The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Aestri Fatimatul Wulan Sari, 2023-12-02 05:53:35

LKPD GLADHEN AJAR, KELAS X, SEMESTER 1

PASINAON BASA JAWI

GLADHEN AJAR KELAS X, SEMESTER 1 SMK N NGADIROJO KURIKULUM MERDEKA PENYUSUN: AESTRI FATIMATUL WULAN SARI, S.Pd EDITOR: ERAS ANISA DINA, S.Pd


ATUR PANGIRING Puji sokur konjuk wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha Agung, awit saking ridha nipun panyerat saget ngrampungaken LKPD Basa Jawi semester 1 kangge para siswa Sekolah Menengah Kejuruan Tahun Pelajaran 2022/2023. Piwulangan Basa Jawi SMK sampun ngginakaken kurikulim enggak inggih menika kurikulum Merdeka. Kangge njangkepi piwulanagn basa Jawi ing SMK panyerat nganggit LKPD Basa Jawi punika. Kanthi LKPD menika dipunajab saged mbiyantu para siswa anggenipun ngleluri lan marsudi Basa Jawi, ugi sageta kagem sarana pasinaon tumrap kadang dwija anggenipun nggulawentah para siswa ing pasinaon basa Jawi. LKPD menika umumipun tasih tebuh saking sampurna, Pramila saking menika, kula minangka panulis nyuwun panyaruhipun saking pamaos kangge njangkepi lan nyengkuyung panyeratan LKPD menika. Pacitan, Agustus 2023 Panyerat


LEMBAR PENGESAHAN LKPD (Gladhen Ajar) Tahun Pelajaran 2022/2023, digunakan untuk mengukur kemampuan peserta didik melalui assessment pengetahun dan keterampilan. Nama Guru : Aestri Fatimatul Wulan Sari, S.Pd NUPTK : 2438767668130123 Unit Kerja : SMK NEGERI NGADIROJO Mengesahkan untuk digunakan sebagai lembar assessment siswa. Pacitan, 8 Agustus 2022 Yang Menegsahkan Kepala UPT SMK Negeri Ngadirojo Drs. BANJIR. M.M NIP. 196701091 99802 1 003


PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI NGADIROJO Jl. Raya Pacitan - Trenggalek Km. 40 Desa Hadiwarno, Kec. Ngadirojo, Kab. Pacitan Telp./Fax.: (0357) 3219001 Website: www.smknngadirojo.sch.id- Email: [email protected] PACITAN SURAT PERNYATAAN Yang bertanda tangan di bawah ini: Nama : SULIYATIN, S.Pd. Jabatan : Kepala Perpustakaan Unit Kerja : SMK NEGERI NGADIROJO Karya Inovasi : LKPD (Gladhen Ajar Kelas X, Semester 1) Penulis : Aestri Fatimatul Wulan Sari, S.Pd. Dengan ini saya menyatakan bahwa karya inovasi berupa LKPD tersebut telah disimpan di perpustakaan SMK NEGERI NGADIROJO. Apabila di kemudian hari ternyata makalah tersebut tidak sesuai dengan pernyataan ini maka saya siap mempertanggungjawabkan dan menerima sanksi sesuai dengan aturan yang berlaku. Surabaya, 8 Agustus 2022 Kepala Perpustakaan SMK NEGERI NGADIROJO, SULIYATIN, S.Pd NIP. 19730712 200801 2 008


BAB 1 ARTIKEL TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari bab ini, peserta didik diharapkan mampu: 1. Menganalisis (c4) isi pokok gagasan/informasi dari teks wacana (ragam jenis teks). 2. Membuat (c6) artikel dalam bentuk tulisan berupa teks wacana dengan memanfaatkan media cetak dan digital/media sosial. PROFIL PELAJAR PANCASILA 1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan YME, dan berakhlak mulia. Peserta didik mampu mengenal dan mencintai Tuhan Yang Maha Esa, mengutamakan persamaan, mampu menghargai perbedaan, dan berempati kepada peserta didik yang lain saat pembelajaran materi teks Non Sastra (Artikel). 2. Gotong royong, Peserta didik mampu berkolaborasi dalam pemahaman materi dan pembuatan artikel. 3. Kreatif, Peserta didik mampu mengembangkan tema (berupa gambar) menjadi paragraph sesuia dengan jenis-jenis teks wacana. PITAKON PEMANTIK Sakdurunge mlebu ing pasinaon, garapen luwih dhisik assessment diagnostik kanthi skan barkode ing sisih kiwa iki!


ASSESMENT PROSES (FORMATIF) PENGETAHUAN KAGIYATAN 1 Para siswa bakal maca wacan kanthi sesirah “alat ukur”. Sadurunge maca, coba padha nggatekake table ing ngisor iki. 1. Coba temtokna pratelan cacah papat iki mengko bener apa salah. 2. Tulisen uga bukti informasi kang nyengkuyung ngenani bener lan salah saka pratelan kasebut. Sadurunge Maca Pratelan Sawise Maca Bener Wacan iki ngaturake informasi ngenani perangan-perangan alat ukur. Bener Salah Salah Bukti informasi ….......................................................................................................................... Bener Alat ukur jangka sorong asile luwih tliti tinimbang mikrometer. Bener Salah Salah Bukti informasi ….......................................................................................................................... Bener Neraca pegas iku mujudake salah siji wujud alat kanggo ngukur dawane sawijining barang. Bener Salah Salah Bukti informasi ….......................................................................................................................... Bener Alat ukur ora menehi mupangat sacara langsung tumrap panguripanne manungsa. Bener Salah Salah Bukti informasi ….......................................................................................................................... NGANALISIS ISI POKOK GAGASAN SAKA WACAN KANTHI KRITIK. Alat Ukur Kanggo mbiyantu pakaryan manungsa ing saben dinane, dibutuhake salah siji piranti kang gedhe banget paedahe jroning ngrampungi pakaryan mau, yaiku alat ukur. Umpamane bakul ing pasar nalika ngukur barang dagangane, tukang jahit nalika ngukur klambi kang bakal digawe utawa


