BAHAN AJAR
CARIYOS PENGALAMAN
MATA PELAJARAN BAHASA JAWA
DENING :
RIYANI TRI INDRYASTUTI
SMK NEGERI 1 KASIHAN
JALAN PG MADUKISMO NGESTIHARJO KASIHAN BANTUL
BAHAN AJAR
CARIYOS PENGALAMAN
SATUAN PENDIDIKAN : SMA/ MA/ SMK
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
KELAS/SEMESTER : X/2
MATERI POKOK. : MENCERITAKAN PENGALAMAN
ALOKASI WAKTU : 2 X 45 MENIT
Kompetensi Dasar
3.4. Memahami cerita pengalaman
4.4. Menceritakan pengalaman
Indikator Pencapaian
3.4.1 Mengidentifikasi kata-kata sulit yang ada
di dalam cerita pengalaman (C1)
3.4.2 Menganalisis struktur cerita pengalaman
(C4)
3.4.3 Menyimpulkan nilai budi pekerti cerita
pengalaman (C5)
4.4.1 Mengkomunikasikan cerita pengalaman
pribadi secara lisan (P5)
Materi Faktual
PENGALAMAN
Pengalaman inggih menika
kedadosan ingkang sampun nate
dipunlampahi dening tiyang ing
wekdal tertemtu. Pengalaman
menika saged awujud pengalaman
ingkang lucu, nengsemaken, damel
bungah, malah kepara pengalaman
ingkang damel sungkawa, ingkang
baken pengalaman menika
nandhes ing manah saha angel
dipunsupekaken. Sinaosa mekaten,
pengalaman ingkang becik menika
pengalaman ingkang saged paring
piwulang marang sinten kemawon
ingkang mirengaken.
Materi Faktual
CARIYOS
PENGALAMAN
Cariyos pengalaman menika tegesipun
nyariyosaken pengalaman utawi kedadosan
ingkang sampun nate dipunalami dhumateng
tiyang sanes. Wondene cariyos pengalaman
ingkang dipuncariyosaken menika saged awujud
pengalaman pribadhi menapa ugi
pengalamanipun tiyang sanes. Crita pengalaman
saged arupi cariyos ingkang sedih, seneng, lucu,
nrenyuhaken, utawi mrihatinaken. Cariyos
pengalaman menika saged kaandharaken kanthi
basa Jawa krama menapa ugi basa Jawa
ngoko. Awit makaten, cariyos pengalaman
kalebet jenis seratan naratif.
TEKS
NARASI
Karangan ingkang
nyariosaken kanthi cetha
rerangkening kadadosan
ingkang winates ugi ing
sajroning wekdal
Narasi Narasi
Ekspositoris
Sugestif
(nyariosaken kadadosan kanthi
lugu kados pawarta) (nyariosaken satunggaling
bab kanthi runtut kados
cariyos pengalaman)
Titikanipun Cariyos
Pengalaman
1.Cariyos ingkang dipunandharaken
babagan prastawa pribadhi kanthi
basa ingkang prasaja
2.Gadhah alur ingkang cetha saking
wiwitan dugi pungkasan
3.Wonten konflik ing salebeting
cariyos.
4.Wonten unsur-unsur ingkang
bangun kados tema, latar, alur,
karakter, saha sudut pandang.
Struktur Cariyos
Pengalaman
01 Orientasi
Ngandharaken wekdal, panggenan, paraga
ingkang badhe dipuncariyosaken wonten ing
salebeting cariyos pengalaman.
02 Komplikasi
Ngandharaken wiwitanipun perkawis utawi
konflik ing salebeting cariyos pengalaman
03 Resolusi pungkasanipun
Ngandharaken babagan
cariyos pengalaman
04 Koda
Ngandharaken amanat utawi nilai moral ingkang
saged kapundhut dening pamaos saking cariyos
pengalaman punika
Materi Konseptual
Tuladha
Cariyos
Pengalaman
Bathine Ngapusi
Nalika umurku nembelasan aku lan kanca-kancaku
senengane lek-lekan lan yen wis ngantuk turu sak nggon-
nggon. Biasane turu neng omahe bakul sugih utawa
perangkat desa sing mesthine sering metu suguhan
panganan. Bengi iki aku sak kanca didhawuhi nunggoake
daleme Pak Lurah sing lagi jagong sekaliyan. Aku lan kancaku
cacah enem seneng banget bakale entuk oleh-oleh utawa
berkat saka Pak Lurah. Kancaku sing papat jam sewelas bengi
wis padha ngorok neng jogan. Aku karo kancaku sijine dikon
melek wong loro .Aku lan kancaku nduwe niat jail yaiku nyilih
piring sendhok cacah enem lan cething cacah papat.
