The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

BAHAN AJAR BUSANA JAWA KELAS XI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by riyaniindryastuti04, 2022-08-18 11:59:58

BAHAN AJAR BUSANA JAWA

BAHAN AJAR BUSANA JAWA KELAS XI

BAHAN AJAR

Busana Jawa
Gagrag Ngayogyakarta

KELAS XI
SEMESTER GASAL




Dening :
Riyani Tri Indryastuti

BAHAN AJAR

Busana Jawa
Gagrag Ngayogyakarta

Materi Faktual

Sumangga para siswa ningali tata cara pangageming busana Jawa
Gagrak Ngayogyakarta kanthi klik link ing ngandhap punika!

Busana Jawa Gagrak Yogyakarta Putri Jogja Belajar
https://www.youtube.com/watch?v=cCOmfLeapk8



Busana Jawa Gagrak Yogyakarta Putra Jogja Belajar
https://www.youtube.com/watch?v=Pk46_MeZCmQ
Ing ngandhap punika tuladha gambar panganggening busana Jawa
Gagrag Ngayogyakarta

https://web.facebook.com/199452840202723/posts/peragaan-
busana-gagrag-yogyakarta-kostum-by-sewa-kostum-
jogja/612791988868804/?_rdc=1&_rdr

https://cerdika.com/pakaian-adat-yogyakarta/

Peranganipun Busana Jawa
Gagrag Ngayogyakarta
Kakung

Iket/Blangkon
punika minangka sarana panutuping sirah, iket /
udheng mengku piwulang
supados manungsa punika sageda ngiket raos
gunggung dhiri / umuk, mila ingkang puniket punika
sirah, jer sirah punika papanipun sedaya pakarti
pengangen – angening manungsa.

Rasukan, minangka titahing Gusti Ingkang Akarya Jagad manungsa kedah
ngrasuk utawi ngracut kapitadosan agami.
Surjan
Tembung surjan menika sejatinipun karakit saking tembung garba suraksa lan
janma. Tembung suraksa gadhah teges “ngreksa/njaga” tembung janma gadhah
teges “manungsa” saengga menawi dipungandheng tembung surjan menika
sejatinnipun gadhah teges ingkang njagi manungsa. Sunan Kalijaga minangka
panyebar agama islam damel busana surjan kanthi teges filosofis ingkang
wonten gandheng cenenge karo agama islam. Busana surjan pundamel kanthi
nggatosaken cacahipun benik lan wujudipun busana. Ing sisih ngajeng busana
surjan katon wonten benik cacahipun kalih. Benik menika nuduhaken kalih
kalimat syahadat wontening agama islam. Benik ing sisih ngajeng ugi wonten
ingkang mapan ing gulu cacahipun tigang pasang (enam wiji) ingkang
nggambaraken rukun iman. Surjan dipunperang dados kalih, inggih menika:

Surjan Sembagi, utawi ugi asring winastan surjan
kembangan, punika sejatosipun busana ingkang mligi
dipunagem déning Sampéyandalem Ingkang
Sinuwun Sri Sultan Hamengkubuwana ingkang
jumeneng nata, lan ugi Sri Paduka Kangjeng Gusti
Adipati Pakualam ingkang jumeneng nata. Ananging
adatipun ugi kaginakaken ing upacara pawiwahan.

Surjan Lurik, surjan lurik ingkang limrah kaginakaken
kawula Ngayogyakarta ing padintenanipun.

Peranganipun Busana Jawa
Gagrag Ngayogyakarta
Kakung

Pranakan biru lurik telu papat, busana punika
minangka busana dhines tumraping abdidalem
Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Atéla, wujuding busana kadosdéné jas kanthi werni
polosan, adatipun busana punika dipunagem déning
para abdidalem apangkat bupati sapanginggil nalika
pisowanan salebeting kraton.