mesin-mesin gedhe ing pabrik nalika bakal mrodhuksi sawijining barang. Alat ukur mujudake sawijining alat kang digunakake kanggo mbiyantu manungsa jroning mangerteni ukuran sawijining barang. Alat ukur uga digunakake kanggo nemtokake nilai utawa angka presisi kang mapan ana sawijining barang utawa komponen kang diukur kanthi ancas oleh informasi ngenani kuantitas utawa cacah saka sawijining barang. Kanthi nggunakake alat ukur, kita bisa oleh informasi data kang bener lan genah. Adhedhasar gunane, alat ukur kaperang dadi 4, yaiku alat ukur panjang (dawa), alat ukur massa (bobot), alat ukur wektu, lan alat ukur kahanan. Alat ukur panjang (dawa) mujudake alat ukur kang digunakake kanggo ngukur dawane sawijining barang. Lumrahe satuan dawa iku kawiwitan saka milimeter (mm), sentimeter (cm), meter (m), kilometer (km), lan sateruse. Sing kalebu alat ukur panjang (dawa) yaiku garisan/mistar, meteran, jangka sorong, lan mikrometer. Mistar utawa garisan lumrahe digunakake kanggo ngukur sawijining barang kang asipat datar/lurus lan ora pati dawa. Lumrahe digunakake kanggo mbiyantu nggambar kang ngasilake garis lurus lan ajeg. Wujude bisa wae mung lurus ana uga kang awujud segitiga. Meteran mujudake alat ukur kanggo ngukur barang kang luwih dawa utawa luwih saka sakmeter. Asring digunakake dening tukang arsitek bangunan kanggo ngukur dawane barang lan luwih ringkes digawa jalaran bisa digulung. Jangka sorong mujudake alat ukur kang nduweni tingkat detail ukuran paling dhuwur jalaran duweni satuan ukuran kang luwih cilik, yaiku sepersatus millimeter. Lumrahe kanggo ngukur dawane barang kang mbutuhake ukuran kang presisi lan akurat. Jangka sorong dumadi saka rong bageyan, yaiku perangan rahang geser lan rahang tetap. Ing perangan rahang tetap ana skala dawa kang dadi pathokan skala baku, dene ing rahang geser minangka skala cendhek utawa asring dikenal istilah Vernier. Sing pungkasan ana mikrometer yaiku alat ukur kang duweni kualitas akurasi paling dhuwur kanthi tingkat ketelitian nganti 0,01. Asring digunakake kanggo pakaryan ing bidang keahlian teknik mesin lan elektro jalaran bisa digunakake kanggo ngukur diameter lan kandel saka sawijining barang kepara barang sing paling cilik kaya dene rambut, kertas, serat kabel, kawat, lan liyane. Alat ukur massa (bobot) mujudake alat ukur kang digunakake kanggo ngukur sepira bobote sawijining barang. Ukuran satuan bobot iku bisa kawiwitan saka gram (gr), ons, kilogram (kg), kuintal, ton, lan liyane. Alat ukur iki ana sing wujude manual kayadene timbangan gantung, timbangan jungkit lan neraca pegas, uga kang wujude digital kayadene neraca digital, timbangan digital, lan liyane. Alat ukur timbangan manual nggunakake prinsip perbandingan, yaiku nganggo piranti pemberat kang bakale dibandingke klawan barang kang diukur. Dene pemberat mau wis duweni satuan ukuran dhewe-dhewe kaya dene ukuran 1 gram, 1 ons, ½ kg, 1 kg, lan liyane. Piranti ukur manual liyane ana neraca pegas. Piranti iki lumrahe kanggo ngukur bobote barang kang entheng utawa ora pati abot. Prinsip kerjane nggunakake bantuan per utawa pegas kang bakal


digunakake kanggo nggantung sawijining barang, kang bakal diukur karo skala kang wus ana ing alat kasebut. Alat ukur neraca ana uga kang wujude digital. Cara nggunakake gampang banget, yaiku cukup nyelehake barang sing bakal diukur ana ing sadhuwure alat ukur. Nalika barang diselehake, dom ing neraca digital bakal marang angka ukuran bobot barang mau. Tingkat ketelitian alat iku kaanggep luwih detail tinimbang alat ukur timbangan manual. Alat ukur wektu yaiku piranti alat ukur kang digunakake kanggo nuduhake ukuran wektu. Alat ukur kang paling misuwur lan digunakake dening wong akeh yaiku jam. Lakune wektu ing jam yaiku 24 jam jroning sedina. Saben jam kaperang dadi satuan ukuran luwih cilik yaiku menit utawa 1 jam nuduhake wektu 60 menit Ukuran kang luwih cilik maneh yaiku detik utawa 1 jam nuduhake wektu 3.600 detik. Wujud alat ukur jam ana kang nggunakake mesin pemutar angka utawa arloji lan uga ana kang nggunakake alat digital. Alat ukur wektu liyane ana stopwatch yaiku alat ukur kang digunakake kanggo ngukur suwene wektu jroning kahanan. Umpamane kanggo ngira-ngira suwene wektu kang dibutuhake sawijining wong jroning nempuh jarak tartamtu. Lakune wektu bisa digawe mundur utawa maju kanthi cara disetel luwih dhisik. Alat ukur kahanan yaiku piranti alat ukur kang digunakake kanggo nuduhake kahananing sawijining bab utawa kondisi kang bisa diukur nganggo angka, umpamane suhu, kelembapan, tekanan radiasi, lan liya-liyane. Pirantine umpamane kaya dene termometer, higrometer, barometer, lan liya-liyane. Alat ukur iki lumrahe digunakake ana ing pakaryan kang luwih spesifik kaya dene ing donyaning kesehatan, laboratorium penelitian, lan ora pati lumrah dibutuhake dening pawongan umum. Kagiyatan ngukur wis dadi pakaryan wigati kang tansah sumandhing jroning panguripaning manungsa. Sawijining ukuran wis dadi takeran standar marang kagiyatan kang ditindakake dening manungsa. Nggunakake piranti alat ukur kanthi bener lan trep, tamtu bakal antuk informasi kang trep ngenani angka jumbuh klawan sepira angka saka barang kang bakal diukur kasebut, satemah bakal mbiyantu nggampangake sakabehing pakaryan. KAGIYATAN 2 Mbiji informasi kang ora akurat sak awacan kanthi kritis. Coba dicek maneh asil prediksimu ana ing kagiyatan 1. Prediksimu bener apa ora? Informasi utawa pengetahuan awalmu ngenani wacan bakal mbiyantu banget jroning nggawe prediksi lan ngecek bener lan orane informasi saka sawijining wacan.


KAGIYATAN 3 Analisis struktur wacan. Teks ing dhuwur mujudake salah siji jinis wacan kang diarani deskripsi. Kaya kang wis diaturke ing ngarep, teks deskripsi mujudake teks kang isine ngandharake sawijining objek, bisa samubarang kang urip, barang, papan, utawa prastawa kanthi peprincen kang cetha, kaya-kaya bisa nggawe pamaca weruh, krungu, ngrasakake, utawa nglakoni dhewe bab kang dideskripsikake. Lumrahe, struktur teks deskripsi ana telu, yaiku identifikasi, deskripsi bagian, lan simpulan utawa dudutan. Supaya luwih cetha struktur teks deskripsi bisa dideleng materi ing ngarep maneh. Saiki, coba balenana maca teks deskripsi "Alat Ukur" ing ngarep mau. Banjur coba tuduhna endiendi wae ukara utawa paragraf (pada) kang kalebu struktur teks deskripsi kaya andharan ing dhuwur. Struktur teks Deskripsi Nomer Paragraf Alesan/Bukti Identifikasi Deskripsi Bagian Simpulan Nah, iki mau awake dhewe wis sinau salah sawijine jinis wacan, yaiku deskripsi. Dene jinis wacan liyane, yaiku argumentasi, eksposisi, narasi, lan persuasi. KAGIYATAN 4 Sawise ngerteni jinise wacan lan ngerti struktur sarta titikane, ayo coba saiki golekana paragraf abasa Jawa saka waca liyane, bisa saka buku, medhia sosial, medhia cithak, lan sumber liyane kang nuduhake tuladha saka saben jinis wacan kasebut. Jinis Wacan Kutipan/Tuladha Paragraf Sumber Wacan Argumentasi