Cethinge tak isine krikil lan tak tutupi serbet makan. Aku trus
nggugah kanca-kancaku sing turu. Kabeh dha tangi ngertine
oleh-oleh saka Pak Lurah wis dicawiske meja. Nalika dha
mbukak cething isine krikil. Trus kabeh dha ngamuk krikil-
krikil dibalangke aku. Untung ora kena sirahku. Kedadeyan
kuwi dadi marakake kapok aku ora arep ngganggu maneh
wong kang lagi turu.
(Kapethik saking Panjebar Semangat anggitanipun W.S.
kanthi besutan
Sepedha Anyar Kanggo Baskara
Dening : Ihdina Khusnasani
Esuk-esuk srengenge lagi lekas jedul, Baskara mlaku mangkat
sekolah alon-alon turut pinggir. Sawetara anggone mlaku Baskara
tekan penggokan lan weruh ana Pak Sudi, Pak RT kang lagi
ngetokake motor saka pager omahe.
“Sugeng ngejing pak RT”, sapa aruhe Baskara kepethuk Pak RT ana
ngarep daleme.
“Eee Baskara, arep mangkat sekolah?”, pitakone Pak RT saraya
ninguk.
“Inggih Pak RT menika badhe dhateng sekolah”
“Ohh ya, neg ngono bareng aku wae kene, aku arep nang kantor
kapanewon, liwat ngarep sekolahmu ta kui?”
“Boten usah repot-repot pak, kula mlampah mawon”
“Eee ora papa mumpung sak jalur, kala-kala ya ta, ora repot, wis
ayo”
“Saestu niki pak”
“Iya le”
Baskara bungah, dheweke banjur bonceng Pak RT.
“Maturnuwun Pak Sudi, niki kula dados gasik sanget dumugi
sekolahan” ujare Baskara nalika dheweke wes tekan sekolahan.
“Iya padha-padha, sinau sek sregep yo le, aku terusan nang kantor
kapanewon”
“Inggih pak, ngatos-atos nggih pak”
“Ya, assalamualaikum”
“Waalaikumsalam”
Sawise boncengke Baskara mau, pak Sudi ana penggalih, “Baskara
kui bocah sumanak, bekti lan duwe budi pekerti apik. Saben dina
dheweke mlaku tekan sekolahan. Omah tekan sekolahane Baskara
kui ya ora cerak nanging dheweke duwe tekad sing mantep, bocahe
ora tau sambat. Arang cah jaman saiki duwe sipat kaya Baskara”.
Pak Sudi ngalem Baskara.
Ganti dina Baskara, mulih sekolah. Ananging baskara rada kaget,
iki nang teras omah e ana pit onthel, apa ana tamu ing njero
omahe. Nanging kok lawange tutupan.
Sepedha Anyar Kanggo Baskara
Dening : Ihdina Khusnasani
"Assalamualaikum bu”, uluk salam e Baskara sadurunge mlebu omah
“Eeee waalaikumsalam, wes mulih kowe le”
“Inggih ibu, sugeng siyang”, ujare Baskara sinambi mlebu ngomah
lan salaman karo ibune.
“Bu menika kok wonten sepedha wonten teras nggih, kagunganipun
sinten bu?” pitakone Baskara marang ibune
“Iya le, kui mau sepedha sing ngeterke pak Sudi, pak Sudi ngendika
sepedha kui hadiah kanggo kowe, ibu ya ora ngerti kena ngapa pak
Sudi numbaske kowe sepedha anyar, ngendikane pak Sudi kui
seneng nyawang budi pekerti lan sipatmu. Pak Sudi uga titip salam
kanggo kowe supaya kowe tansah semangat anggone sinau lan golek
ngelmu. Muga-muga sepedha iki iso dimanfaatke kanthi apik, bisa
dinggo mangkat sekolah, mangkat nang masjid, ngaji lan ngewangi
ibu”
“Wahhh, alhamdulillah, Pak Sudi pancen gemati sanget nggih bu”
“Heem, dieling-eling ya pesene Pak Sudi”
“Inggih bu”
Baskara seneng banget, oleh hadiah sepedha anyar saka Pak Sudi.