Lonthong / stagèn / kendhit, Kamus lan Timang
Menawi cara Ngayogya prayoginipun menawi dereng
apangkat riya sapanginggil ngagem ingkang polos
boten mawi seratan cindé. Babagan warni
nyumanggakaken, lan werninipun lonthong polos
kajumbuhaken kaliyan pelet udheng (kemada).

Keris menika gadhah nilai filosofis ingkang luhur.
Keris ingkang lurus menika ateges menawi
manungsaa menika kedah teteg. Wong Jawa boten
kenging mencla-mencle menapa ingkang sampun
gadhah karep kedah dipunlampahi kanthi karep
menika mau saged
kasembadan

Peranganipun Busana Jawa
Gagrag Ngayogyakarta
Kakung

Jarit, menawi cara Ngayogya pojokan batikkan
ingkang awarni pethak (sèrèt) wonten njawi,
déné cara Sala wonten lebet.

Wiron limrah, wiron limrah inggih punika wiron
ingkang kadamel lajeran seretipun jarit limrah.

Wiron éngkol, wiron ingkang kadamel ngeluk /
ngéngkol, adatipun wiron punika kaginakaken
déning para abdidalem manawi pinuju sowan
wonten kraton, utawi wiron padintenan
salebeting kraton.

Cenéla, ugi winastan selop

Peranganipun Busana Jawa
Gagrag Ngayogyakarta
Putri

Sanggul lan Kerudung (hijab), tumraping
busana putri ingkang tanpa hijab, sanggul
ingkang kaginakaken ing gagrag Ngayogyakarta
inggih punika sanggul tekuk, wondéné tumrap
putri ingkang sampun krama saged ngginakaken
paes kembang.

Rasukan kebaya
Rasukan kebaya ingkang limrah kaginakaken ing
busana gagrag Ngayogyakarta inggih punika
kebaya tangkepan (kartinian), sanès kuthu baru,
sinaosa ingkang ngagem punika mawi hijab.

Lonthong / stagèn
Lonthong utawi stagèn kaginakaken kanggé
ngencengi sinjang. Boten mawi paugeran
kadosdéné lonthong utawi stagèn ing busana
kakung.

Jarit / sinjang, sami kaliyan busana kakung,
namung bèntenipun wiron putri kadamel
langkung alit, lan dhawahing sèrèt sinjang
wonten ing siring kiwa.

Cenéla, ugi winastan selop

Materi Prosedural

Busana kejawèn punika ngewrat saliring pralambang utawi pralampita,
utaminipun tumrap tiyang Jawa ingkang asring ngginakaken. Busana kejawèn
pepak sanget piwulang ingkang sinandi, pepak piwulang – piwulang luhur.
Piwulang salebeting busana kejawen punika minangka piwulang ingkang wonten
gayutipun kaliyan tumindak manungsa ing ngalam donya, amrih saged laras
antawisipun jagad alit lan jagad ageng. Gagayutaipun kaliyan sambetipun
manungsa setunggal lan manungsa sanèsipun, punapadéné antawisipun
manungsa lan Gusti Ingkang Akarya Jagad. Menika andharan babagan nilai
filosofis ing busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta :

1.Blangkon/Iket, iket punika minangka sarana panutuping sirah, iket /
udheng mengku piwucal supados manungsa punika sageda ngiket raos
gunggung dhiri / umuk, mila ingkang puniket punika sirah, jer sirah punika
papanipun sedaya pakarti pengangen- angening manungsa.

2.Rasukan/Busana, minangka titahing Gusti Ingkang Akarya Jagad
manungsa kedah ngrasuk utawi ngracut kapitadosan agami. Rasukan ugi
minangka pralambang bilih manungsa punika bènten kaliyan tumitahing
Gusti sanèsipun

3. Benik/Kancing salebeting busana Kajawèn mliginipun tumrap kakung ugi
nyasmitani wontenipun Rukun Islam lan Rukun Iman. Benik, ingkang
wonten kiring lan kanan mengku piwucal bilih salebeting nindakaken
samubarang perkawis, sageda kapenggalih kanthi premati, sampun dados
kapitunanipun tiyang kathah

4. Lonthong/Stagen, sarana kanggé ngiket saliring hawa raos srakah ing
sabarang karya. Ingkang punstagèni tata lahir inggih sinjang lan padharan,
tata pralampitanipun, inggih sinjang punika gegambaraning gebyaring
dunya, lan padharan punika papan dunungipun Supiyah, Aluamah, lan
Amarah.