Eksposisi Narasi Persuasi


ASSESMENT PROSES (FORMATIF) KETRAMPILAN NULIS LAN NYUGUHAKE TULISAN TEKS WACAN KAGIYATAN 1 NULIS ARTIKEL Saiki, wayahe para siswa gladhen nulis wacan kanthi maneka ragam jinis sing wis disinaoni. Nanging, sadurunge nulis, temtokake dhisik, jinis wacan apa kang bakal ditulis, merga kudu dijumbuhake karo ancase panulisan wacan mau, struktur lan titikan kang jumbuh karo wacan kasebut. Nanging, sejatine proses nulis iku sasat meh padha wae carane, yaiku: 1. Temtokake dhisik objek utawa bab kang bakal ditulis. Objek utawa bab kang bakalditulis mau kudu bisa narik kawigaten liyan uga kudu kokkuwasani materine. Mesthine,bisa golek objek utawa bab kang ana ing sakiwa tengenmu supaya luwih gampang lan cetha anggone bakal nulis. 2. Temtokake gagasan, idhe utawa karep ancase kang kepengin diaturke marang pamaca. Bab iki uga kudu dijumbuhake klawan jinis wacan kang bakal ditulis. 3. Tindakna kagiyatan pengamatan, observasi, survei utawa kagiyatan liya kang tundhane kanggo golek informasi sarta bahan tulisan. Kagiyatan iki bisa lumantar pawongan minangka narasumber utawa saka prastawa lan kadadeyan kang ana ing sakiwa tengenmu. Aja lali didokumentasi anggonmu golek informasi mau, bisa awujud foto, video, utawa rekaman swara kanggo nggampangake ngeling-eling nalika bakal nyusun tulisan. 4. Gaweya cengkorongan utawa garis besar kang bakal kok tulis mau. Becike ngetutake struktur wacan kang bakal digawe, saengga cengkorongan utawa struktur wacan bisa tumata lan cetha. 5. Ngrembakakake cengkorongan mau dadi sawijining wacan utawa ukara-ukara kang jumbuh lan gayut. Aja lali nggatekake unsur kebahasaan kang dadi titikan saben jinis wacan kasebut. Umpama arep njupuk referensi utawa kutipan saka sumber liya, aja lali tetep dilakokake kanthi manut paugeran tata cara ngutip rujukan kang trep. 6. Sawise dadi wacan kang wutuh, banjur dipriksa maneh wacan kang koktulis. Kagiyatan iki diarani penyuntingan naskah. Ancase supaya wacan kang ditulis bisa diminimalisir kesalahane kaya dene ing bab panulisan, tanda wacan, lan liya-liyane.


KAGIYATAN 2 Coba kanggo nggladhi kaprigelanmu ing bab nulis wacan, gaweya wacan kaya ing ngisor iki. Yen rumangsa kangelan, siswa bisa milih salah siji jinis teks lan isi kang bakal ditulis. No. Jinis Wacan Tema 1. Deskripsi Bab kabudayan kang asipat tangible utawa wujud. Ing sakiwa tengen lingkungan. Umpamane, deskripsi panganan/jajanan khas dhaerah, omah adat, lan liyaliyane. 2. Argumentasi Bab kabudayan ing sakiwa tengenmu sing saiki wis padha akeh kang ninggalke utawa wis padha dilalekake. 3. Narasi Bab apa kang wis kok lakoni ana ing pasinaon kejuruan. Bisa wae crita nalika praktik utawa nyritakake bab kang ana gegayutanne karo kejuruanmu dhewe-dhewe. 4. Persuasi Bab kang awujud pangajak supaya bocah saiki padha milih mlebu ing sekolah kejurusan utawa pangajak supaya bocah jaman saiki isih padha nglestarekake kabudayan leluhure ing papan panggonanmu dhewe. KAGIYATAN 3 NYUGUHAKE TULISAN ING MEDHIA CITHAK LAN SARANA DIGITAL Ing jaman saiki prasasat meh saben pawongan mesthi duwe akun medhia sosial kanggo srawung marang wong liya lan uga golek lan andum informasi ing jagad maya. Nah, saiki ayo coba gladhen ngunggah asiling tulisanmu arupa maneka wacan mau (isa deskripsi, narasi, persuasi, argumentasi, lan eksposisi) menyang sarana digital medhia sosialmu. Coba unggahen salah siji foto utawa gambar ngenani kagiyatanmu ing bengkel utawa laboratorium, utawa bisa uga ngenani kabudayan, lan kearifan lokal kang ana ing sakiwa tengenmu, banjur wenehana caption utawa katrangan lumantar wacan. Bisa milih salah siji jinis wacan. Mesthine bisa awujud rong paragraf utawa telung paragraf supaya isine informasi luwih komplit. Bab kang kudu digatekake nalika nulis katrangan utawa caption ing medhia sosial yaiku: 1. Nggunakake basa kang sopan, pener lan trep jumbuh klawan paugeran panulisan baku basa Jawa.


2. Ora nyinggung pangrasa lan atine liyan, adoh saka SARA lan bab-bab negatif kang bisa gawe salah tampane liyan. 3. Isining tulisan ora asipat ngayawara utawa barang kang durung genah jluntrunge. Umpama iku kalebu wacan argumentasi, nadyan bakune wacan awujud gagasan lan panemumu, aja lali sebutna sumber utawa data lan argumen pendukung dimen ora diarani hoaks utawa barang palsu. Aja lali wenehana tandha pager (#) ngenani sekolahmu lan uga tandhanana gurumu supaya bisa melu paring komentar lan pambiji marang asiling karyamu. KAGIYATAN 4 Nempelake asil karyamu ana ing majalah dinding sekolah. Mesthine ing sekolah ana majalah dinding kang sumebar ing panggonan kang gampang diwaca dening para siswa, Saka materi kang wus disinaoni iku mau, asil saka pakaryanmu iku ditempel ana ing majalah dinding sekolah. Pakaryanmu kang ditempel, sakora-orane bisa menehi informasi bab kang ana ing jurusanmu dhewe. Anggone nulis bisa awujud teks narasi, deskripsi, persuasi, argumentasi, utawa eksposisi. Kanggo narik kawigaten para siswa anggone maca, tulisanmu mau bisa ditambahi nganggo gambar kang jumbuh karo isine teks kasebut. Aja lali tulisanmu iku tetep nganggo paugeran kang wis diandharke ing piwulangan dhuwur.


ASSESMENT AKHIR (SUMATIF) PENGETAHUAN dan KETRAMPILAN Pengetahuan Jlentrehna pitakonan uraian iki kanthi runtut lan pener. 1. Coba wacanen wacan iki kanthi tlesih. Gamelan duwe sejarah kang wis suwe, nalika ing jaman Karajan Majapahit. Wiwit Jaman Karajan Majapahit, piranti gamelan wis wiwit digawe, Awit saka Karajan Majapahit, mula gamelan iku isih kenthel kanthi agama Hindu. Gamelan kang saiki wis akeh kagubah dening Sunan Bonang. Gamelan iku kalebu jinis musik kanthi nada pentatonis lan nduweni laras pelog sarta slendro. Laras slendro nduweni limang nada, dene pelog nduweni pitung nada. Gamelan biasane kanggo ngiringi beksan utawa seni pagelaran liyane kayata kethoprak, wayang kulit lan sapiturute. Ricikan utawa instrumen gamelan iku kaperang dadi telu, yaiku ricikan balungan, ricikan garap lan ricikan struktural, Ricikan balungan kayata saron, demung, saron barung lan aron penerus. Ricikan garap kayata rebab, kendang, gender, bonang, siter lan gambang. Denen ricikan struktural yaiku ricikan kang gawe raketing dolanan kayata kethuk, empyak, kempyang, kenong, gong, kempul, kecer. Wacan kasebut kalebu jinis wacan apa lan wenehana alesanmu kang nguwatake panemumu mau. 2. Coba tulisna teks argumentasi kang isine bab jurusanmu dhewe kanthi basa kang trep lan bener. 3. Coba tulisna teks deskripsi ngenani kearifan lokal kang misuwur utawa kondhang ing dhaerahmu ngenani apa wae, bab kabudayan, kesenian, lan liyane. 4. Coba tulisna titikan lan beda antarane ukara kang kagolong ukara fakta lan ukara opini. 5. Coba wacanen wacan iki kanthi tlesih. Indonesia iku negara kang sugih ing bab kabudayan. Salah sawijining kabudayan kang ora bisa uwal saka masarakat yaiku bab omah adat. Omah adat kang ana ing Indonesia iku maneka warna wujude. Ing antarane tlatah siji lan liyane, nduweni ciri dhewe-dhewe. Salah siji omah adat kang nganti saiki isih dilestarekake yaiku omah adat Jawa Tengah kang diarani omah joglo. Omah joglo Jawa Tengah iku nduweni ciri khas yaiku anane saka guru lan uga tumpang sari. Yen didelok manut struktur utawa wujude, omah joglo Jawa tengah kalebu omah kang prasaja utawa sederhana. Perangane omah Joglo iku kaperang dadi 3 bagean