Baskara banjur wis mantep, tansah tambah semangat anggone golek
ngelmu. Ora lali dheweke sowan marang Pak Sudi lan matur nuwun
langsung.
Saiki Baskara duwe sepedha anyar, Baskara ora perlu mlaku adoh
mangkat sekolah. Sawise duwe sepedha anyar, Baskara tetep dadi
bocah sing berbudi apik, ora banjur dadi bocah sing kemaki. Saben
pethukan tanggane lan lewat ngarep pomahe tanggane, Baskara
tansah uluk salam.
“Ndherek langkung, pakdhe, ndherek langkung budhe” uluk salam e
Baskara nalika dheweke liwat ngarep omahe tanggane utawa
kepethukan tanggane ono ing dalan. Baskara uga ora ngebut
anggone numpak sepedha, dheweke tetep dadi bocah ingkang duwe
budi pekerti
Materi Prosedural
Supados anggenipun cariyos pengalaman menika
sae, prayogi migatosaken perkawis ing ngandhap
menika:
nyariyosaken Ukaranipun prasaja Tembung-
pengalaman saha cetha tembungipun
ingkang boten
gampil
saged dipunmangertosI
dipunsupekaken
Saged milah-milah Dipunandharaken
frasa. kanthi solah bawa lan
mimik ingkang trep
kaliyan menapa
ingkang
dipuncariyosaken
Gampil
dipunmangertosi
topik saha isinipun
cariyos.
Materi Metakognitif
Nemtokaken nilai budi pakarti
ing cariyos pengalaman
Wonten ing cariyos inggih saged kapundhut nilai
budi pekertinipun kanthi cara :
Analisis struktur ing cariyos pengalaman
Nemtokaken indikator babagan nilai budi pakarti
kados tumindak becik utawi awon
Ngramu ukara ingkang trep ingkang ngandhut
menapa ingkang dipuncariyosaken, sinten
ingkang wonten cariyos, wonten pundi
kadadeanipun lan sapiturutipun
Nyariosaken Cariyos Pengalaman
1.Pengalaman menapa ingkang badhe
kacariyosaken
2.Wekdalipun kapan kedadosan ingkang
badhe kacariyosaken menika
3.Papan kedadosan ing pundi cariyos
pengalaman menika nate kedadosan
4.Tiyang utawi paraga sanes ingkang
wonten ing salebetipun cariyos
pengalaman menika
5.Sebab-sebab cariyos pengalaman
menika saged kedadosan
6.Kadospundi cariyos pengalaman menika
kedadosan
DAFTAR PUSTAKA
Damarjati, Triwik & Indra, Sinar. WIBAWA Wiyata Basa Jawa Kelas X
SMA/MA/SMK. 2017. Yogyakarta : Dinas Pendidikan.
Hastari, Dian. LKS Kawuryan Kagunan Weh Urubing Kabudayan. 2008.
Yogyakarta : Sinar Pengetahuan
Herdiyansyah, D. 2014. PENDEKATAN PRAGMATIK DALAM
PEMBELAJARAN MENCERITAKAN PENGALAMAN YANG MENGESANKAN.
Bahtera Bahasa: Antologi Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia, 1(4).
Zulfa, N. F. (2018). PENGARUH STRATEGI CRITICAL INCIDENT
BERBANTU MEDIA AUDIOVISUAL TERHADAP KEMAMPUAN SISWA
MENULIS CERITA PENGALAMAN PRIBADI PADA MATA PELAJARAN
BAHASA INDONESIA KELAS V SD NEGERI SIDOHARJO 01. Jurnal Lensa
Pendas, 3(2), 34-43.
http://pbjpasinaonbasajawa.blogspot.com/2019/06/materi-cariyos-
pengalaman-kelas-x.html
https://penerbitbukudeepublish.com/teks-narasi/
https://www.youtube.com/watch?v=pa27PuyYinE