5.Kamus/Sabuk lan timang, minangka pikukuhing pangiketing Lonthong /
Stagèn. Manawi manungsa nindaki sadaya pakartining gesang kedah
nengenaken buk, tegesipun boten nguja hardaning pepènginan jer sedaya
punika namung asipat titipan lan sambutan Gusti Kang Murbèng Dumadi.

6.Bebed/Jarit/Sinjang/Nyamping, punika minangka sarana bilih manungsa
punika kedah saged ubed nggènipun mados pangupajiwa

7.Keris/Dhuwung/Curiga punika gegambaran gegamaning manungsa
gesang kedah saged njumbuhaken larasing panembah. Mbabar sejatining
sangkang paraning dumadi.

8.Cenela/Slop, minangka lelandhesaning agesang, amrih saged tansah
manglung ing pepadaning Gusti

Materi Metakognitif

Peranganing busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta menika minangka pralambang
lampahipun gesang manungsa ing alam donya. Saben peranganipun ngandhut
nilai filosofis ingkang gegayutan kaliyan piwulang ingkang luhur kados manungsa
dhateng pyambakipun, manungsa dhateng manungsa sanesipun saha manungsa
dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih. .

1.Manungsa dhateng piyambakipun, tansah nindakaken tumindak becik kados
jujur, tanggel jawab, tansah njaga hawa nepsunipun, lan sanesipun

2.Manungsa dhateng manungsa sanesipun, tansah nindakaken tumindak becik
wonten ing pasrawungan utawi ing masarakat kados adil, sopan, tepa salira,
demokrasi, lan sanes- sanesipun.

3.Manungsa dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih kanthi piwulang sangkan
paraning dumadi. Sedaya manungsa menika wangsulipun inggih dhumateng
Gusti Allah, satemah tansah kedah iman saha nindakaken jejibahanipun

Dudutan

1.Busana adat Jawa gagrag Ngayogyakarta jangkep tumraping tiyang kakung
inggih menika wiwit sapangandhap wonten cenela, sinjang, kamus, timang,
dhuwung, surjan saha blangkon, dene beskap menika busana adat Jawa gagrag
Surakarta

2.Busana adat Jawa gagrag Ngayogyakarta jangkep tumraping tiyang estri inggih
menika wiwit sapangandhap wonten cenela, sinjang, kamus, kebaya tangkepan
saha sanggul tekuk

3.Busana Jawa menika ngamot piwulang luhur ingkang saged dipuntrepaken
siswa wonten ing sekolah, ing griya saha ing lingkungan masyarakat, mila
busana Jawa menika kedah dipunlestantunaken.

4.Media Pembelajaran Slide Presentasi Canva

https://www.canva.com/design/DAFJprjEMTE/ZKRme_I1sDaIIHkDY8hYrA/view?
utm_content=DAFJprjEMTE&utm_campaign=designshare&utm_medium=link&utm_so
urce=publishsharelink

DAFTAR PUSTAKA

Setya Amrih Prasaja & Umi Kuntari .2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas XI.
Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta
https://jbbudaya.jogjabelajar.org/artikel/busana-jawa-pria-yogyakarta
https://jbbudaya.jogjabelajar.org/artikel/busana-jawa-wanita-yogyakarta
https://www.sastra.org/leksikon
Busana Jawa Gagrak Yogyakarta Putri Jogja Belajar
https://www.youtube.com/watch?v=cCOmfLeapk8
Busana Jawa Gagrak Yogyakarta Putrs Jogja Belajar
https://www.youtube.com/watch?v=Pk46_MeZCmQ


Click to View FlipBook Version