kang wis umum, yaiku bagean sepisan ana sing diarani pendhapa, bagean kapindho ana pringgitan lan pungkasan yaiku bagean omah ndalem. Perangan kang 3 iku mau, nduweni fungsi kang beda lan umume dibangun ing lemah kang amba gilar-gilar. Awit kaya mangkono, omah joglo iku biyen dadi pralambang status sosial para priyayi lan bangsawan lan wong kang nduweni status ekonomi kang dhuwur. Perangan kang kapisan yaiku pendhapa nduweni fungsi kanggo nampa tamu. Pringgitan iku saka tembung ringgit kang tegese yaiku wayang. Pringgitan iku nduweni fungsi kanggo nggelar acara wayang kulit. Bagean kaping 3 yaiku omah ndalem, bagena iki kang umume kanggo ruang kulawarga. Ing sajroning omah ndalem ana perangan senthong kang cacahe ana 3, senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen, Sakliyane iku ana kang diarani pawon, gandhok, seketheng, pekiwan lan longkangan. Miturutmu, geneya omah joglo iku dadi pralambang saka status ekonomi lan status sosial pawongan ing jaman semana?


BAB 2 GEGURITAN TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari bab ini, peserta didik mampu: 1. Menganalisis (c4) isi pokok gagasan yang disampaikan melalui teks geguritan. 2. Menguraikan (c4) isi teks geguritan menjadi teks gancaran/prosa sesuia dengan isi dari teks geguritan. PROFIL PELAJAR PANCASILA 1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan YME, dan berakhlak mulia. Peserta didik mampu mengenal dan mencintai Tuhan Yang Maha Esa, mengutamakan persamaan, mampu menghargai perbedaan, dan berempati kepada peserta didik yang lain saat pembelajaran materi geguritan. 2. Bernalar kritis, peserta didik mampu mengurai geguritan kedalam prosa/ gancaran, sehingga memudahkan mengambil makna dari teks geguritan tersebut. PITAKON PEMANTIK Sakdurunge mlebu ing pasinaon, garapen luwih dhisik assessment diagnostik kanthi skan barkode ing sisih kiwa iki!


ASSESMENT PROSES (FORMATIF) PENGETAHUAN ANALISIS ISI POKOK GAGASAN TEKS GEGURITAN Kaya kang wis diandharake ing ngarep, teks sastra geguritan iku nduweni pesen utawa amanat kang diaturke dening panulis kanggo pamacane Isi utawa pesen iku bisa wae babagan pesen moral, sosial, ekonomi, lan sapiturute Saka pesen iku mau, panulis nduweni pangarep-arep supaya wong bisa nglakoni jumbuh karo pesen ing geguritan kasebut Para siswa bakal maca teks sastra geguritan kanthi sesirah "Saka Kidung Wahyu Kalaseba lumantar kagiyatan individu Sakwise iku garapen pitakonan ing ngisor iki. Saka Kidung Wahyu Kalaseba Dening Any Faiqoh Rengeng-rengeng dakprungu Kidung Wahyu Kalaseba Seratan Denmas Sri Narendra Kalaseba Sing dakrasa: Laku nistha sansaya ngayawara Dur angkara ngraja Setan gentayangan gawe rubeda Dadi wewaton hingga pupusing jaman Geni wisa murka ora dipateni malah diopeni Panca indra diuja hawa, saben ulesing netra Bebrayan linambaran sih kawelasan saka Sang Hyang Wenang mung dadi ujaran dudu ajaran Akal budi ginanti nepsu angkara sing nguwasani Apa iki sing jenenge akir jaman Kaya sing dibeber Raden Rangga Warsita, ing serat Kalatidha


Bakal tumekanıng jaman kang aran jaman edan nora edan nora keduman Dhuh Gusti, Pengeran kula Kula tetep pitados bilih Panjenengan Maha Kuwaos Boten wonten perkawis tanpa uwis Boten wonten pangalang tanpa pepadhang Sawise maca geguritan ing dhuwur, coba analisisen adhedhasar panuduh ing ngisor iki! Perangan Asile Analisis Tema Amanat/isi Majas Imaji/Citraan 1. Imaji Auditori: 'Rengeng-rengeng dakprungu Kidung Wahyu Kalaseba' Tembung rengeng-rengeng dakprungu bisa dirasakake nganggo pancadriya pangrungu. 2. Imaji : …....................................................................................................... ........................................................................................ 3. Imaji: ........................................................................................................... ...............................................................................


ASSESMENT PROSES (FORMATIF) KETERAMPILAN Ngowahi geguritan dadi gancaran (Parafrase) Sawise mangerteni unsur kang mbangun saka geguritan lan mangerteni tegese tetembungan kang angel jroning geguritan, para siswa saiki diajab bisa ngembangake isine geguritan nganggo basamu dhewe kanthi trep lan pener. Kagiyatan mau bisa dilakoni kanthi cara parafrase utawa nggancarake. Geguritan kang maune awujud puisi kanthi maneka paugeran, diowahi dadi gancaran utawa uraian bebas. Tegese, digoleki tegese lan ditulis nganggo basa kang beda supaya isine geguritan mau luwih gampang dimangerteni nganggo basane siswa dhewe-dhewe. Supaya bisa bener anggone nggancarake isine geguritan, para siswa bisa maca materi kang wis diandharake ana ing ndhuwur. GEGURITAN GANCARAN (PARAFRASE) Saka Kidung Wahyu Kalaseba Dening Any Faiqoh Rengeng-rengeng dakprungu Kidung Wahyu Kalaseba Aku Krungu swara kang ora pathi cetha, nanging isih bisa dingerteni saka tetembangan Kidung Wahyu Kalasebakang ditulis dening Den Mas Sri Narendra Kalaseba Seratan Denmas Sri Narendra Kalaseba Sing dakrasa: Laku nistha sansaya ngayawara Dur angkara ngraja Setan gentayangan gawe rubeda Dadi wewaton hingga pupusing jaman Geni wisa murka ora dipateni malah diopeni


Panca indra diuja hawa, saben ulesing netra Bebrayan linambaran sih kawelasan saka Sang Hyang Wenang mung dadi ujaran dudu ajaran Akal budi ginanti nepsu angkara sing nguwasani Apa iki sing jenenge akir jaman Kaya sing dibeber Raden Rangga Warsita, ing serat Kalatidha Bakal tumekanıng jaman kang aran jaman edan nora edan nora keduman Dhuh Gusti, Pengeran kula Kula tetep pitados bilih Panjenengan Maha Kuwaos Boten wonten perkawis tanpa uwis Boten wonten pangalang tanpa pepadhang


