rama sansaya kaged bareng nemu
cundhuk mentul sing pating pececer, ing pangira Sinta
mesthi dicolong. Rama nesu jagad lan isine bakal dijungkir
walik, angina bakal diendheg, segara kali bakal disat
banyune, wit-witane bakal dibedhol. Tujune Lesmana bisa
ngreripih lan nglipur dadi lilih. Kekarone banjur nerusake
laku nggoleki ilange Sinta.
Tumeka ana ing pangonane Resi Jatayu, kahanane Resi
Jatayu menggeh-menggeh lan megap-megap kaya meh
mati nanging isih bisa nyritakake lelakone lan menehi
weruh menyang endi parane Rahwana sing nyolong Sinta,
durung nganti rampung Resi Jatayu tumekaning pati.
Jalaran wis ora bisa ketulungan mula Resi Jatuyu kaobong
dening Rama, keluke geni kumebul menyang langit sing
arahe tumuju menyang negara Alengka lan keprungu
swara tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane
ketemu Sinta. Ora watara suwe kekarone banjur budhal,
sajrone ati ora leren-leren anggone ngalembana marang
lelabuhane Resi Jatayu. (Sumber: http://e-
learningsmp2demak.com/index.ph
p/kabar-berita/161-tugas- b-jawa-
kelas-8i-tanggal-23-januari-2017)
KAWRUH BASA
Mitrane : kancane; bature
digegegi : didhaku, digondheli, dicekeli kenceng ora diculake
kalindhih : kalah, kadhesek
bantala : lemah
lungkrah : krasa ora kepenak, krasa lara kabeh
trenyuh : mesakake, memelas
kasaput : kaling-kalingan, ketutupan
kepencut : banget kepengine, kasengsem
ngarih-arih : mbujuk; nglipur; ngayem-ayemi
nistha : asor, ala, elek
nglenthung : cabar, gagal, tanpa kasil
disigeg : diendheg, dilereni
lilih : kendho, aber, leren, mari, kemba
sasmita : tandha, tandha gaib, tandha saka Pangeran
angemasi : mati, ninggal, pejah
PARAGA
Jatayu
Rahwana
Sinta
Rama
Lesmana
WATAK PARAGA
seneng tetulung,
wicaksana
culika, angkara murka
mbela kabecikan
setya marang garwa
seneng tetulung, wicaksana
Piwulang
lan cak-cakane
ing urip bebrayan
Ing jaman saiki awak dhewe kudu seneng tetulung
kaya Resi Jatayu, menawa ana kanca kang lagi lara,
becike dikaruhke, aja malah diadohi, menawa wong
tuwa nyuwun tulung uga kudu ditindakake, aja
ngendhe-endhe.
Awak dhewe uga kudu setya marang apa sing wis dadi
komitmene, tuladhane, minangka siswa kudu sregep
sinau minangka wujud setya karo komitmen sekolah.
Ing jaman saiki uga kudu pinter-pinter nyaring
informasi, meneh-meneh saka internet, amarga wujud
awak dhewe bisa mbela kabecikan salah sijine ora
gampang percaya karo informasi hoax.
DAFTAR PUSTAKA
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah.2014.
Standar Isi Kurikulum Bahasa Jawa 2013. SK
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah
Nomor.423.5/14995
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra
Djawa. Batavia: J.B. Wolters.
Prayoga, Edi dkk. Piwulang Basa Jawa Kelas IX:
Surakarta. Mediatama
Yatmana, Sudi dan Wasana. 2016.Padha Bisa
Basa Jawa Kelas VII. Jakarta: Yudhistira.
PENGEMBANGAN MODEL PEMBELAJARAN
SEMAR (SERIAL MENGENAL APRESIASI
RAMAYANA) melalui
http://lib.unnes.ac.id/34478/1/2601414088din
a.pdf
https://www.sastra.org/leksikon
http://kedaiceritasenja.blogspot.com/