ASSESMENT AKHIR (SUMATIF) Jlentrehna pitakonan uraian iki kanthi runtut lan pener. 1. Jlentrehna apa wae struktur fisik kang mbangun geguritan. 2. Jlentrehna kepiye tata carane maca geguritan kang bener lan pener. 3. Jlentrehna tata carane ngembangke isine geguritan kanthi bener lan pener Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli nomor 4-5. Tresna Wurung Dening: Chris Papa Jaya nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit nanging mripat iki panggah akedhep tesmak wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat nggodha ati suwung, tumlawung tresna wurung dhuh, uwong ayu gantilaning ati kamitegan, kowe cidra ing janji oncat datan pepoyan katut priya tumpakan sedan lan aku muhung tetep lumaku atut saparaning suku sangu ati kang saya wuru Sugeng Dalu, Gusti Dening: Sudi Yatmana Wengi wiwit sepi Rasa kesel arip mripat iki Ana wektu Ayen tentrem anyambrahi Aja kesusu turu Luwih ndhisik Atur puji syukur ing Gusti Wus paring sagung pitulungan Kanggo urip ing bebrayan Ngudi kasampurnan Amrih karaharjan Saiki tumekeng delahan Sugeng dalu Gusti Benjing enjing kula tangi Kula badhe tetep ngabekti 4. Saka geguritan kanthi irah-irahan "Tresna Wurung", apa wae pitutur kang bisa kok jupuk? Jlentrehna. 5. Miturut isi saka geguritan kasebut, apa kang bisa kok gayutake marang kahanan kang ana ing masarakat jaman saiki? Jlentrehna kanthi diwenehi tuladha.


BAB III PAWARTA TUJUAN PEMBELAJARAN: Setelah mempelajari bab ini, peserta didik diharapkan mampu: 1. Menganalisis (C3) isi pokok berita yang disampaikan melalui teks pawarta. 2. Membuat (C6) teks pawarta yang ada di lingkungan sekitar peserta didik PROFIL PELAJAR PANCASILA 1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan YME, dan berakhlak mulia. Peserta didik mampu mengenal dan mencintai Tuhan Yang Maha Esa, mengutamakan persamaan, mampu menghargai perbedaan, dan berempati kepada peserta didik yang lain saat pembelajaran materi pawarta 2. Bernalar Kritis. Peserta didik mampu membuat pawarta yang ada di lingkungan sekitar peserta didik 3. Gotong royong. Peserta didik mampu, berkolaborasi dalam diskusi pemahaman materi dan diskusi masalah tentang pawarta 4. Kreatif. Peserta didik mampu menggabungkan beberapa gagasan menjadi ide yang bermakna dalam membuat pawarta. PITAKON PEMANTIK


ASSESMEN FORMATIF PENGETAHUAN 1 1. Pawarta yaiku kabar utawa informasi ngenani sawijining kadadeyan/prastawa kang diwedharake kanthi media tartamtu kang narik kawigatene wong kang maca. 2. Miturut sranane, pawarta kaperang dadi papat, yaiku: a.pawarta cithak; b.siaran; c.internet; d.lesan. 3. Unsur-unsur kang mbangun pawarta (Adiksimba) kayata ing ngisor iki: a. Apa yaiku njlentrehake prastawa apa kang dumadi ana ing sajrone pawarta. b. Dimana yaiku njlentrehake ing ngendi prastawa iku kadadeyan. c. Kapan yaiku njlentrehake wektu kadadeyan kang ana ing pawarta. d. Siapa yaiku njlentrehake sapa wae pawongan utawa tokoh kang ana ing pawarta e. Mengapa yaiku njlentrehake alesan kenangapa kadadeyan kang ana ing pawarta iku bisa dumadi. f. Bagimana yaiku njlentrehake kepriye proses kedadeyan kang ana ing pawarta GLADHEN 1 Mobil Listrik Gaweyane Siswa SMK ing Madiun Disenengi Pelaku UMKM, Wis Dipesen 196 Unit Mobil listrik kampung pesilat (mokasi) gaweyane siswa SMK Model PGRI 1 Mejayan Kabupaten Madiun, oleh pesenan akeh saka maneka dhaerah awit wulan Juli 2020. Nganti wulan Oktober 2020, mobil kang digunakake pelaku UMKM kanggo dodolan iku wis dipesen 196 unit. Kepala Sekolah SMK Model PGRI 1 Mejayan Sampun Hadam ngandhakake, rata-rata mobit gaweyane siswa iku dipesen saka sajabane Jawa Timur. "Pesanan saka Semarang, Boyolali, Bekasi, Bandung, lan Kalimantan Utara," kandhane Sampun marang Kompas.com, Senen (12/10/2020) awan.


Saka 196 unit mokasi sing dipesen, 18 unit wis dikirim, Saluwihe iku isih proses digawe Miturut Sampun, atusan mobil listrik kang dipesen iku dituku dening pelaku UMKM. Dheweke menehi conto, mobil listrik kang dipesen saka Semarang bakal digunakake kanggo dodolan tengkleng. Amerga iku, dheweke nggawe desain mobil listrik kang diwenehi kompor kanggo masak tengkleng. Dheweke uga mbangun pabrik supaya bisa nggawe mobil listrik kang cacahe luwih akeh tur luwih cepet. Pabrik iku dibangun migunakake dana saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan uga swadaya sekolah. Menawa pabrik wis rampung, dheweke bisa nggawe 20 mobil listrik ing wektu sawulan, Sanajan digawe dening siswa SMK Model PGRI 1, nanging dheweke uga nyumanggakake menawa ana SMK liya kang arep nggabung kanthi nyedhiakake suku cadang mobil listrik. "Kula nyumanggakake SMK sanesipun dados mitra. Sampun kula paringi bageyan ingkang saged dipungarap. Mangke assembling ugi quality control saking mriki," ngendikane Sampun. Para siswa SMK Model PGRI 1 Mejayan gumregah gawe inovasi amerga pandemi Covid19 kang ndadekake akeh PHK. Kanthi didampingi para guru, para siswa nggawe mobil listrik kang ramah lingkungan. Mobil listrik iku didesain kanggo dodolan UMKM. Mobil Listrik UMKM iku dirancang lan diproduksi dening para siswa lan guru SMK Model PGRI 1 Mejayan. "Mobil listrik menika dumadi nalika kathahing PHK wonten ing wanci pandemi Covid-19. Amergi menika, tuwuh ide ndamel titihan ingkang efisien kangge sadeyan," ngendikane Kepala SMK Model PGRI 1 Mejayan. Sadurunge dadi mobil listrik, kawitane siswa ngrancang kreta pedhal kang diwenehi jeneng kreta "cinta". Nanging panemu iku ora sida diwujudake amerga mbutuhake tenaga kang akeh kanggo medhal kretane. Pungkasane panemu iku digodhog maneh, saengga padha milih mobil listrik. Ora mbutuhake wektu suwe, siswa SMK Model PGRI 1 Mejayan kasil nggawe mobil listrik kang bisa mlaku ngasi tekan 90 kilometer. Mobil listrik UMKM dawane 2,5 meter lan ambane 1,5 meter. Mobil dirancang lan digawe nalika pandemi Covid-19 wulan Mei 2020. Kanggo nggawe mobil siji, mbutuhake dana kurang luwih Rp15 yuta kanthi wektu produksi sawulan. (Kapethik saka Kompas.com kanthi besutan)


No Unsur Pawarta Katrangan 1 Apa 2 Dimana 3 Kapan 4 Siapa 5 Mengapa 6 Bagaimana


ASSESMEN FORMATIF KETRAMPILAN 1 Golek pawarta iku salah sawijining panggaweyan kang katindakake dening jurnalis utawa wartawan. Sawise golek pawarta, wartawan banjur nulis pawarta. Sabisa-bisane panggaweyan nulis pawarta iku ora diwenehake wartawan liyane, supaya isine pawarta ora owah saka kadadeyan asline. Nanging ora kabeh wartawan kang nulis pawarta kudu golek pawarta. Ana pawarta kang bisa kajupuk saka jumpa pers yaiku isi pokok informasi kang diwenehake saka pehak narasumber lumantar kagiyatan resmi kang diarani jumpa pers, utawa kepara dikirim saka email utawa surat. Menawa wis bisa njangkepi unsur- unsur panggawene pawarta, wis bisa kanggo gawe pawarta. Bab kang kudu digatekake nalika golek pawarta yaiku: 1. Nemtokake tema pawarta kang arep dijupuk. Goleka tema bab apa kang arep digawe pawarta. 2. Nyepakake piranti kanggo ngliput kayata cathetan, pulpen, kamera, recorder, utawa ing jaman saiki bisa migunakake smartphone. 3. Nyepakake materi wawancara. Nyawisake pitakonan-pitakonan kang bakal ditakonake marang narasumber. 4. Ngumpulake data. Ngumpulake data bisa kanthi cara observasi lan wawancara. Data kang dikumpulake bisa awujud cathetan utawa bisa uga awujud rekaman audio. 5. Njupuk fato. Foto ing pawarta iku uga penting amarga bisa menehi tambahan informasi. Foto jurnalistik iku bisa dadi fakta visual kang nuduhake marang pamaca gegambaran saka pawarta kang kajupuk. 6. Njupuk video. Video ing pawarta bisa uga dadi cara ngumpulake data ing pawarta amarga bisa kanggo rekaman kang sabanjure bisa diolah dadi pawarta. Saliyane iku, bisa uga digawe dadi pawarta kang wujude audio visual. 7. Nulis liputan. GLADHEN 2 Kanggo nggladhi kaprigelanmu golek pawarta, gaweya klompok kurang luwih 5 utawa 6 siswa, banjur gaweya proposal golek pawarta kang isine yaiku: 1. Samak/sampul kang isine jeneng kelompok lan judul proposal 2. Tema, topik, irah-irahan pawarta 3. Ancasing pawarta (tujuan) 4. Rancangan peliputan kang isine:


papan panggonan: narasumber; foto: video. 5. Piranti/alat 6. Wawancara narasumber kang isine pitakonan kang ngemat 5W+1H 7. Urut-urutane liputan 8. Panutup


ASSESMEN FORMATIF KETRAMPILAN 2 GLADHEN 3 Kagiyatan 1 Nulis asiling golek pawarta. Sawise para siswa ing kelompok nindakake kagiyatan golek pawarta, kang diwiwiti saka nggawe proposal, mesthine wis duwe bahan kang bisa digunakake kanggo nggawe pawarta. Mula saka iku, kagiyatan candhake yaiku nulis pawarta. Apa-apa isining informasi saka kagiyatan golek pawarta mau, banjur dirakit, ditulis kanthi cara nggatekake struktur pawarta, saengga bisa dadi pawarta kang jangkep. Sawise pawarta mau ditulis, kagiyatan candhake yaiku nyunting teks. Kagiyatan nyunting ditindakake kanggo ngoreksi asiling tulisan. Umpamane panulisane, utawa isine durung jangkep jumbuh klawan struktur pawarta, utawa ana kurang liyane, mula didandani luwih dhisik. Asile pakaryan banjur ditulis maneh kanthi rapi lan diaturke marang guru. Kegiyatan 2 Nyuguhake asiling pawarta lumantar sarana digital. Sawise tugas kelompok golek lan nulis pawarta purna katindakake, mesthine tahapan pungkasan yaiku ngaturake isining informasi awujud pawarta mau marang wong akeh. Kagiyatan iki bisa katindakake kanthi maneka cara. Umpamane, asiling tulisan pawarta bisa ditemplekake ing mading sekolah. Nanging, supaya luwih efektif lan efisien, kagiyatan ngaturake pawarta bisa katindakake kanthi nggunakake sarana digital. Kagiyatan atur pawarta lumantar digital iki cukup diwujudake sarana tulisan. Dene cak-cakane yaiku: 1. Nyepakake teks tulisan pawarta kang wus digarap sadurunge. 2. Temtokake sarana medhia sosial kang bakal digunakake. Bisa nganggo Facebook. Instagram, utawa blog duweke salah siji anggota kelompok. 3. Unggahen (upload) tulisan mau ing medhia sosial kanthi menehi tandha pager (#) sing gampang kanggo menehe panandha nalika nggoleki unggahan pawarta mau.


4. Copy-nen link utawa alamat unggahan pawarta mau, banjur dikirim menyang guru lan kanca sakelas asiling unggah pawarta mau supaya bisa dibiji lan dikoreksi dening kanca.


ASSESMEN SUMATIF KETRAMPILAN 2 STIMULUS Tari Angguk Grobogan Nggambarake Kekendelaning Diponegoro Kabupaten Grobogan nduweni maneka kesenian, salah sawijine yaiku tari angguk Grobogan. Tari iki nduweni sujarah kang kuwat ngenani perjuwangane Pangeran Diponegoro nalika perang nglawan Walanda ing tanah Jawa. Jumbuh karo jenenge, obahing tari kang utama yaiku ngangguk (manthuk), kang nggambarake tentara Walanda kang lagi dansa. Tari iki uga minangka gegambaran rasa pangrasa lan penyengkuyunge masarakat Jawa nalika jaman Kraton Mataram Kung marang Pangeran Diponegoro kang wani nglawan Walanda kanthi terang-terangan Filosofi saka jeneng Angguk iku saka basa Jawa "mangguk" utawa "sendika" kang tegese nyanggupi. Cacahing penari ana 9 wong lanang kang mralambangake Walisanga kang nyebarake dakwah Islam ing tanah Jawa. Lumrahe cacahing penari iku ganjil, menawa ana kang genep, salah sijine kudu dadi panglima ing baris ngarep dhewe. Panganggone yaiku migunakake modhel prajurit perang. Dene iringane migunakae jedhor, rebana, kendhang Lan harmonika. Ririn Purwasih minangka ketua sanggar ngandhakake menawa kawitane madege sanggar iku amerga dheweke kepengin ngrembakakake ilmu seni tari kang wis disinaoni marang para mudha-mudha ing Desa Crewek lan ing Kabupaten Grobogan. Sanggar iki uga mulangake tata rias lan sanggul kang kerep dianggo ing saben acara tradhisi Jawa, kayata temanten lan uga riasan pentas tari. Ririn nduweni pangajab supaya para mudhamudhi bisa nguncarakake Kabupaten Grobogan. Tari angguk ngrembaka ing dhaerah-dhaerah Jawa Tengah, mligine ing Kabupaten Grobogan. Salah siji panglima perange Pangeran Diponegoro yaiku Panembahan Notoprojo miyos ing Serang, dhaerah kang ana ing antarane Kabupaten Grobogan, Boyolali, lan Kabupaten Sragen. Tari angguk kawitane dipimpin dening Karnadi kang sabanjure diterusake dening Pratekto ngasi taun 1987, sabanjure saben sepuluh taun tari angguk tau arep ilang amerga ora ana kang ngurusi. Tari iki madeg maneh nalika dicekel dening Sutiyono taun 1997- 2004. Sabanjure taun 2004 dipimpin dening Ali Hidayat ngasi saiki isih ngembaka ing masyarakat. (Kapethik saka Solopos.com kanthi besutan)


Soal 1 Adhedhasar stimulus, coba temtokake ukara kang ana ing tabel, kalebu fakta utawa opini miturut teks pawarta ing dhuwur. Wenaha centhang ing (✔) kolom fakta utawa opini. Ukara Fakta Opini Tari angguk diciptakake dening Pangeran Diponegoro. Tari angguk ora dipentasake ing taun 1990. Tari angguk nggambarake perjuwangane Walisanga. Cacahing penari tari angguk ana sanga. Panembahan Notoprojo murid saka Pangeran Diponegoro. Soal 2 Wenehana centhang (✔) ing ukara kang miturutmu gathuk karo wacan ing stimulus Pratelan Bener Salah Iringane tari angguk migunakake jedhor, kendhang, rebana, hermonika. Tegese angguk yaiku nyaguhi. Kawitane dipentasake tari angguk yaiku taun 1987. Tari angguk ngrembaka ing Kabupaten Grobogan. Panganggone penari angguk yaiku kebaya.


GLADHEN SOAL PUNGKASAN SEMESTER GASAL Pilihen wangsulan sing bener. 1. Jinise teks miturut ancase utawa tujuwane yaiku ana.... A. 3 B. 4 C. 5 D. 6 E. 7 2. Jinising teks kang ancase nggambarake sawijining objek iku kalebu jinis wacan A. narasi B. deskripsi C. eksposisi D. persuasi E. argumentasi 3. Ukara kang mbedakake ing antarane jinis teks narasi lan argumentasi yaiku.. A. Narasi iku isine mung nyritakake kanthi runtut dene argumentasi iku nyritakake kanthi runtut miturut kronologine. B. Narasi iku nggambarake sawijining bab kanthi runtuk dene argumentasi iku nggambarake sawijining bab kanthi cetha. C. Narasi iku isine bab kepiye kadadeyan iku saknyatane dene argumentasi iku nyritakake kadadeyan kang ora nyata. D. Narasi iku nyritakake kanthi runtut lan rinci dene argumentasi iku ngandharake panemu saka panulis kanggo gawe yakin pamaca. E. Narasi iku isine ngandharake panyaruwe saka panulis dene argumentasi iku ngandharake panemu saka pamaca marang panulis. 4. Wacanen teks ing ngisor iki. Sakwise manungsa wis wiwit ngerti apa kang dadi bebaya saka bahan bakar kang asale saka fosil, manungsa wis wiwit mikirke apa kang bisa dadi bahan bakar gantine. Ananging pitakonane, apa bahan bakar gantine iku bisa efektif? Salah sijine sing bisa kanggo bahan bakar yaiku bioetanol kang asale saka jagung. Yen bahan bakar iki digunakake, mesthine diprelokake pirang-pirang hektar papan panggonan kanggo nyukupi butuhe manungsa. Tegese, mesthi ana dampak saka iku yaiku kurange papan kanggo alas utawa papan panggonan manungsa. Manungsa


bakal mbukak alas banjur didadekake papan. Yen kaya mangkono, ya mesthine ngrusak lingkungan maneh. Teks kang ana ing ndhuwur iku kalebu teks argumentasi amarga A. Wacan kasebut nggambarake lahan jagung kang bakal dibukak dening manungsa. B. Ana ing sajrone wacan nyritakake sesuk manungsa bakal mbukak lahan jagung. C. Wacan iku ngajak manungsa kanggo nggunakake jagung lan mbuka alas dadi lahan jagung. D. Isine wacan menehi panemu sawijining bab bahan bakar lan dampake kanggo manungsa. E. Ngandharake proses saka bahan bakar alternatif kang dadi gantine bahan bakar fosil. 5. Ing ngisor iki kang kalebu jinising teks ekposisi, yaiku A. Taun iki mangsa ketiga rada suwe. Sadurunge wit-witan ing alas kanggo nyimpen banyu ing lemah akeh dibabat. Sakliyane iku Irigasi ya ora mili kanthi apik. Rega rabuk sansaya larang lan kurange ngelmune para tani kanggo nggarap lahan. Mulane ora kaget yen desa iki mesthi gagal panen. B. Revolusi industri 4.0 utawa kang diarani era digital nawarke cara kang beda ing akeh bab. Salah sijine yaiku car komunikasi ing masarakat kang wis padha melek sosial medhia kanggo komunikasi saben dinane. Sosial medhia pancen nawarake akeh bab kanggo masarakat. Masarakat bisa padha kirim poto, video, kirim warta kanthi cepet uga bisa kanggo sarana dodolan samubarang. Mung emane, akeh masarakat kang ora pas. Conthone kanggo nipu kanthi nawarke barang dagangan kang ora cetha. C. Jaman biyen, akeh wong kang nganggep sinau ana ing sekolah menengah kejuruan (SMK) mujudake pilihan paling pungkasan. Ora kalebu pilihan kang favorit lan diunggulake. Kepara ora sithik kang nganggep lulusan SMK mung sasisih mripat jalaran ing SMK panggone para siswa sing kesel, seneng mbolos sekolah, lan kumpulane bocah-bocah nakal. Nanging, apa iya pratelan kang kaya mangkono iku isih trep lan jumbuh ing jaman saiki? D. Liburan wingi, aku lan kancaku padha dolan menyang Kutha Pekalongan. Nalika ing Pekalongan, aku banjur ditemoni kanca kuliyah kang asli kana. Sewengi aku nginep, esuke dijak muter-muter ana ing kutha kang kondhang kanthi jeneng kutha batik Kutha kang masarakate pancen padha nduweni pakaryan mbatik. Sawijine dina, aku karo kancaku liyane dijak ndelok kesenian asli saka Kutha Pekalongan, yaiku sintren. Kesenian sintren iki unik ing bab bakal mulane penari ganti nganti tekan nari ing sakngarepe wong. E. Pitung puluh pitu taun Indonesia wis mardika. Ning saknyatane mung kasil kanthi fisike wae. Ana ing bab seni budhaya, mligine budhaya tradhisional. Isih adoh saka negara liyane. Indonesia iku kondhang dadi negara kang nduweni maneka werna kabudayan tradhisional,


Mesthine wani yen dijejerake karo negara liya ing bab seni budhaya. Generasi mudha kang dadi pewaris kudu dikenalake lan diwenehi pangerten kanggo nglestarekake kabudayane. Semangat kanggo nglestarekake budaya iku kudu wis ditandhur wiwit saka cilik. Generasi mudha bisa ngrembakake kabudayan iku ora mung ana ing negarane dhewe, ananging bisa uga ing negara manca. Alangan kang bakal ditemoni, yaiku kang ana yaiku masarakat wis kena dampak globalisasi. Akeh kabudayan lokal kang wis dilakekake lan milih kabudayan saka negara manca. Kahanan kaya mangkono iku kudu dadi kawigatene pamarentah supaya melu golek dalan kanggo nglestarekake kabudayan saengga kabudayan nuswantara tetep ngrembaka lan kawentar ing internasional. 6. Kang diarani teks narasi ekspositoris yaiku narasi kang nganggo telandhesan A. kadadeyan kang saknyatane ana B. pangangen-angen saka panulise C. panyaruwe saka panulis crita kang nyata D. apa kang dadi pangajab panulis marang pamaca E. pangajak supaya pamaca melu apa kang dikarepake 7. Gatekná ukara-ukara ing ngisor ik • Njlentrehake sawijining bab/ kawruh • Panulisane atipat informatif. • Adhedhasar kasunyatan/fakta, ateges lelandhesan kahanan saknyatane • Panulisane gamblang, padhet, ringkes lan cetha Ukara-ukara ing ndhuwur yaiku titikan saka teks A. narasi B. argumentasi C. deskripsi D. persuasi E. ekposisi 8. Wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 8-10. Kesenian barong utawi barongan iku mujudake kesenian khas saka Jawa tengah. Salah sijine kabupaten kang ngrembakake kesenian kasebut, yaiku Kabupaten Blora. Seni barong iku kesenian kang populer ing masarakat Blora, utamane ana ing desa utawa dhusun. Sajrone kesenian barong kaamot sipat spontan, kakaluwargan, prasaja, guyub, lan kendel.


Barongan ana ing kesenian barongan iku salah sijine piranti kang digawe meh padha kayadene singa barong minangka panguwasa alas. Paraga singa barong ana ing crita barongan iku uga diarani Gembong Amijoyo kang tegese macan gedhe kang dadi panguwasa. Miturut strukture, wacan kasebut kalebu teks…. A. deskripsi B. argumentasi C. persuasi D. narasi E. eksposisi 9. Kesenian barong iku dadi kesenian kang populer ing Kabupaten Blora amarga.... A. nduweni sipat kakaluwargan B. piranti kang digunakake gampang anggone golek C. kabeh pawongan bisa dadi pemain barongan D. duweni sipat panguwasa E. akeh alas kang ana ing Blor 10. Kesenian barong iku nduweni sipat kang prasaja. Apa tegese saka tembung prasaja A. wani B. kendel C. gampang D.sederhana E. larang 11. Geguritan kang panulise diwiwiti tembung "sun gegurit" iku kalebu geguritan gagrag A. Surakarta B. Ngayogyakarta C. lawas D. anyar E. modheren 12. Geguritan kang gumathok ana ing paugeran Iku kalebu jinis geguritan gagrag A. anyar B. lawas C. tradhisional D. Surakarta E. Ngayogyakarta


13. Pamilihing tembung ing geguritan kang mentes lan mantes iku gunane kanggo A. endahe geguritan B. nyenengke C. nrenyuhake D. nggampangake anggone maca E. nambah kawruhe pamaca 14. Ing ngisor iki kang ora kalebu struktur batin saka geguritan, yaiku A. imajinasi B. tema C. rasa D. nada E. pitutur 15. Kanggo ngerteni isi saka geguritan iku salah sijine lumantar nggawe gancaran Gancaran iku jinise ana 2, yaiku… A. gancaran kaiket lan gancaran prosa B. gancaran prosa lan gancaran isi C. gancaran kalket lan gancaran bebas D. gancaran kaiket lan gancaran tumata E. gancaran prosa lan gancaran bebas 16. Nalika maca geguritan, kudu nggatekake apa kang diarani wicara. Apa tegese saka nggatekake wicara… A. pocapan lan vokal nalika maca geguritan B. obahing awak nalika maca geguritan C. alon, banter, cetha lan arane anggone maca geguritan D. ekspresi kang jumbuh karo isi E. obahe awak lan pocapane nalika maca gurit 17. Budi maca geguritan kanthi nggatekake apa isine saka geguritan banjur dheweke bisa ngerti piye anggone nalika maca pas susah lan kepiye maca nalika seneng. Bab kaya mangkono iku, tegese Budi nggatekake babagan A. wicara B. wirasa C. wirama D. wiraga E. wiratama


18. Wacanen geguritan ing ngisor iki. Jago Kluruk Jago kluruk Wayah esuk Gek tangi aja turu ngepluk Yen ngepluk njaluk dithuthuk Dithuthuk nganggo sunduk krupuk Yen wis tangi gek njupuk andhuk Aja mung nyekukruk Mundhak disunduk-sunduk Anita Dwi Yuniarti (Panjebar Semangat No.18, 30 April 2016) Geguritan kasebut ora bisa diarani geguritan lawas amarga…. A. Diwiwiti tembung sun gegurit. B. Cacahe wanda saben sakgatra ora gumathok. C. Tibaning swara ing pungkasaning ukara padha. D. Sakora-orane cacahe gatra ana papat nganti 12 gatra. E. Diwiwiti tembung dak candra. 19. Wacanen geguritan ing ngisor iki. Gurit Pemut Dening: S. Srijuni Kusmiyati Kalodhangan iki, aku mung sadermangaturake pemut Donyane wis tuwa, senajan aku durung sepiroa Mengi iki napase wis ajeg kumat Apa ora suwe maneh… kukut Yen samudra digulung, mendah gedhene banjir kang dikapyukake Yen Merapi mutah-mutah ngetokake luh lan ababe, mendah panase Apa awake dhewe ya mung ngene iki? Ora eling yen kabeh mau wis meh tumeka Lha kae… Cah gedhe-gedhe malah lambene gudras getih Jan… jamane wis tuwa tenan, asu gedhe menang kerahe Singa barong nakur-nakur, bengak- bengok, karo midak precil


Apa kabeh ya mung arep meneng ngenteni tekane langit diambrolake? (Panjebar Semangat No.47-23 Nopember 2013) Ing geguritan kanthi irah-irahan "Gurit Pemut", struktur fisik majas iku katon ana ing ukara ... A. Aku mung saderma ngaturake pemut. B. Merapi mutah-mutah ngetokake luh lan ababe. C. Cah gedhe-gedhe malah lambene gudras getih. D. Singa barong nakur-nakur. E. Asu gedhe menang kerahe. 20. Tegese pemut kang ana ing ukara aku "mung saderma ngaturake pemut" yaiku… A. pitakon B. prasaja C. panyaruwe D. piweling E. pitados 21. Perangan kang wigati ing pawarta kang manggon ing kawitaning pawarta diarani.... A. headline B. dateline C. lead D. body E. underline 22. Gatekna pethikan pawarta ing ngisor iki! SBC Kapindho Solo Batik Carnival (SBC) bakal digelar ing taun iki. Miturut reng-rengan, SBC kapindho bakal digelar ndalem sasi Juni. Mangkono pratelane Dynand Fariz, tetunggule Jember Fashion Carnival (JFC) sing kawitan ngracik SBC kapisan, nalika mandhegani gladhen joged SBC kapindho ing Taman Balekambang. Miturut Dynand, SBC sing digelar kapisan sawetara sasi kepungkur, kasil nuwuhake krenteg ing generasi mudha Kutha Solo kanggo ndayakake bathik dadi asil karya seni busana. Saliyane iku, SBC uga bisa dirembakakake dadi salah sijine ikon budaya ing Kutha Solo. Kapethik saka: Jagad Kridha, SOLOPOS, kanthi pengubahan Unsur adiksimba ing pawarta mesthine kudu jangkep. Unsur mengapa ana ing pawarta kasebut yaiku ....


A. Solo Batik Carnival digelar sasi Juni B. ing taun 2009 batik wis kondhang C. kanggo ajang bakul dodol batik D. Kutha Solo minangka kutha kang akeh batik E. nuwuhake krenteg generasi mudha nglesatarekake batik 23. Gladhen joged kanggo kagiyatan Solo Batik Carnaval iku kalaksanaan ana ing papan…. A. Taman Balekambang B. Jember C. Taman Sriwedari D. Taman Balewisman E. Alun-alun Kutha Solo 24. Apa kang dadi lelandhesan dianakake kegiyatan Solo Batik Carnival (SBC) kasebut? A. Supaya ndayakake bathik dadi karya seni busana. B. Kanggo dadi even kang padha karo Jember Fashion Show C. Murih lestarine bathik ing generasi mudha. D. Supaya bathik iku tansah dadi event ing Kutha Solo. E. Kanggo ngrembakakake sektor pariwisata kang ana ing Kutha Solo. 25. Kaprigelan kang digunakake nalika ngatur mandheg lan teruse pamacane naskah pawarta iku diarani babagan.. A. nggunakake pangucap kang trep B. pamedhote frasa kang trep C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep D. ngreteni tandha wacan kanthi trep E. swara kang cetha


Click to View FlipBook Version